Tuwuhan Ciplukan lan Pigunane
Diposting oleh : Administrator
Kategori: Kasarasan - Dibaca: 151 kali

Kagem para pemaos udyana kita iki, takkira ora asing karo tanduran kang ora bisa gedhe (perdu) siji iki. Tanduran sing thukul lemu ing mangsa wiwitan rendheng iki, umur nor­male udakara lima tumekane nem sasi. Menawa wae pancen ana ciplukan sing umure luwih suwe maneh, ning kira-kira wae, krana panggonan mau pancen ti­-­bane udan luwih suwe tinimbang dhaerah liya.

Ciplukan kuwi -manut pa­mawase pe­nulis- tanduran sing “sekti”, sebab najan wis mati kentekan umur, ning ngepasi usum rendheng can­dhake mesthi isih bisa thukul maneh. Sawah utawa tega­lan, diluku, di­garu, dipaculi, ditanduri apa wae ana ndhuwur lemah kono, ci­plukan tetep bisa tuwuh sampurna.

Manut sawijining tulisan ana internet, jare ciplukan uga bisa ditandur, dibudi­dayakake kaya lumrahe tane­man perdu liyane. Carane! Ciplukan sing wis tuwa, adate kuning setengah soklat ru­pane, di­pepe nganti cukup garing. Sawise ngono njur dipletheti, diguwak kulite. Isine sing lembut, cilik-cilik mau njur disawurake panggonan sing arep ditanduri ciplukan.

Kaya nalika nandur sawi utawa bayem kae, winih ciplukan dienteni nganti rada apik thukule. Yen dhuwure kira-kira wis nganti pitu nganti sepuluh sentimeter, terus dipindhah menyang panggonan sing kanggo nandur. Jarak antara wit siji lan liyane udakara patang puluh senti nganti seket sentimeter.

Bubar kuwi njur disirami, bisa esuk uta­wa sore, sing baku banyune cukup. Ora ka­satan lan uga aja nganti ngecembeng (kakehan banyu). Kurang banyu ora thukul sampurna, kakehan bayu bisa mati.

Ciplukan butuh sunare srengenge sing cukup. Tegese, ora kiyup-yupan tanduran sing luwih dhuwur, ning uga diusahakake aja nganti kepanasen. Sepisan maneh, ciplukan iki tanduran mangsa udan, upamaa bisa tuwuh ing mangsa ketiga, asile ora bisa apik kaya yen rendheng.

Jinise ciplukan

Yen dideleng jinise, ciplukan iku ana rong macem. Jinis cendhek lan dhuwur. Golongan cendhek kira-kira setengah me­ter, dene sing golongan dhuwur nganti sa­meter, kepara luwih.

Ciplukan dhuwur, godhonge luwih amba, jarak antarane godhong lan pang siji tekan sijine luwih dawa tinimbang ciplukan jinis cendhek. Ciplukan dawa kulit wite ijo nom, lan luwih lemu, dene ciplukan cendhek, kulit wite rupane soklat tuwa campur kuning enom.

Ciplukan gedhe rasane wohe ora sepira legi, saora-ora kalah legi yen dibandhingake karo ciplukan jinis cendhek. Yen kulit wite soklat, wohe ciplukan uga semu soklat. Semono uga yen kulit wite rada ijo nom, wohe uga duwe rupa ngono kuwi.

Ciplukan sing cendhek, kembang lan pentil sing metu saka poke godhong luwih akeh tinimbang karo ciplukan gedhe. Ciplukan cendhek katon luwih ketel, lan wohe luwih gemrandhul.

 

Wiwit ngetokake woh

Udakara sakilan dhuwure saka lemah, ciplukan wiwit kembang. Saka kembang, pentil tekan mateng butuh wektu kira-kira sesasi nganti karo tengah sasi. Yen woh ciplukan wis mateng, dipesthekake dina sesuke sing mateng sansaya tambah, sebab pancen saben ana thukul godhong anyar, uga dibarengi kembang anyar.

Ing saben dinane, woh sing mateng -siap dipangan-ora kurang saka sepuluh nganti limolas biji, sok-sok uga luwih akeh maneh. Gumantung sethithik-akehe pentil sing ana.

Akeh asile ciplukan nalika umur karo tengah sasi nganti patang sasi. Sawise kuwi, kembang lan wohe tansaya suda. Suwene-suwe njur akeh godhong sing go­grog, pang anyar sing arep thukul melu ilang, wusanane alum lan...mati.

 

Guna paedahe ciplukan

Saliyane bisa didhahar wohe, ana manfaat sing bisa dijupuk saka ciplukan mau, antara liya kanggo nambani lara paru-paru.

Cepakake banyu sacukupe kanggo nggodhog wit, godhong, kembang lan woh ciplukan. Yen banyu wis umob, disi­sakake sepa­ro, njur disaring, diunjuk sedina ka­ping telu, saben ngunjuk sagelas. Go­dho­gan ciplukan ngene iki ra­sane rada pait setengah sepet.

Tamba lara rematik. Woh ci­plukan garing kira-kira 10 gram, digodhog ngang­go banyu 3 gelas. Yen banyune kari separo njur disaring. Diunjuk sedina kaping 3, sagelas-sagelas.

Kejaba iku ciplukan uga bisa kanggo tamba lara epilepsi. Carane, saben dina dhahar 8-10 woh ciplukan, bisa mateng bisa nalika isih mentah.

Dene yen kanggo lara kencing manis, ciplukan wutuh sauwit dijebol kabeh, banjur oyode dikumbah resik dalah go­dhonge pisan, njur digodhog nganggo banyu 3 gelas. Menawa wis umob lan kari sagelas, banjur disaring lan diunjuk saben dina sepisan.

Cara ngene iki uga kena kanggo nge­dhunake tensine wong lara darah tinggi. Penulis wis njajal pengobatan alternatif  cara mengkene iki, asile lumayan apik. Pokok tlaten, uga ajeg anggone ngunjuk, tensi bisa normal.

Penyakit watuk, influensa, gorokan ga­tel, gondhongen, prostat, uga kena nggu­­nakake godhogan ciplukan kaya kasebut ndhuwur. Wasana nyumanggak­ake. n

Berita Terkait

img

Samak Minggu Ini

img

img

Sumber Semangat

Ora ana sing ora bisa diikhlasake...

Klik

OJEK MAYIT

Ojek mujudake salah sijine jasa angkut migunakake sepedhahmotor. Ing jaman modern saiki, jasa iki malah bisa dipesen liwat HP, yakuwi kang diarani Ojek Online (Ojol). Ojol ora mung ngeterake wong, nanging uga panganan, barang lan blanjan. Nanging senajan wis modern, pranyata ojol ing Indonesia isih klebu biyasa-biyasa wae. Beda karo ojek ing Kongo, Afrika. Ojek ing kene ora mung bisa ngeterake blanjan utawa panganan wae, nanging uga ngeterake mayit! Carane nggawa kanthi cara dibonceng ing mburi lan ditaleni rapet karo tukang ojeke. Maklum, mayit kuwi ora bisa nggamblok dhewe... (d/ist)***

Pethilan

Akibat anane lindhu, pegawe hotel lan restoran dikon prei

Ujian kanggo kita kabeh minangka bangsa Indonesia

Idrus Marham durung karep dadi justice kolaborator

Mbokmenawa isih bingung milih je­neng-jeneng kang pantes di-‘nya­nyek’-ake

Asil ing Asian Games 2018 dadi tetenger gumregah

Kabeh kanggo Indonesia