Kedadeyan Sanga ing Al-Furqan Ngukuhake Iman (4)
Diposting oleh : Administrator
Kategori: Agama Islam - Dibaca: 143 kali

Titik tunggal kaya kang katur ing ndhuwur, banjur njeblug (mbledhos nge­dab edabi), saengga nuli dumadi jagad raya iki. Bledhposan titik tunggal iku ora samubarang bledhosan, nanging ngan­dhut rincian utawa petungan (ukuran) sing dadi bukti kang kukuh bakuh,  tum­raping para ilmuwan. Sapandurat ble­dho­san mau ndarbeni makna kang se­mra­wut, nanging pranyata bledhosan ti­tik tunggal kasebut, iku mujudake sawi­jining sarana tatanan utawa aturan sing njalari dumadine jagad raya iki, tinata kanthi rapi. Pancen perlu wektu lan bukti kanggo nuwuhake kapitayan marang pawongan kang ora pitaya. Bukti lan ka­sunyatan iku antara liya, yaiku:  

a). Kapisan. Fenomena Big Bang iku bener-bener bisa dimangerteni lan di­pahami, mujudake jagar raya kang me­lar lan bawera. Ing kene tuwuh  pitako­nan, apa buktine yen jagad raya iku melar? Mangkene keterangane: Watara taun 1929, ahli Astronomi bangsa Ameri­ka (U.S.A.) sing kawong karan Edwin Hubble, ana ing Observatorium Mount Wilson, California nganakake panaliten marang lintang-lintang  kanthi migunak­ake teleskop raseksa. Asil panalitian, ana­lisa lan pengamatan mau nuduhake, manawa lintang-lintang mau (bisa) nyu­munarake cahya werna abang trep karo tataran adoh sarta cedhake jarake. Dene babagan pancaran cahya abang mau wus dimangerteni dening hokum fisika, manawa spectrum (berkas sinar) sing asale saka sumber cahya sing lumaku (bergerak) maju nyedhaki pengamat iku (cenderung) werna ungu. Dene spectrum  (berkas sinar) sing ngedohi pengamat iku (cenderung) werna abang  Iki kabeh ndarbeni makna, manawa  lintang-lin­tang iku lumaku (bergerak) ngedohi kita. Lha yen ngonoa, lintang-lintang sing lu­maku lan (bergerak) ngedohi pengamat  iku ateges jagad raya iku melar. Sak du­runge Fenomena iki dumadi, Hubble wus nate nemokake, manawa lintang- lintang lan galaksi iku mung lumaku (bergerak) ngedohi kita, nanging ganti gumanti, sa­ling ngedohi.

 Lha lelandhesan karo babagan iki, bi­sa dipethik pangerten (kesimpulan) fe­no­mena sing padha. Hiya iku,manawa sa­mubarang ing jagad raya iki  saling ngedohi, iki ndarbeni makna, manawa samubarang iku melar (mengembang).

Supaya luwih gamblang kita manger­teni babagan iki, bakal diaturake conto samadya mangkene: Upamane jagad raya iki kita sanepakake (diupamakake) bal karet. Coba kita tutulake titik (nuktoh) ana ing lumahe bal karet mau. Bal katet banjur kita sebul. Lha nuktoh utawa titik sing dumunung ana ing lumahing bal mau,saya ngedoh saka pawongan kang nyebul bal kasebut. Hiya ngene iki sane­pane, manawa jagad raya iki melar (mo­lor). Yen dinalar, satemene babagan me­lare jagad raya iku, wus ditemokake de­ning Albert Einstein, pirang-pirang taun sak durunge. Sabanjure ana pitakonan maneh mangkene: Lha saiki sawuse di­temokake, manawa jagad raya iku me­lar, apa maneh fenomena sawuse iku?

Supaya luwih gamblang, manj Jagad raya iku bisa diputer mundur marang wek­tu kepungkur (waktu lampau). Iki ba­kal nyata (kabukten) manaw jagad raya iku asale saka nuktoh (titik tunggal). Petungan ilmiyah nuduhake, manawa nuktoh (titik tunggal) iku sing ngandhut (isi) sekabehing materi jagad raya, iku samesthine ndarbeni volume (isi) nol sar­ta kepadhetan kang tanpa wangenan (tak terhingga).

Ing ndhuwur wus diaturake, manawa jagad raya iku dumadi saka bledhosan sing ngedab-edabi (ledakan dahsyat), yaiku krana titik (nuktoh) tunggal sing ndarbeni volume (isi) nol sarta kepadhe­tan kang tanpa wangenan (tiada terhing­ga). Iki ateges ciniptane jagad raya, dumadine bledhosan kang ngedab edabi, kang kawong karan teori Big Bang. Wu­sana banjur nuwuhake sipat-sipat kang ter­atur, tertib (keteraturan). Kanthi mang­kono ciniptane jagad raya iku ora uwal saka kodrat lan iradate Allah, Dzat Kang Hanyipta, lan kang Hamurbeng Dumadi Jagad Raya dalah sak isine iki. Subhaa­nallah ... Allahu Akbar.

b). Kapindho. Nalika taun. 1948, George Gamow (ilmuwan Astronomi) ne­rangake, manawa wus dumadi ble­dho­san kang ngedab-edabi, yaiku feno­mena Big Bang. Sawuse dianakake pa­naliten, pranyata ana labet (bekas) sing arupa sisa radhiasi pancaran cahya (si­nar) kang sumebar sak indenging jagad raya.

Sawuse iku nalika taun 1965, ana sa­wijning pawongan panaliti loro cacahe, yaiku Arno Penzias lan Robert Wilson, wus bisa nemokake gelombang radhiasi tanpa sengaja sing kawong karan “Ra­diasi Latar Cosmis”. Radhiasi iki ora nyu­mumunar saka sawijining sumber ti­nam­tu, nanging ngliputi saindenging ruang ing akasa. Disumurupi, manawa radhiasi iki, mujudake sisa tinggalane (fenomena) teori Big Bang. Krana saka majune ilmu pengetahuan modern, na­lika taun.1989, NASA ngirimake satelit Cosmic Bacground Explorer (COBE) me­nyang ruang akasa (angkasa), kanggo nganakake panaliten babagan “Radiasi Latar Cosmis”. Mung antara wektu 8 me­nit, COBE bisa mbuktekake Etungan (per­hitungan) Penzias lan Wilson. Ing kene COBE bisa nemokake sisa ledhagan  ra­sek­sa kang ngedab-edabi (Big Bang) ing awal dumadine jagad raya iki. Panemuan kang kapindho iki ndarbeni pengaruh ngowahi (merobah) dalan pikiran para ilmuwan ing babagan donya lan jagad ra­ya. Temen-temen kasunyatan kang ka­pin­dho iki, mujudake  penemuan Astro­nomi kang agung (besar) sak suwene iki. Hiya krana panemuan teori iki mbuk­tekake teori Big Bang, manawa jagad raya iku maune ora ana banjur dadi ora ana. Lha anane mau krana ana sing nga­nakake (menciptakanNya). Kabeh mau ora liya kajaba krana cinipa dening Allah, Dzat kang Hanyipta lan Hamurbeng Dumadi. Trep dhawuhE Allah,mangkene maksude: “Sanyata ana ing lumahing langit lan bumi, lan beda-bedane rina kalayan wengi, iku dadi tandha yekti tumrap pawongan kang pa­dha duwe akal. Yaiku wong-wong kang tansah padha eling marang Allah ing nalika ngadeg, lungguh lan turonan (turon). Lan dheweke pa­dha mikir marang tumitahing langit lan bumi”. Ature: Dhuh Allah, Pa­ngeran sesembahan para kawula, Paduka karsa nitahaken ing sedaya punika, mboten sarana bebatalan (tanpa piguna). Maha Suci Paduka, mugi Paduka karsa (karsaa) ngrek­sa mring kula saking siksaning Ne­raka.” Q.S. Ali-Imran (3): 190-191).

(Ana Candhake)

 

Berita Terkait

Samak Minggu Ini

img

img

Sumber Semangat

Wong kang akeh ngucapake kabecikan iku “luwih becik” katimbang wong kang seneng mbisu.

Klik

BALAPAN WEDHUS

Sawijining bocah cilik lagi melu tandhing ing sawijining lomba balapan nunggang wedhus utawa mutton busting. Acara kaya ngene iki cukup populer jroning pawai Fourth of July parade ing kutha Vale, Oregon, AS. (d/ist)***

Pethilan

Mendikbud ngajab, bayare guru honorer ndang diwenehke

Iki sing jenenge menteri zaman now!

Mendikbud ngajab, bayare guru honorer ndang diwenehke

Iki sing jenenge menteri zaman now!

Panglima TNI ditulak mlebu AS

Mengko gek merga, titttt…. (sensor!)