Sepedha Kuna Isih Dadi Klangenan
Diposting oleh : Administrator
Kategori: Rena-rena - Dibaca: 128 kali

Yen ana sepedhahe simbah kang sumimpen ana gudhang ora karumat, coba panjenengan tiliki. Aja-aja sepedhah kuwi yen ditawakake marang kolektor regane bisa larang. Apa maneh yen mereke kalebu kang misuwur saka taun prodhuksi sadurunge jaman kamardikan. Bisa dibarter karo sepedha motor utawa mobil.

Sepedhah kuna gaweyan Eropa merek kondhang kaya Gazelle, Raleigh, Fongers, Simplex, Humber, utawa Valuas kalebu sepedha kuna kang diburu dening kolektor. Tansaya tuwa umure, tansaya larang regane. Kahanan fisik lan kelengkapan ubarampene melu nemtokake endhek utawa dhuwur regane. Tansaya apik kahanan fisike lan tansaya lengkap ubarampene, tansaya larang regane.

Pamore sepedhah kuna ing nagara kita tansaya moncer amarga saiki akeh komunitas pandhemen sepedhah kuna. Komunitas iki ajeg gawe pertemuan kanggo silaturahmi lan tular informasi bab sepedhah ing antarane para anggotane. Ing pertemuan kuwi uga ana dol tinuku sepedhah utawa spare part. Ya iki gawe sepedhah kuna tansah urip nadyan pabrike wis ora prodhuksi maneh utawa tutup.

Bursa sepedhah kuna uga ngangkat rega. Sepedhah kuna kanthi merek biasa regane watara Rp 1,5 yuta – Rp 6 yuta, gumantung marang kahanane lan mereke. Nanging yen merek kondhang regane ora winates. Kaya sepedha merek Golden Sun Beam gaweyan Inggris taun 1914 duweke Mardi (56), warga Desa Mlirip, Kecamatan Jetis, Kabupaten Mojokerto. Sepedhah kuwi dituku taun 2012 kanthi rega Rp 45 yuta. Rega samono yen ditukokake pit montor wis entuk apik 250 cc.

Mardi ngaku “nemu” sepedhah kuwi saka situs online www.oldbike.eu. “Saka nyang-nyangan lumantar media online wekasane dadi rega kuwi, kalebu ngirim menyang alamatku,” ujare Mardi, kang dadi anggota Paguyuban Sepeda Onthel Mojokerto (Pasomo).

Kok nganti larang banget, wong mung sepedhah pancal wae? Kejaba umure kang wis 100 taun, sepedha iki uga langka. Lampune ora nganggo baterai utawa dinamo, nanging mawa lenga patra kang isih bisa fungsi kanthi normal. Lampune ana loro, siji mapan ing ngarep lan sijine neng mburi sisih tengen sandhuwure gir mburi. Gir ngarep nganggo 3 kecepatan kanggo nyelarasake banter alone lakune sepedhah.

Miturut Mardi, wiwit tuku taun 2012 nganti seprene isih durung tau ngganti spare part-e. Mesthine ya kangelan yen kudu ganti spare part amarga pabrike wis ora produksi maneh lan uga ora ana toko-toko sepedha kang adol. “Mula yen nganggo kudu ngati-ati, amarga spare part-e ora ana maneh kang adol,” kandhane Mardi.

Ngrumat sepedhah miturut Mardi ora angel. “Cukup diresiki wae, rantene dilengani supaya ora teyengen,” sambunge Mardi. Mangkono uga anggone nyimpen, kudu ngati-ati. Ora bisa diseleh ing papan sembarangan, utamane papan kang lembab kudu diinggati amarga bisa gawe sepedhah gelis teyengen. Kala-kala dienggo sepedhahan keliling bebarengan karo kanca komunitase.

Mbeburu sepedhah kuna ora kudu golek menyang luar negeri. Indonesia sejatine gudhange sepedha kuna, utamane gaweyan Eropa. Sepedhah-sepedhah kuna lumebu menyang Indonesia amarga ditekakake karo wong Walanda dhek jaman penjajahan. Akeh-akehe gaweyan awal taun 1900-an nganti tumekane jaman revolusi. Sepedhah kuwi ditekakake kanggo alat transportasi ing perkebunan, perkantoran firma duweke wong Walanda, utawa patroli polisi.

Rikala kuwi sepedhah wiwit ngganteni posisine kreta utawa bendi kang ditarik jaran lan ing jaman samana dadi sarana transportasi utama. “Mula akeh tinemu sepedhah kuna ing desa-desa nganti seprene. Sepedhah kuwi umume ora karumat amarga sing duwe ora ngerti,” ujare Ketua Kosti (Komunitas Sepeda Tua Indonesia) Bangkalan, Jimhur Saros. Indonesia dadi surgane pandhemen sepedhah kuna. Ora aneh yen sabanjure akeh madeg komunitas-komunitas sutresna sepedhah kuna.

Amarga wong-wong desa ora ngerti yen sepedhahe isih aji tumrap para kolektor, akeh kang ngedol kanthi rega murah. Saweneh sepedhah kuwi ana kang dituku dening kolektor luar negeri. Jimhur ngeman yen ana sepedhah kuna, apa maneh kang kalebu langka diedol menyang kolektor luar negeri. “Kaya ngapa wae, kuwi aset kita. Yen bisa dirumat dhewe, aja nganti diedol menyang kolektor luar negeri. Eman-eman,” kandhane.

Ning saiki wong-wong desa wis wiwit padha ngerti ngenani ajining sepedhah kuna. Mula saiki rada kangelan mburu sepedhah kuna kanthi rega murah. Nadyan mangkono, sapa ngerti yen awak lagi mujur. Entuk sepedhah kuna langka kanthi rega murah.

 

MODHEL LANGKA

Kepriye mangerteni yen sepedhah kuwi pengaji banget? “Kang utama kudu diteliti rangkane apa isih asli,” terange Jimhur kang duwe koleksi sepedhah kuna telu kuwi. Yen rangkane isih asli, mesthi ana nomer registere. Saka nomer register iki bisa dikawruhi taun produksi lan tipe utawa modhele. Nomer rangka umume diukir langsung ing wesine rangka utawa ditempel kanthi lembaran pelat.

Spare part uga melu nemtokake endhek dhuwure regane sepedhah kuwi. Kaya setir kang isih asli, sadel, rante, velg, lan piranti liyane kaya lampu lan bel. Ora kaya barang elektronik kang tansaya tuwa regane tansaya mudhun, sepedhah kuna regane tansaya larang yen umure tuwa. Apa maneh yen tipe utawa modhele kalebu langka.

Malah Jimhur ujar, jeneng barang klangenan ukurane seneng, ana kang gelem barter Toyota Avanza karo sepedhah kuna. Regane larang banget amarga tipene langka lan taun produksine tuwa. “Durung suwe iki ana pertemuan Kosti neng Blitar ana sepedha kang payu diedol Rp 60 yuta. Mereke Gazelle gaweyan Walanda.” Sepedhah Gazelle pancen kalebu kelas premium ing antarane merek-merek sepedha kuna kang isih tinemu ing Indonesia.

Pabrik sepedhah Gazelle kang madeg taun 1892, wiwit ekspor sepedhah menyang Hindia Timur, kalebu Indonesia taun 1920 – 1940-an. Nadyan pabrik iki nganti seprene isih produksi, nanging model kang diincer dening kolektor produksi watara taun kuwi. Saiki sepedha Gazelle produksi taun kuwi akeh-akehe wis dikoleksi dening kolektor. Tipe liyane kang uga kalebu kelas premium antara liya merek Raleigh, Valuas, Fongers, Simplex, lan Humber.

Nadyan sepedha kuna akeh kang wis ora produksi maneh pabrike, Jimhur ora sumelang kangelan golek spare part. “Yen melu komunitas sepedhah kuna, spare part gampang golekane. Ing antarane anggota komunitas sering ana dol tinuku spare part,” ujare. Kosti minangka komunitas sepedhah kuna ajeg gawe acara kang papane giliran ing kutha-kutha saindenging Indonesia. Sajrone acara kuwi ana kegiatan kang diarani Klithikan, yakuwi bursa kanggo dol tinuku spare part utawa sepedhah ing antarane para anggota.

Lha terus apa istimewane duwe sepedhah kuna? Kejaba seneng ngoleksi barang antik, numpak sepedhah kuna rasane beda karo numpak sepedhah biasa. “Wangune sepedhah kuna dirancang pancen supaya penak yen ditumpaki,” kandhane Jimhur. Bapak peputra loro iki ngaku yen numpak sepedhah kuna ora krasa kesel nadyan kudu ngonthel pirang-pirang kilometer adhohe. Beda karo numpak sepedhah gunung utawa sepedhah balap kang posisine kudu rada mbungkuk, saengga gawe boyok cepet krasa kemeng.

Amarga sepedhah kuna akeh sing mburu, saiki nadyan wong desa wis ngerti rega. Ana pasar sepedhah Ponorogo, rega sepedhah kuna regane wis ngancik watara Rp 3 yuta – Rp 6 yuta. Kuwi ora 100 persen asli, amarga watara spare part-e wis diganti nganggo spare part sing ora asli. Ing antarane Solikhin warga Desa Karanggebang, Kecamatan Jetis, kang dagang sepedhah kuna ing Jalan Pahlawan, Ponorogo. Langganane ora mligi saka Ponorogo, nanging uga saka Magetan, Kediri, Blitar, Tulungagung, Malang, Bali, Sragen, lan Yogyakarta.

Pancen sepedhah kang diedol kelase ora kalebu premium. Nanging Solokhin bisa ngeterake menyang papane yen ana kolektor kang golek sepedhah merek premium. Wiwit rega welasan yuta nganti Rp 60 yuta. “Mesthine yen rega sak mono sing duwe kolektor,” kandhane Solikhin.

Sepedhah dagangane oleh anggone tuku saka wong-wong desa. Miturut Solikhin ana Ponorogo akeh sepedhah kuna tinggalane jaman Walanda. Nalika jaman penjajahan, Kutha Ponorogo wis duwe dalan kang alus lan jembar, saengga akeh wong kang duwe sepedhah minangka alat transportasi. Kejaba kuwi, ing Ponorogo uga akeh madeg firma lan perkebunan. Para pejabate umume duwe sepedhah.

Crita bab sepedhah ora bisa uwal karo Bung Karno, sang Proklamator. Malah yen kita sambang menyang Museum Bung Karno ing Bengkulu, isih sumimpen sepedhah merek Sunbeam kang sering dititihi Bung Karno nalika semana. Ana crita lucu bab Bung Karno lan sepedhah.

Taun 1950-an, Bung Karno tindak menyang India. Garwane, Ibu Fatmawati uga ndherek tindak. Asmane Bung Karno minangka tokoh saka negara berkembang rikala semana wis kawentar ana saindenging donya. Mula akeh warga India kang kepengin weruh langsung Bung Karno padha ngadeg ing sapinggire dalan kang arep diliwati mobile Bung Karno. Apese, ana satengahe ndalan ban mobile presiden kempes, saengga Bung Karno lan rombongan kudu mandheg sawetara.

Bung karno kang nganggo setelan safari warna keki lan topi bunder ala amtenar Walanda banjur mudhun saka mobil. Sinambi ngenteni para pendhereke ngganti ban mobil, Bung Karno mirsani sesawangan alam sakiwa tengene kang endah. Para warga India akeh kang nyawang tamu kenegaraan kuwi turut pinggir dalan. Banjur Bung Karno nyedhaki sawijining warga kang nggawa sepedhah.

Embuh kepriye kang didhawuhake Sang Proklamator, sepedhah kuwi klakon disilih lan Bung Karno enggal nyengklak sepedhahe. “Ayo Fat...” dhawuhe Bung Karno marang Bu Fatmawati kang isih ana njero mobil. Kekarone banjur nerusake laku kanthi nitih sepedhah. Bu Fatmawati digonceng ana mburi. Lucune, Bu Fat kang ageman kebaya lan jaritan, anggone lenggah ora madhep ngiwa, nanging miring nengen. Bu Fat wektu kuwi isih yuswa 28 taun lan lagi nggarbini.

Mesthi wae bab iki gawe gupuhe para pengawal. Sawise ban mobil diganti, pengawal enggal nyusul Bung Karno. Sabanjure Bung Karno bali nitih mobile nerusake laku. Kepriye nasibe sepedhah mau? Sepedhah mau dibalekake marang sing duwe, mesthi wae saiki kanthi tambahan peparab “nate dititihi Presiden Indonesia”. (Raras CH)

Berita Terkait

img

Samak Minggu Ini

img

img

Sumber Semangat

Aja gumedhe mung merga ayu-ne rupa, amarga kuwi bakal luntur dening wektu. Nanging elinga, ayune kridha ora bakal luntur senajan digawa mati pisan...

Klik

NGANTUK

Ora kober ndlosor, semendhe ing tembok uga ora apa-apa. Mangkono mbokmenawa ujare si meong iki. (d/sit)***

Pethilan

Trilyunan rupiah dhuwit negara mili menyang desa

Koruptore aja nganti katut keli

Lumantar gerakan #2019Pilpres Ceria, Mahfud MD ngajak publik milih kanthi cerdas

Amarga kecerdasan kita wis saya ilang akibat memusuhan

Golkar ngukuhi caleg mantan koruptor

Ngajab para pemilihe padha pikun!