Pak Pos Istimewa
Diposting oleh : Administrator
Kategori: Roman Remaja - Dibaca: 5 kali

Dhik, ana pak pos!” Bengoke Mas Kukuh saka ruwang tamu nalika ngerti ana kurir ngeterake barang kanggoku. Aku nalika kuwi isih umyeg nylurupne bolah ing dom kanggo njait taplak meja.

Krungu kandhane Mas Kukuh, lang­sung nyat dakplayoni pawongan sing lagi mertamu ing omahku. Pawongan sing ba­nget dakenteni tekane. Sing sepisan merga dheweke mesthi nggawa nomer bukti arupa majalah sing ngemot tuli­sanku. Sing kaloro, penginku nyatakne kabar saka grup Whattsap kanca SMP dene Mas Faisal minangka ketua Osis sing kawit biyen dadi idola-ku, kerja nyang kantor pos ing kutha Blitar kene.

Aku mlebu ruwang tamu nanging su­wung ora ana wong babar pisan.

“Mas Kukuh ngapusi…!!!” kandhaku karo mlayu marani Mas Kukuh lan njotosi pundhake.

“Lho.. lho ngapusi piye ta, lha kuwi lho majalahmu,” tangane nuding amplop soklat sing gumletak ing bupet TV. “Mung yen pak pose ora ana ya aja nyalahne aku. Kowe sing kesuwen. Masak pak pos kon lungguh dhisik, ngombe kopi!?” kan­dhane sinambi mesam-mesem nggodha.

Aku mung bisa mrengut karo klunuh-klunuh mbalik ing mesin jait lan janji ba­kal luwih sregep nulis murih bisa kapacak ing majalah lan bisaa ketemu karo Pak Pos idola.

***

Bedhug kuwi swara motor man-dheg ing plataran omahku. Dakinceng saka cendhela kamarku, motor lan jakete wer­na kunir mateng. Wah iki mesthi Pak Pos, batinku bungah.

Karep ati pengin langsung marani lan nakokake perkara Mas Faisal, sapa ngerti lumantar dheweke aku bisa sambung ma­neh karo idola-ku mau. Nanging, ujug-ujug kok ndredheg lan bingung ke­priye anggonku ngronce tembung amrih bisa dadi ukara sing ora ngisin-isini? Piye carane amrih Pak Pos iki gelem menehi alamat, luwih-luwih nomer HP-ne Mas Faisal?

Pak Pos wis mudhun saka motore banjur ngrogohi obrok sing dicantholne ing jok motore.

Kringetku dleweran, lambeku ngo­wel. Sing dakwedeni yen nganti ora bisa manfaatake kalodhangan iki, mligine ta­kon babagan Mas Faisal, dhuh... tambah gelane atiku.

Aku panggah lungguh ing pinggire dhipan nalika Pak Pos uluk salam. Arep metu bingung, ora metu mesthi dhilut wae majalah saka Pak Pos wis pindhah ing tangane Mas Kukuh. Mratandhani yen dina iki gagal maneh.

“Dhik, ana Pak Pos!” bubar unjal am­began keprungu Mas Kukuh guneman karo Pak Pose “Sekedhap nggih Mas, sampeyan enteni dhilut.”

Dakwanek-wanekne atiku, dakkuwat­ne kanggo mlaku metu. Lawang dakbuka “Ya Mas, sik!”

Jebule Mas Kukuh wis mbalik ing mburi. Dene tamune wis dipinarakne ing lincak emper. Saka iringan katon wonge sing dadi tukang pos kuwi lemu nanging isih enom. Sajake saumuran karo Mas Kukuh. Adhuh piye ya sida takon apa ora ya, atiku dheg-dhegan.

“Ngapunten Pak, nengga dangu?” kandhaku minangka abang-abang lam­be, wong ora nganti sajam ngentenine ae he..he..

“Nggih Bu..” sinambi ndhingkluk ngro­goh polpen ing sak jakete.

“Ibu Nilam Dumilah?” majalah mi­nangka nomer bukti diwenehne nanging blas ora dakrewes apa maneh daktam­pani. Senajan awake wis mundhak sak ton, wajahe mlepuh kaya abuh, tapi mri­pat kuwi. Mripate sing ajeg makantar-kantar nalika dadi pemimpin upacara. Lan dakkira aku ora perlu maneh bingung mesthekake omongan nyang grup Whatsapp SMP.

“Mas Faisal?.. Faaaisal Ahmad Hamdani..” kandhaku gagap. Esemane jan ora bisa daklalekake.

“Dumi !?..”

Aku lan dheweke padha-padha kagete. Aku manthuk-manthuk krugu jenengku diceluk. Jeneng celukan dudu jeneng jangkep sing ditambahi “bu”.

“Sampeyan isih eling karo aku?” pitakonku ngempet bungah campur isin dadi siji.

“Piye ora eling. Maca undang-undang lancar, melu upacara nganti bar, tapi evaluasi kok semaput,” ujare mbedani.

“Ha ha ha..” aku wis ora bisa ngempet maneh nalika dielingake kedadeyan kuwi. “Mas ora pinarak dhisik?” daktampani majalah sing dilungake. “Sepurane ya, aku kudu kerja keras kanggo calon anak bojoku…”

Swarane samar-samar merga aku fokus urek-urek tandha ta­ngan ing buku bukti terima barang. Blegere wis ilang saka pan­duluku, nanging ukarane sing pung­kasan isih keprungu, lan gawe atiku tansah dheg-dhegan. Calon anak-bojo. Wah wiwit saiki kudu luwih sregep neh nulis! (Dening : Syafi Rilla S.Maghfuroh)

Berita Terkait

Samak Minggu Ini

img

img

Sumber Semangat

Wong kang nglarani awakmu, yen dudu luwih kuwat ya luwih ringkih saka awakmu. Tumrape sing luwih ringkih saka awakmu, apu-ranen. Lan kang-gone kang luwih kuwat, apuranen awakmu dhewe.

Klik

PATUNG RASEKSA MAO ZHEDONG

Patung emas raseksa tilas pemimpin Cina, Mao Zedong ing desa Tongxu, Henan, Cina. Patung kang dhuwure 36,6 meter mawa cet emas iki madeg ing sandhuwure pategalane warga, ing desa Tongxu, provinsi Henan, Cina. Ragad kang dientekake kanggo mbangun patung iki kurang luwih Rp 6,3 milyar. Mao Zedong mujudake presiden pisanan negara pandha kang kuwasa suwene 27 taun. (d/ist)***

Pethilan

Rega pangan ngadhepi pasa dijamin

Pengin murah, tuku nang koran ae!

Gaya ngadibusanane Pres. Jokowi mujudake strategi komunikasi

Ana sing nggaya ote-ote uga

Legislator kena OTT KPK maneh. Ketua DPR Bambang Soesatyo nga¬jab iku kang pungkasan

Pungkasan sing korupsi apa pung­kasan sing konangan?