Rupiah Keplorod, Cadhangan Valuta Asing Kudu Dijaga
Diposting oleh : Administrator
Kategori: Pangudarasa - Dibaca: 90 kali

Jaman penjajahan kita wis nggunakaké dhuwit Landa, Gulden. Embuh kepriyé critané, wong Jawa ngowahi jenengé dadi Gélo. Wong cilik, mung padha kenal dhuwit cilik sing jenengé ndhil (0,5 sèn), sèn, bénggol (2,5 sèn), ke­lip (5 sèn). Kethip (10 sèn). Bareng mardika kita nggunakaké ORI (Oeang Republik Indonesia). Wiwit 2 Nopember 1949 ganti Rupiah sing asalé saka basa Sansekerta Rupya (coin pérak). Rupiah ngalami tiba tangi, naté diperdagangaké ing pasar gelap, naté golèk pengakuan donya. Rupiah uga naté ngalami mawarna pengalaman kaya ta saneering, pergantian dadi dhuwit anyar sing regané Rp 1,- dhuwit anyar = Rp. 1.000,- dhuwit lawas. Sing ora tau owah mung siji, regané tansah keplorod, cilik-cilikan utawa gedhèn-gedhènan (deva­luasi). Pelemahan sing paling abot, Rp 16.800,- / dollar AS, yaiku nalika krisis ekonomi taun 1998.

Wis mèh 69 taun kita durung naté ngalami devlasi. Anané mung invlasi, ateges reregan barang saya mundhak, najan pertumbuhan ekonomi moderat ± 5 %, nanging invlasi “ter­kendhali” 3,5 %. Kapan kita ngalami devlasi, mung ana ing pangarep-arep. Rupiah isih terus niba tangi, najan wis kabuktèn yèn bisa gunrégah manèh saka keterpurukan ngadhepi manéka tantangan.

Rupiah saiki ngadhepi ujian manèh. Rupiah kebleseg nganti luwih 14.000 / dollar AS, najan durung nganti 14.700 / dollar AS kaya taun 2015. Kita bisa nglipur awaké dhéwé kanthi pranyatan yèn kedadéyan iku ora ndhèwèki, uga dialami mèh kabèh dhuwit ndonya. Yèn kita terdepresiasi 0,88 %, mangka Baht (Thailand) terdepresiasi 1.12 %, Ringgit (Malaysia) 1,24 %, dollar Singapura 1,17 %, Won Kore Selatan 1,38 % lan Rupee (India) 2,4 %.

Angka-angka mau nuduhaké yèn Rupiah keplorod paling sithik tinimbang liyané, nanging kanggoné kita sing wong biyasa wis cukup nyilakani, jer Rupiah terdepresiasi ateges reregan saya mundhak, mangka kita ora bisa tumindak apa-apa kejaba mung ngencengi sabuk.

Tanprabéda taun 2015, terdepresiasiné Rupiah lan dhuwit liyané iki utamané dijalari faktor eksternal sing dimotori un­dhakan suku bunga acuan bank sentral AS. Kanggo kita, ora akèh sing bisa diayahi saka segi kebijakan jroning negara kanggo nyuda banteré mudhuné Rupiah, mliginé kanggo jangka pèndhèk. Sing krasa rada mènèhi harapan, neraca perdagangan sing malik surplus ing wulan Maret kepungkur. Kuduné surplus bisa digayuh manèh ing wulan April lan saterusé. Mlorodé Rupiah kuduné dadi panjurung ekspor sing luwih ghedhé, awit rega komoditi Indonesia ing pasar internasional dadi luwih murah.

Ana uga faktor musiman sing njalari Rupiah terdepresiasi : Ing triwulan II 2018 permintaan valas mundhak kanggo mbayar utang njaban negara, dividen lan prabéya impor. Ngadhepi Romadlon impor barang modhal, bahan baku lan konsumsi cukup dhuwur. Manut BPS, nilai impor Januari – Maret 2018 nggayuh 44 M dollar AS, mundhak 20,1 % dibandhingaké taun wingi. Impor barang modhal mundhak 27,7 %. Impor bahan baku lan penolong mundhak 18,3 %, impor barang konsumsi 22,1 %.

BPS nyathet, cadhangan devisa akhir Maret suda 0,06 M dollar AS, kari 126 M dollar. Éwa semono manut BI, depresiasi Rupiah isih terkendhali merga fondamen ekonomi domestik cukup kuwat. Pelemahan Rupiah ora bakal ngganggu stabilitas keuangan nasional. Kanggo pertahanan lapis ka loro  BI kerja sama karo Jepang senilai 22,7 M dollar, karo sapérangan negara ASEAN, Korea, Australia sarta China liwat Chiang Mai Initiative Multilateralization Agreement. Tujuané, ngundhakaké perdagangan lan investasi langsung antarané negara kita karo negara-negara mau sarta mbantu panyedhiyan likuiditas jangka pèndhèk kanggo stabilitas pasar keuangan.

Ing satengahé ora mesthiné global, upaya bebarengan njaga stabilitas Rupiah dibutuhké banget. Wujudé, kita kudu ngundhakaké ekspor lan pariwisata. Kita kudu bisa nggunakaké sakèh kalodhangan supaya ekspor mundhak, lan kudu gencar promosi pariwisata dimèn cadhangan devisa ora saya keplorod. (MW).

Berita Terkait

Samak Minggu Ini

img

img

Sumber Semangat

Urip ing donya iki gawe kesel, merga akeh wong kang pengin mamerake bab-bab kang satemene dheweke ora nduweni.

Klik

BUKA PALING DAWA

Rekor buka pasa paling dawa ing donya, ana ing Hanover, Jerman mentas iki. Dawane nggayuh 10.2 km. Gunggung mejane 10.200 meja, lan sing melu buka ana wong 42.100. Acara iki wis kaca-thet ing Guiness Book Record. Iki nuduhake yen wong kang nggilut agama Islam ing Jerman saya akeh wae. (d/ist)

Pethilan

Janji-janji reformasi diajab enggal dicepetake

Janji kang dilalekake

Jamane reformasi wis 20 taun

KKN durung ilang uga

Bulog mesthekake stok beras aman nganti riyaya

Bab mundhak orane rega aja takon lo ya