Situs Nglinggo, Tilas Kratone Aji Wura-wari?
Diposting oleh : Administrator
Kategori: Pasujarahan - Dibaca: 72 kali

Lwaram dadi Ngloram. Setaun Manganan Kaping Telu


Petilasan kuna utawa situs Nglinggo iki, mapan ing Dhusun Nglingga, desa Ngloram, Kecamatan Cepu, Kabupaten Blora. Warga Ngloram lan sakiwa tengene ngarani Pundhen Nglinggo. Pundhen tegese papane wong kang dipepundhi, dikormati. Mapan ana sacedhake padunungane pendhudhuk lan pesawahan, ing gumukan, jembare watara 100 X 100 meter, kayoman wit kepuh, wit trembesi  sing dinuga umure wis atusan tahun, katitik saka gedhene kayu.

Nyawang papane, katon ana telung tingkat, sing ndhuwur ana wangun kuburan, loro sing siji ana gedhe  ing sandhine cilik. Pusara loro iki dumadi saka tumpukan bata-bata gedhe ukuran 30X20X4 cm. Bata-bata iki uga sumebar ing kiwa tengene, lan dadi wates utawa tlundhakan mau. Sap utawa plataran ndhuwur iki kang diarani pundhen Nglinggo, dene ing sap ngisore sisih kiwa ana tumpukan bata-bata kuna, diarani pundhen Ngloram. Papane rada miring. Sisih kidul lan wetan pomahane warga, sisih kulon sawah lan lor pategal. Saka dalan desa mung 30 meter.

Manut Arkeolog saka jurusan Sejarah Universitas Negeri Malang Dwi Cahyono anggota Ekspedisi Bengawan Solo Kompas (2007) manut panalitine Situs Nglinggo iki mujudake reruntuhan kratone Haji (Aji) Wura-wari. Manut Prasasti Pucangan 963 S utawa 1041-1042 M nyebutake Haji Wura-wari mijil sangke Lwaram.Kang ateges Haji Wura-wari saka Lwaram. Sok ngonoa, Haji Wura-wari iku jeneng panguwasa tlatah Lwaram.

Pundhen Nglinggo iki petilasane Haji Wura-Wari, jaman Mataram Hindu utawa Medang, ing Jawa Wetan. Kita uningani yen Mataram  Hindu sakawit ing Jawa Tengah, banjur pindhah menyang Jawa Wetan jamane jamane Mpu Sendok. Sasurute Mpu Sendok kaganti Isyanatunggawijaya, banjur Makutawangsawardana, banjur  Dharmawangsa Tguh. (Darmawangsa Teguh). 985-1017 sing kratone mapan ing tlatah Maospati saiki. Dene kratone  Haji Wura-wari, yen ta jejere raja, pancen data utawa kesejarahane sethithik banget, para sejarahwan durung nemokake bukti-bukti kang luwih akeh. Haji Wura-wari muncul ing cathetan Sejarah iya amarga anggone nyerbu Medang taun 1017, uga ora ana keterangan apa alesane penyerbuan mau.

Taun 1017, mbeneri Raja Dharmawangsa Tguh mikramakake putrine kang antuk Airlangga sing isih keponakane, ing tengah-tengahe pahargyan mau  Haji Wura-wari nyerbu Medang. Geger poyang-payingan. Raja Dharmawangsa Tguh,  garwa lan putrine seda ing peperangan, dene Airlangga lan garwane kasil lolos karo pamomonge saka Bali Mpu Narotama sarta  sawatara pendherek, ndhelik ing alas Wanagiri tapel wates Lamongan lan Jombang. Ing papan iki Airlangga mbangun padunungan.

Papan pandhelikane Airlangga konangan Haji Wura-wari lan diserang, ndadekake Airlangga ninggalake Wanagiri lan mapan ana Wattan Mas, tlatah Pasuruhan. Dening para pendhereke Airlangga banjur kaangkat dadi raja, nggenteni marasepuhe Dharmawangsa Tguh, kanthi gelar Sri Maharaja Rakai Halu Sri Dharmawangsa Airlangga Anantawikrama-tunggadewa.

Ing prasasti Pucangan kang ditemokake mawa angka taun 963 Saka, Airlangga klakon males nyerbu kraton Wura-wari taun 1032, kang ndadekake kraton ancur lan  Haji Wura-wari gugur. Mung ora kasebut-ake ing prasasti, gugure Haji Wura-wari kacandhi ana ngendi. Ora ana keterangan sabanjure kepriye sawise kraton  kasil diancurake Airlangga.

Kajaba tinemu bata-bata kuna, ing papan kene uga ditemokake pecahan-pecahan grabah kuna, keramik, artefak, perunggu,  sing cacahe atusan lan saperangan  saiki kasimpen ing musium Mahameru, Blora. Kajaba temuan iku, manut paseksene warga kono, ing sawah sakulone situs nalika sawah digarap  sering ditemokake remukan balung manungsa malah uga nate ditemokake cumplung. Kabeh mau dikubur maneh, warga ora ana sing wani ngrumat.

     

Lwaram dadi Ngloram


Kaya katur ing ngarep,  Prasasti Pucangan kang nate diwaos  ahli abjad kuna (epigraf) Boechari saka UI, sebutan Haji Wura-wari iku jeneng, dene kratone jeneng Lwaram. Saperangan pethikan prasasti mau nyebut “ Haji Wura-wari mijil sangke Lwaram.” Mijil ategs metu, sangke saka.  Haji Wura-wari asal saka Lwaram. Dadi negarane Lwaram. Ya saka tembung Lwaram iki kang banjur dadi Ngloram. Ing istilah basa disebut toponim. Dene kok ana sebutan Nglinggo, bisa uga iki saka tembung Linggo (Lingga), Ing kamus besar basa Indonesia Lingga uga ditegesi tugu. Dene kamus pepak basa Jawa Lingga ditegesi reca. Apa biyen ing kene tinemu tugu utawa reca. Nitik jaman iku jaman Hindhu, bisa uga mangkono. Kamus kawi Lingga ateges planangan. Padatane yen ana Lingga mesthi ana Yoni. Yoni ateges pawadonan. Lingga lan Yoni ora bisa pinisahake, iki lambang kesuburan ing pateon Hindu. Dadi yen ana patilasan tinengeran Yoni utawa lingga, kena dipesthekake iku peninggalan jaman kahindon.

Warga ora ana sing bisa nyritaklake situs Nglinggo iki. Nanging manut salah sijine sesepuh Dhusun Nmglinggo, Pak Alex Sutarji kang sumare ing Nglinggo iku Eyang Nglinggodipuro, putra Adipati Danawilopo saka Mataram. Nanging Pak Alex uga ora bisa nylentrehake kanthi cetha kepriye sejarah sugenge Eyang Nglinggodip[ura. Lan Adipati Danawilopo iku yen ing jaman Mataram, Adipati ngendi uga ora bisa nyebutke.

Sawatara taun kapungkur, ana ekskavasi jare saka jakarta lan antuk ijin saka Bupati Blora. Sawatara dina anggone ndhudhuk, nemokake guci porselibn. Warga ora trima, marga ora ijin karo warga, mula tim ekskavasi sing ora cetha asale mau diusir karo warga lan guci supaya dipendhem maneh. Pungkasane, tim buyar.

Warga isih memudi anane pundhen desa iki. Ing kene kanggo punjere bersih desa, lan anggone nganakake bersih desa utawa manganan uga klebu manjila katandhing karo desa-desa liyane. Ing Nglinggo iki setaun manganan kaping telu, yaiku wiwit tandur, bubar panen lan Labuh, kabeh njupuk dina Jumat Pahing. Kabeh warga melu manganan, perangkat lawuhane kudu nganggo ingkung dene warga lawuhan biasa, pisang lirangan wutuh lan ketan ora kena keri sarta jajan utawa panganan liyane.

(J.F.X. Hoery)

Berita Terkait

img

Samak Minggu Ini

img

img

Sumber Semangat

Saya tambah umur saya kabur mripat kita...Iki ora liya merga satemene Gusti Allah lagi madhangake mata batin kita kanggo ndeleng akhirat.

Klik

PASRAH DIPRIKSA DOKTER CILIK

Saperangan ing antarane kita ana kang duwe ingon-ingon ing omah. Apa kuwi asu, kucing, manuk, bebek, pitik lsp. Kerep kewan-kewan ksb nganti dianggep minangka perangan kulawargane dhewe. Malah saking rakete karo kewan ingon-ingone, kerep kewan ingon-ingone ksb pasrah nalika arep diapakake wae dening sing duwe. Kaya ing gambar iki contone. (d/ist)***

Pethilan

Ewonan seniman bakal dikerigake menyang sekolahan

Ngasah uteg tengene siswa

Uji materi nyalon presiden kemungkinan gagal

Calon akeh, patut ora?

Parpol ngerigake kekuwatan penuh ing Pilkada 2018

Ana sing pengin ngganti presiden pisan