Keris, Asal- Usul lan Pigunane (3):
Diposting oleh : Administrator
Kategori: Anyar Katon - Dibaca: 149 kali

Mangerteni Bab Tangguh Keris

5. Keris minangka gantine alat pembayaran (dhuwit)

A. Hingston Quiggin ing buku “A Survey of Primitive money” ngandharake, keris Majapahit uga digunakake mi­nangka gantine dhuwit (alat pemba­yaran). Nanging panemu iku ditampik GC Woolley, sebab nglengkara lan ora ke­temu nalar yen ana wong kang keraya-raya gawe gegaman mung minangka dadi gantine dhuwit. Malah GC Woolly nduweni panduga yen keris jaman Majapahit iku kaya sebab ana sambung rapete karo perkara jimat-kemat (kasekten). Dene ing pameran keris kang diadani Museum Sanabudaya Yogyakar­ta tau dipintontonake jinis kudi (keris cilik) dhapur Trancang pamor Adeg tang­guh Pajajaran kang jare tau minangka alat tukar (gantine dhuwit) marang pedagang manca kang teka ing Banten kang dicucuki Cornelis De Houtman. Wektu kuwi ing taun 1596 M.

 

6. Keris minangka piranti kanggo nindakake pidana pati.

Keris minangka piranti kanggo nin­dakake pidana pati kerep binemu ing buku karya sastra, nanging angger-ang­ger (peraturan) kang ngandharake yen pawongan dipidana pati mawa keris pra­nyata ora tinemtokake. Jaman biyen ing dhaerah Minangkabau (Sumatra Barat) ana keris sing disebut “keris penyalang”. Keris iku digunakake kanggo midana pati pawongan kang luput pidana pati diadani ing saweneh gumuk, aran Bukit Penya­lang. Pidana pati katindakake dening pemimpin adat utawa raja. Ing “ukum penyalang” iku sadurunge keris ditamak­ake marang wong kang bakal dipidana, luwih dhisik wong mau dilandhesi kapas, supaya getihe ora wutah tekan ngendi-endi. Dene keris Kanjeng Kyai Pangarab-arab saka Kraton Ngayogyakarta jaman biyen jare uga nate kanggo ngukum kisas (tigas jangga) tumrap wong kang disa­wang luput.

7. Keris lan sambung rapete karo pulitik utawa prestise

a. Akeh empu kang pindhah saka Pa­ja­jaran menyang Majapahit jalaran ora diajeni kanthi pantes dening pehak kraton. Satemah Pajajaran ambruk ing taun 1301 (kasebut ing Serat Kandha), perkara iku danggep ana sambung ra­pete karo perkara pulitik (prestise). Ka­jaba iku, jaman biyen akeh keris kang digawe kanthi lambaran kekuwatan magic (ala), banjur disebar ing lingku­ngan mungsuhe kanthi ancas kanggo ngringkihake daya kekuatan mentale (batine) mungsuhe. Perkara iku uga di­ang­gep ana sambung rapete karo publik.

b. Letnan Untung Surapati ditutake Tumenggung Sukapura lan Demang Tim­banganten kasil mbujuk Pangeran Pur­baya supaya nglereni memungsuhan karo VOC. Pangeran Purbaya bisa nampa panglimbang kasebut, nanging dumada­kan Vandrig Kuffler teka lan kanthi kasar njaluk supaya Pangeran Purbaya ma­srahake kerise. Pangeran Purbaya murina, dene Letnan Untung Surapati uga ora remen. Satemah dadi perang antarane prajurite Untung Surapati karo pasukane Vandrig Kuffler, pasukane Vandrig Kuffler kalah lan njaluk bantu­wan ing Beteng Tanjungpura sing keba­wah Kapten J.Ruys (1684).

Kapten J. Ruys ngrumangsani kleru jalaran tumin­dake bawahane (Vandrig Kuffler) iku lan pungkasane Kapten J.Ruys diputus salah dening Pemerintah Tinggi Batavia, amarga dianggep ora wicaksana lan na­ngekake maneh rasa pangigit-igit sa­wenehing batur tukon (Untung Surapati) marang Kumpeni. Untung Surapati banjur bali nglawan VOC lan nerusake paprangan tekan Cirebon, Kartasura lan pungkasane gawe beteng ing Pasuruan.

Beteng Pasuruan ambruk ing tanggal 28 September 1706 awit pangrabase kumpeni sing dipandhegani Covert Knol. Amarga ontran-ontran Untung Surapati iku, pemerintah VOC akeh nandang kurban prajurit lan rugi gedhe. Untung Surapati kendel lan wani nglawan VOC jalaran nduweni sipat kandel wujud keris (cundrik) kang ampuh.

 

Tangguh Keris

Keris kang becik yaiku keris kang wis cukup syarate, yaiku sepuh (lawas), wutuh (ganep, ora ciri), lan tangguh (kapan panggawene). Dadi kang diarani tangguh keris iku ora liya taksiran kapan panggawene keris kasebut. Upamane: keris tangguh Mataram iku mesthi luwih enom tinimbang tangguh Pajang. Dene keris tangguh Pajang mesti luwih enom tinimbang tangguh Demak, mangkono sateruse.

Tangguh keris iku kalebu perkara kang wigati jalaran bisa kanggo gondhelan lan netepake enom tuwane keris. Kajaba saka kuwi, tangguh uga dianggep minangka ‘modhel-modhel’ keris ing saben sajaman. Mula jenenge tangguh kajupuk saka madege (jenenge) saweneh negara utawa papan padunungan, kaya ta tangguh Pajajaran, Majapahit, Tuban, Mataram utawa tangguh Kartasura. Dadi tangguh keris iku bisa kabeda-beda siji lan sijine, kang kabeh mau bisa dititik saka wujude keris kang wis dadi.

Empu jaman biyen iku anggone nggarap keris ora mung waton dadi utawa ngeblat marang keris kang wis ana bae, nanging bisa yasa modhel dhewe-dhewe. Utawa apes-apes ing pendhak-pendhak garapan keris mesthi diselehi tetenger kang gumathok miturut karo jamane. Ora beda karo tetenger sinandi kang sumimpen ing pendhak ganja keris kang paedah kanggo nelakake dhapur keris.

Manut pamawase para winasis, kanggo nyinau bab tangguh-tangguh keris iku pancen rinasa angel. Sebab kudu pana marang lageyan lan pakulinane para empu kang nggarap keris kasebut kang numusi marang dhapur keris garapane empu kasebut. Ana keris sing cara panggarape sajak ‘groboh’, ana uga sing ‘kaku’, ana sing ‘pengkuh’, nanging ana uga sing ‘trincing lan kewes’ lan sapanunggalane.

Awewaton marang andharan “Bab Dhuwung” anggitane Ki Darmosoegito (kababar Yayasan Penerbitan “Djojobojo” Surabaya, Cap-capan Kapisan, taun 1961), mungguh tangguh-tangguh keris iku ana warna sanga, yaiku tangguh Pajajaran, Majapahit, Tuban, Sedayu (uga lumrah kalebu ing tangguh Majapahit), Demak, Pajang, Mataram, Kartasura, lan Ngayogyakarta. Dene winangune tangguh-tangguh keris ing pendhak jaman iku ing antarane kaya katur ing ngandhap iki:

a. Tangguh Pajajaran: wangune ganja sajak mbathok mengkureb. Sirah cecak landhung ora bunteg, gandhik miring kepara landhung. Pawakan bawera, dedeg sembada. Sogokan cukupan, lire laras karo pawakane. Sesawangan lan granjangane wesi kaduk welu (surem). Gebugan katon kurang mateng, luk kurang pengkuh pamor sajak nggajih.

b. Tangguh Majapahit: ganja sebit ronta, sirah cecak cekak (sajak ndengkek). Gandhik cekak lan miring. Sogokan cekak nanging luwes luk kaku, kemba lan kurang dudut ati. Pamor ngrambat sarta gumebyar, wesi padhet yen digrajang lumer. Gebugan mateng

c. Tangguh Tuban: ganja songoh, kaduk mbathok mengkureb. Sirah cecak gedhe kaduk papak, gandhik cekak methok. Pawakan rada jembar nanging tipis, Sogokan rada landhung. Waja akeh pamor kurang mubyar akeh sing kelem, luk rupak, kurang gedhe, lan kurang ndudut ati.

d. Tangguh Blambangan: ganja sebit rontal, sirah cecak kaduk cekak, gandhik cekak sarta miring, sogokan cekak nanging luwes milangoni, pamor mubyar ngrambut. Wesi madhet, granjangane atos. Pawakan cilik, luk kurang gandhes lan ngemba.

e. Tangguh Sedayu: Ganja sebit rontal rada landhung, gandhik cekak lan miring, sogokan cekak nanging luwes. Pamor mubyar, putih, ngrambut. Pawakan cukupan, granjangan alus lumer.

f. Tangguh Demak: Dhapur lan rerenggane keris tangguh Demak iki saemper karo tangguh babaran Majapahit utawa Tuban.

g. Tangguh Pajang: Ganja sengoh, sebit rontal. Sirah cecak gedhe, adu manis. Gandhik gedhe sarta miring, sogokan gedhe nanging luwes. Pamor mubyar, putih. Wesi kurang mateng, waja cukupan. Grajangan ora ngeget-geti luk kikih lan berawa.

h. Tangguh Mataram: Ganja sebit rontal, kaduk landhung. Gandhik panjang, miring. Sogokan panjang, luwes. Pamor mubyar, waja kurang. Luk cukupan, Grajangan lumer.

i. Tangguh Kartasura: ganja sabit rontal kaduk ceper. Sirah cecak lancip, pawakan jembar kaduk kaku, kurang luwes. Wesi kurang madhet, kaduk gropok semu putih. Pamor mubyar katon akeh putihe, kumambang (ora tembus). Dhapur luk  sarwa pengkuh, lamun kacandra, upama priya iku pambekane satriya, nanging tindak-tanduke rada kasar.

j. Tangguh Surakarta lan Tangguh Ngayogyakarta: ora karembug, sabab kalebu babaran tangguh kang enom.

 

Namane Empu Keris Ing Pendhak Jaman

Para empu kang nggarap keris iku kawit jaman biyen tekan saiki isih diaji-aji masyarakat. Dene arane para empu ing pendhak jaman (periodhe) kang kasumurupan lan kecathet, ing antarane yaiku:

1. Ing Jaman Pajajaran: Empu Sari, Kajat Jatiwasesa, Brama Kendhali, Anjani, Marcukundha, Sanggabumi, Manca, Kuwung, Hangga, Keleng, lan Empu Nimbok Sombro.

2. Ing Jaman Majapahit: Empu Singkir, Wanabaya, Jidja, Dhomas, Sedah, Supamandragi lan Empu Jaka Sura.

3. Ing Jaman Tuban (uga kalebu jaman Majapahit): Empu Nimbok Sembaga, Ki Bekel Jati, Paniti, Jaka Suratman, lan Empu Salaeta (kabeh saka turune empu ing jaman Pajajaran kang alihan menyang Jawa Timur).

4. Ing Jaman Demak: Empu Sura, lan Empu Jaka Sura.

5. Ing Jaman Pajang: Empu Cublak, lan Empu Kodhok.

6. Ing Jaman Mataram: Empu Tepas, Maji, Legi, Gedhe, Luwing, Kalianjir, Tundhung, lan Empu Lanang.

7. Ing Jaman Kartasura: Empu Sutranaya, Sendhangwarih, Taruwangsa, Lujuguna III, Japan, Braja, Lujuguna IV, Sendhang Koripan lan Empu Brajaguna II.

8. Ing Jaman Surakarta: Empu Brajaguna II, Brajasentika, Semaragati, Supajaya, Brajaguna III, Carang Mustapa, Semara, Sanaboga, Jakariya, Brajakarya, lan Empu Rejeng.

9. Jaman Ngayogyakarta. Wiwit adeging Kraton Ngayogyakarta, wujude gaman landhep (keris, lsp) wiwit disuk dayaning senjata modhern, kaya ta bedhil lan mriyem.

(Ana Candhake)

Berita Terkait

Samak Minggu Ini

img

img

Sumber Semangat

Urip ing donya iki gawe kesel, merga akeh wong kang pengin mamerake bab-bab kang satemene dheweke ora nduweni.

Klik

BUKA PALING DAWA

Rekor buka pasa paling dawa ing donya, ana ing Hanover, Jerman mentas iki. Dawane nggayuh 10.2 km. Gunggung mejane 10.200 meja, lan sing melu buka ana wong 42.100. Acara iki wis kaca-thet ing Guiness Book Record. Iki nuduhake yen wong kang nggilut agama Islam ing Jerman saya akeh wae. (d/ist)

Pethilan

Janji-janji reformasi diajab enggal dicepetake

Janji kang dilalekake

Jamane reformasi wis 20 taun

KKN durung ilang uga

Bulog mesthekake stok beras aman nganti riyaya

Bab mundhak orane rega aja takon lo ya