Pager (8)
Diposting oleh : Administrator
Kategori: Cerita Sambung - Dibaca: 141 kali

Sing duwe omah rada cingak semu njomblak, bengi-bengi bapake Prihatini mara dhayoh. Lan luwih njomblak sawise Brigadir Yahya njlentrehake ke­da­deyane. 

“Ora layak, budhal wiwit esuk nganti wengi durung mulih.”

“Kula perlu mendhet rasukane Tini ka­lihan Musripah.”

“Mangga.”

Sarana kunci serep sing duwe omah ngengakake lawang lan ngrewangi bapake Prihatini njupuk penganggo, banjur enggal pamitan menyang rumah sakit. Nalika sing duwe omah takon manggone Prihatini apa­dene Musripah kamar ngendi lan nomer pira, ora diwangsuli.

Jam lima esuk, Prihatini alon-alon melek. Banjur ngeling-eling.

“Mak?” wuwuse sawise nyumurupi wong tuwane wadon. Karepe kumudu ta­ngi, nanging balung isih pating crekot, sirah mumet, kepeksa bali nglimpreg. Luhe ndle­wer.

Wong tuwane wadon ngusapi praup­ane lan ngrerimuk. Sawise diseka, genti penganggo lan sarapan, lagi bisa tangi senajan karo pringas-pringis. Prihatini bali ngguguk bareng ngerti wong tuwane la­nang uga melu niliki.

Brigadir Samsu lapuran marang Ajun Komisaris Pulisi Parikesit yen Prihatini wis nglilir, kira-kira uga wis bisa dijaluki katra­ngan. Watara jam wolu Inspektur Pulisi Roswani, Simon dalah Yanti teka. Samsu lan Yahya bisa ngaso. Sawise pamit marang pulisi sing jaga rumah sakit lelorone mulih. Roswani rembugan karo dhokter, banjur bebarengan tumuju panggonane Prihatini. Selagine dhokter mriksa, Rosawani lan Bri­gadir Yanti  tata-tata.

“Mangga, Bu,” wuwuse dhokter nyu­manggakake miwiti papriksan, lan pamit arep mbacutake ayahan nginguki pasien liyane.

“Matur nuwun. Sugeng makarya,” Ro­sawani wangsulan lan nguntapake, banjur miwiti ayahan.

Prihatini nunggal pang­gonan karo Musripah sarana bayar patungan. Manggon wis setaun luwih. Prihatini nyambut gawe neng toko kain, wiwit jam wolu nganti jam papat sore. Nanging nyambut gawene Musripah ora diweruhi. Panguripane ditanggung nom-noman sing kabare calon bojone. Perkara gaweyane nom-noman iku ora dingerteni, Musripah ora tau crita. San­dhang pengangone prasaja. Seminggu sepisan mara, nanging ora nganti nginep. Bab kuwi pancen wis dadi angger-anggere sing duwe omah. Yen nampa tamu neng ngarepan, ora dipalilahi nampa ing njero kamar.

Sore nalika mulih, Mu­sripah ora katon. Bab kuwi pancen wis dadi pakulinane, mula……

Berita Terkait

img

Samak Minggu Ini

img

img

Sumber Semangat

Saya tambah umur saya kabur mripat kita...Iki ora liya merga satemene Gusti Allah lagi madhangake mata batin kita kanggo ndeleng akhirat.

Klik

PASRAH DIPRIKSA DOKTER CILIK

Saperangan ing antarane kita ana kang duwe ingon-ingon ing omah. Apa kuwi asu, kucing, manuk, bebek, pitik lsp. Kerep kewan-kewan ksb nganti dianggep minangka perangan kulawargane dhewe. Malah saking rakete karo kewan ingon-ingone, kerep kewan ingon-ingone ksb pasrah nalika arep diapakake wae dening sing duwe. Kaya ing gambar iki contone. (d/ist)***

Pethilan

Ewonan seniman bakal dikerigake menyang sekolahan

Ngasah uteg tengene siswa

Uji materi nyalon presiden kemungkinan gagal

Calon akeh, patut ora?

Parpol ngerigake kekuwatan penuh ing Pilkada 2018

Ana sing pengin ngganti presiden pisan