Tinggalan Jaman Hindu-Budha Klasik ing Jember
Diposting oleh : Administrator
Kategori: Pasujarahan - Dibaca: 107 kali

Laladan kang ing Pulo Jawa sisih Wetan tumekane saiki isih akeh nyimpen tinggalan lan cathetan sejarah wujud prasasti kang narik kawigaten kanggo ditliti. Salah sijine kutha kang duwe tinggalan akeh nanging kapetung ora nate ditliti yaiku kutha Jember. Masia yen nonton umure kuthane kapetung isih enom banget, nanging tinggalan wujud prasasti lan candhi kang ditemokake ing kono aweh bukti yen wiwit era Hindu-Budha Awal utawa lumrahe sinebut jaman klasik ing Jember wis ana sistem pamrentahan.

Sawetara prasasti kang bisa didadekake bukti yen ing Jember wiwit jaman era Hindhu-Buddha biyen wis ana pamrentahan yaiku Prasasti Batu Gong kang ditemokake ing dhusun Kaliputih Rambipuji. Ing prasasti kasebut tinemu tulisan aksara Palawa cacah lima kang unine parvvateswara sing tegese ‘Dewa Gunung’ kang mujudake pralambang saka Dewa Syiwa.

Prasasti kang ginawe saka watu andhesit iki narik kawigatene para peneliti amarga beda klawan prasasti liyane. Salah siji peneliti saka manca negara kang wis nliti prasasti iki yaiku Williem F. Stutterheim. Ahli arkeologi saka Walanda kang paling akeh nliti tinggalan sejarah ing pulo Jawa sisih Wetan nliti  prasasti Batu Gong rikala taun 1933 M.

Saka panliten kasebut dinuga prasasti kasebut mujudake prasasti paling tuwa ing Pulo Jawa sisih Wetan, awit prasasti kasebut dinuga asale saka abad VI M. Williem F. Stutterheim uga duwe panduga prasasti kasebut digunakake kanggo sarana upacara ritual kanggo masyarakat Hindu ing Jember rikala abad VI M. Panduga iki lair jalaran blendhukan  ing prasasti kang mirip blendhukan  ing gong sajroning piranti gamelan Jawa iku mujudake pralambang saka lingga.

Saliyane kuwi, saka jinis aksara kang ditulisake dinuga aksara kasebut luwih tuwa tinimbang umure kerajaan Majapahit. MiturutWilliem F. Stutterheim aksara kang digunakake sajroning prasasti kasebut memper banget klawan aksara kang tinemu ing Prasasti Dinoyo ing Malang kang mujudake tinggalan saka Kerajaan Kanjuruhan kalane punjere kerajaan kasebut dicekel dening Raja Gajayana. Sauntara kuwi yen  ditonton saka klasifikasine aksara, Williem F. Stutterheim duwe panganggep Prasasti Batu Gong Rambipuji uga sairib klawan aksara kang digunakake ing prasasti-prasasti tinggalan jaman Kerajaan Tarumanegara. Adhedhasar saka iki Williem F. Stutterheim duwe panduga Prasasti Batu Gong Rambipuji digawe ing antarane taun 650-732 M. Yen panduga iki bener, bisa dikandhakake Prasasti Batu Gong Rambipuji mujudake tinggalan jaman klasik paling tuwa ing Jawa Timur.

Sauntara kuwi Himansu Bhusan Sarkar kang mujudake arkeolog saka India uga duwe panemu kang padha. Dheweke kang nliti jinising aksara kang digunakake sajroning Prasasti batu Gong Rambipuji duwe panganggep yen aksara sajroning prasasti sairib klawan prasasti tinggalane Raja Purnawarman, sawijining raja kang nate jumeneng nata ing Kerajaan Tarumanegara. Mung wae Himansu Bhusan Sarkar duwe panemu umure Prasasti Batu Gong Rambipuji duwe umur luwih tuwa dibandhingake pandugane Williem F. Stutterheim. Arkeolog India kuwi duwe panduga Prasasti Batu Gong Rambipuji asale saka abad V M.

Saka prasasti kasebut bisa dinuga sakiwa tengene prasasti yaiku dhusun Rambipuji wiwit abad V M biyen wis mujudake papan kang rame, lan para panliti duwe keyakinan jeneng Rambipuji dhewe dijupuk saka panyebut ritual kang ditindakake dening masyarakat ing kono rikala abad V kepungkur.

Saliyane kuwi prasasti Batu Gong Rambipuji uga dinuga oleh pangribawa saka raja-raja Mataram Hindu kalane dicekel Dinasti Syailendra. Panduga kaya ngene adhedhasar arti saka Syailendra iki sairib klawan teges aksara ing prasasti Batu Gong Rambipuji. Syailendra kasusun saka tembung syaila lan indera. Syaila duwe teges gunung lan indera duwe teges panguwasa (raja). Anane pepadhan ing babagan teges iki kang ndadekake panduga iki akeh sing percaya.

Durung maneh yen dititik saka gunane prasasti sacara umum. Manut sawetara cathethan prasasti dibangun lan dipapanake ing sawijining papan kanggo tetenger marang anak putu. Saka kene bisa dinuga yen kabangune prasasti Batu Gong Rambipuji mujudake panandha kang dibangun dening panguwasa Mataram Hindu kanggo nandhani laladan Rambipuji mujudake dhaerahe.

Saliyane prasasti Batu Gong Rambipuji ana uga prasasti Congapan kang dadi bukti Jember klebu kutha tuwa ing Jawa Timur. Prasasti Congapan dhewe ditemokake ing perenge Gunung Argopura, pase ing dhusun Congapan desa Karang Bayat Kecamatan Sumberbaru. Prasasti kanthi ukuran dhuwure 1,26 m dawane 2, 8 m, lan ambane 2,68 m iki dinuga  umure luwih enom tinimbang prasasti Batu Gong Rambipuji.

Williem F. Stutterheim kang uga nliti prasasti iki ngandhakake yen aksara kang tinulis ing prasasti iki duwe bentuk aksara kuwadrat Kediri. Ing panlitene Williem F. Stutterheim nulisake ngenani isi saka prasasti kasebut. Ing tulisan kang ditulis sacara ngadeg  tinulis sarwa hana kang tegese sarwa ana, lan ing tulisan kang ditulis sacara mendatar ana tinulis tlah sanak pangilanganku kang tegese ilang sadulurku kelanganku.

M.M Sukarto Karto Atmodjo, salah siji arkeolog saka Indonesia kang nliti Prasasti Congapan duwe panemu tlah sanak pangilanganku mujudake sengkalan (kronogram) ngenani kapan prasasti kasebut digawe. Tlah kang duwe teges ilang mujudake pralambang saka angka 0. Sanak kang duwe teges sedulur mujudake pralambang saka angka 1. Ilang kang tegese ilang mujudake pralambang saka angka 0. Ku kang cekakan saka aku mujudake pralambang saka angka 1. Saka sekalan iku ketemu angka taun 0101, lan yen manut tata pamacane sengkalan kang diwalik ditemu angka taun 1010 Saka kang dinuga ginawene prasasti kasebut. Nitik saka angka taune ana panduga prasasti iki digawe dening Raja Samarotsaha minangka putra Prabu Airlanga, raja saka Janggala nalika nindakake lawatan menyang Jawa sisih wetan.

Anane paninggalan saka jaman kawuri kang kebak klawan nilai sejarah iki minangka generasi mudha, kita duwe kewajiban njaga lan nyoba nguri-nguri tinggalan iku mau. Sokur bage gelem melu nyinaoni amrih bisa nambahi kawruh lan seserepan ngenani kaya ngapa panguripane leluhure awake dhewe biyen. (P. Kusuma)

Berita Terkait

img

Samak Minggu Ini

img

img

Sumber Semangat

Saupamane wae kabagyan iku bisa dituku, mesthi wong-wong sugih bakal nuku kabagyan mau. Lan kita bakal kangelan oleh kabagyan ksb merga wis diborong wong kang sugih mau. Nanging tujune ka­bagyan kuwi anane mung ing njero  ati lan pikiran. Ka­bagyan iku mung bisa didu­weni dening wong kang pin­ter nindakake sukur.

Klik

ARIF WICAKSANA

Grengsenge mbabat alas kanggo kabutuhan pembangunan kanthi ngurbanake sakehing warna-warna ijo ing alam, pranyata isih ana uga kang gelem ngalah lan ngajeni banget marang ‘pabrik’ oksigen ksb. Iki salah siji contone, dimen nylametake wit siji-sijine, panggawene dalan nasional lila dienggokake. Dadi, ayo ndadekake wit-witan minangka karib kita, ing ngendi wae. (d/ist)***

Pethilan

Amandemen gumantung keputusan politik

Gumantung kepentingane uga

Koalisi padhadene ngenteni capres cawapres

Intip-intipan rupa lawas

Lobi-lobi politik saya kerep

Kasak kusuk, nyang-nyangan…