Tradhisi Guyangan Rajakaya Ngarepake Besaran
Diposting oleh : Administrator
Kategori: Kejawen - Dibaca: 74 kali

Katon ana wong lanang penganggo ageman adat Jawa sarta blangkonan ngadeg cedhak gawangan pring, nyiprat-nyipratake banyu ana ing raine sapi. Ba­nyu bening sing ngenani rai sapi sume­bar kanthi nyebar ganda wangi. Kepra­bawan dening ganda wangi, sapi katon anteng meneng, sajak ngerti menawa dheweke bakal diguyang.

Mangkono gambaran sak tleraman tradhisi budaya Guyangan Rajakaya sing diadani masyarakat Dusun Pokoh II kaba­wah Desa Dlingo, Kecamatan Dlingo, Ka­bu­paten Bantul mentas iki.

Ginelar rong minggu ngarepake dina riyaya kurban utawa Besaran miturut is­tilahe masyarakat karang padesan. Gu­yangan rajakaya diadani ing sendhang kali Gayam. Sing kaguyang ora mung sa­pi, wedhus nanging uga kewan liya du­weke warga. Tujuwane amrih sawerna­ne rajakaya sehat.

Tata gelaring tradhisi budaya wari­san leluhur dinane iki beda kalawan adat sabene. Karancang cara atraksi budaya mi­nangka bageyan saka program ngurip-urip pariwisata daerah sing dicanangke dening Pamarentah Kabupaten Bantul. Mula kalumrah menawa katon luwih se­muwa, gayeng tur regeng.

Apa maneh guyangan rajakaya ka­golong tradisi budaya langka sarta unik. Mula kalumrah menawa antuk kawigaten mirunggan saka masyara­kat. Sing non­ton ora mung masyarakat ngeng­gon, na­nging uga ma­sya­rakat nja­ban desa. pa­dha merlokake mara san­ja ing dhusun sing dunung ing ge­gunung kapur.

Nuju mang­sa ketiga ha­wa­ne radha pa­nas. Ke­ga­wa kahanan wa­na ing sakiwa tengen dhusun sing wiwit katon mamring. Go­dhong jati werna kuning akeh sing tiba ku­mleyang katiyup sang samirana. Bang­­sane suket minangka pangan utama rajakaya akeh sing garing. Merga ora antuk sesarine panganan sing tuwuh ke­gawa banyu udan.

Sanajan kahanane kaya mangkono, masyarakat dhusun Pokoh tetep sema­ngat anggone nyiapake gelaring acara. Ora kok merga kepeksa, nanging merga wis dadi bageyan saka cakra manggili­ngane urip. Saben taun kahanan dhusun mesthi katon mamring nuju mangsa ka­tiga.

Sedina sa­du­runge gelaring acara, masya­ra­kaat nyiapke sa­wernane uba­rampening aca­ra. Papan sakiwa sendang diresiki kanthi gotong ro­yong sarta kare­ka amrih luwih edi sarta nengse­m­ake ati. Rine­ngga gendera abang putih sar­ta umbul-umbul. Gawangan saka pring kasiyapake minangka sarana nancang raja­ka­ya.

Utamane sa­pi sing bakal ka­pragad minang­ka sarana mahargya dina riyaya Besaran. Sapi duweke  masyarakat jinise werna-wer­na. Racak arupa sapi metal, limosin uta­wa benggala. Dene wedhuse racak we­dhus Jawa utawa etawa umure kurang luwih setaun. Daginge wis katon mreng­kel mendhosol saka suwalike kulit.

Rajakaya kasiyapke dhewe-dhewe dening masyarakat. Tumrap sapi, ana sing sengaja karengga reroncen kalung ing gulune. Semono uga wedhus. Tuju­wa­ne ora ana liya, amrih katon luwih edi sarta mranani. Kabeh waragad kasu­di­yake masyakarat kanthi cara swadaya. Kabeh kasiyapke kanthi temen. Merga mligi dianake setaun sepisan.

Gegayutan kalawan mula buka ana­ne tradhisi Guyangan Rajakaya, bapa ka­pala Dhukuh Haryono mratelake mena­wa tradhisi kasebut mujudake tradhisi run tumurun. Mung wae wiwit kapan ang­gone nganakake, durung pati cetha. Soale durung tinemu katrangan guma­thok saka para luhur.

Nanging ana sing duwe panemu me­nawa tradhisi guyangan rajakaya di­anak­ake wiwit krajan Mataram kaasta Sultan Agung. Merga anane kalender Jawa nembe dianake nalika Sultan Agung ju­me­neng nata. Jaman semana dianakake minangka sarana mulyake kewan sing bakal kanggo kaperluwan kurban.

Ngancik puncake acara, sawernane rajakaya kairid mubeng dhusun kanthi kairing swarane tetabuhan cara masya­rakat Pokoh. Jinis tetabuhan sing ka­lumrah dienggo ngiring reog mataraman yasan jaman Sultan Agung. Wujud kese­nian jathilan, nanging ginelar lelan­dhesan marang crita panji. 

Kejaba nggiring rajakaya, ana uga rombongan nom-noman sing ngusung gunungan palawija. Isen-isen sawernane sayuran, asil bumi sarta wowohan. Ana uga sing nggawa tampah, isen-isen sega gudhangan sarta piranti kanggo nggu­yang rajakaya.

Tekan panti upacara, rajakaya kacan­cang lelarikan ana ing papan sing wis kasiyapke. Semono uga ubarampening upacara, katata ing papan sing wis kase­dhiyake. Dene para warga sing ora nga­yahi karya, padha lungguhan utawa ngadeg ana ing papane dhewe-dhewe.

Sawise sumadya tata, pranataning acara murwani acara kanthi uluk salam sarta atur pambagya wilujeng. Rinengga cecolok sejarah mula buka gelaring tra­dhisi budaya. Tujuwane minangka sara­na pangeling-eling apa wigatine gelaring tradhisi tumrap masyarakat. Lire ora mung kagiyatan ajeg thok.

Nanging yektine mengku pengaji luhur sing diwarisake dening para luhur lumantar gelaring acara. Lire ngurmati rajaya mujudake sikep luhur sajrone manungsa nuwuhake sesambungan la­ras kalawan alam sakupenge. Klebu ma­rang rajakaya sing wis menehi pambi­yantu marang manungsa sajrone nerus­ake urip.

Ing kanya­tahan, sanajan dening ma­sya­rakat pambudi­daya rajakaya mligi usa­ha sam­­pi­ngan, lire dudu sum­ber ekonomi ma­sya­rakat sing utama, nanging bisa dadi sa­rana nyukupi kabutu­han ing titi wanci tar­tamtu. Upa­ma­ne kanggo wa­­ragad bocah nerusake seko­lah, utawa wara­gad nuju duwe ga­we sarta ka­perluwan liyane.

Kateruske atur pandonga, wujud syukur awit wis kaparingan wi­dada slamet sarta kanugrahan ma­werna apadene nyuwun amrih sajrone nggelar acara ingedohake saka sawernane bebaya sarta pangajap amrih isih bisa nggelar acara ing taun candhake kanthi luwih semuwa.

Sesepuh dhusun banjur nyiprat-nyipatke banyu kembang ana ing raine sapi. Semono uga Bapa Bupati Bantul Su­harsono sing rawuh ana ing acara, uga arsa nyiprat-nyipratke banyu kem­bang minangka lambang nuceni utawa mbersihi rajakaya, amrih tuhu pantes didunungke minangka kewan kurban.

Dene tumrap kewan liya sing ora dikurbanke, kaya ta ayam, menthog utawa bebek, amrih ing mengkone bisa urip sehat sarta bisa bebra­na­han. Kanthi mangkono pam­budidaya raja­kaya bisa lestari sarta bisa mun­dhak apik.

Rajakaya ban­jur kausar-usari nganggo banyu jamu ngan­ti wa­rata. Wujud cam­puran jahe sarta bahan liyane sing sa­cara ku­sus wis kasiyap­ake luwih dhisik. Kan­dhu­tan zat  sing ana ing jahe bisa dadi sarana gawe anget awake rajakaya. Ngelingi hawa adhem sing nglimputi swa­sana ngarepake dina riyaya kurban.

Sarampunge kausar-usari banyu jamu, rajakaya banjur dipakani sega gudhangan sarta gedhang sing wis kadonganan luwih dhisik. Kajangkepi kembul bojana kairing unine tetabuhan sarta suguhan seni tradisi. Rajakaya banjur digawa bali menyang omahe dhewe-dhewe. Nuju dina riyaya kurban banjur kapragad.

Saparipurnane acara, masyarakat apadene sing nonton bisa nenuku ing Pasar tiban Trukan. Ing kono sumadya maneka warna potensi daerah. Arupa asil bumi, kerajinan utawa maneka war­na kuliner tradisional sing sengaja diuripke maneh. Sakwise ngalami surut merga kena ombak ambyuke indhustri kuliner.

Upamane sega jagung sing wiwit kesingkir saka madyaning pagesangan. Kamangka jaman biyen dadi bageyan saka uripe masyarakat Pokoh sarta Gu­nung Kidul umume. Minangka geganti seka sega utawa selingan dhaharan thiwul. Tumrap wong njaban desa sing kepingin bisa ngrasake urip ing ndesa bisa nginep ana ing homestay.

Upayane masyarakat Dusun Pokoh antuk panyengkuyung sawutuhe saka Bupati Bantul. Kaajap masyarakat terus ngupaya amrih tradhisi guyangan rajakaya tetep bisa lestari. Awit bisa dadi seksi sejarah peradaban manungsa sajrone gawe rahayuning jagad sarta majokake donyane wisata dhaerah. n

Berita Terkait

img

Samak Minggu Ini

img

img

Sumber Semangat

Saya tambah umur saya kabur mripat kita...Iki ora liya merga satemene Gusti Allah lagi madhangake mata batin kita kanggo ndeleng akhirat.

Klik

PASRAH DIPRIKSA DOKTER CILIK

Saperangan ing antarane kita ana kang duwe ingon-ingon ing omah. Apa kuwi asu, kucing, manuk, bebek, pitik lsp. Kerep kewan-kewan ksb nganti dianggep minangka perangan kulawargane dhewe. Malah saking rakete karo kewan ingon-ingone, kerep kewan ingon-ingone ksb pasrah nalika arep diapakake wae dening sing duwe. Kaya ing gambar iki contone. (d/ist)***

Pethilan

Ewonan seniman bakal dikerigake menyang sekolahan

Ngasah uteg tengene siswa

Uji materi nyalon presiden kemungkinan gagal

Calon akeh, patut ora?

Parpol ngerigake kekuwatan penuh ing Pilkada 2018

Ana sing pengin ngganti presiden pisan