Rahmat Allah, Sumber Energi Jagad Raya (29 – Tamat)
Diposting oleh : Administrator
Kategori: Agama Islam - Dibaca: 96 kali

Supaya luwih gamblang, ing ngisor iki bakal diaturake informasi lapisan bu­mi. Lapisan bumi iku dumadi antara liya, yaiku sing karan:

(a). Lapisan kerak bumi. Lapisan iki atos lan dumadi saka lava sing wus adhem, 4,5 yuta taun kepungkur. Lapisan kerak bumi iki sigar dadi pirang-pirang sigaran, patahan sing karan “lempeng tektonik”. Sing gerake alon-alon siji lan sijine. Dene rentetan gunung kang du­mu­nung ana ing lumahing bumi iku du­madi (terbentuk) nalikane lempeng tek­tonik mau padha tubrukan. Tumuli sa­ben-saben pinggire (ujung) lempeng te­ktonik mau njedhul mendhuwur. Dadine sawenehing kahanan (corak) bumi iku mujudake asil saka gerake (pergerakan) lempeng-lempeng tektonik mau. Lem­peng tektonik iku lumaku nggremet ma­rang sekabehing arah, sawatara 25 nganti 100 milimeter saben taune. Lha wak­tu 250 yuta taun kepungkur, seba­geyan gedhe daratan ing salumahing bu­mi iku gegandhengan siji lan sijine. Wu­sana nuli padha pisah, krana dumadine geseran lempeng-lempeng bumi kase­but.

Supaya dimangerteni, satemene lem­peng-lempeng tektonik iku ngambang ana ing sadhuwure lelehan astenosfer, sing dumunung ana ing lapisan mantel bumi. Lindhu, gunung geni, pegunungan lan formasi serokan kang dumunung ing dhasare samodra iku dumadi sadawane (sepanjang) pinggir wates lempeng-lem­peng tektonik mau. Mula saka iku, ateges lempeng-lempeng tektonik mau sate­mene terus obah (gerak) ajeg. Iki kabeh krana gerakan iku, yaiku Lapisan li­tosfer bumi, iku luwih wengkuh sarta ndarbeni tataran kepa­dhetan luwih endhek katimbang lapisan astenosfer ing ngisore. Gerakan-ge­rakan mau krana jinurung (didorong) dening semburan pa­nas sing asale saka mantel bumi.

Lha supaya luwih cetha, ing kene per­lu diaturake gambaran utawa pangen­tha-entha lapisan bumi iku dumadi saka:

Kerak bumi, Kerak bumi mono mu­judake cangkrang wewatuan, kandele watara 8 km sangisore samodra, nganti 72 km sangisore pegunungan. Lha lapi­san bumi sing njaba iku dumadi saka Litosfer (0-100km) lan Astenosfer (100-650 km).     

(b). Mantel Bumi lan mantel  ngi­sore Bumi. Suhu panas kang dumunung ana ing tlatah kang binungkus (selubung) iku sing njalari wewatuan mau nuli dadi leleh. Tumuli gerak mili. Umume asale saka Isotop Radioaktif sing wus rusak.

(c). Lempeng tektonik sing ta­brakan. Tlatah sing dadi pusat getaran ing nalikane tumapak lindhu (gempa bumi). Getaran mau dumadi krana  ta­tapan tubrukan antara lempeng tektonik siji lan sijine.

(d). Lapisan inti njaba. Bageyan inti bumi iki mubeng awujud blumbangan utawa kolam, kang dumunung ana ing sakiwa tengene inti bumi,  sing mujudake metalik kang padhet. Lapisan njaba inti sing cuwer iku njurung listrik, saengga nuwuhake magnet bumi.

(e). Inti bumi iki sing pungkasan.

 

(6). Temperatur Inti bumi. Lapisan inti bumi iku mujudake nikel wesi kanthi radius watara 2000 mil. Temperatur ing lapisan inti wesi iki watara 7000 derajat celcius. Luwih panas katimbang srenge­nge. Lapisan iki kanthi radius watara 1.255 km ing swasana padhet. Dene lapisan inti sing njaba, sing kandele 2.221 km ing swasana encer. Lapisan inti njaba sing encer temperature watara 3000 nganti 5000 derajat celcius. Bedane kahanan inti njaba sing encer sarta lapi­san inti sing padhet, iku krana prabeda kekuwatan tekanan kang tumama. Dene lapisan-lapisan inti nampa tekanan sing luwih gedhe saka lapisan inti njaba, sa­engga suhu sing dhuwur ora njalari le­leh. Dene tekanan kang tumama lapisan iki luwih cilik.

Mantel bumi mono mujudake lapisan bathok (tempurung) saka wewatuan sili­kat lan magma. Temperature watara 1900 nganti 3000 derajat celcius. Lapisan iki kabage dadi rong bageyan, yaiku man­tel dhuwur lan mantel ngisor. Mantel sing ngisor iku mujudake lapisan utama mantel sarta mujudake lapisan ing sanje­roning bumi sing paling gedhe. Lapisan iki dumadi saka wewatuan panas lan magma.

Kerak mono mujudake lapisan sing paling njaba sing ndarbeni jejibahan uta­ma nyangga lemah ing lumahing bumi.

 

(7). Nembus wadhuk bumi. Sawijining pawongan bisa bae mbayangake, ma­nawa ana ing wektu kang bakal tumapak, manungsa bisa njajah secara bebas pla­net-planet sing cedhak sarta migunakake teleskop sing paling cangih, kanggo naliti utawa nyelidhiki tumraping lintang-lin­tang sing cedhak. Sawijining wektu ma­nungsa uga bisa njajah (menjelajah) saben inci njerone dhasar samodra sarta njajah ing laladan kang ora bisa ditem­bus.

Nanging kaweruhana, manungsa ora bakal bisa, ora bakal kuwagang nindak­ake perjalanan (njajah) marang pusat (inti) bumi. Temperatur lan tekanan kang ngedap-edapi kang dumunung ana ing wadhuke bumi, cetha ora bakal bisa di­tindakake dening manungsa. Trep karo dhawuhe Allah kang wus katur ana ing Q.S.Ar-Rahman (55):33-34), ing ndhu­wur.

Wusana, sawuse kita nyimak ketera­ngan-keterangan kang wus katur ing ndhuwur sing ndhakik-ndhakik, binarung karo ayat-ayat Al-Qurt’an lan Hadits-ha­dits shaheh, sinartan asil panalitene pa­ra ilmuwan (ilmu pengetahuan moden), piguna kanggo ngukuhake masalah-ma­salah (fenomena) kang diaturake, bisa dimangerteni, manawa apa kang wus kepareng cinipta dening Allah, arupa Ja­gad Raya dalah sak isine, iku kabeh mu­judake Rahmate Allah kanggo kebutuhan panguripaning manungsa. Wiwit langit sap pitu (pitung lapis) sing dadi pangayom marang bumi. Bumi kang kebak tetu­wuhan, woh-wohan, kewan sawerna­ning kewan, wadhuk bumi sing isine  sa­wernaning tambang, kabeh kanggo ke­butuhan sarta panguripaning manungsa.

Semono uga samodra kang kebak rejeki (sawernaning iwak) sarta rereng­gan (hiasan, mutiara) kang mirunggan kabeh mung kanggo kebutuhan lan pa­nguiripaning manungsa.

Mula saka iku, manawa isih ana ma­nungsa kalebu jin, sing tansah kufur ma­rang nikmat-nikmate Allah kang bawera, sarta ora muji syukur marang Allah, wus samesthine mbesuk ing Akhirat bakal ngundhuh wohing pakartine. Lha sing tumindak becik, hiya bakal nampa pi­wales kamulyan urip ana ing Akhirat, yaiku Suwarga. Dene tumraping pawo­ngan kang tansah lelumban ana ing do­nyane maksiyat, hiya bakal pikoleh pi­wales sak trep karo tumindak lakune, bakal napaki urip kang nistha ing Neraka jahanam. (Naudzu billah min dzalik).

Muga-muga kita kalebu ewoning pa­wongan kang tansah pinaringan welas lan asih (ampunan) dalah Rahmating Allah, krana Rahmate Allah iku mujudake energi Al-Qur’anul Karim, sing dadi ge­gebengane manungsa kanggo nggayuh kamulyan donya lan akhirat. Amin Ya Mujibasaailiin. Nuwun! (Maneka werna sumber).

Berita Terkait

img

Samak Minggu Ini

img

img

Sumber Semangat

Saupamane wae kabagyan iku bisa dituku, mesthi wong-wong sugih bakal nuku kabagyan mau. Lan kita bakal kangelan oleh kabagyan ksb merga wis diborong wong kang sugih mau. Nanging tujune ka­bagyan kuwi anane mung ing njero  ati lan pikiran. Ka­bagyan iku mung bisa didu­weni dening wong kang pin­ter nindakake sukur.

Klik

ARIF WICAKSANA

Grengsenge mbabat alas kanggo kabutuhan pembangunan kanthi ngurbanake sakehing warna-warna ijo ing alam, pranyata isih ana uga kang gelem ngalah lan ngajeni banget marang ‘pabrik’ oksigen ksb. Iki salah siji contone, dimen nylametake wit siji-sijine, panggawene dalan nasional lila dienggokake. Dadi, ayo ndadekake wit-witan minangka karib kita, ing ngendi wae. (d/ist)***

Pethilan

Amandemen gumantung keputusan politik

Gumantung kepentingane uga

Koalisi padhadene ngenteni capres cawapres

Intip-intipan rupa lawas

Lobi-lobi politik saya kerep

Kasak kusuk, nyang-nyangan…