Prajurit Kraton Ngayogyakarta Biyen Ana sing Asale saka Njaban Pulo Jawa
Diposting oleh : Administrator
Kategori: Sejarah - Dibaca: 80 kali

Menawa para maos Panjebar Semangat  kapinunjon tindak plesir menyang kutha Yogyakarta, kalamangsane bakal nemoni sawijining patung utawa reca prajurit Kraton  kang dipasang ana sawijining regol (dalan mlebu) ing kampung-kampung kang sumebar ana saindenging kutharaja kraton Ngayogyakarta. Reca  prajurit kraton kasebut dipasang ing regol kampung cocok karo jenenge kampung kasebut.

Perlu kawuningan, duking uni kampung kampung kang ana sakiwa tengen kutharaja Ngayogyakarta iku mujudake papan lenggahe para prajurit Kraton miturut jenenge bregada, Upamane bregada Jagakariya papan lenggahe dadi kampung Jagakariyan, Bregada Mantrijero papan lenggahe saiki dadi kampung Mantrijeron, Bregada Surakarsa dai kampong Surakarsan, Bregada Patangpuluh papan lenggahe dadi kampung Patangpuluhan.

            Tekan seprene prajurit kraton Ngayogyakarta  kang kadhapuk dening Ngarsa dalem Sri Sultan Hamengkubuwono I ing abad kaping XVII iku isih tetep lestari. Sendyan saiki wis dudu minangka prajurit maju  perang, nanging mung sadrema prajurit seremonial (prajurit kanggo upacara adat). Saben dina-dina tertamtu para prajurit kuwi nindakake ayahan ngawal upacara adat, upamane nindakake ayahan ing upacara adat garebeg Syawal (Idul fitri), garebeg Idul Adha, garebeg Maulud,  mahargya rawuhe tamu agung saka mancanegara, mahargya dhaup agung lsp. Mula kang saka iku ora ana alane yen ing kalodhangan iki pangripta bakal ngaturake thek-kliwere prajurit Kraton Ngayogyakarta Hadiningrat kang saiki uga sinebut Prajurit Narendra Mataram (Pranama), lengkap karo seragam,  piranti unen unen kang ditabuh kanggo ngiringi laku barisane prajurit lan  sapiturute. Unen unen iku sing lumrah awujude tambur, suling lan slompret (terompet). Dene tumrap prajurit Ketanggung isih ditambah kecer lan bendhe dene yen prajurit Dhaeng unen unenne ditambah kecer, ketipung,  bendhe lan slomprete mligi kang aran pui-pui (piranti unen unen iki asli saka Sulawesi Selatan). Gendhinge utawa lagune unen unen mau tumrap gendera bregada siji karo sijine uga beda beda. Semono uga anggone baris macak lan baris rikat (mares) uga beda beda. Gendhing gendhinge sing ditindake  bisa diaturake ing kene urut miturut araning gendhera : 1.  Retadhedhali, marese Dhayungan, 2.  Kenaba, marese Ondhal andhilwoh, 3.  Gendera, marese Bulu-bulu. 4.  Slagunder, marese Tameng madura. 5. Balang, marese Pandebruk. 6. Tamtamabalik, marese Surengprang, 7. Rejunamangsah, marese Blagolamilir utama Bimakurda, marese Lintrik mares. 8 Slegadir, marese Setok lan pangkenan, Tumrap Surakarsa gandheng ora duwe unen unen uga ora duwe gendera. Tumrap Bugis Mekanjar lan marese Ondhal ondhil.            Mula gendhinge akeh banget lan sawetara wis dicuplik kanggo unen unen ing drumband duweke AMN (Akademi Militer Nasional) lan jaman semana uga dienggo dening tambure para Pandu KBI lan Pandu Kasultanan.

            Perlu kawuningan sawetara dina (sepasar) sawise dina garebeg para abdidalem prajurit bageyan unen unen iki lan uga para musikanan (pemain orkes kraton), sowan ing daleme Pepatih dalem, para pangeran lan para bupati Nayaka, saperlu ’sowan mbarang” kanthi nggawa unen unen lan banjur ngunekake sawetara gendhing utawa lagu. Para kang disowani uga rena, kajaba paring pasugatan ngombe lan mangan, adate uga banjur paring sangu duwit. Ing kalodhangan mangkono mau gendhing gendhing prajurit kang diunekake kayadene Purpelli, Kokis kokis (Balo-balo, Balo keling, Ting ting gandha lan gendhing rangket).

            Tekan seprene kehe prajurit kraton Ngayogyakarta iku ana 10 bregada.  Saben bregada racake  duwe  piranti unen unen lan gendera utawa sok karan panji dhewe dhewe, yaiku  Wirabraja (rong gendera), Dhaeng, Patangpuluh, Mantrijero (sing nggawa tumbak jenenge Langenastra, Jagakariya, Prawiratama, Nyutra (rong gendera yaiku Nyutra abang lan Nyutra Ireng), Ketanggung, Surakarsa (prajurit Kadipaten kang tanpa nggawa unen unen) lan Bugis (prajurit Kepatihan, unen unene memper Dhaeng). Saben prajurit  iku duwe tandha lan seragam dhewe dhewe. Kejaba iku uga tinemu pangkat sajroning prajurit kraton. Pangkat sing paling dhuwur dhewe (pemimpin tertinggi) prajurit kraton  yaiku Manggala yudha utawa komandhan/kumendham. Sebutane sing komplit  Komandan Wedhana Hageng Prajurit Manggalayuda.  Ayahane Manggalayuda sing baku yaiku mimpin lan ngawasi sarta tanggungjawab tumrap kabeh prajurit kraton. Nalika jaman Walanda, manggala yuda iku nduweni pangkat Letnan Kolonel. Ngisore Manggala Yuda yaiku Pandega kang ayahane mimpin sabregada utawa 1 panji. Jaman mbiyen pangkate Kapten. Yen ngepasi upacara garebeg sandhangane meh padha karo manggala Yuda. Bedane nganggo kuluk putih, ora nganggo karset lan kampuhe ora nganggo tengahan sutra.

            Dene sing kajibah mimpin bregada disebut ”Lurah” utawa ”Panji”. Bedane karo Pandhega, yen Panji klebu sajrone barisan, dene yen Pandega mung mimpin. Jaman mbiyen, panji iki duwe pangkat Letnan. Sabanjure Wirawerdatama kang apangkat Sersan Mayor. Wirawerdatama iku uga asring disebut Wirawicitra lan mung Bregada Ketanggung kang ana  Wirawerdatamane.  Dene pangkat sing paling cendhek dhewe yakuwi Jajar kang kaperang dadi loro Saragene (nggawa bedhil) lan Sarahastra (nggawa tumbak). Kajaba kuwi uga tinemu jajar towok, kang mligi ing bregada Nyutra.

 

Bregada prajurit Wirabraja

.           Bregada Wirabraja mujudake korps prajurit sing paling diapali dening masyarakat amarga seragame rupane abang mula uga sok njur karan prajurit ”Lombok Abang”.  Bregada prajurit Wirabraja iki mbiyen antuk papan palungguhan saka Ngarsa Dhalem Sultan Hamengkubuwono (HB) kang katelah kanthi aran kampung Wirabrajan. Nanging saiki bregada prajurit Wirabraja iku wis ora mapan ing kana maneh. Saperangan mapan ana tlatah sakiwa tengene kutha Yogyakarta, kayata Bantul, Sleman, Gunungkidul lsp.

Jeneng  Wirabraja iki asale saka linggane tembung ”wira” lan ”braja”.  Wira tegese wani, lan braja tegese landhep.  Secara filosofi, bregada prajurit Wirabraja kuwi kekendelane kliwat lan landhep pancadriyane.  Prajurit Wirabra tanggap ing kahanan lan ora gampang asrah bongkokan.

            Sabregada prajurit Wirabraja iku dumadi saka Lurah utawa Panji 4, Dwajadara 2, Sersan 8, lan Prajurit gunggung 72. Prajurit Wirabraja iki bisa langsung ana sangisore Manggala Yuda.

            Seragam sing dienggo bregada prajurit Wirabraja iku, topi songkok abang rupane kayalombok. Lurah, wirawreda lan dwajadara nggunakake iket corake tathit, dene jajar ikete ireng.. Klambine rupa abang kanthi modhel sekepan direnggani lis kuning. Mligi kanggo jajar, klambine abang polos. Kajaba kuwi nganggo rangkepan njero klambi rupa putih. Clana abang kanthi model panji panji direnggani lis kuning. Kanggo jajar clanane polos. Kajaba kuwi uga nganggo srempang kuning kanthi endhong, dene jajar srempange abang. Lonthong lan boro corake cindhe, sabuk bludhiran lan nganggo timak.

 

            Prajurit kang apangkat jajar ora nganggo boro, mung nganggo lontong abang lan sabuk ireng. Lurah, wirokerto lan dwajadara nganggo sayak putih direnggani lis kuning, dene jajar polos. Prajurit Wirabraja ngangking keris branggah nganggo oncen, kaos tangan putih lan sepatu ireng.

            Panji utawa gendera prajurit Wirabraja iki arane Gula Klapa, kang uga mujudake gendera Kasultanan. Wujude dhasar putih, tengahe ana bintang putih segi wolu Lan dipageri persagi papan abang. Ing pinggir tinemu pola kaya pucuk lombok utawa  kuku pancanaka rupane abang, sing ing pucuke mau ngencer kuning. Gegaman sing digawa dening bregada Wirabraja  yaiku bedhil, tumbak (waos), keris, pedhang kanggo panji. Tombak pusakane asma Kanjeng Kiai Slamet lan Kanjeng Kiai Santri kanthi dhapur Manggaran/ Catursara/ Crengkeng. Bregada Prajurit Wirabraja. Dene piranti unen unene, tambur lan suling. Nalika baris diiringi lagu Gendhing Dhayungan (menawa mlaku rikat) lan gendhing Ratadhedhali (menawa mlakune macak). Sing diarani mlakune macak iku,  mlaku kanthi gagah lan sajak glelengan. Ciri wancine para prajurit saka bregada Wirabraja kuwi kawitan  jenenge mesti nganggo Braja, upamane Brajakusuma.

 

Bregada Prajuirit Dhaeng.

          Tembung Dhaeng kuwi asli saka basa Makasar (ing tlatah  Sulawesi Selatan) Tembung Dhaeng iku yektine mujudake salah sijine aran “gelar” keningratan tumrap masyarakat Makasar.  Yen ing tanah Jawa padha karo “Den” (wutuhe Raden). Dadi cethane tembung  Dhaeng iku mujudake sesebutan kang nduweni pengaji dhuwur.  Mangkono mau kang sinebut ing bukune Dr. SA. Budingh,  Indische Archief-tijdschrift voor de Inien. Uga JFC Gericke en T Rooda uga nyebut ing bukune :“Javaansch-Nederlandsch Handwoordenbock“ jilid II weton taun 1901, makna kang padha, tegese sesebutan pangkat lan kaningratan ing antarane wong wong Makasar lan Bugis,. Sabanjure Dhaeng iki diagem minangka jenenging bregada prajurit ing kraton Ngayogyakarta. Dadi cethane, menawa Bugis iku mujudake salah siji arane suku bangsa ing Makasar, dene yen Dhaeng kuwi sesebutan gelar kapriyayiane.

          Mlebune Bugis ing Kaprajuritan Ngayogyakarta kuwi marga kalah anggone perang lan dadi telukane ingkang Sinuhun HB I nalika perang Tidar.

          Jalarane kaya kang wis kita uningani lumantar buku sejarah perjuangann, menawa Walanda kuwi senenge ngadu domba ing antarane suku suku bangsa ing Nuswantara (Indonesia) yakuwi kanthi semboyan politike „devide et impera“ kang jarwane mecah belah lan nguwasani.  Wong wong Maluku (Ambon) dikirim nyang Tanah Jawa saperlu dikongkon numpes wong Jawa sing brontak klawan Walanda, kosok baline wong wong Jawa digawa nyang Sumatra Lor saperlu nyirep pembrontakan ing kana, mangkono sapiturute.

          Wong wong Makasar lan Bugis dikerikake menyang Tanah Jawa supaya mbrastha lumawane Trunajaya anggone arep nyingkirake Landa. Kuwi jaman semana nalika sugenge Ingkang Sinuwun Amangkurat Agung (I). Mesthine wong wong Makasar lan Bugis mau uga tinemu kang padha duwe sesebutan Dhaeng.

          Miturut salah sijine sumber sejarah, mlebune prajurit Dhaeng iku kawiwitan salebare prajanjen Gianti. Kocap Ingkang Siunuwun HB I lan RM Said kang wis jumeneng minangka KGPAA Mangkunega I tetep isih tansah memungsuhan bae Bab mau tumrap Walanda tiba kebeneran kanggo ngangkah sirnane Ingkang Sinuwun HB I sarana mbujuk Mangkunegara I supaya tansah memungsuhan marang Sultan HB I. Kanggo keperluwan kuwi Landa ora owel menehi bantuan arupa prajurit Dhaeng sing kawentar prajurit pethingan lan pilih tandhing.

          Nalika semana pancen anggone padha memungsuhan tekan  puncake, yakuwi merga KGPAA MN I ngundurake garwane Kangjeng Ratu Bandara, putrane Sultan HB I. Nalika samana KGPAA MN I wis kagungan raos kuwatir, bok menawa anggone pisahan lan garwa lan ngundurake menyang Ngayogyakarta iku gawe runtik penggalihe Sinuwun HB I. Mula kang mangkono mau, kundure Kangjeng Ratu Bandara iku kadherekake sabregada prajurit pilihan kanggo jaga-jaga mbok menawa penggalih dalem runtik nganti duka, prajurit iku kinen ngadhepi. Prajurit mau ora liya prajurit Dhaeng kang pethingan lan gamben-gamben. Kabeh ora ngerti menawa sajatine Ingkang Sinuwun kena diarani wis priyayi sing waskita lan priksa kahanan sing bakal dumadi kanthi kapetung untuk rugine sing kanthi memet.

          Mula bareng Kangjeng Ratu Bandara klakon kondur tenan, kondure tinampi kanthi renaning panggalih. Kocap kacarita prajurit Dhaeng kang wis siyaga ing ngayuda ngadhepi sakehing bebaya, jebul kecelik, jalaran panampi dalem geseh banget karo kang dicritakake marang para Dhaeng, jarene Ingkang Sinuwun HB I kuwi priyayi kang getapan (gampang duka), wengis, kejem, lsp. Mangka kang tinemu kosok balen, penggalih dalem apik banget uga marang para Dhaeng, kang malah kinurmatan apa samesthine, kasugata werna-werna lan kaparingan pasugatan kang mranani lair batin para prajurit mau.

          Para prajurit Dhaeng banget anggone kepranan marang kasaenan penggalih dhalem, saengga bisa nandhing nandhingake kahanan nalika dheweke melu Walanda kang  banjur dipasrahake marang KGPAA Mangkunegara (MN) I lan saiki sawise ana Ngayogyakarta. Kang mangkono mau marahi para prajurit Dhaeng sing tekan titi wancine kudu bali menyang Mangkunegaran, padha mopo ora gelem bali, aluwung terus ndherek nyuwita ana ing Kraton Ngayogyakarta bae. Kabeh kuwi mrentul saka karepe dhewe, ora ana kang ngrimuk utawa mblithuk.  Iya wiwit kuwi,  prajurit Dhaeng nelakake sumpah setya bekti marang Sultan HB I lan nedya ngrungkebi  Kraton Ngayogyakarta. Dening Ingkang Sinuwun Sultan HB I prajurit Dhaeng iki kaparingan kalenggahan minangka prajurit istimewa utawa yen manut basa saiki diarani prajurit „raiders“.  Prajurit Dhaeng  banjur didadekake sabregada jenenge bregada Dhaeng.. Prastawa iku dumadi ing taun 1763 M.

          Jaman kunane nganti tekan udakara taun 1925 M, prajurit Dhaeng kang apangkat Panji, lakune metu saka regol Kraton karan kori Danapratama, sarana njoged, mula padha nganggo sondher cindhe. Kajaba kuwi, para Panji iku uga ngagem srempang buntal, malah tumrap Panji Prentah lan Standar buntale menawa pinuju garebeg digawe saka woh wohan. Dadi mratandhakake menawa klebu kinasih lan pinilih. Uga para para sersane nganggo bara, kang ateges uga piniji.

          Kajaba mangkono menawa sakehing prajurit Kraton Ngayogyakarta sandhangane nganggo clana panji-panji tekan dhengkul, gandheng Dhaeng iku asal usule sakasabrang, dienggoni clana dawa nganggo garis abang ing kiwa-tengene, nganggo sikepan putih mawa renda abang lan topine kang awujud sigar jangkang nganggo bulu-bulu arupa abang putih.

          Bregada Prajurit Dhaeng iki dipimpin dening pandega siji, panji papat, lan prajurit 72. Prajurit Dhaeng iki duwe panji aran baningsari, wujude dhasar putih tengahe ana bintang segi wolu rupane abang.  Panji bregada Dhaeng nganggo sonder cindhe lan nggawa pedhang. Kejaba kuwi nganggo lonthong cindhe, sabuk blidhiran ana njaban klambi. Kerise model gayaman nganggo oncen, disengkelit ana ngarep. Kanggo panji Wiraweda lan Dwijadara nganggo sayak abang direnggani liskuning. Dene kanggo jajar sayake putih.Sepatune ireng. Gegamane bedhil, tumbak, pedhang lan keris. Piranti unen-unene awujud ketipung, pui pui lan kecer. Menawa lagi baris lan mlaku lagune Ondhal andhil (menawa mlakune rikat) lan Kenaba (menawa mlakune macak). Papan panggonane prajurit Dhaeng ing kampung Dhaengan. Ciri wanci para prajurit saka bregada Dhaeng iku  jenenge mesthi  nganggo ukara „Niti“.

 

Bregada prajurit Patangpuluh

          Jeneng bregada „Patangpuluh „ iku engga seprene durung kawruhan asal usule lan ora ana sambung rapete karo cacahe anggota bregada prajurit iki. Bregada prajurit Patangpuluh iki nganggo seragam topi songkok ireng direnggani lis kuning sarta nganggo sumping. Prajurit Patangpuluh dumadi saka Pandeka siji, Lurah papat, Dwajadara siji, Wirawreda enem sarta Jajare 72. Mligi kanggo jajar topine polos. Panji prajurit Patangpuluh aran Cakragora, wujude bintang segi enem rupane abang kanthi latar ireng.

          Prajurit Patangpuluh iki nganggo iket corake udan riris, dene kanggo jajar ireng bentuke kamicucen.  Seragame modhel sikepan, corake lurik, nganggo bludiran. Mliigi kanggo jajar polos. Clanane dawa putih direnggani clana cendhak abang. Lonthonge loro, cindhe lan nganggo sabuk bludiran. Dene jajar lonthonge abang ora nganggo boro lan sabuke abang. Panjine nganggo kaos tangan, sepatune „lars“ (sepatu model militer) rupane ireng, nggawa pedhang lan nyengkelit keris branggah. Piranti unen-unene awujud tambur, suling, lan terompet. Lagune Launy Mana Bulo-bulu lan Gumbira, menawa mlakune macak. Papan palungguhane prajurit Patangpuluh tekan saiki karan kampung Patangpuluhan kang dumunung sakidule Wirobrajan.

          Senajan mung kinarya dadi rerangkene upacara adat, tetela masyarakat isih percaya yen dadi prajurit kraton mono bisa nggawa berkah, senajan bayare wektu kuwi (sadurunge ana UU Keistimewaan Yogyakarta) ora mingsra, yaiku mung Rp 7.500 (pitung ewu limang atus repis) saben sasine.

 

Bregada prajurit Jagakariya.

          Bregada prajurit Jagakariya iku asale saka linggane tembung „jaga“ lan karya, kang tegese korps prajurit kang duwe ayahan njaga samubarang pakaryan kang lumaku ana kraton Ngayogyakarta, korps prajurit kang duwe panji aran Papasan, kanthi wujud bunderan ijo kanthi latar abang iki dumadi saka pandega 1, Lurah 4, Dwiajadara 1, Wirawreda 8, sarta Jajar 72. Seragame prajurit Jagakariya iki meh padha karo prajurit Mantrijero yakuwi topi songkok ireng direnggani lis lan nganggo sumping, Kanggo jajar polos. Iket corake celeng kewengen bentuke kamicucen. Klambine lurik model sikepan kanthi bludiran dene Jajar polos.

          Kejaba kuwi perlengkapan liyane nganggo srempang kuning kanthi endhong. Klambi njerone model rompi wernan kuning, sarta diwuwuhi aplikasi kuning emas. Tumrap jajar (sing nggawa bedhil lan tumbak) polos. Lonthong lan borone nganggo corak cindhe, ditambah sabuk bludiran sarta timang, Tumrap jajar lonthonge abang, ora nganggo boro lan sabuke ireng. Sayake warna putih nganggo liskuning lan Jajar polos.

          Keris sing dienggo prajurit Jagakaiya iki bentuke branggah nganggo oncen. Kejaba kuwi prajurit Jogokariya nganggo kaos tangan ireng padha karo kaos kakine. Tumrap Panji ditambahi pedhang.

          Dwaja utawa tandha pusaka bregada prajurit Jagakarya iku awujud Kangkeng Kyai Trisula, Wujude tumbak kang pucuke telu (trisula) kang dipasang ana sandhuwure panji-panji. Gegamane prajurit awujud bedhil, tumbak kanggo Jajar lan kanggo panji nggawa pedhang. Piranti unen-unen awujud tambur, suling, trompet. Nalika baris diiringi gendhing Tameng Madura (menawa lakune rikat), lan Slagunder (menawa lakune macak).

          Prajurit Jagakarya iki tekan seprenme uga isih ana. Menawa pas metune gunungan garebeg, bregada prajurit Jagakarya  ing sisih tengen (wetan) banjur paring pakurmatan kanthi ngunekake tembakan pakurmatan alias salvo kanthi bebarengan sing disebut ”drel”.. Swarane pating jledhor anjalari para penonton sing ora siap padha kaget.

 Bab mau pancen jumbuh karo jenenge sing ayahane njaga gawe utawa njaga kariya.

          Dene lemah palungguh kasebut saiki wis malih dadi kampung kang dienggoni masyarakat umum kanthi aran kampung Jagakariyan. Ciri wancine prajurit Jagakarya iku jenenge mesthi nganggo tembung ”Parta”, upamane Partaraga, Partasengaja, Partataruna.


Bregada Prajurit Prawiratama

          Jeneng Bregada Prawiratama asale saka lingganing tembung prawira lan tama. Tembung prawira tegese wani lan prawira. Tembung  tama  ing basa Sansekerta tegese utama atawa linuwih, dene miturut basa Kawi tegese ahli atawa pinter. Secara filosofis Prawiratama  nduweni teges  prajurit kang kendel (pemberani) lan pinter ing salire pakaryan, lan trampil migunakake gegaman.  Prajurit  Prawiratama iki dumadi saka Pandega 1, Lurah 4, Dwajadara 4 lan jajar 72. Panji kang dadi tengere prajurit Prawiratama aran Geniraga, wujude bunderan abang ana sandhuwure dhasar ireng. Dene seragame nganggo topi songkok ireng wujude keong kanthi lis kuning, dene Jajar (prajurit kang nggawa bedhil karo tumbak) topine polos. Klambine ireng modhel sikepan kanthi lis kuning, lan kanggo jajar polos lan rangkepane werna putih. Clanane cendhek rupane abang lan clana dawa putih nganggo lonthong lan boro kang corake cindhe, sabuk bludiran lengkap nganggo timang. Kanggo Jajar ora nganggo bioro, lonthonge rupa abang lan sabuke ireng. Sayak ijo kanthi lis kuning, lan Jajar putih polos. Srempang kuning kanthi endhong. Kerise branggah nganggo oncen lan sepatu ireng. Panjine nggawa pedhang.

          Dene Dwaja (tanda pusaka) kanggo prajurit Prawiratama yaiku Geniroga/Bantheng Ketaton, awangun segipapat kanthi dhasar ireng, ing tengah tengahe ana buderan rupa abang. Geni tegese geni (agni) lan roga surasane lara. Klebet iki nduweni teges prajurit Prawiratama bisa ngalahae mungsuhe kanthi cara sing gampang. Gegamane awujud bedhil,  tumbak, lan pedhang kanggo Panji lan kabeh nganggo keris.  Piranti unen unene yaiku tambur, suling lan slompret.Nalika mlaku (baris) kairingan gendhing  Pandebruk (menawa lakune rikat) lan mars Balang menawa lakune macak

          Prajurit Prawiratama sing mapan ing lemah palungguh kasebut ing wektu iki karan kampung Prawirataman kang dumunung sikudule pojok beteng wetan Kraton Yogyakarta utawa Jl. Paringtritis Yogyakarta. Ciri wancine prajurit bregada Prawiratama jenenge mesthi nganggo tembung ”Prawiro”, upamane Prawiroatmaja.

 

Bregada prajurit Mantrijero

          Jeneng Bregada Mantrijero asale saka lingganing tembung mantri lan jero. Mantri tegese juru wicara, menteri, atawa pangkat sandhuwure bupati. Jero artine lebet utawa ora cethek. Secara filosofis Mantrijero  nduweni surasa yen prajurit iki nduweni ayahan lan wewenang  melu rembugan lan mutusake salire prakara ing sajroning kraton. Bregada prajurit Mantrijero iki duwe Panji aran Purnamasidhi, wujude bunderan putih latare ireng. Seragamne topi songkok ireng nganggo sumping direnggani lis kuning. Iket werna ireng kanthi wujud kamicucen.  Prajurit kang kajibah nggawa tumbak katelah prajurit Langenatsra. Klambine lurik nganggo bludiran dene jajar klambine polos sarta ngango oncen. Lonthong boro corake cindhe kanthi sabuk bludiran lan kanggo Jajar sabuke ireng ora nganggo boro. Gegamane sing digawa awujud bedhil lan tumbak. Piranti unen unene tambur, suling lan slompret. Nalika baris kairingan gendhing Slagunder/Restopalen (menawa macak) lan Plangkeran/Mars Setok (menawa lakune rikat).

          Prajurit Mantrijero kang ayahane sing pokok  ngawal mlebu metune gamelan sekaten iki dumadi saka Panji cacah 8, Wirawerdatama 1, Kepala bageyan perlengkapan 1, tukang nggawa Panji 1, Wiraweda 1 lan prajurit 64.  Panji saka prajurit mantrijero nganggo srempang endhong kuning, Keris branggah nganggo cindhen, lan nggawas pedhang.

          Dene Dwaja utawa tandha pusaka kanggo prajurit Mantrijero yaiku kangjeng Kyai Cakra adapur cakra. Wujude kaya senjata cakra gamane Prabu Kresna. Papan palenggahane saiki karan kampung Mantrijeron.

 

Bregada prajurit Nyutra.

          Jeneng Bregada Nyutra asale saka lingganing tembung sutra sing antuk ater-ater "n". Tembung sutra ing basa Kawi nduweni teges unggul utawa landhep.  Dene miturut  basa Jawa Anyar  nduweni teges alus pindha sutra.  Den eater ater "n"  menehi makna panggawe aktif kang ana sesambungane karo sutra. Prajurit Nyutra mujudake pengawal pribadi Sultan. Secara filosofis Nyutra nduwe surasa prajurit kang aluse pindha sutra kang tansah ngampingi lan njaga kawilujengane ratu, nanging nduweni kaprayitnan kang onjo. Bregada Prajurit Nyutra iki beda karo prajurit liyane. Bregada Nyutra kaperang dadi rong kelompok, kanthi werna seragam lan panjine beda beda. Kelompok siji seragame abang lan  sijine ireng. Dene sabregada dumadi saka Pandega 1, Panji 8, Dwijadara 2,  Wirawerda 8 lan Jajar 46.

          Panji prajurit Nyutra uga ana loro. Kanggo bregada Nyutra sing seragame ireng, panjine arane Padmosari Kresna awujud bunderan  ireng kanthi latar kuning. Dene sing seragame abang panjine aran Podhang Ngisepsari awujud bunderan ireng kanthi katar kuning. Gegaman singdigawa awujud tombak, towok, tameng, panah, lan bedhil. Kabeh prajurit nyengkelit keris gayaman nganggo oncen. Dene panjine nggawa panah rupane abang. Jaman mbiyen prajurit Nyutra iki ora nganggo sepatu, dene wektu iki nganggo trompah. Piranti unen unen mau wujud tambur, suling lan slompret. Lagune Sureng Prang (menawa mlakune rikat), lan Tamtama (menawa mlakune macak). Papan lenggahe prajurit Nyutra kang saiki kawentar kanthi aran kampung Nyutran.

 

Bregada prajurit Ketanggung

            Jeneng Bregada Ketanggung asale saka lingganing  tembung tanggung  kang antuk ater-ater "ke-". Tanggung nduweni teges abot utawa beban. Dene ater-ater "ke-" nduweni makna mbangetake. Secara filosofis Ketanggung  nduweni surasa bregada prajurit kang ayahane lan tanggungjawabe kang  abot.

           Bregada prajurit iki seragame topi songkok ireng wujude tempelangan, Klambine lurik modhel sikepan, rangkepan klambi putih. Panji utawa klebet prajurite aran  Cakra Swadana, wujud bintang putih segi enem, kanthi latar ireng. Kabeh prajurit nyengkelit keris branggah.

          Gegamane sing digawa awujud bedhil, tumbak, lan panji prajurite nggawa pedhang. Tombak pusakane asma Kangjeng Kyai Nenggala kanthi dhapur angkus. Piranti unen unen awujud tambur, suling lan slomnpret.  Nalika baris (mlaku) kaiiringan Gendhing Lintrikmas/Ricikanmas/Pragolamilir lan Rejuna mangsah utawa Bimakurdha (menawa mlakune macak).

          Papan lenggahe prajurit Ketanggung saiki sing kawentar kanthi aran kampung Ketanggungan sakidule kampung Wirobrajan.

 

Bregada Prajurit Surakarsa.

            Jeneng Bregada Surakarsa  asale saka lingganing tembung  sura lan karsa. Tembung  sura tegese wani, dene karsa tegese kekarepan (kehendak). Secara filosofis bregada Surakarsa  nduweni makna  prajurit kang nduweni kekendelan ngedab edabi  kanggo njaga keslametane Pangeran  Adipati Anom (Putra Mahkota). Ing upacara Garebeg, Bregada Surakarsa ngayahi jejibahan ngawal gunungan kang arep diboyong menyang  Masjid Gedhe.

.         Ing wektu saiki prajurit Surakarsa wis dadi siji sajrone bregada prajurit kraton. jaman mbiyen panji prajurite aran Triwerna, dene saiki arane Pareanom.  Tembung Pareanom asale saka lingganing tembung pare (sejenis tanduran kang mrambat) lan tembung anom jarwane nom noman utawa mudha. Klebet  utawa dwaja iki nduweni surasa yen prajurit Surakarsa tansah semangat makantar kantar kanthi jiwane pindha para mudha (nom noman).

          Prajurit Surakarsa seragame nganggo iket corake celeng kewengen, bentuke kamicucen. Klambine putih model sikepan, rangkane uga putih. Clana panjange putih, nganggo bathik model sapiturang. Lonthonge abang lan sabuk ireng sarta nganggo timang, kerise branggah nganggo oncen.       

          Bregada prajurit Surakarsa iki ora duwe dwaja utawa tandha pusaka. Dene piranti unen unene tambur sarta suling. Nalika ngiring anggone baris lagune Plangkenan. Gegaman sing digunakake dening bregada  prajurit Surakarsa yaiku tombak (waos), Tombak pusakane kanthi asma  Kanjeng Kiai Nenggala  kanthi dapur arane  Banyak Angrem.  Papan lenggahe Bregada prajurit  Surakarsa saiki kawentar kanthi aran kampung Surakarsan.

 

Bregada prajurit Bugis.

          Bregada prajurit Bugis iki jaman mbiyen dadi prajurite Patih dalem Kraton Ngayogyakarta Hadiningrat, kang asma Kangjeng Gusti Pangeran Adipati Arya Danureja. Nanging saiki wis dadi siji karo bregada prajurit kraton liyane. Jaman mbiyen bregada prajurit Bugis iki dumadi saka wong wong Bugis asli , nanging saiki wis ora dumadi saka wong wong Bugis maneh. Panjine utawa klebete alias genderane  aran Tlaga warna saiki jenenge Suryandadari, wujude bunderan kuning kanthi latar ireng. Gegamane bregada Bugis yaiku tombak (waos). Tumbakpusakane aran Kangjeng Kyai  Trisula.

          Seragame topi songkok ireng, klambi lan clanane ireng. Lonthonge cindhen. Dene jajar kuning. Kerise gayaman, disengkelit ana bangkekane kiwa. Kaya prajurit Surakarsa, prajurit Bugis iki ora duwe dwaja. Piranti unen unene awujud pui-pui, bendhe, lan ketipung. Nalika baris (mlaku) kanthi diiringi Gendhing Sandung Liwung. Prajurit Bugis iki mbiyen asale saka Bugis kang banjur ngabdi marang kraton Ngayogyakarta, jalaran sutik manungkul marang Kompeni Walanda kang wis ngejegi bhumi kelairane kana. Papan lenggahe prajurit Bugis sing saiki karan kampung Bugisan kang dumunung ing sakidule kampung Ketanggungan lan Patangpuluhan. (Isti Nugroho).

Berita Terkait

img

Samak Minggu Ini

img

img

Sumber Semangat

Saya tambah umur saya kabur mripat kita...Iki ora liya merga satemene Gusti Allah lagi madhangake mata batin kita kanggo ndeleng akhirat.

Klik

PASRAH DIPRIKSA DOKTER CILIK

Saperangan ing antarane kita ana kang duwe ingon-ingon ing omah. Apa kuwi asu, kucing, manuk, bebek, pitik lsp. Kerep kewan-kewan ksb nganti dianggep minangka perangan kulawargane dhewe. Malah saking rakete karo kewan ingon-ingone, kerep kewan ingon-ingone ksb pasrah nalika arep diapakake wae dening sing duwe. Kaya ing gambar iki contone. (d/ist)***

Pethilan

Ewonan seniman bakal dikerigake menyang sekolahan

Ngasah uteg tengene siswa

Uji materi nyalon presiden kemungkinan gagal

Calon akeh, patut ora?

Parpol ngerigake kekuwatan penuh ing Pilkada 2018

Ana sing pengin ngganti presiden pisan