Ndilati Piring
Diposting oleh : Administrator
Kategori: Alaming Lelembut - Dibaca: 300 kali

Griya Dhahar ‘Tan Kreteg’ ing pinggir dalan gedhe tumuju kutha kripik Purwokerto iku lagi rong sasi dibukak. Nanging anjrahing warta kang ngandhak­ake menawa masakan ing rumah makan kasebut uenak tenan wis sumebar ngambar arum tekan ngen­di-endi. Ora mokal menawa uwong padha lunga teka marani griya dhahar kasebut saperlu mbuk­tekake bener lan orane ka­bar kang sumebar mau. Malah, sawatara pawongan padha mojar yen uenake masakan ing rumah makan kasebut ora ana sing nan­dhingi.

Dening sing kagungan, rumah makan kasebut dijenengi Griya Dhahar ‘Uenak Tenan’.

Nanging, wong-wong luwih seneng nyebut Rumah Makan ‘Tan Kreteg’. Jalaran papane ing sa­wetan kreteg kira-kira rongatus meteran. Pancen strategis banget, pla­taran ngarep kanggo parkir tamu luma­yan amba. Sisih kiwa lan sisih mburi arupa pesawahan amba. Angin padesan tumiyup bebas. Ora mokal menawa Gri­ya Dhahar “Uenak Tenan” dadi jujugan uwong mburu kuliner. Ora mung mligi mburu wareging weteng, nanging uga mujudake papan kanggo sante, ngeng­gar-enggar ati.

“Ah  tenane? Lha nek mung mangut lele, grameh bakar madu, sate buntel, rica-rica rasane rak ya mung kaya ngana kae ta?” kandhane Pak Darminto, se­mune mancahi omongane Marsunu, anake.

“Uecaaa saestu, Pak, mangsakan ing mrika niku. Mboten ateges kula tumut promosi. Lha wong kula promosi nggih mboten angsal napa-napa kok. Bapak dereng nate nyobi ta,” Marsunu nan­dhes­ake ujare. “Pokoke ngeten, Pak. Jos gandhos!” Marsunu mojar maneh karo ngangkat jempol tangan tengene.

Kaya kurang yakin anggone promosi, Marsunu nerusake ujare, “Seminggu kepengker kula sakanca kantor sami nja­jan ing Rumah Makan Tan Kreteg, Pak. E, lha kok wau siyang bos kula kepengin. Lajeng ngajak kula dhahar siyang ing mrika,” entek golek kurang amek ang­gone Marsunu ngalem enake masakan ing rumah makan kasebut.

“Uh, Mas Sunu. Dibayar pira sampe­yan kok promosi gedhen-gedhenan?” Nining Sukanthi, adhine Marsunu. nim­brung. Padha Pak Darminto, semune ora percaya marang omongane Marsunu.

“Wis ra sah dhebat. Nek ora percaya, ayo dibuktekke,” saute Marsunu.

“Kados pundi, Pak? Menika wonten tan­tangan. Dipun ladosi?” pratelane Ni­ning Sukanthi karo nyawang Pak Dar­minto kang isih njingglengi koran edhisi Minggu.

Nining Sukanthi lan Marsunu pana menawa wong tuwane mono klebu jago dhahar. Paribasane, rumah makan ngen­di wae wis nate ditelukake. Wiwit resto­ran gedhe nganti warung makan prasaja nate diampiri. Satemah menawa mung diumuki nganggo tetembungan, ora ba­kal kengguh. Mung wae, ing wektu iki karana faktor yuswa, Pak Darminto wis nyuda hobine mbebedhag kuliner.

“Lha, entek- entekane lak aku ta sing ketiban dhenggung. Oke, suk Minggu ngarep kita buktekake,”  ngendikane Pak Darminto. Marsunu lan Nining Sukanthi surak bareng.

Seminggu sawise iku, dina Minggu esuk bubar………..

Berita Terkait

img

Samak Minggu Ini

img

img

Sumber Semangat

Saupamane wae kabagyan iku bisa dituku, mesthi wong-wong sugih bakal nuku kabagyan mau. Lan kita bakal kangelan oleh kabagyan ksb merga wis diborong wong kang sugih mau. Nanging tujune ka­bagyan kuwi anane mung ing njero  ati lan pikiran. Ka­bagyan iku mung bisa didu­weni dening wong kang pin­ter nindakake sukur.

Klik

ARIF WICAKSANA

Grengsenge mbabat alas kanggo kabutuhan pembangunan kanthi ngurbanake sakehing warna-warna ijo ing alam, pranyata isih ana uga kang gelem ngalah lan ngajeni banget marang ‘pabrik’ oksigen ksb. Iki salah siji contone, dimen nylametake wit siji-sijine, panggawene dalan nasional lila dienggokake. Dadi, ayo ndadekake wit-witan minangka karib kita, ing ngendi wae. (d/ist)***

Pethilan

Amandemen gumantung keputusan politik

Gumantung kepentingane uga

Koalisi padhadene ngenteni capres cawapres

Intip-intipan rupa lawas

Lobi-lobi politik saya kerep

Kasak kusuk, nyang-nyangan…