Oleh-oleh Mundhak Akeh
Diposting oleh : Administrator
Kategori: Pangudarasa - Dibaca: 23 kali

Wis dadi pakulinan ing bebrayan, yen lelungan ing ngendi papan, salah sijine sing dadi jujugan ya papan adol panganan. Mbuh kuwi panganan khas tlatah kono sing pancen digoleki kanggo dinikmati nalika plesiran, utawa nyamikan sing dituku mligi kanggo oleh-oleh. Yen kita gatekake, jaman saiki oleh-oleh wis tansaya akeh. Wujude werna-werna, jinise uakih.

 Nanging suwening suwe, oleh-oleh khas iku uga tansaya sumrambah. Ing kutha utawa tlatah iku bae, sing maune mung munjer ing sawijining papan, banjur mrembet tekan papan-pa­pan sakupenge. Yen mbiyene nggolek bakpia ya menyang kam­pung Patuk, saiki wis akeh papan liyane sing adol. Pelanggan ora kudu jejel riyel ing papan siji yen kepengin tetuku bakpia rong kothak utawa limang kerdhus sisan. Yen ngepasi ing DIY sisih lor, Sleman upamane, ya akeh tinemu toko sing adol bakpia saemper sing nang Patuk. Semono uga nalika ing sisih kidul kaya Bantul, lan wetan mendhuwur tumuju Gunung Kidul.

Semono uga yen kepengin legi kecute apel Malang. Kejaba ing kebon apel sing bisa langsung methik dhewe saka wite (saiki klebu tlatah Batu), apel Malang uga akeh didol ing sada­waning dalan Malang - Batu. Ing Bali, Bandung, lan papan tu­juan plesiran liyane uga mangkono. Asil tetuwuhan lan pa­nganan khas akeh sumadya ing saperangan tlatah, ora munjer ing papan asale wae. Malah, yen arep tetuku oleh-oleh werna-werna nanging wegah mara ing pirang-pirang nggon lan emoh nyang-nyangan ing warung utawa pasar, wis akeh toko oleh-oleh sing sarwa pepak. Papane jembar, anggone milih uga bisa kepenak.

Kawentare panganan khas saka sawijining tlatah lan sum­rambahe tekan sakupeng asale, yen disetitekake, mujudake ngrembakane indhustri panganan kasebut ing madyaning masyarakat. Yen jaman ndhisik, sing ada-ada ngreka bakpia (sing maune isine daging) amrih dadi karemane ngakeh iku warga kampung Patuk. Suwening-suwe, uwong-uwong saka kampung liya sing bisa nggawe olahan saemper banjur wiwit dodolan ing panggonane dhewe-dhewe. Lan mundhak maju jamane, sok sapaa bae sing nduwe dhuwit ya banjur dikemo­nah kanggo pawitan bukak toko oleh-oleh. Sawernaning oleh-oleh sumadya, sanadyan dudu gaweyane dhewe, alias njupuk/kulak saka prodhusen asline. Sing luwih akeh modhale ya bisa mbukak toko oleh-oleh mesisan pusat prodhuksine.

Iku mono isih kalebu panganan khas saka tlatah kono, lan asil kreasi saha kaprigelane warga ngenggon. Sing paling gres saiki, utawa karan “kekinian”, jumedhul olahan anyar sing ditawakake marang masyarakat kanthi adol jeneng. Jeneng kutha tujuan wisata sing kanggo ndhasarake panganan ka­sebut, wis mesthi. Imbuhe, olehe tawa nganggo jeneng artis sing kanggo pawadan amrih laris.

Contone wae ing Surabaya ana Surabaya Patata lan Snow­cake Surabaya, ing Ngayogyakarta ana Jogja Scrummy, dene ing Malang ana Malang Strudel. Jenenge artise? Ah, para maos mesthine wis padha ngerti dhewe. Sanadyan ta, panganan kasebut uga dudu asil kreasi utawa olah-olahane si artis. Na­nging ya pancen yen nilik jenenge, para artis kasebut sanyatane ora kangelan adeg brand/merk oleh-oleh ing ngendi bae. Ya cemepak dhuwite, tur wis kawentar jenenge. Bisa ngebulake pawon (dapur)e, jalaran saka dhapure (eh!).

Ngrembakane oleh-oleh kanthi adol jeneng wiwitane pan­cen narik kawigaten, akeh sing kepranan kepengin ngicipi. Na­nging sabanjure kaya ngapa, ya embuh mbesuke. Awit, jenenge panganan, ana sing cocog ana sing ora. Sing cocog ya bolan-baleni anggone tuku, sing ora cocog ya bali menyang panganan liya sing wis dadi karemane.

Kaya tetembunge para wasis, rejeki mono wis ana jatahe, nanging manungsa uga kudu ngupayakake. Manut pamawase penulis, prodhusen oleh-oleh sing lawasan lan ngugemi pa­nganan khas, aja cilik atine. Nanging ya kudu bisa ngundhakake samubarange. Mbuh iki nggawe kreasi anyar, utawa kukuh marang sing klasik, sing baku ya kudu wani ngundhakake kuwalitase, pelayanan marang pelanggan, lsp. Lha, sing padha jumedhul anyar ya diulati bae, ya ta pancen langgeng ateges iku saperangan dalan rejekine. (lie) 

 

Berita Terkait

img

Samak Minggu Ini

img

img

Sumber Semangat

Saya tambah umur saya kabur mripat kita...Iki ora liya merga satemene Gusti Allah lagi madhangake mata batin kita kanggo ndeleng akhirat.

Klik

PASRAH DIPRIKSA DOKTER CILIK

Saperangan ing antarane kita ana kang duwe ingon-ingon ing omah. Apa kuwi asu, kucing, manuk, bebek, pitik lsp. Kerep kewan-kewan ksb nganti dianggep minangka perangan kulawargane dhewe. Malah saking rakete karo kewan ingon-ingone, kerep kewan ingon-ingone ksb pasrah nalika arep diapakake wae dening sing duwe. Kaya ing gambar iki contone. (d/ist)***

Pethilan

Ewonan seniman bakal dikerigake menyang sekolahan

Ngasah uteg tengene siswa

Uji materi nyalon presiden kemungkinan gagal

Calon akeh, patut ora?

Parpol ngerigake kekuwatan penuh ing Pilkada 2018

Ana sing pengin ngganti presiden pisan