Ziarah Pasareyane Pangeran Hadiwijaya ing Magelang
Diposting oleh : Administrator
Kategori: Pasujarahan - Dibaca: 205 kali

Sejatine mono PS wis suwe ang­gone krungu ana pasareyane priyagung kang dadi leluhure Pura Mangkunegaran. Lan wis suwe uga anggone nedya nggoleki dununge pasareyane Kangjeng Pangeran (KP) Hadiwijaya iku. Nanging merga desane arang kocap lan uga ing layang babad ora dicethakake ana ngendi papan dununge sing yekti, mula pepenginan kuwi durung bisa kalek­sanan.

Nanging ndilalah, nalika PS nindak­ake wisata ziarah nyang Magelang, kanthi ora kejarak ana  pawongan sing crita ngenani bab pasareyane KP. Hadi­wijaya kang dumunung ana ing dukuh Demangan, desa Kaliabu Kecamatan Salaman, Kabupaten Magelang. Papane pancen rada mencil, mula para pendhu­dhuk ing kono ngertine yen pasareyan kuwi arane Pundhen Karawelang utawa Makam Karawelang, kagawa dhek ja­man kunane mbiyen ing papan kono tinemu wit kara gedhe sing dienggoni ula welang. Dadi ora ngerti yen komplek pasareyan sing nate diresmekake dening KGPAA Mangkunegara VIII saka Sura­karta ing taun 1978-an kuwi yektine pasareyane priyayi ngaluhur keturunane dinasti Mataram.

Dalane kang tumuju pasareyan pancen wis diaspal alus, ning mung tekan Kaliabu. Saka Kaliabu tekane Demangan   wujud dalan setapak utawa dalan tikus kang lunyu ing wanci udan. Ya merga pa­pane sing mencil ana sadhu­wure gumuk mula papan kuwi arang banget diambah wong. Pasareyane dhewe mapan ana ing pereng kang  endhek. Ngisore makam ana kali cilik arane  Kali Buthek, kagawa banyune sing tansah buthek. Ora adoh saka kali, tinemu belik utawa sendhang cilik arane “Belik Wonogiri”. Sendhang iki darbe gayutan karo riwayat sedane KP. Hadiwijaya. Lan perlu kawuningan yen kiwa-tengene kono arepa wanci awan ndran­dhang tansah katon sepi lan si­ngup.  Para maos mesthine bisa nggambarake rikala jaman 280  taun kepungkur, mesthine papan iki isih wujud alas gung liwang liwung adoh lor-adoh kidul. Ya ing papan kene iki KP Hadiwijaya nate mesanggrah anganti wadyabala  sajrone perang nglawan Kom­peni Walanda.

Nuli tuwuh pitakonan, sapa sejatine KP Hadiwijaya iku?  Pangeran Hadiwijaya iku yektine putrane Ingkang Sinuhun Kangjeng Su­suhunan Amangkurat Jawi ing Kartasura  kang angka 18 patut karo garwa ampe­yan,  Mas Ayu Karoh kang  banjur kapari­ngan asma anyar  Mas Ayu Pandhansari. Dadi yen karo Pangeran Mangkubumi (Sultan Hamengkubuwono I) kapernah rakane nunggal rama seje ibu, dene yen karo Sinuhun Paku Buwono II kapernah rayine nunggal rama seje ibu uga. As­mane nalika isih timur Raden Mas Su­bekti alias Pangeran Pamot. Sawise akhir diwasa banjur krama antuk  R Ay Sentul lan banjur peputra KPH. Kusuma­diningrat.

Nalika Raden Mas Sujana iya Pa­ngeran Mangkubumi lolos saka praja saperlu nglawan Kompeni Walanda ing taun 1745 M, KP Hadiwijaya klebu ngom­byongi lekase P. Mangkubumi kasebut. Anggone nindakake perang gerilya wiwit saka tlaah Sukawatiu (Sragen) mrembet mangulon tekan perenge Gunung Merapi, anjlog Kedhu lan Bagelen. Barisane P. Mangkubumi sangsaya kuwat merga anthuk pambiyantune RM Sahid (KGPAA Mangkunegara I) kang ngathi prajurit sagelar sepapan. Mbaka siji dhaerah kang maune diregem dening Kompeni Walanda kasil direbut dening prajurit Mangkubumen lan prajurite RM Sahid. Korbane pancen ora sethithik, becik saka kalangan Jawa utawa pra­jurite Kompeni Walanda.

Sajrone taun 1752 M, geni papra­ngan isih mangalan-alad. Nanging bibit-bibit sulaya wis katon ing antarane P. Mangkubumi lan RM Sahid. Iki ya merga asil saka politike VOC Walanda karan “devide et impera”, kanthi nggunakake bangsa kita dhewe, sing bisa ditlusupake mlebu ing barisane prajurit Mangku­bu­men lan prajurite RM Sahid. Ing we­wengkon Klaten RM Sahid ngaturake ancase marang KP Hadiwijaya anggone nedya mandhireng uwal saka P. Mang­kubumi. Kamangka rikala semana P Mangkubumi lagi nglurugi perang nyang Panaraga, Madiun.

Mireng ature RM Sahid, KP Hadi­wijaya kejot lan ora sarujuk. Akeh akeh pangrimuke murih RM Sahid ora mba­cutake sedyane kuwi, ewasemono RM Sahid tetep mbeguguk penggalihe. Saking sekele, KP Hadiwijaya banjur ling­gar saka Klaten kadherekake wadya­balane, klebu salah sijine garwane yaiku Mas Ayu Gandasari. Ya garwane iki tan­sah caos panjurung murih KP Hadi­wijaya ora miyur penggalihe anggone berju­wang nglawan VOC Walanda. Tindake iki pranyata mangulon, kang pungka­sane mesanggrah ing desa Kaliabu, laladan Kedhu (Magelang).

Nalika semana ing wayah sore, KP Hadiwijaya nembe siram ing Belik Wonogiri, lan wadyabalane akeh sing padha ngaso, saweneh ana sing lagi ngumbar jaran. Dumadakan tanpa kanyana-nyana Walanda ngrabasa papan kono kanthi kekuwatan linuwih. Kang mandhegani jenenge Letnan Goolman. Merga diserang kanthi dada­kan, KP Hadiwijaya kaseser yudane. Na­lika panjenengane arep nyengklak ana gigire jaran lan njupuk gegamane ndi­lalah titihane kapale ora bisa age-age diplayokake.  Wusanane KP Hadiwijaya ditembak kena mustakane. Sabanjure kanthi wengis Letnan Goolman merjaya KP Hadiwjaya. Mustakane tinigas pi­nangka bukti marang dhedhuwurane ing Semarang yen anggone nyerang KP Hadiwijaya bisa antuk karya. Ning jebule kleru. Sawise mustaka tekan Beteng Tra­yem lan Semarang, mustaka mau kepek­sa dibalekake menyang Mataram jalaran bisa dadi tambah tansaya panginggit-inggite para kawula ing Kartasura ma­rang VOC Walanda. Mustakane KP Hadi­wijaya nuli kasarekake ing Imogiri. Dene salirane tetep disarekake dening ingkang garwa Mas ayu Gandasari ing Kaliabu, ya ing papan prastawa iku dumadi.

Senajan KP Hadiwijaya wis gugur ana madyaning paprangan, nanging tedhak turune yaiku wayah buyute kang kajun­jung ngasta pusaraning praja Pura Mang­kunegaran kang banjur jejuluk Kangjeng Gusti Pangeran Adipati Arya (KGPAA) Mangkunegara IV. Dadi wiwit KGPAA Mangkunegara IV tengan KGPAA Mang­kunegara IX mujudake tedhak turune KP Hadiwijaya.

Tekan taun 1967, durung pati cetha sapa kang disarekake. Awit saka pitu­duhe Prof. Hardjono saka UGM kang awewathon saka Layang Babad Giyanti, sawenehe mahasiswa nuli nganakake panaliten lan nglacak ing papan kono. Pra­nyata ing sangisore wit wit ringin kawak ing dukuh Demangan, Kaliabu, tinemu pasareyan kuna kang prasaja banget. Ya kuwi sing wusanane katitik minangka makam salirane KP Hadiwijaya.

(Isti Nugroho)

 

Berita Terkait

img

Samak Minggu Ini

img

img

Sumber Semangat

Saupamane wae kabagyan iku bisa dituku, mesthi wong-wong sugih bakal nuku kabagyan mau. Lan kita bakal kangelan oleh kabagyan ksb merga wis diborong wong kang sugih mau. Nanging tujune ka­bagyan kuwi anane mung ing njero  ati lan pikiran. Ka­bagyan iku mung bisa didu­weni dening wong kang pin­ter nindakake sukur.

Klik

ARIF WICAKSANA

Grengsenge mbabat alas kanggo kabutuhan pembangunan kanthi ngurbanake sakehing warna-warna ijo ing alam, pranyata isih ana uga kang gelem ngalah lan ngajeni banget marang ‘pabrik’ oksigen ksb. Iki salah siji contone, dimen nylametake wit siji-sijine, panggawene dalan nasional lila dienggokake. Dadi, ayo ndadekake wit-witan minangka karib kita, ing ngendi wae. (d/ist)***

Pethilan

Amandemen gumantung keputusan politik

Gumantung kepentingane uga

Koalisi padhadene ngenteni capres cawapres

Intip-intipan rupa lawas

Lobi-lobi politik saya kerep

Kasak kusuk, nyang-nyangan…