Bakal Nyandhing
Diposting oleh : Administrator
Kategori: Cerita Cekak - Dibaca: 329 kali

Jam pitu esuk keprungu lamat-lamat kenthongan saka tangga dhukuh ditabuh kanthi wirama daramuluk. Pertandha ana uwong pancal donya. Mbah Karso­no metu ngomah, kepengin ngerti sapa sing tinimbalan Gusti ing esuk iku.

“Ana sripah ya, Jum. Sapa?” ta­kone Mbah Karsono marang Ju­madi, tangga jejer wetan omahe.

“Jarene Ramin wau Mbah Dasi ingkang seda. Le mboten onten teng Jambi ngrika. Jenasahe dibeta wangsul ndesa. Dugi ngriki enjing jam sepuluhan,” wangsulane Ju­madi.

“Mbah Dasi, randhane Mas Sar­giwo?” ucape Mbah Karsono mba­leni kandhane Jumadi. Sajak ora percaya.

Pancen, Mbah Dasi mono dudu apa-apane Mbah Karsono. Dudu se­dulur apa dene kerabate. Mung wae ana tipak- tipak tali tresna kang isih nggubet atine. Tekan dinane iki tali tresna mau durung bisa diuwali utawa dikipatake ngo­no wae. Njiret rumaket kenceng ba­nget ing ati sanubarine. Senajan anta­rane dheweke lan Dasiyati suwe banget anggone pisah.

Lelakon tresna antarane jaka Karsono lan prawan Dasiyati wis kliwat patang puluh lima taun kepungkur. Limang windu punjul limang taun dudu wektu kang sedhela. Nanging, ing rasa-pangrasane Mbah Karsono kaya lagi wingi wae. Ge­gambaran lakon tresna mau isih asring ngalela  ing angen-angene.

Ora beda karo nom-noman liya, Kar­sono kang nalika semana umur patlikur taun kecanthol Dasiyati, kenya tangga dhukuh. Tresnane Karsono marang Da­siyati  ora keplok sesisih. Dasiyati kang pawakane lemu sedhet, mbukak jembar ati sanubarine kanggo Karsono.

Winih tresna ing antarane kekarone mau wis thukul nalika isih sekolah ing SMA kang padha. Karsono kelas telu, Dasiyati kelas siji. Nganti tekan kuliyah tresnane Karsono tetep cumondhok ing atine prawan kembang desa mau. Su­walike, Dasiyati uga ora mangro tingal.

“Dhik,”  Karsono mbukani omong na­lika  kangsenan klawan Dasiyati ketemu ing  taman kuliner  njaban kutha. ”Tres­nane awake dhewe iki wis dudu cinta monyet. Wektu wis mbuktekake. Kepriye yen enggal kita terusake kanthi rembug tuwa. Jarene wong-wong kae yen kesu­wen pepacangan bakal ora becik keda­deyane,”  kandhane Karsono alon.

“Apik kuwi, Mas. Aku asese. Nanging ....,” Dasiyati ora nerusake tembunge. Ana sing nggrenjel ing atine. Sambunge, “Bapakku kuwi watak-wantune kaku, Mas. Ngugemi kenceng prinsipe dhewe. Kepara golek benere dhewe. Kurang ngre­gani penemune wong liya,” ucape Dasiyati serius. Ora krasa ana eluh metu saka pojok mripate.

Telung sasi kepungkur ing sawijining wengi…………

Berita Terkait

img

Samak Minggu Ini

img

img

Sumber Semangat

Saya tambah umur saya kabur mripat kita...Iki ora liya merga satemene Gusti Allah lagi madhangake mata batin kita kanggo ndeleng akhirat.

Klik

PASRAH DIPRIKSA DOKTER CILIK

Saperangan ing antarane kita ana kang duwe ingon-ingon ing omah. Apa kuwi asu, kucing, manuk, bebek, pitik lsp. Kerep kewan-kewan ksb nganti dianggep minangka perangan kulawargane dhewe. Malah saking rakete karo kewan ingon-ingone, kerep kewan ingon-ingone ksb pasrah nalika arep diapakake wae dening sing duwe. Kaya ing gambar iki contone. (d/ist)***

Pethilan

Ewonan seniman bakal dikerigake menyang sekolahan

Ngasah uteg tengene siswa

Uji materi nyalon presiden kemungkinan gagal

Calon akeh, patut ora?

Parpol ngerigake kekuwatan penuh ing Pilkada 2018

Ana sing pengin ngganti presiden pisan