Qiyamat iku Nggegirisi (2)
Diposting oleh : Administrator
Kategori: Agama Islam - Dibaca: 24 kali

Dene carane mlumpuk tumapak ana ing Oro-oro Mahsyar, Abu Hurairah ne­rang­ake, manawa Rasulullah dhawuh, mangkene maksude:

a). Manungsa diklumpukake ana ing dina Qiyamat ana sawatara ba­bagan, yaiku tumraping manungsa kang ndarbeni pangarep-arep kuci­wa, rong dalan kanggo wong kang numpak unta sarta telung dalan ma­neh kanggo wong kang numpak un­ta, patang dalan maneh tumrap­ing wong sing nunggang unta, lan sepuluh dalan maneh tumraping wong kang nunggang unta. Dene sisane dikumpulake dening geni. Ge­ni iku tansah binarung marang wong-wong iku, nalika turu awan, turu wengi, ing wayah esuk lan ing wayah sore.” (HR.Bukhari).

b). Riwayat Qatadah saka Annas, sa­temene ana salah sawijining pawongan lanang kang ngucap: Dhuh Njeng Nabi, kados pundi tiyang kafir saged mlampah mawi sirahipun ing dinten Qiyamat? Njeng Nabi paring dhawuh: “Rak hiya ta Allah Dzat Kang Maha Kuwasa, Kuwasa ndadekake wong kafir mlaku nganggo  si­kile nalika ana ing Donya. Allah Maha Kuwasa kepareng ndadekake dheweke lu­maku nganggo sirahe (wajahnya) nalika dina Qiyamat.” (HR. Bukhari).

Qatadah nuli ngucap: “Demi Kea­gungan Pangeranku, trep karo dha­wuhe Allah, mangkene maksude: “Lan sok sapa bae sing kepengin pi­tuduh saka ngarsaning Allah, yekti dheweke (bakal) pikoleh pituduh de­­ning Allah, lan sok sapa bae sing disasarake, mangka sira Muhammad ora bakal ana wong kang bisa nulu­ngi dheweke, saliyane Allah. Lan Ingsun bakal nglumpukake wong-wong mau ana ing dina Qiyamat, rai-raine padha diseret, mangka keda­deyan wuta, bisu lan budheg. Pang­gonane wong-wong mau ana ing Ne­­raka Jahanam. Saben-saben su­da urube Ingsun tambah mulad-mu­lade.” (Q.S.Isra’ (17):97.

Tumuli pisah antarane rong golongan manungsa mau, sarta digelar dalan loro. Wong-wong mau teka padha nunggang tunggangan tumuju menyang kenikma­tan Suwarga sarta rahmating Dzat Kang Maha Welas lan Kang Maha Asih. Dene liyane diseret tumuju menyang geni Ne­raka lan adzab Neraka kang nglarani. Trep karo dhawuhe Allah, mangkene maksude :

Sira ngelingana dinane Ingsun nglumpukake wong-wong kang taq­wa padha sowan marang ngarsa­nIng­­sun, Allah Kang Maha Murah kalayan pisowanan kang kimurma­tan. Lan Ingsun bakal nggiring wong-wong kang duraka menyang Neraka Jahanam ing kahanan kang ngelak.” (Q.S.Maryam(19): 85). “Lan Ingsun nggiring wong-wong kang dosa marang Neraka Jahanam.” (Q.S.Maryam (19):85-86).

Ing babagan iki Ali bin Abu Thalib ngu­cap: “Demi Allah, wong-wong mau ora digiring kanthi mlaku ndlamak, nanging padha nunggang unta, sing pedhale saka emas, lan lemek tumpakane (pelanane) ana mutiarane. Yen pawongan sing pa­dha nunggang mau kepengin untane mla­ku cepet utawa kepengin untane mau mabur, bisa klakon. Lha tumrap wong-wong sing digiring ing swasana ngelak banget, nganti gorokane arep pedhot, wong-wong mau ora kok diwenehi ba­nyu, nanging digiring (ditekakake) ma­rang Neraka Jahanam. Trep karo dha­wuhe Rasulullah, mangkene maksude:

“Nuli ditakoni wong-wong mau, apa sing padha sira pengini? Kula se­daya sami ngelak! Njeng Nabi tu­muli paring dhawuh, isyarat bab Ne­raka Jahanam, kaya-kaya Neraka iku mujudake gambaran kang ora nyata (Fatamorgana), sawatara pa­dha cecongkrahan. Nuli ditakoni kowe rak hiya ta bakal tumapak ana ing kono?”  (HR.Kutubussitah).

Maha Suci Allah, sekabehing panga­lembana iku kagem Panjenengane Allah, Allah iku Maha Agung. Manungsa mono nalika ana ing Donya padha. Pa­dha-padha pinaringan rejeki, padha lu­maku sarta teka lan lunga. Allah kepa­reng maringi wong kang mahabbah (men­cintaiNya) sarta marang wong kang ora mahabbah marang Panjene­nganE. Nanging nalikane maut tumapak marang wong mau, saben-saben wong ma­ngerteni lakune lan arahe. Nalika ma­pan ana ing alam barzah, saben wong mung dikanthi dening amale bae. Nalika dheweke lagi dhewekan, ujug-ujug (du­madakan) ana swara kang banter (sang­kakala) nggugah wong-wong mau.

Wong-wong kasebut tumuli padha metu saka kubure, lan tumuju marang su­wara mau. Nanging sebageyan ana sing lumaku kanthi ndlamak, dene seba­geyan lumaku kanthi sirahe (raine). Se­ba­geyan mapan ana ing papan kang pa­dhang, saengga wong-wong mau bisa ndulu. Dene sing liyane maneh mapan ana ing papan kang peteng ndhedhet, saengga ora bisa ndulu (ndeleng). Se­bageyan tumuju marang ngarsaning Allah Dzat Kang Maha Welas lan Asih. Dene sing liyane digiring manyang Neraka. Wong-wong padha nganggo rerenggan gelang saka emas, pinaringan inuman kang resik. Dene liyane dikecrek (dibor­gol) nganggo rante. Malaikat Zabaniyah sing nguwasani wong-wong iku, tumuli wong-wong kasebut weteng lan gegere digebugi dening Malaikat Zabaniyah. Allah tumuli kepareng paring dhawuh, mang­kene maksude: Salam begja ke­mayangan marang sira kabeh, kra­na kesabaran sira sing wus sira tin­dakake. Hiya iki papan kang paling becik (Salamun‘alaikum, fa ni’ma ‘uqbaddar)”. Dene tumrap golongan liya­ne Allah kepareng paring dhawuh: “Mapana sira kanthi ina ing kono, lan aja pisan-pisan sira wicara kala­yan Ingsun, lan wong mau ora bakal bisa metu saka Neraka. (Ikhsa-u wa laa takallama wa maa hum bi khari­jina minannar).”

Kanthi mangkono bisa dipriksani ana prabeda, katon ana dalan loro sarta rong kelompok sing pisah. Samubarang kang ghaib iku dadi terwaca (cetha). Dene sa­mubarang kang tinutup dadi binuka sarta samubarang kang siningid (sing ndhelik) dadi katon. Trep karo dhawuhe Allah, mangkene mksude:

(a). “Apa hiya Ingsun ndadek­ake wong-wong kang padha iman, lan nindakake amal shaleh iku kaya dene wong-wong kang gawe ru­sak ana ing Bumi? Utawa apa hiya wong-wong kang padha bekti ma­rang Allah iku Sun dadekake kaya dene wong-wong kang duraka?” (Q.S.Shaad (38) ;28).

(b). “Apa wong-wong kang pa­dha tumindak ala iku duwe pangi­ra yen dheweke Ingsun anggep ka­ya dene wong-wong kang pa­dha tumindak becik, ing sajeroning uripe utawa matine? Ala temen wong-wong mau padha ngukumi.” (Q.S.Al-Jasiyah (45):21).

Sepira akehe wong-wong sing urip ana ing Alam Donya padha mangang­go pakeyan, nanging nalika dina Qiya­mat padha nglegena (tanpa pangang­go). Sepira akehe wong-wong kang urip ana ing Alam Donya padha kwa­regen, nanging nalika dina Qiyamat pa­dha kaliren.

Sepira akehe wong-wong nalika urip ana ing Alam Donya padha ngombe nganti glegeken, na­nging nalika tumapak ana ing dina Qi­yamat padha ngrasa ngelak banget. Lan sepira akehe wong-wong nalika urip ana ing Alam Donya pikoleh ka­mulyan, nanging nalika tumapak ana ing dina Qiyamat pikoleh kasangsa­ran? Trep karo dhawuhe Allah, mangkene mak­sude:

(c). “Negara Akhirat  (Suwar­ga) iku Ingsun cawisake tumrap wong kang ora kumaluhur, ana ing Bumi sarta ora agawe rusak, lan we­kasan kang becik iku kangggo wong-wong kang padha bekti ma­rang Allah. Sing sapa nindakake laku becik dheweke nduweni gan­jaran kang luwih becik saka kebe­cikan iku. Dene sing sapa wonge nglakoni ala, mangka wong-wong kang nindakake laku ala mau, ora diwales kajaba setimbang kala­wan barang kang wus padha di­tin­dakake.” (Q.S. Al-Qashash(28): 83-84).

(Ana Candhake)

 

Berita Terkait

img

Samak Minggu Ini

img

img

Sumber Semangat

Saya tambah umur saya kabur mripat kita...Iki ora liya merga satemene Gusti Allah lagi madhangake mata batin kita kanggo ndeleng akhirat.

Klik

PASRAH DIPRIKSA DOKTER CILIK

Saperangan ing antarane kita ana kang duwe ingon-ingon ing omah. Apa kuwi asu, kucing, manuk, bebek, pitik lsp. Kerep kewan-kewan ksb nganti dianggep minangka perangan kulawargane dhewe. Malah saking rakete karo kewan ingon-ingone, kerep kewan ingon-ingone ksb pasrah nalika arep diapakake wae dening sing duwe. Kaya ing gambar iki contone. (d/ist)***

Pethilan

Ewonan seniman bakal dikerigake menyang sekolahan

Ngasah uteg tengene siswa

Uji materi nyalon presiden kemungkinan gagal

Calon akeh, patut ora?

Parpol ngerigake kekuwatan penuh ing Pilkada 2018

Ana sing pengin ngganti presiden pisan