Situs Ing Perenging Wilis
Diposting oleh : Administrator
Kategori: Pasujarahan - Dibaca: 18 kali

Sambung rapete karo kahanan lingkungan alam ing perenging wetan Gunung Wilis adhedhasar data etno-arkeologi lan aekologis bisa diweruhi yen perenging wetan Gunung Willis wiwit dipanggoni manungsa wiwit mangsa olah tetanen kanthi corak panguripan sosio-budaya tradhisi neolitik. Kegiatan utama masyarakat ing jaman iku yaiku olah tetanen sacara manggrok sarta nin­dakake kegiatan religi, yaiku pemujaan marang roh leluhur. Ing religi iki, puncake Gunung Wilis diposisikake minangka papan suci, yaiku papan semayane roh  leluhure. Data arkelogis kang nyeng­kuyung interpretasi mangkono arupa data etnoarkeologi, yaiku tradhisi gawe grabah neolitik ing Desa Kates Keca­matan Kauman lan obyek megalitik tuwa kang arupa pundhen Geger ing Ke­camatan Sendang. Pun­dhen sing ana slundhakake kang dening warga dijene­ngake “Pundhen Geger” nduweni orientasi tumuju puncak Gunung Willis. Te­muan kang arupa komplek pundhen Geger iku diyakini arupa pentas persajian (dolmen), menhir, watu dhakon lan dalanan watu. Temuan bangunan mega­litik liyane diprangguli ing situs Candhi Penampilan kang arep penulis aturake ing kene. Saliyane iku, ditemokake watu dhakon lan sawetara menhir ing Desa Dono.

Adhedhasar jlentrehan data ing dhuwur kinawruhan yen perenging wetan Gunung Wilis wis dipanggoni dening komunitas neolitik ing jaman olah tetanen kanthi corak panguripan kang wis tumata. Masyarakat kang dimaksud wis bisa adaptasi nggarap sumber daya lingkungan, saengga mbentuk komunitas kan khas, yaiku tradhisi neolitik. Corak panguripan iki ngrembaka lan lumaku terus hingga ngleboni jaman sejarah Hindu-Budha. Sambungan karo iku, mula wajar yen ing perenging wetan Gu­nung Wilis akeh ditemokake peninggalan kang nduweni corak Hindhu. Peninggalan kang dimaksud antarane liya arupa re­run­tuhan candhi ing Dukuh Candhi Kla­gen Desa Tanjungsari, ing Dukuh Karang. Desa Talang, Kecamatan Sen­dang, Pundhen Sekartaji (situs Omben Jago, pundhen Gendhong lan Kucur Sanga) kang ana ing tengahing Alas Kepon ing perenging wetan-kidul (tenggara) Gu­nung Wilis, situs Jebuk ing Dukuh Jebuk Desa Jeli Kecamatan Karangrejo, sarta candi-pundhen Penampilan (Asmoroba­ngun) ing Dukuh Penampihan Desa Geger Kecamatan Sendang lan ditam­bahi maneh situs Sendang kang reca-recane saiki sumimpen ing Pundhen Mbah Bodo.

Prasasti Sarwwadharmma

Prasasti Sarwwadharmma sinebut uga “Prasasti Penampilan TV”. Angka Romawi IV diwenehake ngelingi yen prasasti iki ditemokake dadi siji karo prasasti liya, yaiku prasasti watu (linggo­prasasti) nduweni tarikh Saka 820 (898 Masehi), kang sabanjure sinebut “penampihan IV”. Prasasti Sarwwadhar­mma kang ditemokake ing Penampihan minangka prasasti kang tinulis ing dhuwur tembaga (tamraprasasti) cacahe 7 lempeng. Perangan awal wiwit ing lempeng I sisih mburi (verso) padha-padha dumadi 7 baris lan ing lempeng VII sisih ngarep digunakake kanggo nenulis prasasti.

Ing lempeng I baris 1 lan 4 dijlen­trehake yen prasasti Sarwwadharmma diwetokake ing taun Saka 1191, dening raja Kertanegara. Adhedhasar saka unsure penanggalan prasasti Sarwwa­dharmma yaiku tanggal ka-5 wulan purnama (suklapaksa) wulan kartika (Oktober-Nopember) taun Saka 1191. Wondene konversi penanggalan Saka menyang Masehi kanggo prasasti Sarwwadharmma tumiba ing tanggal 31 Oktober 1269.

Ing Samdhanda-ne (alasan diwetok­ake prasasti) njlentrehake bab peneta­pan wilayah kanuyutan wisata punpunan Sarwwadharmma minangka dhaerah swatantra kang ana ing ngisore ke­kua­saan wilayah kerjaan Singhasari yaiku bumi Janggala-Pangjalu (lempeng II sisih mburi baris 3-5). Penetapan iku lelandhesan marang pa­nyuwune rakyat Sarwwa­dharmma lan sawilayahe marang raja liwat pe­rantaraan sang Ramapati (pemimpin para rama) karo Rakryan Apatih Sac­chaya lan Sang Dharmma­dhyaksa ri Kasaiwan Sang Apanji Tanutama, supaya dhaerahe dipisahake saka wilayah kang nduweni status thanibala (kekuasaan thani) dadi dhaerah swa­tantra. Ing baris 4b baris 1 dijlentrehake yen Sarwwadharmma biyene ana ing ngisore kekuasaan thanibala kang dijabat dening buyut. Sabanjure uga dijlentrehake yen jaman pamarintahane Wisnuwarddhana wilayah Sarwwadhar­mma wis ditetepake dadi dhaerah swantantra nalika Pati-pati njabat dharmmadikarana (lempeng III sisih ngarep baris 5-lempeng III sisih mburi baris 6). Minangka wilayah “swatantra sang hyang” Sarwwadharmma diwenehi hak istimewa kang arupa pembebasan pajek lemah, retribusi irigasi (pangulu banu), sarta kebebasan nalika ngleksa­nakake pemujaan. Kejaba iku tumrap rakyat diwenehi hak istimewa masang payung kuning (amaguta-pajong kuning), mainkake waditra curing (acuringa rahinawngi), nganggo sumping kembang tunjung (asumping tunjung siniwak), lan diolehi mangan panganan kang uga minangka panganane raja (rajamansa), kayata mangan cemple kang durung metu buntute (wdus gunring), penyu/kura (badawan), celeng aduan (karun pulih) sarta asu tugel (asu kebiri).

Makna Sang Hyang Sarwwadhar­mma ateges kabeh lembaga/papan keagamaan, saengga ngisyaratake yen wilayah Sarwwadharmma kang dianugrahi minangka wilayah swatantra kasebut minangka wilayah kang nduweni sawetara papan keagamaan (sang hyang dharma). Papan-papan kasebut arupa kalagyan, paryyangan, dharma, jumput kalayan (lempeng 5 recto baris 7). Pitakonan sabanjure yaiku yen latar belakang keagamaane ing ngendi kang bisa diidentifikasikake karo Sang Hyang Sarwwadharmma? Kaya kang akeh dijlentrehake ing prasasti dikandhakake yen kang nampa anugrah swatantra iku salah sijine yaiku sawijining pendeta agama Siwa, yaiku Sang Dharmma­dhyaksa ri Kasaiwan Sang Apanji Tanumata.

Katrangan saka prasasti iku durung cukup kanggo mesthekake apa Candhi Penampilan ana sambung rapete karo salah siji dharma ing wiyasa Sang Hyang Sarwwadharmma. Yen adhedhasar jinis dharma kang kamot ing lempeng 5 recto baris 7 cetha ana bangunan suci kang nduweni latar belakang agama Siwa. Saliyane iku, Sang Hyang Sarwwa­dharmma yaiku sawijining mandala, yaiku lingkungan keagamaan kang ana ing kawasan pegunungan utawa perbukitan, lingkungan cedhak areal pertanian/persawahan sarta adoh saka keramean. Yen bener mangkono, bisa dadi Candhi Penampihan kang didegake ing perbukitan ing perenging Gunung Wilis nduweni latar keagamaan kang cetha, yaiku Hindu Siwa. Bangunan iki minangka salah siji jinis bangunan suci kang mlebu ing cakupan wisaya Sang Hyang Sarwadharma.

(Budiono SPd)

Berita Terkait

img

Samak Minggu Ini

img

img

Sumber Semangat

Saya tambah umur saya kabur mripat kita...Iki ora liya merga satemene Gusti Allah lagi madhangake mata batin kita kanggo ndeleng akhirat.

Klik

PASRAH DIPRIKSA DOKTER CILIK

Saperangan ing antarane kita ana kang duwe ingon-ingon ing omah. Apa kuwi asu, kucing, manuk, bebek, pitik lsp. Kerep kewan-kewan ksb nganti dianggep minangka perangan kulawargane dhewe. Malah saking rakete karo kewan ingon-ingone, kerep kewan ingon-ingone ksb pasrah nalika arep diapakake wae dening sing duwe. Kaya ing gambar iki contone. (d/ist)***

Pethilan

Ewonan seniman bakal dikerigake menyang sekolahan

Ngasah uteg tengene siswa

Uji materi nyalon presiden kemungkinan gagal

Calon akeh, patut ora?

Parpol ngerigake kekuwatan penuh ing Pilkada 2018

Ana sing pengin ngganti presiden pisan