Tradhisi Kupatan Warga Kauman Gresik
Diposting oleh : Administrator
Kategori: Kejawen - Dibaca: 71 kali

Warga kampung Kauman/Pekau­man kang dununge isih klebu kecamatan Gresik Kota ngadani pahargyan ritual kayadene Riyaya Idul Fitri kang diarani Riyaya Kupatan. Dina Riyaya Kupatan diadani ngepasi seminggu persis sawise riyaya Idul Fitri. Mligi warga kampung Kauman kecamatan Gresik Kota, nganti saiki tradhisi Riyaya Kupatan mau isih digondheli utawa diugemi sarta dilek­sanakake sarana turun – temurun, mujud­ake tradhisi kang wis lumaku atusan taun.

Sawise nglakoni pasa wajib sewulan nutug sajrone sasi Ramadhan, banjur tumiba ariyadi Idul Fitri. Sawatara kuwi sacara turun-temurun kawiwitan saka cikal bakal sesepuh pepundhene padu­nungan kono, warga kampung Kauman banjur isih mbacutake nglakoni pasa sunah suwene nem dina kang aran pasa Syawal. Pasa syawal dilakoni kawiwitan ngepasi nyandhak sedina sawise riyaya Idul Fitri, nganti nem dina candhake. Sawise nem dina nglakoni pasa Syawal kuwi, warga kampung Kauman banjur padha mahargya “dina kemenangan” kuwi kanthi riyaya Kupatan.

Ing kecamatan Gresik Kota, warga kampung Kauman/Pekauman manggon ing pemukiman padhet pendhuduk kang ana ing sakiwa tengene sarta samburine Masjid Jamik kutha Gresik ing Jalan KH. Wakhid Hasyim prenah sakulone Alun – alun kutha utawa kena diarani manggon ing tengah-tengahing kutha. Para warga kampung Kauman dumadi saka warga sajrone wilayah rong RW kena diarani ngrayakake riyaya kaping pindho. Kang sepisan nalikane riyaya Idul Fitri kang wewaton pengumunan resmi saka Pemerintah ngenani tumibane riyaya Idul Fitri 1 Syawal 1438 Hijriyah (25/6-2017) banjur ing dina candhake warga isih nuhoni sunah kanthi mbacutake nglakoni pasa Syawal nem dina suwene, wusana­ne lagi ngrayakake riyaya Kupatan. Kang­gone warga padunung mligi kampung Kauman, nduweni panemu yen ing riyaya Kupatan kuwi mau lagi ngra­yakake riyaya kang satemene yaiku sawise lebar anggone bisa nglakoni pasa sunah Syawal nem dina suwene.

Tumrape warga Kauman, nalikane riyaya Idul Fitri cara anggone mahargya ngramekake uga padha karo warga mu­slim liyane melu takbiran.Padha ngakeh-akehake atur pepuji marang asma sarta  keagungaNe Gusti Allah Kang Maha Agung sarta Maha Suci banjur uga padha melu nglakoni shalat Ied ing masjid – masjid bebarengan warga masyarakat liyane. Wondene tradhisi riyaya Kupatan lumrahe diisi sawatara rerangken, kaya ta kang sepisanan sarana nglakoni pasa Syawal nem dina mau, banjur “mbukak meja” kang ing sandhuwure wis suma­dya lan tumata caosan sawenehing ja­janan. Perlune kanggo asung pasugatan tangga teparo sarta sanak famili, lan sapa wae kang padha silaturahim, unjung – unjung apura – ingapura nglebur sakehing kaluputan mungguhing marang sasepadha titahing Gusti Kang Mahasuci. Ngrumangsani yen saderma minangka manungsa kang tanpa daya nanging kebak dosa, mulane ing dina becik padha apura-ingapura saka sakabehing dosa sarta kaluputan. Saliyane kuwi uga ana tradhisi ater – ater, yakuwi andum kupat dikantheni lawuh opor ayam utawa bisa uga daging, mie bumbu goreng dirangkeni urang apadene endhog pitik kang diwenehake marang tangga teparo. Lumrahe kupat lan lawuh diwadhahi nganggo piring banjur diseleh sandhuwure lengser. Luwih komplet maneh yen sakabehe mau dikantheni nganggo lepet

“Tradhisi dinten riyadin Kupatan menika, miturut ngendikanipun para se­sepuh nggih sampun kalampahan wiwit jaman rumiyin lan turun-temurun ngan­tos samenika. Mligi wonten sakupengipun Gresik, kula kinten nggih namung won­ten Kauman mriki ingkang taksih nguri-uri lan nglestarekaken tradhisi riyaya Kupatan dening warganipun sedaya mi­nangka komunitas warga. Dipunsebat komunitas warga awit, meh sedaya warga taksih nuhoni sunah nglampahi siyam Syawal nem dinten sasampunipun riyadin Idul Fitri. Kados kula sakulawarga saben taun sasampunipun nglampahi siyam Ramadhan sesasi muput lajeng kasambung kaliyan nglampahi malih siyam sasi Syawal kalawau. Miturut sunahipun, ganjaranipun siyam Syawal menika sami kaliyan nglampahi siyam setahun laminipun. Rak eman yen ngan­tos mboten dipun lampahi. Salajengipun ing dinten riyadin Kupatan, tansah ngleluri tradhisi damel kupat ingkang awalipun saking tembung “minangka manungsa sing ngaku kebak ing kale­patan utamane marang Gusti Allah sarta sapepadha manungsa”. Pramila wonten riyadin Kupat utawi Kupatan menika, lawuh wajib ingkang kedah sumadya nggih kupat, mboten sekul utawi lontong. Salajengipun nembe lepet, opor ayam utawi daging, mie, tigan lan ulam urang. Wondene jajanan nggih kados umum kemawon, sami nalika Idul Fitri. Nanging yen saged jajan kalawau dipun tambah kaliyan madu mangsa. Jajanan kalawau saged saking tumbas utawi ndamel piyambak. Lajeng setunggal malih yen saged nggih tradhisi Ater-ater, tegese sami peparing dhaharan kupat, lepet kaliyan opor dumateng tangga teparo ugi famili sarta sinten kemawon ingkang rawuh silaturahim, unjung-unjung won­ten dinten riyadin Kupatan apura-ingapura sami nglebur dosa lan kalepatan,” kandhane Abah Zubairi, warga kampung Kauman. 

Warga Kauman liyane aran Mahsun kang yuswane wis sepuh ngancik 69 taun uga nerangake yen nalikane cilikane ja­man dhek biyen, ing dina riyaya Kupatan uga ana kang dijenengi tradhisi Kupat Liwat. Yakuwi, sawatara warga ana kang kagungan niyat utawa hajat mbagi – bagi sedhekah panganan kupat, lepet  lan dikantheni dhuwit. Kupat lepete diwadhahi nganggo lengser semono uga dhuwite. Wektu kuwi dhuwit kang diseleh ndhuwur lengser dumadi saka pengaji sak-rupiah/repis, seringgit utawa loro setengah rupiah nganthi limang rupiah/repis. Tambah taun, pengajine dhuwite uga tambah gedhe. Lengser saisine lumrahe banjur digawa ngupengi dalan – dalan kampung. Warga kang duwe niyat sedhekah nggawa lengser kebak kupat, lepet lan dhuwit mlaku urut dalan/gang kampung karo rada mbengok me­nehi wara-wara: “Kupat Liwat..... Mangga..... Mang­ga……. Kupat Li­wat”. Sapa wae kena njaluk. Kupat, lepet  lan dhuwite banjur dadi rebu­tan. Tradhisi Kupat Liwat, yen ora ngang­go cara kuwi, uga ana cara liyane, yakuwi nyeleh leng­ser kebak kupat lan dhuwit receh ing da­lan prapatan uta­wa pertelon kam­pung. Sapa wae banjur uga kena njupuk Kupat Liwat mau. Emane wis wiwit sawatara taun kepungkur nganthi tumekane saiki, tradhisi Kupat Liwat kuwi mbaka sithik surut  banjur ilang. Kang dadi sebab – musababe amarga wis ora ana maneh warga kang duwe hajat sedhekah lu­mantar tradhisi Kupat Liwat kuwi. Riyaya Kupatan banjur kelangan salah siji rerangkene yakuwi tradhisi Kupat Liwat kang kebacut cures kesilep jaman. Sa­ikine mung dhapur kenangan. Generasi mudhane kang urip ing jaman saiki mung mangerteni critane wae.

“Eman sanget dene tradhisi Kupat Liwat ingkang taksih kalampahan nalika alitan ngantos jaman kula remaja ru­mi­yin, samenika sampun mboten wonten malih. Jaman alitan kula rumiyin yen mboten klentu nggih asring ndherek re­butan utawi rayahan Kupat Liwat menika. Kala-kala nggih angsal kupat kaliyan arta. Wah, remen sanget. Ning kala-kala nggih namung angsal kupat kemawon, awit artanipun sampun gusis di­rayah kanca sa­nesipun.  Same­nika ingkang won­ten nggih na­mung critanipun,” kandhane Abah Machsun karo ngguyu nyekikik ngeling-eling me­lu rayahan Kupat Liwat nalika dhek jaman cilikane biyen.

Wondene tra­dhi­si unjung – unjung utawa silaturahim sanjan – sinanjan warga Kauman, lumrahe diwi­witi wektu sabakdane shalat Asar, dibacutake bakda Mahgrib nganthi we­ngi. Mulane ing dina esuk sadurunge, mula ora jeneng aneh yen para ibu lan remaja putri kampung Kauman padha repot ing pawon ngiseni kupat janur nganggo isen – isen beras pususan ban­jur didang, nyiapake masakan opor ayam lan menu liyane dirangkeni mawa mie goreng campur urang lan endhog mateng.

Manut katrangan para sesepuh, tra­dhisi riyaya Kupatan mligi kang ana ing kampung Kauman ora bisa dipisah­ake karo paraga kang asmane Kyai Baka, sawijining ulama mumpuni sarta gam­ben ing Kauman atusan taun kepungkur. Wewaton babad tutur lisane warga pa­dunung kono, nalika isih sugenge nganti tumekaning seda Kyai Baka yen nglakoni pasa wajib ing sasi ramadhan sewulan nutug tansah dibacutake karo nglakoni pasa sunah sasi Syawal kang suwene nem dina. Sinebut pasa Syawal awit pasa sunah kuwi pancen dilakoni ing sasi Syawal.

Sedina sawise riyaya Idul Fitri, banjur kawiwitan nglakoni pasa Syawal. Sabubare pasa suwene nem dina, Kyai Baka nembe gelem nglakoni apura – ingapura marang para kulawar­gane uga para santri lan warga pandhe­reke ing sakupenge Kauman kono. Papan pang­go­nan sakupenge daleme lan pon­dhoke Kyai Baka nganti saiki misuwure sinebut kampung Bekaka’an (asale saka tem­bung Baka), tegese ya ing papan kono dhek biyene Kyai Baka sapan­dhereke manggon lan mulang wuruk ilmu lan pang­­gu­lawentah babagan agama Islam.

     “Manut critane, Kyai Baka iku yen pasa Ramadhan pancen banjur kasam­bung maneh pasa Syawal. Sawise kuwi lagi ngrayakake sarana riyaya Kupatan. Bab nglakoni pasa sunah Syawal iku pan­cen lelaku ngibadah sing trep karo sab­dane Kanjeng Nabi Muhammad SAW sing wis ngendika yen tha kalamun sok sapa wae wong muslim kang nglakoni pasa Syawal lan istingarah diijabahi de­ning Gusti Allah, mula tinamtu entuk ganjaran padha karo nindhakake pasa suwene padha karo setaun,” mangkono ature Abah Ali, sesepuh kampung Kau­man liyane.

Kabiyasan kaya kang ditindakake de­ning Kyai Baka kuwi banjur tansah dileluri lan dilestarekake dening para santri uga warga Bekaka’an Kauman turun – temurun nganthi seprene ing sakupenge kelurahan kampung Kauman. Riyaya Ku­patan mawa gawe masakan kupat sala­wuhe minangka menu wajib, mengku werdi yen tembung kupat kuwi mula bukane saka “ngakoni yen akeh kalepa­tan utawa kaluputan”. Yen kalepatan kuwi marang Gusti Allah kudu nyenyuwun sarana ngibadah lan mertobat kang temen lan nyuwun dilebur sakabehing dosane. Wondene yen kaluputan mau marang manungsa ing bebrayan agung banjur kudu padha salaman nyuwun apura – ingapura.

Anggone nyuwun ngapura sakabeh­ing kaluputan kudu dikantheni ati iklas, nyenyuwun marang Gusti Allah supaya dilebur dosa – dosane, wondene ma­rang manungsa sapadha – padha uga sarana lumantar njaluk ngapura sake­hing kaluputan. Marang sapadha – pa­dha bisa antarane wong  siji karo sijine secara individu utawa sarana lumantar kaya dene anane tradhisi halal bi halal kang wis ngrembaka mligi ing kalangane umat muslim. Mangkono mungguh sage­byaran ngenani riyaya Kupatan kang tinemu sarta dileluri warga Kauman, kang mujudake tradhisi turun-temurun kang kudu dikurmati minangka salah sijine asset keberagaman bangsa kita kang sarwa bhineka iki.

(A.Manan Sagitarius)

Berita Terkait

img

Samak Minggu Ini

img

img

Sumber Semangat

Saya tambah umur saya kabur mripat kita...Iki ora liya merga satemene Gusti Allah lagi madhangake mata batin kita kanggo ndeleng akhirat.

Klik

PASRAH DIPRIKSA DOKTER CILIK

Saperangan ing antarane kita ana kang duwe ingon-ingon ing omah. Apa kuwi asu, kucing, manuk, bebek, pitik lsp. Kerep kewan-kewan ksb nganti dianggep minangka perangan kulawargane dhewe. Malah saking rakete karo kewan ingon-ingone, kerep kewan ingon-ingone ksb pasrah nalika arep diapakake wae dening sing duwe. Kaya ing gambar iki contone. (d/ist)***

Pethilan

Ewonan seniman bakal dikerigake menyang sekolahan

Ngasah uteg tengene siswa

Uji materi nyalon presiden kemungkinan gagal

Calon akeh, patut ora?

Parpol ngerigake kekuwatan penuh ing Pilkada 2018

Ana sing pengin ngganti presiden pisan