Rahmat Allah, Sumber Energi Jagad Raya (28)
Diposting oleh : Administrator
Kategori: Agama Islam - Dibaca: 114 kali

(4). Sap-sap (lapisan) sing ngayomi Bumi.

Lapisan sing ngayomi Bumi miturut Ha­run Yahya lan Caner Taslaman, keka­ro­ne Cendhekiawan Muslim modern, ne­rangake manawa Langit sap pitu sinebut ana ing ayat-ayat Al-Qur’an, yaiku lapi­san (sap-sap) sing ngayomi Bumi. Lapi­san-lapisan iku antarane :

(a). Troposfer. Lapisan iki mujud­ake lapisan sing paling endhek (ngisor), sing paling cedhak karo Bumi, watara 12 km saka lumahing Segara (diatas permukaan laut). Lapisan iki mujudake la­pisan kang mirunggan (penting) ba­nget. Sebabe, jalaran lapisan iki sing na­han utawa nyangga sebageyan gedhe oksigen sing dibutuhake dening makhluk urip. Kajaba saka iku, sebageyan gedhe fenomena hidrologi sarta siklus banyu uga lumaku (berlangsung) ing lapisan iku.

(b). Sratosfer. Lapisan iki mapan utawa tumapak ana ing ndhuwure Tro­posfer. Wiwit dhuwure 10 km nganti 50 km ing sadhuwure lumahing Segara. Tem­­peratur sap iku sing paling ngisor lu­­wih adhem katimbang lapisan paling ndhuwur. Suwalike karo lapisan Tropos­fer, lapisan sing bageyan ngisore luwih pa­nas katimbang karo sap (lapisan) ndhu­wur. Dumunung ana ing lapisan iki, ana lapisan ozon (ozonosfer) sing ndar­­beni jejibahan nyaring sinar ultraviolet. Lapisan ozon iki  mantulake  balik sebageyan saka sinar ultraviolet sing  di­tampa. Dene sisane nuli diterusake me­nyang bumi, kanggo kebutuhan sekabeh­ing makhluk urip ing bumi.

(c). Mesosfer. Lapisan iki mapan ana ing ndhuwure Termosfer. Bageyan sing paling ngisor Mesosfer diwiwiti ana ing ketinggian (dhuwur) watara 50 km saka ndhuwure lumahing Segara. Dene bageyan sing paling dhuwur  watara 100 km saka dhuwure lumahing Segara. Tem­peratur  bageyan  sing paling  dhu­wur watara 100 derajat Celsius. Saben dina ora kurang saka 40 ton meteorit tu­­miba (jatuh) ing bumi. Dene ing lapisan iki labet pecahan watu meteor sing wus ancur nyawiji (bercampur) karo uap ba­nyu lan gas, tumuli ngasilake konsentrat zat wesi lan material liyane, kang wusa­nane tumiba ing lumahing bumi, bina­rung karo udan utawa es.

(d). Termosfer. Mujudake lapisan at­mosfer sing paling gedhe, sing paling bawera. Dumunung ana ing ndhuwure mesosfer lan ana ing ngisore eksosfer. Mapan ana ing lapisan iki ana orbit sta­siun ruang Akasa (Angkasa). Lha dumu­nung ana ing lapisan iki uga dumadi fe­nomena Cahya Aurora, utawa karan Cah­ya Lor utawa Caya Kidul, sing endah­ing warna lan fenomenal. Bageyan sing paling ngisor saka lapisan iki, mapan ana ing ketinggian watara 80 km saka ndhu­wure lumahing segara, gumelar nganti  ke­tinggian 700 km. Lha reaksi partikel at­mosfer marang radhiasi surya (sre­nge­nge) iku sing njalari partikel-partikel atmosfer ndarbeni kandhungan listrik sarta tuwuh bageyan (sub) lapisan inos­fer, sing bisa mantulake gelombang radio.

(e). Ionosfer. Ionosfer iku mujud­ake bageyan saka termosfer. Dumunung ana ing ketinggian watara 100 nganti 300 km saka lumahing segara. Lapisan iki mujudake kerangka electron, atom listrik sarta maneka molekul sing ngemuli bu­mi. Wujude iki dumadi krana radhiasi si­nar ultraviolet srengenge, sarta mujud­ake pangayom, sing mirunggan banget tumraping bumi. Jejibahan kang utama la­pisan iki, yaiku ngancurake wewatuan  meteorit sing tumiba menyang  lumahing  bumi, krana pengaruh gravitasi bumi, tumuli mancarake gelombang radhio sing ditampa  (belahan bumi liyane). Ionosfer iku ndarbeni jejibahan (fungsi)  mirung­gan ing dalem urusan kandhungan listrik atmosfer sarta nuwuhake (membentuk) lapisan saka magnetosfer.

(f). Eksosfer. Iki mujudake bageyan sing paling njaba saka atmosfer. Diwiwiti saka ketinggian watara 700 km, ing sa­ndhuwure lumahing segara. Komposisi utamane dumadi saka hidrogen, helium sethithik, karbon dioksida, lan atom oksi­gen. Ora ana wates kang cetha antara aka­sa njaba (luar) lan eksosfer.

(g). Magnetosfer. Iki kinaran uga Sa­buk Van Allen. Dumunung ana ing ketinggian puluhan ewu kilometer ing sadhuwure bumi. Magnetosfer bumi dumadi krana inti bumi sing ora stabil. Mulekul kang ana ing njerone inti bumi (sing umume awujud ion) tansah obah (gerak) kanthi cepet banget, njalari  nya­wi­jine (memperangkap) partikel-partikel proton, electron, lan neutron,  sing ndar­be­ni kadhar energy dhuwur banget, sa­engga nuwuhake (membentuk) medan magnet raseksa. Lapisan iki ndarbeni jejibahan (tugas) kanggo ngayomi bumi saka lesus (badai) srengenge sarta nge­nggokake partikel-partikel kang mbeba­yani, sing dipancarake dening srengenge sing bisa ngancurake panguripan ing bumi. 

 

(5). Nembus DiameterBumi.

Apa manungsa bisa njajah (nembus) diameter bumi? Ing babagan iki Allah wus kepareng paring dhawuh, mangkene manksude: “He gerombolaning jin sarta  manungsa, manawa sira padha keduga njajah langit lan bumi, nganti sabuntase kabeh, mara padha sira lakonana! Sira kabeh ora bakal kuwagang njajah sa­bun­tase kabeh, kajaba migunakake  ke­kuwatan kang sampurna,” (Q.S.Ar-Rah­man (55):33-34).

Allah iku wus kepareng nyipta bumi kanthi struktur kang sampurna. Bumi iku takdzim lan ngestokake aturan-aturn kang wus kepareng katetepake tumrap­ing Jagad Raya iki. Dumunung ana ing wadhuke (wetenge) bumi iku sumimpen werna-werna (sawernaning) raja  brana Jagad Raya sing banget dibutuhake  de­ning para manungsa. Lha supaya luwih  gampang pikoleh raja brana iku, ma­nungsa kudu ngudi kanthi temen-temen, kanhi cara kang mirunggan (sawerna­ning budi daya).

Ing babagan iki Allah kanthi sipat Rah­man lan Rahim-e, kepareng nggam­pang­ ake marang manungsa. Allah wus kepa­reng nyipta lapisan-lapisan njaba­ning bumi sing padhet lan atos kanthi temperature kang samadya. Saya mangisor tataran padhete lapisan-lapisan iku, pa­dhete lapisan-lapisan iku saya suda. Ba­bagan krana temperature sing dhuwur banget, saengga wewatuan iku dadi le­leh, nuli dadi kenthel. Malah lapisan inti bumi, miturut para ilmuwan, nduga, ma­na­wa temperature meh saukur karo pa­nase lumahing Rawikara (srengenge). Tuwuh pitakonan, temperatur bumi iku saya ngisor saya panas, lha apa bisa ma­nungsa njajah (nrabas) diameter bumi sa­ka sisih iringan nganti tumekeng sisih iringan liyane? Kasunyatan kang dumadi nganti seprene durung ana manungsa kang kuwagang nindakake. Trep karo dha­­wuhe Allah. mangkene maksude:

“Lan sira (jin lan manungsa) aja lu­maku ana ing bumi kalawan hambeg ang­­kuh (gumedhe). Sanyata lumaku kang gumedhe (sombong) iku ora bakal sira bisa ambles (njajah, nrabas) bumi, lan ora bisa sira napaki sandhuwure gu­nung.” (Q.S.Al-Isra (17): 37). Maksud dha­­wuhe Allah iku, manungsa ora bakal bisa, ora bakal kuwagang. Iku kabeh kra­na lapisan-lapisan bumi saya mengi­sor sa­ya panas, malah wewatuan padha le­leh. (Ana Candhake)

 

Berita Terkait

img

Samak Minggu Ini

img

img

Sumber Semangat

Saupamane wae kabagyan iku bisa dituku, mesthi wong-wong sugih bakal nuku kabagyan mau. Lan kita bakal kangelan oleh kabagyan ksb merga wis diborong wong kang sugih mau. Nanging tujune ka­bagyan kuwi anane mung ing njero  ati lan pikiran. Ka­bagyan iku mung bisa didu­weni dening wong kang pin­ter nindakake sukur.

Klik

ARIF WICAKSANA

Grengsenge mbabat alas kanggo kabutuhan pembangunan kanthi ngurbanake sakehing warna-warna ijo ing alam, pranyata isih ana uga kang gelem ngalah lan ngajeni banget marang ‘pabrik’ oksigen ksb. Iki salah siji contone, dimen nylametake wit siji-sijine, panggawene dalan nasional lila dienggokake. Dadi, ayo ndadekake wit-witan minangka karib kita, ing ngendi wae. (d/ist)***

Pethilan

Amandemen gumantung keputusan politik

Gumantung kepentingane uga

Koalisi padhadene ngenteni capres cawapres

Intip-intipan rupa lawas

Lobi-lobi politik saya kerep

Kasak kusuk, nyang-nyangan…