Nyinau Filsuf Aristoteles
Diposting oleh : Administrator
Kategori: Rena-rena - Dibaca: 53 kali

Sawise nerangake mungguh apa kang dadi ancas tujuane manungsa, apa mung nedya golek kanikmatan sapol-pole apa nedya mangerti filsafat lan politik. Uga bisa dhamang marang kawicaksanan lan rasionalitas, Aristoteles ngandharake wigatine kautaman. Urip sing beja, mulya, tentrem lan raharja ora bisa digayuh tanpa kautaman. Kautaman dadi jati dhiri lan piandeling manungsa.

Kabeh ora ana sing sampurna, manungsa ora rumangsa beja yen isih nandhang lara, mlarat, bodho, sarta kacupetan lan kacingkrangan liyane. Tumraping iman kang kukuh santosa kuwi tetep dadi geganeping kanugrahan, jer tundhone mati sajroning urip cedhak lan anud karsaning Gusti.

Sanadyan kudu ngliwati proses (bawa) urip sajroning mati. Manungsa utama dudu manungsa sing tansah tumindak becik, nanging manungsa sing manteb, teteg, tatag, lan tanggon, ora miyar-miyur, ora nggresah susah, amarga meneb jera, jembar, ganep wawasan psikis, lan fisike. Manungsa utama dadi idolaning wong Jawa (saiki apa isih ngono?)

 

      Tuladha laku udama

      Tumraping wong tanah Jawi

      Wong Agung ing ngeksiganda

      Panembahan senapati

      Kepati amarsudi

      Sudaning hawa lan napsu

      Pinesu tepa brata

      Tanapi ing siyang ratri

      Amemangan karyenak tyasing sesama

(Wedhatama)

 

Pancen aja dideleng genine, nanging rasakna angede, aja diiwir-iwir uyahe nanging kecapen asine, aja diemeg-emeg gulane, nanging icipana legine. Banjur bisa nyurasa dhawuh iki.

 

     

      Lamun sira anggeguru kaki

      Amiliha janma kang utama

      Ingkang becik martabate

      Sarta weruh ing seukum

      Kang ngibadah lan kang wira-wiri

      Sokur oleh wong tapa

      Ingkang wus amungkur

      Tan mikir pawehing liyan (hapa hana?)

      Iku pantes sira guronana kaki

      Sartane kawruhana

 

(Wulangreh)

 

Wong utama kuwi jujur, adil, prasaja, sregep, tulus, andhap asor, tanggung jawab ora amarga diwulang, dikuliyahi nanging amarga eling, krentege, sarta niyad. Kabeh kuwi gampang ditindakake, awit wis dadi kasenengane (hobby). Yen ora ngono, gela, getun, susah, sedhih, nalangsa, rumangsa nistha uripe. Rumangsa nerak kodrate.

Dene tindak sarwotama kasebut ndadekake kasangsarane, ora ditampa mangkono. Nanging kuwi pancen kabegjane, kanugrahane.

-      Adhuh apa bisa nindakake?

+  bisa

-      Carane?

+  Ngulinakake (mangabyasakaken). (*)

 

·         Dr. Sudi Yatmana, Mulang Magister Ilma Sastra Jawa Universitas Diponegara (Semarang)

 

Berita Terkait

img

Samak Minggu Ini

img

img

Sumber Semangat

Saupamane wae kabagyan iku bisa dituku, mesthi wong-wong sugih bakal nuku kabagyan mau. Lan kita bakal kangelan oleh kabagyan ksb merga wis diborong wong kang sugih mau. Nanging tujune ka­bagyan kuwi anane mung ing njero  ati lan pikiran. Ka­bagyan iku mung bisa didu­weni dening wong kang pin­ter nindakake sukur.

Klik

ARIF WICAKSANA

Grengsenge mbabat alas kanggo kabutuhan pembangunan kanthi ngurbanake sakehing warna-warna ijo ing alam, pranyata isih ana uga kang gelem ngalah lan ngajeni banget marang ‘pabrik’ oksigen ksb. Iki salah siji contone, dimen nylametake wit siji-sijine, panggawene dalan nasional lila dienggokake. Dadi, ayo ndadekake wit-witan minangka karib kita, ing ngendi wae. (d/ist)***

Pethilan

Amandemen gumantung keputusan politik

Gumantung kepentingane uga

Koalisi padhadene ngenteni capres cawapres

Intip-intipan rupa lawas

Lobi-lobi politik saya kerep

Kasak kusuk, nyang-nyangan…