Kyai Jonge Moksa ing Tengah Tlaga
Tlaga Jonge sing dumunung ing Pacarejo
Semanu Gunungkidul dinane iki terus dikemonah, amrih bisa dadi papan wisata
sing nyenengake. Ing kono masyarakat bisa mbebungah ati ing sapinggir tlaga
sinambi mangan ngombe, numpak prau kadidene ana ing tengah laut, mancing utawa
laku pasujarahan.
Kahanane tlaga kinupeng saweranane wit-witan.
Andadekake swasana ati tambah seneng. Apa maneh nalika ngrungu crita rakyat
bab tlaga Jonge kasebut. Kahananing ati kaya digawa mabur marang swasana ing
abad limalas Masehi. Mbarengi prastawa bedhahing krajan Majapahit.
Anjalari para putra sentana, prajurit saha para
punggawa lolos saka kedhaton. Padha golek slamet dhewe-dhewe saka pangoyake
prajurit Demak. Ing antarane prajurit
ana sing keplayu nganti tekan wewengkon Tlaga Jonge. Jaman semana mesthine
isih wujud wana tutupan.
“Prajurit Majapahit ingkang wonten mriki asmanipun
Kyai Jonge,” mangkono pratelane Wasno, sing saben ndina reresik ana ing
petilasan Kyai Jonge.
Jaman saiki, petilasan Jonge wis dianyarake kanthi
tetenger ana ing ngisor uwit waringin. Wujud wewangunan sarupa sareyan. Digawe
saka tatanan bata susun pitu sarta ditutup nganggo keramik werna abang. Sarta
kinupeng pager bata werna pink. Katon kontras kalawan werna ijo uwit-uwitan
sarta suket sing tuwuh ing plataran.
“Wewangunan menika kabangun taun pitung dasanan,”
ujare Wasno
Ing cedhake uga kabangun pomahan kanggo panti
palerenan tumrap para pandhemen laku pasujarahan nuju nindake laku ing papan
kono. Sak tleraman kadidene pomahan pangeran. Nganggo kuncungan ing sisih
ngarep pringgitan. Kanthi pepethan lambang praja Karaton Ngayogyakarta.
“Ngangge lambang kraton supados langkung mantep mas”
imbuhe Wasno.
Tekan dinane iki isih terus kaupayake amrih patilasan
Jonge bisa klebu reh Karaton Ngayogyakarta kadidene pasareyan Ki Ageng
Wonotoro utawa Ki Ageng Giring. Awit padha-padha patilasan sing isih ana
gathukane karo Majapahit.
“Sujarahipun Kyai Jonge sampun kaserat, nanging
dereng jangkep mas,” ujare Wasno.
Nalusur sujarahe Kyai Jonge dudu prakara gampang.
Awit sumber sejarah racak asale saka tutur sing tinular para luhur marang anak
putune. Mula kalumrah menawa durung jangkep. Sanajan anggone njangkepi kanthi
cara laku budaya spiritual pisan. Kurang luwih mangkene, dalane crita sing
pinarcaya dening masyarakat Pacarejo.
Kocap ana prajurit Majapahit lolos saka kedhaton wasta
Kyai Sidik Wacana. Lolos bebarengan prajurit Bayangkari cacah nenem. Anggone
lolos arahe ngidul ngulon nganti tekan kikising samudra kidul. Wewengkon kono
jaman saiki katelah Girisuba. Sakawit nunggal kecamatan Rongkop.
Nalika lakune wis tekan pinggir samudra ndilalah
weruh ana jong gumlethak. Mula enggal-enggal wae Kyai Sidik sakanca prajurit
banjur munggah jong. Lakune jong diarahke ngulon. Merga alune samudra nuju
gedhe, ana ing tengah samudra, jong sing ditumpaki njempalik.
Kyai Sidik sakanca banjur golek cara amrih bisa
slamet. Sawise bisa mentas, banjur ngaso ana ing ngisor uwit Jaha cacah pitu.
Ing kono padha rerembugan, mungguh piye carane amrih bisa neruske laku. Liya
iku ing sakngarep kanca prajurit. Kyai Sidik kandha yen bakal salin jeneng.
“Heh para kanca, merga awake dhewe bisa slamet karana
jong, mula wiwit dina iki, seksenana, aku nganggo jeneng anyar Kyai Jonge.”
Mangkono mula buka asma sesebutan Kyai Jonge sing isih
lestari tekan jaman saiki. Durung rampung anggone rerembugan, dumadakan
ketekan prajurit saka Demak sing nembe nggoleki playon saka Majapahit. Dheweke
takon marang Kyai Jonge
“Ee ki sanak, apa kowe weruh ana wong buron lewat
kene?”
“Ora ana kewan utawa uwong liwat kene, kejaba aku sak
kanca,” wangsulane Kyai Jonge.
Bareng ngrungu wangsulane Kyai Jonge, prajurit Demak
banjur nerusake laku. Dene Kyai Jonge banjur kandha marang para kanca
“Karana awake dhewe wis slamet, mula ing mengkone
menawa ana rejaning jaman, papan kene kaaranan Jahapitu,” ujare Kyai Jonge.
Tembung Jahapitu iku suwening asuwe banjur salin
swara dadi Jepitu. Jaman saikine kabawah Kecamatan Girisuba. Uwit jaha
cacah pitu miturut gotheking carita tuwuh saka teken cacah pitu sing katancepake
dening wong sekti mandraguna, jejuluk Mbah Wora Wari.
Kyai Jonge banjur nerusake laku golek papan kanggo
makuwon. Lakune kandheg ana ing cedhak sendang ing satengahing wana. Sawise
leren sawatara wektu, Kyai Jonge sak kanca padha rerembugan ngenani papan
makuwon. Sawatara iku kanca prajurit liyane nerusake laku.
Asile rerembugan, Kyai Dipokusuma nedya makuwon ana
ing papan sing banjur katelah Ndoko. Ing wuri kasuwur asma Kyai Barat utawa
Kyai Ancak Barat. Kyai Yudakusuma makuwon ana ing papan sing sak banjure
katelah Cabeyan. Ing wuri kasuwur asma Kyai Karotangan.
Dene Kyai Jonge sawatara wektu manggon ana ing
Menthel. Bubar iku pindhah papan, sing sakbanjure katelah Kuwangen. Ing papan
anyar padha nindake kagiyatan dhewe-dhewe. ing padinan Kyai Jonge nindake
kagiyatan kadidene wong tani umume.
Liya iku ora ninggalke kabiyasan ngudi reh laku
utama. Nedya nggayuh moksa, pepuncake laku miturut piwulang para Dewa ing
Suralaya.Papan sing paling disenengi yaiku sakcedhake sendhang. Ing kono tuwuh
uwit gedhe, godhonge ngrembuyung. Jaman saiki katelah uwit klumprit.
Papane luwih cendhek katimbang sakiwa tengene. Pangudi
laku utama iku ndadeke dheweke kasuwur minangka wong linuwih. Akeh sing padha
ngangsu kawruh marang dheweke. Miturut dheweke, ngudi laku utama iku bebasan
sak eyuping blarak. Tegese anggone nindake laku ora ana liya, kejaba kanggo
anak putu.
Enggaling carita, anggone ngudi kawruh nganti bisa
tekan pepucuke laku, Kyai Jonge moksa ing ngisor uwit klumprit nuju dina
Jumuah Legi. Eloking kahanan, mbarengi moksane Kyai Jonge, banyu sendhang
anggone mili tambah gedhe nganti ngelepi pamoksan. Suwening asuwe dadi tlaga.
Katelah tlaga Jonge.
Tanduran sing tuwuh sakiwa tengen sendhang suwening
asuwe padha alum sarta banjur mati. Minangka pangeling-eling banjur kabangun
wewangunan sarupa maejan ana ing pinggir tlaga sisih Kidul. Uga katandur uwit
waringin.
“Kinten-kinten papan anggenipun moksa wonten tengah
telaga, kapernah sisih ler tetenger” ujare Wasno.
Nuju titi wanci tartamtu saka satengahing tlaga
kadhangkala katon ana cahya mancar. Karana mancar saka njeron tlaga, wernaning
cahya sing katon ora ajeg. Nanging akeh-akehe werna putih sumamburat ijo.
“Warni ijo menika nedahaken manawi papan mriki sae
kangge pados katentreman,” Wasno nerangke kanthi mantep.
Dene kanggo ngurmati sarta pengeling-eling titiwanci
Kyai Jonge moksa, masyarakat Pacarejo setaun sepisan nggelar acara Besik Tlaga
Jonge. Njupuk dina Jumuah Legi, dene sasine ora ajeg. Merga digathuke kalawan
purnaning mangsa panen pari.
“Ing samangke badhe kadamel langkung ageng, mawi
kirab budaya,” ujare Wasno.
Rancangange kirab budaya, saliyane
nyuguhke potensi budaya sarta kuliner, uga kakanthi ngarak pusaka tinggalane
Kyai Jonge wujud gondhil sarta keris. Kairing bregada prajuritan saka sawatara
padukuhan bawah Desa Pacarejo.*
Yen kowe weruh semut kepleset lan
ceblok ing banyu, mula angkaten lan tulungana dheweke... Sapa ngerti kuwi dadi sebab anane ampunan
tumrapmu ing akherat mengko.
FESTIVAL CAGANARES
Caganers yakuwi sawijining festival kang dianakake saben wulan Desember ing daerah Catalunya utawa Barcelona, Spanyol. Festival iki bakal ndadekake sapa wae gedheg-gedheg. Kepriye ora, merga masyarakat ing kono ngumpulake maneka figur tokoh dunia kang lagi mbukak kathoke lan (ngapunten) bebuwang. Tokoh duniane macem-macem, kaya Ronaldinho, Albert Einstein, Michael Jackson, Donald Trump, Barrack Obama, lsp. Festival iki ngemu teges yen sapa wae satemene padha tanpa ndeleng trah utawa jabatane nalika bebuwang. (d/ist)***
LP Banda Aceh ribut, 113 napi kabur
Sapa
sing betah nang pakunjaran?
Cawe-cawene guru ora bisa digenteni
Apamaneh
sing jenenge Pak Google
600 dina kasus penyerangan Novel durung kawiyak
Aparat
lagi asyik ngetung dina mbokmenawa