Qiyamat iku Nggegirisi (1)
Diposting oleh : Administrator
Kategori: Agama Islam - Dibaca: 150 kali

(Manawa dina Qiyamat wus kelakon teka, ora ana gegorohan (iku) mungguh tumibane dina Qiyamat mau. Kedadeyan iku ngasorake wong-wong kafir sarta ngluhurake wong-wong Mukmin. Yaiku nalika Bumi horeg molak-malik (dinulu) nggegirisi. Lan Gunung-gunung dadi ajur mumur, banjur mabul-mabul kaya lebu. (Q.S.al-Waqi’ah (56): 1-6).

1. PANGERTEN:

Dina Qiyamat iku mujudake dina kang pungkasan, dina akhir. Ana ing kono se­kabehing makhluk utamane jin lan ma­nungsa bakal nampa piwales apa kang wus padha ditindakake nalika urip ana ing Donya. Sing nandur kebecikan bakal pikoleh piwales urip mulya ana ing Su­warga. Dene tumraping pawongan kang wus padha nindakake maksiyat, bakal nampa piwales urip sengsara, adzab ing Neraka.

Tumraping manungsa kang ngalami tumekeng palastra, bakal ngalami wer­na-werna fenomena (kahanan). Diwiwiti napake sakaratul maut, ana rasa wedi sing ngedab-edabi, bakal ngalami siksa (adzab) kubur. Kahanan kang kaya mang­­kono mau (ngadhepi sawernaning laku sengsara) iku krana amarah Allah. Kajaba saka iku, ana maneh laku seng­sara sing dialami dening para kawulane Allah, yaiku nalika sinebul (tiniyub) Sangkakala, ditangekake ing dina iku lan kinumpulake ana ing Oro-oro Mahsyar, bakal kasowanake ing ngarsaning Allah, bakal dihisab. Ing kono wus cinipta tim­bangan kanggo ngukur sepira kadar amal sing wus padha ditindakake. Kajaba saka iku uga wus kapapanake jembatan (Shi­rathal Mustaqim). Kanthi nunggu kepu­tusaning Allah, kalebu ewoning wong kang begja, apa kalebu ewoning wong kang sengsara. Mangkono mau kahanan kang diadhepi dening para kawulane Allah. Lha saiki kepriye upaya kita ang­gone nyikepi marang fenomena kang wus katur ing ndhuwur iku. Trep karo mak­sud dhawuhe Rasulullah saw. ma­rang para sahabat, mangkene maksude:

“He para sahabat! Apa sira ngerti, sapa ing antaranira iku sing paling cer­dhas? Para sahabat atur wangsulan, ma­nawa para sahabat ora ngerti. Tumuli Njeng Rasulullah paring dhawuh, mana­wa pawongan sing paling cerdhas, yaiku wong kang tansah eling marang pati (eling yen mbesuk bakal mati).” (HR. Shaheh).

Maksud kang kinandhut ana ing dha­wuhe Rasulullah kasebut, yaiku tumrap wong kang tansah eling manawa kita bakal tumapak ing pati. Mula prayogane kita tansah eling (dzikir) marang Allah, ana ing papan ngendi bae lan kapan wae, kita kudu tansah nyuwun pangapura (is­tighfar) marang Allah ing sekabehing do­sa kang wus kita lakoni, sarta nyuwun pituduh marang marga kang bener lan pener kanthi mangunah Allah. Tumuli nin­dakake amal shaleh lan ngedohi ma­rang sekabehing tumindak kang ora di­keparengake (diharamkan) dening Allah.

Kajaba saka iku, perlu dimangerteni werna-werna peparabe (jenenge) dina Qiyamat kaya kang sinebut ana ing Al-Qur’anul Karim, antara liya mangkene:

a). Yaumul Qiyamah = Dina Qiyamat.

b). Yaumul Hasrati = Dina rasa getun.

c). Yaumul Jaljalah = Dina bumi mo­lak-malik.

d). Yaumul Waqi’ah= Dadine Qiyamat.

e). Yaumul Qari’ah= Dina sing gron­jalake ati. f).Yaumul Ghasyiyah= Dina Piwalesan.

g). Yaumul Rajifah= Sangkakala se­pisan.

h). Yaumul Haqqah= Dina Qiyamat du­madi.

i). Yaumul Thamah= Dina kacilakan, suwara sing budegake kuping.

j). Yaumul  Shahhah= Dina Sangkakala kapindho.

k). Yaumul Talaq= Dina kumpul ana ing Oro-oro Mahsyar.

l). Yaumul Jazak= Dina pinwales.

m). Yaumul Wa’id= Dina buktine ancaman.

n). Yaumul ‘Ardli= Dina pituduh.

o). Yaumul Fashli= Dina pemisahan. p).Yaumul Nusyur= Dina ditangekake saka kubur.

Temen-temen cilaka tumraping wong kang lali lan tledhor.  Allah wus  kepareng ngutus utusan marang para Rasul si­nartan Kitab kang nerangake marang kita, fenomena (kahanan) dina Qiyamat, sarta kepareng paring pituduh, ana ing ngendi dumununge ketledhoran kita. Trep karo dhawuhe Allah mangkene maksude:

a). ”Wus cepak tumraping ma­nungsa bakal paniti priksane, ewa dene dheweke isih padha ketungkul sembrana tur padha mlengos ing pepeling. Manawa padha ketekan we­warah saka ngarsaning Allah, PangeranE, kang diwedharake ana ing Al-Qur’anul Karim dening NabinE, mung padha ngrungokake thok, dheweke padha dolanan.” (Q.S.Al-Anbiyaa (21):1-2).

b). ”Ati-atine suwung ora gelem pa­dha memikir, lan panggedhene pada du­raka, malah padha pating glenik, padha bebisik: Muhammad iku rak hiya padha karo sira kabeh ta! Geneya si­ra pa­dha gumrudug gelem nekani (ngru­ngokake utawa nampa) sihire (apus-apuse), ing mangka sira wus padha sumurup.” (Q.S.Al-Anbiyaa (21):3).

c).”Wus cedhak tekaning dina Qiyamat, lan Candra (rembulan) wus sigar, nalika Rasulullah disu­wuni mu’jizat dina Qiyamat. (Q.S.Qamar (54):1). Satemene wong kafir iku pa­dha nduweni  pangira, yen siksaning Allah iku adoh kelakone (mustahil). Ing mangka Ingsun Nguningani, ma­nawa siksa iku wus cedhak (mesthi kelakon)” (Q.S.Al-Ma’aarij (70):6-7).”

d). Manungsa padha pitakon ma­rang sira perkara dina (Qiyamat), ma­nungsa ditangekake saka ku­bure. Dhawuha sira Muhammad! Sa­nyata  kang  Nguningani dina Qiya­mat iku mung Allah Pribadi. Apa sira sumurup, mbok manawa dina Qiya­mat iku wus cehak?” (Q.S.Al-Ahzab (33):63).

2. Oro-oro Mahsyar.

Sawuse dina, nalika para manung­sa ditangekake saka kubure, tumuli digiring menyang Oro-ora Mahsyar, kanthi ngle­gena (tanpa panganggo) lan tanpa san­dhal tumuju menyang Oro-oro Mahsyar, yaiku lemah (tanah) kang putih mem­plak, rata tanpa men­dhak lan mendhukul. Sarta dinulu ora ana papan utawa dalan munggah.

Trep karo dhawuhe Allah, mang­kene maksude:

(a). “Lan dheweke (nuli) padha pita­kon marang sira Muhammad! bab kaha­nane.

Kahanane Gunung-gunung ana ing dina Qiyamat. Dhawuha sira Mu­hammad! bakal diawur-awur dening Pangeranku (Allah) kada­dek­ake le­bu kang mawur. Banjur  katemaha­ne dadi rata lan alus ngenthak-en­thak. Sira ora sumu­rup ing Bumi ko­no ora ana kang mendhak lan kang mendhukul.” (Q.S.Tha Ha(20):105-107)

(b). “Ing dina nalika Bumi iku di­ganti dening Bumi liya. Lan mengkono uga La­ngit diganti sifate, tumuli wong-wong iku padha njedhul saka kubure, padha ngadhep sarta sumungkem marang ngarsane Allah kang Ma­ha Esa tur Maha Misesa.” (Q.S. Ibra­him (14):48).

Ing babagan iki Ibnu Abbas nerang­ake, ana sing ditambahi lan dikurangi. Wit-witan padha ilang, semono uga Gu­nung-gunung, ngare (lembah) sarta se­kabehing kang dumunung ana ing kono. Bumi dadi raya, bawera. Wer­nane putih memplak pindha perak. Ora ana getih kang muncrat lan ora ana ke­salahan sing ditindakake. Langit kelangan Srengenge (Rawikara), Rembulan (Candra) lan Lin­tang. Trep karo dhawuhe Rasulullah, mang­kene maksude:

“Tumapakana ing dina Qiyamat iku, manungsa bakal dikumpulake ana ing Bumi kang putih memplak (putih banget), awangun tipis sarta rata lan ora ana eyub-eyub (ten­dha) tumraping sapa bae.” (HR.Bu­khari).

(Ana Candhake)

 

Berita Terkait

img

Samak Minggu Ini

img

img

Sumber Semangat

Saya tambah umur saya kabur mripat kita...Iki ora liya merga satemene Gusti Allah lagi madhangake mata batin kita kanggo ndeleng akhirat.

Klik

PASRAH DIPRIKSA DOKTER CILIK

Saperangan ing antarane kita ana kang duwe ingon-ingon ing omah. Apa kuwi asu, kucing, manuk, bebek, pitik lsp. Kerep kewan-kewan ksb nganti dianggep minangka perangan kulawargane dhewe. Malah saking rakete karo kewan ingon-ingone, kerep kewan ingon-ingone ksb pasrah nalika arep diapakake wae dening sing duwe. Kaya ing gambar iki contone. (d/ist)***

Pethilan

Ewonan seniman bakal dikerigake menyang sekolahan

Ngasah uteg tengene siswa

Uji materi nyalon presiden kemungkinan gagal

Calon akeh, patut ora?

Parpol ngerigake kekuwatan penuh ing Pilkada 2018

Ana sing pengin ngganti presiden pisan