Tanduran nagasari Bisa Ngusadani Sindap lan Koreng
Diposting oleh : Administrator
Kategori: Kasarasan - Dibaca: 244 kali

Anoman malumpat sampun

prapteng witing nagasari,

mulat mangandhap katingal,

wanodya yu kuru aking,

gelung rusak wor lan kisma,

kang iga-iga kaeksi.

 

 

Mangkono pethikan Serat Rama pupuh kinanthi anggitan Eyang Yasa-dipura ing Surakarta. Nggambar-ake nalika Anoman menek uwit nagasari, nedya paring pitulungan marang Dewi Sinta saka pambe-lenggune Prabu Dasamuka ing kraton Ngalengkadiraja. Saka ndhuwur uwit bisa meruhi kahanane Dewi Sinta.

Pethikan tembang macapat iku dadi salah siji karemenane swargi Damarjati Supajar. Tumrap panjenengane, paran dunung uwit nagasari iku wigati. Jalaran mujudake saweneh uwit sing mligi katandur minangka tetenger tumrap trahing kusuma rembesing madu. Katandur minangka pasren ing pasareyan.

Upamane ana ing pasareyan para nata Mataram, Karaton Surakarta apadene Karaton Ngayogkarta ing Pajimatan Imogiri. Utawa ing pasareyan Kutha Gedhe. Uga ing sawatara papan, kayata ing pasareyane Nyi Ageng Serang Beku, Kalibawang, Kulonprogo. Sarta pasareyane Padmapuspito ing Pakem Sleman.

Tumrap swargi pak Damar mangkono asma akrabe, tembung nagasari kasurasa sesariring daya kekuwatan manungsa sing dumunung ana ing batin uga njero-njero atining manungsa. Yaiku daya kekuwatan sing asale saka papan sepi tan owah gingsir, langgeng, anteng meneng. tan ana tandhinge kalawan sawernane daya kekuwatan sing ana ing marca- pada kene.

Jinis uwit sing duwe jeneng latin palaquium rostratum iku tumrap masyarakat Kalibawang kalumrah karan uwit cikli. Mbuh piye larah-larahe diarani kaya mangkono. Mbok menawa asal saka tembung cilik-cilik nanging mikolehi.

Satemene pancen ukuran uwohe cilik-cilik. Meh padha ukuran brambang lanang. Dening masyarakat Kaliba-wang, uwoh sing wis tuwa kalumrah digunakake kanggo nyepetake panggawe gula Jawa, amrih enggal atos. Sarta amrih angganda arum.

Merga anggone tuwuh ing papan sing winates, mula banjur kagolong uwit langka sarta kayune pinarcaya mengku daya linuwih tartamtu. Upamane daya prabawa utawa daya pikukuh amrih tansah nemu slamet sarta santosa sajrone ana ing paran. Malah ana sing mracayani bisa kanggo nulak bangane santhet (tenung).

Kayune kalumrah dienggo gawe teken, tesbeh utawa warangka keris. Apa maneh bageyan galih, dadi buron pandhemen sela aji. Jalaran bisa nyilem ing banyu kadidene watu. Bisane kaya mangkono awit berat jenis kayu luwih gedhe tinimbang banyu.

Sanajan kagolong kayu taun, nanging godhonge kagolong lembut, lancip-lancip dawa mucuk eri. Werna godhong ijo sarta aciri pupuse werna abang edi. Kembange putih angganda wangi sarta duwe uwoh pating grandhul. Menawa wis tuwa sarta garing bisa digawe lenga.

Panggawene lenga, woh nagasari kagepuk, bageyan isine kajupuk nganggo driji kanthi katajip. Banjur bakal lumer dhewe nalika ketaman dayane panas srengenge. Amrih lengane enggal metu, isine kadheplok, sarta kagangsa ing wajan kanthi urube geni cilik. Amrih ganda arume ora akeh sing ngabar.

Lenga nagasari prayoga banget tumrap sawernane lara kulit ing sirah. Upamane sindap utawa koreng saemper kadhas. Lelara sing bisa mremen warata ngebaki sirah. Utawa korengen ing mburi kuping sarta ngetoke banyu. Amrih enggal mari, anggone ngusar-usar lenga ana ing panggonan sing lara, sedina ping pindho, esuk sarta sore. (Hugo MS)

Berita Terkait

img

Samak Minggu Ini

img

img

Sumber Semangat

Yen kowe ma­ngerteni anane watu cilik ing da­lan kang kira-kira ngganggu wong liya, mula singkir­na… Sapa ngerti iku dadi sebab di­gangsarake da­lan­­mu nuju su­warga.

Klik

JEBAKAN PIKIRAN

Atusan wedhus kanthi tertib metu saka kandhange (ranch) ngliwati regol gerbang, mangka ing kandhange mau ora ana pager kang matesi lakune. Ujare ngakeh, iki sing diarani ‘jebakan pikiran’. (d/ist)***

Pethilan

Jokowi karo keluarga ing kebun raya Bogor

Rukun agawe santosa crah agawe bu­brah.

Dibutuhake panggung interaksi kang toleran

Panggung kampanye malah ana in­toleran.

Korupsi mbegal karaharjane rakyat

Metu pakunjaran wae koruptor isih raharja.