Peri Tamansari
Diposting oleh : Administrator
Kategori: Alaming Lelembut - Dibaca: 37 kali

Grimis riwis-riwis nambahi sepining para penumpang taksi pesisir Kuta. Papan wisata  siji iki pa-ling rame ditekani pelancong. Embuh kuwi wisatawan dhomestik utawa turis mancanegara. Pantai Kuta uga papan panggonanku mangkal ngupadi  san­dhang klawan pangan. Watara 15 taun aku naksi ing Pulo Dewata iki. Mudhik menyang Jawa setaun pisan ngepasi dina riyaya. Aku dhewe asli saka Kabupaten Trenggalek, ngum­bara menyang kutha pariwisata iki wiwit isih jaka.

Rokok Hamba kari saeler dakakep kangge nundhung atise  hawa segara. Biyasane malem Minggu ngene iki wis ngeterake sithike penumpang lima. Nanging dina iki mau nganti surup  durung ana penumpang siji-sijiya  sing njaluk takterake. Embuh nyangapa kok sepi. Apa masalah udan iki mau apa piye? Yen wis ngene iki aku njur  bali kelingan ngendikane ibuku  Arsini suwargi, yen ta kaya ketemune jodho, pesthi dalah rejeki iku ana astane Gusti. Titah  mung diwenangake mbudidaya utawa ikhtiyar wae.

“Nyuwun,” wong ngemis  rambut jabrik  mbuyarne lamunan. Aku njur rogoh-rogoh sak. Mak grenjel Rp 500, susuk marung sa­rapan mau takdudut. Dhuwit receh iku tak wenehne.

“Kurang!” pepriman iku mendhelik nyen­tak.  Aku ora grogi uga ora wedi.

“Sedina urung narik!” aku mbales men­cereng. Wong ngemis iku klunuh-klunuh ngalih. Asor perbawa karo sorote netraku.

Aku nyet ngadeg, priya iku dhuwure mung sak janggutku. Dedeg piyadegku pancen gedhe dhuwur nurun simbahku kang apawak Bima. Karo bapak dikekudang dadi tentara. Ning aku pancen kurang seneng urip kaiket.  Aku seneng urip bebas, ning tetep ana watese. Mula nalika ana saweneh pegawe hotel bintang lima kang ngrimuk aku supaya dadi satpam, aku ge­dheg. Semono uga nalika aku arep dida­dekake pengawal pribadhine bos cengkeh, aku ya mung gedheg karo ngucapne pa­nuwun.

Pengemis kuncrit iku pancen lumuh. Jane tenagane ya sik rosa, nanging wegah  mer­gawe. Gelem urip penak ning emoh rekasa. Yen ora eling piwelinge simbah, wani ngalah luhur wekasane ngono, pengemis iku mau wis taktandangi. Awit ala tanpa rupa aku uga digladhi pencak silat simbahku Miskam sing nate dadi kamituwa telung jaman. Eling peweling iku aku ya mung nekem dhadha karo ngelus-elus kesabaran.

“Mas.”

“Oh ya?” aku njola, lagi getem-getem kok ujug-ujug krungu swara wanita.

“Mas ingkang naksi menika  inggih?”

Aku manthuk.

“Ngeteraken dhateng Perumahan Ta­mansari Nusa Dua saged?”

Aku rada gumun. Awit biyasane pe­numpang lokal ing Bali iki padha…………

Berita Terkait

img

Samak Minggu Ini

img

img

Sumber Semangat

Saya tambah umur saya kabur mripat kita...Iki ora liya merga satemene Gusti Allah lagi madhangake mata batin kita kanggo ndeleng akhirat.

Klik

PASRAH DIPRIKSA DOKTER CILIK

Saperangan ing antarane kita ana kang duwe ingon-ingon ing omah. Apa kuwi asu, kucing, manuk, bebek, pitik lsp. Kerep kewan-kewan ksb nganti dianggep minangka perangan kulawargane dhewe. Malah saking rakete karo kewan ingon-ingone, kerep kewan ingon-ingone ksb pasrah nalika arep diapakake wae dening sing duwe. Kaya ing gambar iki contone. (d/ist)***

Pethilan

Ewonan seniman bakal dikerigake menyang sekolahan

Ngasah uteg tengene siswa

Uji materi nyalon presiden kemungkinan gagal

Calon akeh, patut ora?

Parpol ngerigake kekuwatan penuh ing Pilkada 2018

Ana sing pengin ngganti presiden pisan