Tradhisi Sasi Pasa Ing Kraton Ngayoyakarta Kepungkur (1)
Diposting oleh : Administrator
Kategori: Kejawen - Dibaca: 66 kali

Sasi Pasa utawa sasi Ramadhan mujudake wulan kang diantu antu dening sedulur sedulur umat Islam. Karana ing wulan Ramadan, bakal antuk rahmat, barokah, apadene maghfirah (pangak­sama). Ing sasi kasebut umat Islam nindakake pasa sesasi natas, yaiku ora dhahar, ora ngunjuk, ora saresmi karo garwane, sarta nyegah lan nyingkiri hawa nafsu kang anjalari batal gan­jarane pasa, wiwit saka wektu fajar, ngan­ti angslupe surya, utawa tandha buka pasa dibiwarake yaiku ngarepake sholat magrib.

 Pokoke menawa cara Jawane kudu tarakbrata lan kudu bisa ngeker sakehing tumindak kang ora prayoga. Dadi se­najan ing wanci bengi kena mema­ngan, nanging uga ora kena sakarepe dhewe nganti kemlakaren, yen kelakon mang­kono kuwi ateges nguja hawa mema­ngan lan jeneng ora netepi ancas tujuwane wong nindakae pasa. Ing wanci bengi uga ora kena nguja hawa apa bae kang ora bisa katindakake nalikane awan jalaran pasa mau. Malah ing wanci bengi mau kudu tansah kagunakake kanggo ngimbuhi kawruh ing babagan agama Islam, kaya akeh-akehake nindakake tadarus Al Quran, salat taraweh, ngakeh akehake nindahake infak, zakat lan sedekah, lsp.

Ing jaman  cilikanku watara taun 70-an bab sholat taraweh kuwi isih durung sumebar kaya jaman samengko jalaran durung akeh masjid  lan mushola kaya jaman saiki. Mula ing jaman semana ing sasi Pasa sing padha menyang masjid saperlu nindakake sholat taraweh  mung wi­nates wong wong sing omahe ora patiya adoh saka  Masjid uta­wa Mushola uta­wa wong wong Jawa sing pancen lair saka kelu­warga mu­slim sing taat.  Sabu­bare nindak­ake sholat taraweh biyasane banjur diwetoni jaburan wujud panganan utawa inuman khas sasi pasa upamane madu mangsa, utawa wedang secang kang miurut ja­mane semana uwis kalebu enak lan mi­rasa, mbok menawa kanggo narik kawigatene kang padha melu tarwehan mau.

Ing sasi Pasa kasebut, racake tumrap wong Jawa padha nindakake Pasa ndhe­rek para pinsepuh. Para Penga­geng lan Pengajeng kang uga racake padha nin­dakake pasa jalaran miturut pangertene Ngarsa Dalem Ingkang Sinuhun uga nindakake siyam apa mesthine, dadi nut ing  Pengagenge kelakone.

Jaman semana menawa meneri sasi Pasa ing Kedhaton dianakake pasowa­nan mirunggan mapan ana ing Kagungan Dalem Gedhong Jene ing saben wengine, saperlu didhawuhi gilir gumanti maca­patan.  Ing Gedhong Jene kono padha kalagokake macapatan kang mligi lan kang endi endi anggone nglagokake. Jalaran kang padha sowan caos bekti macapatan mau ya para abdi dalem kang wus padha mumpuni lan lebda ing babagan macapat. Nganti ana lagu ma­capat kang saka apike banjur kondhang kanti jeneng Dhandhangula Gedhong Jene. Tradhisi macapatan ana ing kagu­ngan dalem Gedhong jene iki tumekane ing samengko isih tumindak ana ing sasi Pasa, nanging mapane ana ing emperan Bangsal Kencana. Jaman mbiyen saben saben Ngarsa Dalem miyos saperlu mirengake anggone padha macapat. Mesthi wae saploke Ngarsa Dalem Sultan HB IX mau jengkar saperlu ngayahi tugas ana ing Jakarta senajan maca­patan Gedhong Jene tetep dianakake, prasasat ora ana kang midhangetake, eman banget, nanging kepriye maneh, ewasemono pasowanan macapatan tetep lestari dianakake.

Gandheng racake para pinisepuh padha siyam, mula jeneng ora aneh me­nawa ing wanci sore ngarepake buka, jaman semana lurung lurung katon regeng, jalaran slira slirine para utusan utusane padha pinisepuh utawa para pengageng kang padha utusan nyaos-nyaosi seger segeran utawa dhaharan liyane marang sepapadhane utawa marang mitra karuh lan liyane. Senajan kang padha nindakake mau wis padha katon ngelak-ngelih, nanging gandheng ngayahi ayahan caos sesegeran mula ya padha klakon bregas bregas lan ngre­sepake kang padha ndulu. Bab nyenyaosi iki kena diarani sangsaya ndadi menawa wis ngadepi malem selikur Pasa utawa ngarepake bada (lebaran). Ing wanci wanci mangkono mau kang padha diutus wis padha nampa metering, muwuhi anggone padha macak.

Ing kalodhangan kasebut cecaosan kang padha katur mau arupa seger-sege­ran kang sarwa legi: jenang-jenangan, ketan sirkaya, rujak rujakan , pipis kopyor, caranggesing, carang ber­dapa, bangsa kolak-kolakan, sleilan gudir gudiran, kejaba mangkono sarwer­nane woh wohan kang seger utawa legi legi. Utawa mangsakan bangsane : gule, sawernaning selad,  sawernaning sop, lsp. Nitik dhaharan lan cecaosan mau genah mesthi ora setithik regane, lan ya mbutuhake pangolahan kang mligi, mula jeneng ora aneh menawa Pasa kuwi padha dianggep ora ngirit ning malah mbeborosi kamangka sejatine bab iki ora cocok karo ancas lan tujuwane pasa kang sayekti. Ning kepriye maneh, wong pasa mono tumrap umat Islam sing isih awam  lan durung kandel ke­imanane  mesthi banjur ngangah-angah anggone kelingan marang pangan lang seger, enak utawa mirasa. Lha ya ana kene iki dununge pacoban ana ing sasi pasa, nanging kepriye maneh pasa mujudake dhawuhe Gusti Allah marang kawulane, kudu ditindakake miturut tuntunan (syariate pasa) senajan abot dikaya ngapa. Waton anggone nglakoni kanthi  niat kang suci lan temen temen nindakake dhawuhing Gusti Kang Akarya jagad sarta nyirik sakehing lelakon kang dilarang, mesthi bakal kasil lulus anggo­ne nglakoni pacoban mau. Sebab pasa mono kena diarani sawijining wulan pen­dhidhikan (tarbiyah), wulan pedadaran tumrap kaum muslimin kang taat.

Tumrap umat Islam, pasa kang su­wene sesasi natas iki bakal nggayuh puncaking udakara tanggal 17 Rama­dhan kanthi tekane wengi kang tansah diantu antu. Wengi tumurune Lailatul Qodar utawa tumurune ayat ayat Al Quran kang sepisanan kang katampi dening Kangjeng Nabi Muhammad SAW duk jamane semana.

Ing jaman semana tu­murune wahyu ayat Al Quran mau padha nindak­ake amalan amalan sholeh ana sajroning masjid kang kawentar kanti aran “ikh­tikaf”. Sing diarani ikhti­kaf iku nindakake ngamal sho­leh kayata tadarus lan tadzbur Al Quran, maca sho­lawat, dzikir, nindakake sholat sunat lan sapiturute. Biasane anggone nindakake ikhtikaf ing  malem malem  ganjil sabakdane tanggal 17 Ramadhan. Mula saben tiba ing malem tanggal 21 Pasa tumrap bebrayan Jawa ing jaman kawuri banjur diga­we adicara  rada istimewa.

Bab iki kabukten menawa meneri malem tanggal 21 Ramadhan mau ban­jur padha nganakake pasugatan mirung­gan: Rasulan. Banjur sewengi muput padha nganakake tirakatan wungon sewengi natas. Terkadang anggone wungon mau dikantheni mlaku-mlaku sinambi nonton swasana ing kampung kampung. Kang mula seje karo padatan katon regeng. Jalaran ing kalodangan malem selikuran mau, wong wong pa­dha pasang damar utawa oncor saperlu madhangi plataran kanthi pengajab ben kampiran pletiking pepadhang sunaring Lailatul Qodar. Miturut kapitayani bebrayan Jawa, Lailatul Qodar kuwi mberkahi banget marang pawongan kang padha kampiran. Supaya brayat mau bisa kampiran, mula kudu nelakake menawa dheweke mau wus siap nampa pepadhang kanthi menehi pratandha manawa atine dheweke kuwi iya uwis sumadiya nampa pepadhang, tandhane kiwa tengene uga uwis diwenehi pepadhang arupa oncor, ting lan sabangsane kang bisa madhnagani pekarangan sakiwa tengene mau.

Pengetan iki banjur nuwuhake kabudayan gawe pepethan pepethan kang padha diarani “ting loling” kang wujud rupane, mawerna werna, uga ben­tuk wewujudane. Gandheng prasasat saben omah padha ngudi pasang ting kaya kang kasebut mau, muwuhi asri-endahing sesawangan ing bengi kasebut. Kamangka  anggone masang ting –ting mau saben malem tanggal ganjil nganti tumeka malem  takbiran Idul Fitri (ma­lem tanggal 1 Syawal) minangka panu­tupe sasi pasa.

Uwis dadi tradhisi ing bengi wiwit ma­lem selikur tekan malem takbiran, jaman semana bebrayan Jawa kajaba nyumet lan pasang ting mau uga padha nyumet mercon, minangka ngramekake swa­sana. Anggone nyumet mercon (peta­san) mau  kepara ora baen baen, malah jeneng jor joran malah ana sing ngarani ora mung nyumet mercon bae nanging kepara malah mercon benggala (big mercon) sing regane larang. Nanging jaman semana kanggo kongas, menawa ing dina esuke plataran katon mumbuk mbleder akeh tumpukan uwuh mercon mau. Malah ana kalane dadi dredah  lan kerengan amarga padha rebutan uwuh mercon, kanggo mbuktekake menawa akeh anggone nyumet mercon kang ateges sugih dhuwit. Kamangka miturut kapiyanane wong Islam Jawa anggone nyumet mercon kuwi yektine kanggo nuwuhake swara kang sora kang ancase kanggo ngusir setan lan sakehe lelembut kang arep padha nganggu gawe umat Islam kang nedya nyadhong Lailatul Qodar. Bener lan orane nyumanggakake jer nyatane jaman nyumet mercon isih durung dilarang keras dening peme­rintah, saben malem takbiran ing Kom­plek Pondok Pesantren “Kyai Nur Imam” ing Mlangi, Kalurahan. Nogotirto, Keca­matan Gamping, Kabupaten Sleman DIY tansah diadani tradhisi pesta nyumet mercon lan kembang api saengga dadi tontonane warga masyarakat sakiwa tengene Mlangi Nanging sawise tradhisi nyumet mercon lan kembang api ing ma­lem Lailatul Qodar nganti tekan malem takbiran wis dilarang wi­wit taun 1995-an nganti seprene wis ora diadhani maneh.

Jaman durung akeh sing duwe pesawat televisi, kanggo menehi tengara buka pasa murih serempak tenga­rane sarana migunak­ake long utawa  mercon gedhe kang dilebokake ana njero pipa wesi kang bisa nguncalake long mau dhuwur ba­nget saengga nuwuh­ake swara jumlegur kang bisa keprungu tekan papan sing adoh.  Dadi long mau bisa njebluk kaping pindho, sepisan nalika isih ana njeron pipa kanggo nguncalake  munggah lan kaping pindho nalika uwis tekan ing ngawang awang. Anggone nyumet long iku ana sangarepe regol ageng Masjid Gedhe Kraton Ngayogyakarta. Swarane gumleger mak  “dhuuullllll”. Mula jaman semana ibune pangripta menawa ngarani buka pasa  yaiku “dhul”. “Galo kae wis dhul, wis gek ndang padha  ngombe lan mangan,” ngen­dhikane ibu marang anak anake klebu pangripta.

(Ana Candhake)


Berita Terkait

img

Samak Minggu Ini

img

img

Sumber Semangat

Saya tambah umur saya kabur mripat kita...Iki ora liya merga satemene Gusti Allah lagi madhangake mata batin kita kanggo ndeleng akhirat.

Klik

PASRAH DIPRIKSA DOKTER CILIK

Saperangan ing antarane kita ana kang duwe ingon-ingon ing omah. Apa kuwi asu, kucing, manuk, bebek, pitik lsp. Kerep kewan-kewan ksb nganti dianggep minangka perangan kulawargane dhewe. Malah saking rakete karo kewan ingon-ingone, kerep kewan ingon-ingone ksb pasrah nalika arep diapakake wae dening sing duwe. Kaya ing gambar iki contone. (d/ist)***

Pethilan

Ewonan seniman bakal dikerigake menyang sekolahan

Ngasah uteg tengene siswa

Uji materi nyalon presiden kemungkinan gagal

Calon akeh, patut ora?

Parpol ngerigake kekuwatan penuh ing Pilkada 2018

Ana sing pengin ngganti presiden pisan