Ing papan liya Bambang Aswatama maju
denpapagake Raden Setyaki. Padhadene ngunggar kaprawiran ngongasaken
kasudiran, serang sinerang, trajang tinrajang, ganti padha dene musthi sanjata
gada, kumitir aneng asta mamrih lenaning lawan. Aswatama lena pangendhane, kena
kapupuh gada pundhake tiba ngalumpruk dadi gotongan ngoncati payudan.
Dursasana pepulih yuda ngayuni tandange Setyaki, nanging paksa kontit, prasasat
nora nganti sagebragan Dursasana wis keplayu kalawan bengok-bengok kelaran.
Mangsah yuda Raden Jayadrata, mbarang amuk nrajang
barisan Dwarawati, tinanggapan dening Dyan Gathutkaca. Tangkep jaja kantaran
bahu, ngegla padha prawira, padha jarote lan padha santosane, miwah padha dene
sura sudirane. Nanging wekasaning tandhing Satriya Banakeling iku kasoran, tan
kuwawa ngembari kadebyane Risang Bimaputra. Bubar mawut barisan Ngastina
denamuk dening Setyaki kang ngobat-abitake gada mrawasa mungsuh. Raden Samba
mulat mungsuh wus kapracondhang ngoncati rananggana sigra nyapih angreripih
marang ingkang nedheng bramantya.
“Paman Harya Setyaki, mugi sareha sawatawis, racuten
ubaling bendu rehning kados-kados mengsah sampun sami lumajar nilar
pabaratan, Paman.”
“Nuwun inggih sendika, Ngger.”
“Uga marang sira Yayi Prabu Gathutkaca, pun kakang
banget mratelakake panuwun marang lelabuhane si Adhi kang bebantu ngundurake
mungsuh iki mau. Sabanjure, Yayi, dakajap si Adhi tetepa aneng Praja Dwarawati,
kanggo ngawekani mbok manawa ana rubeda sawanci-wanci, Yayi.”
Ature Sang Gathutkaca,”Inggih dhawah sami-sami Kakang
Mas, nanging paripaksa ing dinten punika ugi ingkang rayi karilanana nyuwun
pamit wangsul dhateng Nagari Ngamarta, kaselak dados pangantu-antuning para
pepundhen Pandhawa.”
“Iya Yayi Prabu, pun kakang amung jumurung puji
hastuti, muga-muga satindakira tansah jinangkung dening bathara. Mangko ta Wa
Patih Udawa, sawetara tatananing baris katon mabusekan, mula bali rakiten
kang tumata. Ayo daya-daya bali marang praja, aja kongsi kalebon sandi
upayaning mungsuh, Wa Patih.”
“Nuwun inggih ngestokaken dhawuh, Ngger.”
Rikat Patih
Udawa nata baris, satata ndherekake
Raden Samba kundur marang praja. Raden Gathutkaca riwusnya minta pamit
marang ingkang…………..
Yen kowe
mangerteni anane watu cilik ing dalan kang kira-kira ngganggu wong liya, mula
singkirna… Sapa ngerti iku dadi sebab digangsarake dalanmu nuju suwarga.
JEBAKAN PIKIRAN
Atusan wedhus kanthi tertib metu saka kandhange (ranch) ngliwati regol gerbang, mangka ing kandhange mau ora ana pager kang matesi lakune. Ujare ngakeh, iki sing diarani ‘jebakan pikiran’. (d/ist)***
Jokowi karo keluarga ing kebun raya Bogor
Rukun agawe santosa crah agawe bubrah.
Dibutuhake panggung interaksi kang toleran
Panggung kampanye malah ana intoleran.
Korupsi mbegal karaharjane rakyat
Metu pakunjaran wae koruptor isih
raharja.