Bedhah Pajang (3)
Diposting oleh : Administrator
Kategori: Cerita Rakyat - Dibaca: 273 kali

“Ngger, dakkira wis wancine kowe sowan Kanjeng Sultan ing De­mak. Aja wigah-wigih lan pakewuh, enggala ngadhep lan ngabekti ma­rang Kanjeng Sultan. Ing mangsa ren­dheng iki panjenengane nembe leng­gah angedhaton ing Pasanggrahan Gunung Prawata. Anggonmu budhal mrana bakal dakgawani syarat wujud lemah sagegem. Yen ing dalan kowe mrangguli kebo ndanu, lemah iki lo­lohna ing cangkeme. Kebo mau mes­thi banjur mabuk lan mlayu tekan alun-alun Pasanggrahan Gunung Pra­wata. Tutna playune kebo kuwi, ya ing kono jalarane kowe ditimbali Kan­jeng Sultan Trenggana, Karebet.”

Jaka Tingkir banjur nyungkemi pe­padane Ki Buyut Banyubiru.

“Estokna kabeh piwelingku, Ngger. Kowe aja budhal ijen, nanging dak­kan­theni rewang Mas Manca, sedu­lurku enom Ki Wuragil lan keponak­anku Ki Wila. Tetelune kareben melu ngancani lakumu.”

Jaka Tingkir matur sendika sarta ngestokake dhawuhe Buyut Banyubiru. Esuk umun-umun Jaka Tingkir saro­wang budhal numpak gethek tumuju Pe­sanggrahan Gunung Prawata. Sangsaya awan panase sangsaya sumelet. Lakune gethek anjok ing Bengawan Picis kang ngilak-ilak ambane.

Dumadakan ana angin sumiyut lan muser. Gethek kan­dheg dening angin, nuli mubeng-minger kaya diontang-antingake ing banyu. Bareng wis men­dha, Jaka Tingkir sa­kanca weruh ana baya sapirang-pirang pating cra­ngap congore ngupeng ge­thek. Baya ngra­basa gethek bareng. Ana sing nyander lan mbabitake pethite.

Jaka Tingkir sakanca siyaga. Kanthi trengginas padha menthungi cangkem baya nganggo satang lan welah. Jaka Tingkir anggone campuh karo baya tanpa gegaman. Baya kang nyander mes­thi disaut congore banjur disuwek byak. Baya-baya padha miris ndulu tan­dange Jaka Tingkir, nuli angslup singi­dan menyang dhasar bengawan.

Kacarita, ana baya gedhe siji jume­dhul saka njero kedhung, banjur ngan­cap Jaka Tingkir. Jaka Tingkir nggiwar karo mendhak,  sikile kumlebat ndhupak mata. Sanalika baya nglumba lan nggebyur ing banyu. Getheke molang-maling.

Baya gedhe iku sajake durung kapok. Dumadakan mecungul maneh saka mbu­ri lan tanpa taha-taha nyaut sikile Jaka Tingkir banjur diseret menyang njero banyu. Jaka Tingkir ngetog ka­rosan, nuli nempiling matane baya, saengga sikile bisa uwal saka cang­kem. Campuh rog bandawalapati Jaka Tingkir mungsuh ratu baya ing jero banyu. Ruket lan uleng-ulengan ge­lute nganti tekan gisike bengawan. Anggone tarung diterusake ing dha­ratan. Jaka Tingkir kasil nyaut buntute baya, diobat-abitake arep disabetake  watu gilang.

“Aku njaluk ngapura, Den! Aku nung­kul. Aku njaluk urip!” baya sam­bat-sambat njaluk diwelasi.

Jaka Tingkir ngeculake baya. Tiba gumebrug ing lemah. Ambegan me­lar-mingkus. “Ngaturake pejah-ge­sang, Den. Sejatine aku iki ratune ba­ya ing……..

Berita Terkait

img

Samak Minggu Ini

img

img

Sumber Semangat

Yen saperangan gedhe urip kita en­tekake kanggo mu­lang, mula kita bakal dikenal mi­nangka guru nali­ka kita ma­ti. Yen kita entekake wek­tu kita kang­go main, kita mati mi­nangka gamers.

Klik

PERANG TOPAT

Ing Lombok Barat, NTB, ana tradhisi unik kang arane Perang Topat. Tradisi iki digelar sasi November-Desember, utawa sawise panen lan sadurunge mangsa tandur maneh. Masyarakat suku Sasak lan warga keturunan Bali ing Lombok Barat nggelar ritual iki bebarengan ing Pura Lingsar. Puncake perayaan ditindakake kanthi tradhisi pujawali perang topat utawa padhadene nyawatake kupat ing antarane warga. Ora ana rasa mangkel utawa memungsuhan ing acara kang wis umur atusan taun iki, sing ana malah rasa sukacita tumrap warga kang beda-beda agamane ksb. (d/sit)***

Pethilan

Hoaks luwih ngrusak ing negara berkembang

Ana sing seneng rusak-rusakan

Wajib njaga legitimasi Pemilu 2019

Sauger menang, apa wae ditindakake

Pradebat capres batal, paslon gela

Sabar… ngenteni kasus dagangan 80 yuta iku lerem dhisik