Disilih Ragane
Diposting oleh : Administrator
Kategori: Alaming Lelembut - Dibaca: 179 kali

Andharan iki penulis mung dicritani kanca, sing dheweke iku sawenehe seniman panggung gamben. Ning eman dheweke ora kawentar merga pakaryane sing utama mbiyene guru. Dadi jiwa senimane iku mung disalurake sak njabane tugase minangka guru. Yen sela diajak manggung kancane oke wae. Nanging yen dhong ora ana job, sing diutuni ya mung anggone mulang kuwi.

Jantra lelakone uwong urip mono ora ajeg. Merga kesandhung kahanan, anggone dadi guru dilereni merga nerak angger-anggering pamarentah. Saiki gelem ora gelem ya mung ngurip-urip jiwa senine. Ambyure neng seni kethoprak. Semono mau yen kancane sing wis padha nduwe jeneng kondhang ngajak main. Yen ora dicangking kancane ya trima nganggur ngethekur.

Jeneng wis nate dadi guru, tur kerep ngethoprak, mula basa lan sastrane ora nguciwani. Kena diunekake nyedhaki sampurna. Apa maneh kejaba ngethoprak, yen ana sanak sing ngersakake, dheweke ya bisa dadi pranatacara ing pahargyan apa wae. Gandheng sinaune ngaji mumpuni tur wonge luwes lan trampil, mula ing madyaning pasrawungan dheweke tansah kanggo. Umpamane, ngisi pengajian, ngujubake kendhuren, tandang upacara layon, nyembeleh kewan kurban, lan liya-liyane.

Apa wae ditandhangi sauger ngentukake rejeki kalal. Saiki dheweke nggamblok grup karawitan ing Desa Sedhogan Tempel-Gubug, disambi melu nguri-uri kethoprak. Ya lelakon ing kene mau sing dicritakake dheweke marang aku.

Sesepuh karawitan mau asmane Pak Bagyo (jeneng singlon). Ing sawijining wektu, Pak Bagyo  lagi nggarap sawahe merga uripe pancen saka tetanen. Nalika dheweke macul, weruh watu gedhe njenggeleg neng tengah sawah.

“Upama watu iki taksingkirke, mesthi olehku nyambut gawe luwih penak,” batine.

Wusana Pak Bagyo maculi saubenging watu kuwi supaya gampang didhongkel. Bareng wis rinasa gampang, banjur diogek-ogek dhewe. Ning Gandheng saking gedhene watu, sidane ya ora bisa. Pak Bagyo banjur njaluk tulung wong papat ndhongkel watu kuwi, ning tetep ora kuwat.

Bengine Pak Bagyo ngimpi ditemoni wong tuwa sing nyandhang mengganggone cara kejawen jangkep. Wong mau kandha, “Wah kowe kuwi ngganggu papan dolanane bocah-bocah, saiki njur dha rewel. Hara, nek saiki  dha nempuhake Eyange ngene iki njur piye?”

Pak Bagyo takon, “Panjenengan punika sinten lan dalemipun pundi?”

“Yen kowe arep ngerti, sebuten wae aku Eyang Sarip. Omahku ing kidul bendungan kuwi. Nek kowe arep mindhah watu kae, kudune rak taren aku dhisik. Dadi ora gawe gelane bocah-bocah, wong kae papan dolanane.” 

Pak Bagyo krasa yen lagi ditekani lelembut. Sebab wong iku ngaku saka kidul bendungan, mangka ing kono mung ana wit pule gedhe. Mula wangsulane Pak Bagyo ngakoni klerune, “O inggih Eyang, yen ngaten kula nyuwun pangapunten. Sela punika badhe kula singkiraken, awit ngganggu anggen kula nggarap sabin.”

Wong tuwa mau manthuk-manthuk banjur………

Berita Terkait

img

Samak Minggu Ini

img

img

Sumber Semangat

Saya tambah umur saya kabur mripat kita...Iki ora liya merga satemene Gusti Allah lagi madhangake mata batin kita kanggo ndeleng akhirat.

Klik

PASRAH DIPRIKSA DOKTER CILIK

Saperangan ing antarane kita ana kang duwe ingon-ingon ing omah. Apa kuwi asu, kucing, manuk, bebek, pitik lsp. Kerep kewan-kewan ksb nganti dianggep minangka perangan kulawargane dhewe. Malah saking rakete karo kewan ingon-ingone, kerep kewan ingon-ingone ksb pasrah nalika arep diapakake wae dening sing duwe. Kaya ing gambar iki contone. (d/ist)***

Pethilan

Ewonan seniman bakal dikerigake menyang sekolahan

Ngasah uteg tengene siswa

Uji materi nyalon presiden kemungkinan gagal

Calon akeh, patut ora?

Parpol ngerigake kekuwatan penuh ing Pilkada 2018

Ana sing pengin ngganti presiden pisan