
Muncule Keris Ing Indonesia
Masyarakat Jawa jaman dhisik nduweni
falsafah, manungsa durung dianggep cukup (sampurna) yen durung darbe wisma,
wanita (garwa), turangga, kukila, lan Curiga. Wisma tegese omah utawa papan
padunungan. Wanita (garwa) tegese bojo utawa sisihan, mula “garwa” dijarwa
dhosok dadi”sigarane nyawa”.Turangga (kudha) iku arane tetumpakan, yen
jaman saiki kayata pit, sepedha motor apa mobil. Kukila tegese manuk
kutut utawa bangsane sato oceh-ocehan, yen jaman saiki bisa kagolongake
radhio, teve, lcd/vcd, hape utawa internet. Dene curiga (keris) iku
arane gegaman utawa piranti kanggo njaga dhiri.
Sanadyan panganggep mau ing jaman saiki mung mujudake
bab kang simbolik bae, nanging ing kalodhangan iki bakal dakaturake saweneh
penganggepe wong Jawa marang wujude gegaman simbolik kang disebut curiga utawa
keris, uga katela dhuwung, wangkingan utawa wesi aji (tosan aji).
Bab iku dakanggep pantes katurake, sabab keris minangka gegaman kanthi
ukuran cekak iku tetela sawijining perangan saka kabudayan Jawa kang tekan
saprene isih tetep kawentar. Ing Indonesia utawa ing negara manca, tekan saiki
keris isih kagolong kondhang dening maneka warna corak lan wandane kang
milangoni.
Keris minangka asil karya seni lan budaya Indonesia
uga isih duwe palungguhan wigati tumraping sawatara masyarakat, becik ing
babagan kapitayan utawa minangka piranti upacara. Mangkono uga palungguhane
‘empu’ minangka pawongan kang yasa keris, ing jaman biyen banget kajen lan
keringan. Kejaba keris, jinis gegaman cendhak liyane kang memper keris kayata patrem,
cundrik, kudi, wedhung. Denenama-nama keris lan gaman cendhak liyane ing
pendhak dhaerah, kayata: abinan, kerres (Madura), katga, kadutan,
urak (Bali), pondok, ponoh (Gayo, Aceh), karih (Minangkabau),
sele (Makasar), tapi, badik (Bugis), kujang (Sundha), kalis
(Sulu, Pilipina), lsp.
MunculeKeris ing Indonesia
Ing buku “History of Java” (1817) Sir Thomas Stamford
Raffles ngandharake. ora kurang saka 30 jinis gegaman (kalebu bedhil) kang
digunakake dening prajurit Jawa.Nanging kang duweni kalungguhan mirunggan
tumrap masyarakat Jawa iku mung keris, yaiku saweneh gegaman cekak kang
lancip.Keris ana kang lurus (lenceng lan ana kang mawa luk (menggak-menggok).
Dene DC. Stibbe lan Letkol Uhlenbeck ngandharake, ing Museum Anthroplogi
Leiden sumimpen keris kang wiwitane tinemu ing tengah stupa paling gedhe
ing Candhi Borobudur. Ditaksir, keris iku umure wis tuwa nalika dilebokake ing
njero stupa. Apamaneh (manut pituduh kang ana) keris kasebut wis digawe
ingjaman kuncarane Krajan Mataram Hindhu ing Jawa.
Ing crita-crita babad akeh disenggol ngenani keris lan
kasektene, kalebu kasektene empu minangka pawongan kang bisa yasa keris.
Ing crita “Ajisaka” disebutake, ana abdi loro mati rebutan keris amarga ndherek
dhawuhe bendara. Dene ing kitab Pararaton (tinemu ing Pulo Lombok taun 1894)
lan kitab “Negarakertagama nyritakake riwayate Ken Arok lan keris Empu
Gandring. Kacarita, Ken Arok pesen keris marang Empu Gandring lan dijaluk bisa
rampung sajroning 5 sasi. Nanging kanggo mujudake keris kang becik lan ampuh,
Empu Gandring butuh wektu setaun . Ken Arok njaluk keris sing durung dadi
kanthi peksan, langsung ditamakake ing jajane Empu Gandring engga pralaya.
Ken Arok kena ipat-ipate Empu Gandring satemah anak-putune padha nandhang
palastra lan padha paten-patenan.
Ing crita Babad Tanah Jawa uga bisa kawaca sakehing
prastawa rajapati jalaran saka keris. Kayata sedane Pangeran Pekik ing
Surabaya lan 40 anggota kulawargane ing taun 1668. CritanePangeran Pekik
masrahake Rara Oyi (Ratu Blitar) calon garwane Sunan Amangkurat I marang
pangeran adipati anom (Raden Rahmat) putra Amangkura I lan uga wayahe Pangeran
Pekik. Jalaran calon garwane (Rara Oyi) iku ’didhisiki’ putrane, satemah
Amangkurat I duka tan sipi. Kajaba mrajaya Pangeran Pekik sakulawargane,
Amangkurat I uga dhawuh marang pangeran adipati anom supaya nyedani
Ratu Blitar mawa kerise pribadi. Crita katresnan antarane Rara Mendut lan
Pranacitra, uga dipungkasi kanthi dumadine rajapati amarga keris.
Kajaba saka iku, ing Serat Kandha kacritakake, akeh
empu sekti kang pindhah saka Pajajaran menyang Majapahit jalaran kurang
diregani dening panguwasa Pajajaran. Pungkasane Pajajaran ambruk. Dene ing
jaman Mataram Islam ana crita yen Ki Ageng Mangir Wanabaya kagungan keris
(tumbak cekak) aran Kyai Baru kang ampuhe magila-gila. Ing naskah “Sejarah
Empu-Empu Tanah Jawa” disebutake, Kraton Medang Kamulan (abad XII) ana empu aran
Empu Ramadi yasa keris kanthi kekuwatan gaib ing kukuban pesisir lor Jawa
udakara taun 1559. Crita bab daya gaibe keris lan kekuwatane empu kang yasa
keris, mahanani keris saya misuwur lan duweni papan mirunggan ing kalbune
masyarakat. Crita iku ngrembaka kanthi gethok tular lan dibumboni crita-crita
gaib kang manut nalar angel kabukten. Nanging kanthi anane data-data kasebut,
diteksir keris muncullan ngrembaka antarane abad 8 tekan abad 16.
Ing kasusastran Jawa Kuna, bab ‘pandhe’ uga disenggol,
kayata ing kitab Adiparwa, Tantu Panggelaran, lan Negarakertagama. Kitab
kasebut ing antarane nyebutake anane: “apandhe gendhing, apandhe wesi,
pandhe mas, lan pandhe dhadhap”.PrasastiWatukurauga nyebutake bab: “pandhe
mas, kangsa wsi, dhadhap”. Dene Prasasti Karang-tengah taun 746 Saka (824
M) nyebutake arane pirantipirantijaman kuna, kayata lukai, punukan,
wadhung, lan patuk kres. Tembung patuk kres ing prasasti iku dinuga
maksude iya ‘keris’ kaya kang umum diweruhi saiki.Mungguh kalungguhan “pandhe”
iku manut saweneh cathetan lawas dipapanake ing jajaran lingkungan kraton.
Nanging uga ana panemu yen pandhe iku kalebu golongan sudra, katelah “asta
candhala” (pakaryan ina). Bab iki kaya kang kagambar ing relief Candhi Sukuh
(Jawa Tengah).
Nanging perlu kawuningan pungguh ingJawa Tengah iya
ing jaman Mataram Hindhu-Kuna, tetela ora tinemu peninggalan kang wujud
cathetan tinulis kaya dene kang awujud pawarta utawa karyasastra kang
nyritakake bab keris. Mula crita bab keris ing jaman Mataram Kuna iku ora bisa
kawruhan kanthi cetha, kajaba mung bisa dilacak saka bukti-bukti kang ana ing
relief-relief candhi. Kayata Candhi Borobudur, Candhi Prambanan lan
candhi-candhi liyane ing Jawa.
Kayawis akeh dimangerteni yen ing Jawa Tengah lan
Daerah Istimewa Yogyakarta(DIY) iku akeh wujude peninggalan candhi. Dene
Candhi Borobudur lan Candhi Prambanan mujudake candhi kang paling gedhe ing
jaman Mataram Hindhu-Kuna. Candhi loro kasebut ing antarane nggambarake bab
panguripan pawongan ing padinane lan wujude gegaman kang ana wektu kuwi.
Nanging tetela ing candhi loro mau ora tinemu wujude relief gambar keris.
Mungguh kang akeh tinemu ing gambar relief Candhi Prambanan yaiku adegan paprangan
ing crita Ramayana lan Kresnayana, sarta gambar relief wujud gegaman kaya ta panah,
gada lan pedhang.
Bab iki beda karo kahanan ing Candhi Sukuh ing pereng
Gunung Lawu (Sragen, Jawa Tengah). Sacara geografis Candhi Sukuh iku mapan ing
Jawa Tengah, nanging satemene mujudake candhi asal (cakrik) Jawa Timur kang
winangun ing pungkasan abad 15 utawa ing pungkasane jaman Majapahit sadurunge
ambruk. Ing Candhi Sukuh ana gambar relief wujud “pandhe wesi kang lagi makarya
lan asil karyane kaseleh ing saweneh papan kaya meja”. Sanadyan gambar
relief ing candhi Sukuh iku ora pepak lan ora cetha, nanging paling ora bisa
aweh gegambaran marang bab: 1). Cara makaryane pandhe besi wektu kuwi, 2).
Piranti pandhe besi, lan 3). Bab asil karya kang ditandangi pandhe wesi
kasebut.
Katrangan:
1. Cara makaryane pandhe besi wektu kuwi yen
digatekake sakaposisine tumandang, bisa dijupuk dudutan yen cara makaryane
saemper karo pandhe wesi jaman saiki. Kanggo nandangi pakaryan kasebut paling
ora dibutuhake tenaga cacah loro, yaiku pandhe besi (kang tugase
nggarang wesi kang bakal digembleng lan dibentuk dadi gegaman) lan pengubub
(panjak· utawa pembantu pandhe besi kang tugase gawe lan mompa geni).
2. Bab piranti pandhe besi kang wujud ububan (pompa)
iku bentuk lan pigunane uga isih tetep kaya bentuke ububan ing jaman saiki kang
ana ing desa-desa. Mangkono uga wujude piranti kayata tapak, palu (martil),
grenda, lsp.
3. Bab asil karya kang ditandangi pandhe besi iku
wujud gegaman kayata kers,i tumbak, kudhi, lan jinis gegaman liyane.
(Cathetan: gambar relief pandhe besi ing Candhi Sukuh iku bisa dipriksani ing
buku “Gids voor Oudheden van, Soekoeh en Tjeta” tulisane WF Stutterheim).
lng Jawa Timur pancen akeh tinemu wujude pepethan
candhi kanthi relief gambar keris.Kayata ing Candhi Jago (Jajagu)lan Candhi
Tegawangi (Pare, Kediri). Ing Candi Jago (kabangun taun 1268 M) ana relief kang
nggambarake adegan”Pandhawa main dhadhu”, ing reliefkasebut uga ana gambar
relief para punakawan kang lungguh ing sisih mburi kanthi nggawa keris. Dene ing Candhi Tegawangi lan ing
Candhi Panataran (kabangun taun 1369) uga ana gambar relief cacah papat kang
nggambarake marang uda wadanane pawongan kang nggawa keris. Kajaba kuwi, Gambar
keris uga muncul ing tontonan Wayang Beber lanWayang Gedhog ing Jawa Timur
kanti crita “Panji” jaman Jenggala-Kediri abad 12. Paraga ing crita Wayang
Beber lan Gedhog iku digambarake nganggo keris kaya bentuke keris jaman saiki.
Asal-usule Keris
Kaya wis kaaturake ing ndhuwur, yen gegaman kang ana
ing tatahan relieif Candi Borobudur lan Candhi Prambanan iku akeh-akehe wujud
gegaman kayata panah, gada lan pedhang. Gegaman pedhang iku digunakake kanggo
nyabet, dene keris lan tumba iku kanggo nyuduk (nyoblos). Ana panemu yen keris
iku asale dumadi saka pamekaran gegaman kang kanggo nyuduk (steek-wapen,
Belanda). GS Gardner (1936) ngandharake, asal-usule keris iku pamekaran saka
gegaman ing jaman purba kang digawe saka ri (patil?) iwak pari. Cara
panggawene, ri iwak pari dilancip utawa patil, diguwang pucuke, banjur diblebet
nganggo gombal minangka garan lan dadi gaman cekak kang mbebayani.
(Ana Candhake)


Wong kang
nglarani awakmu, yen dudu luwih kuwat ya luwih ringkih saka awakmu. Tumrape
sing luwih ringkih saka awakmu, apu-ranen. Lan kang-gone kang luwih kuwat,
apuranen awakmu dhewe.
PATUNG RASEKSA MAO ZHEDONG
.jpg)
Patung emas raseksa tilas pemimpin Cina, Mao Zedong ing desa Tongxu, Henan, Cina. Patung kang dhuwure 36,6 meter mawa cet emas iki madeg ing sandhuwure pategalane warga, ing desa Tongxu, provinsi Henan, Cina. Ragad kang dientekake kanggo mbangun patung iki kurang luwih Rp 6,3 milyar. Mao Zedong mujudake presiden pisanan negara pandha kang kuwasa suwene 27 taun. (d/ist)***
Rega pangan ngadhepi pasa dijamin
Pengin murah, tuku nang koran ae!
Gaya ngadibusanane Pres. Jokowi mujudake strategi komunikasi
Ana sing nggaya ote-ote uga
Legislator kena OTT KPK maneh. Ketua DPR Bambang Soesatyo nga¬jab iku kang pungkasan
Pungkasan sing korupsi apa pungkasan sing konangan?
