Timun
(cucumis sativus, Latin) mujudake jinis tetuwuhan kang watange nlosor. Timun
klebu golongane woh labu-labuan (cucurbitaceae) kaya dene melon, waluh,
semangka, lsp. Woh timun wujude gilig, nalika isih enom ulese ijo kanthi
larik-larik putih semu kuning. Saya tuwa rupane malih dadi ijo lan putih
pucet. Woh timun nggawa rasa anyep lan seger. Umume diundhuh nalika isih
setengah tuwa. Timun sauwit bisa ngasilake uwah udakara 20 iji.
Timun
mujudake woh kang akeh ngandhut banyu, rasane seger lan kemremes (renyah).
Lumrah kanggo dhahar lalap, acar, salad, rujak engga sandwich. Kandhutan
kalorine timun sethithik banget, nanging ngandhut nutrisi akeh. Kejaba iku
uga ngandhut kalium, folat, karbohidrat, seng, vitamin C lan vitamin K kang
klebu dhuwur. Kabeh nutrisi iki mbiyantu banget kanggo njaga kasarasaning
badan, sarta bisa kanggo srana nambani maneka warna penyakit.
Milih timun
Milih
timun sing becik, tandhane yaiku wernane ijo padhang, wujude alus lan mulus (ora
penyok/gempil). Kejaba iku aja milih timun sing tuwa banget, sebab kandhutan
gizine wis suda. Nalika arep didhahar, timun bisa dirajang katut sakulite.
Sebab kulit timun uga ngandhut serat lan gizi kang murakabi. Yen milih timun
becik sing organik, sebab luwih seger lan kandhutan gizine uga luwih akeh.
Pranyata
timun iku mujudake obat alami kang sugih marang sawernane gizi lan nutrisi kang
gedhe mupangate marang kasarasaning badan. Saben 100 gram woh timun ngandhut
energi 15 K calori (kurang saka 1%), karbohidrat 3,63 gr (3%), protein 0,65 gr
(1%), lemak 0,11 gr (0,5%), kolesterol 0mg (0%), diet serat 0,5 gr (1%), folat
7mg (2%), niacin 0,098 mg (kurang 1%), asam pantotenat 0,259 mg (5%),
pyridoxine 0,040 mg (3%), riboflavin 0,033 mg (3%), thiamin 0,027 mg (2%),
vitamin A 105 IU (3,5%), vitamin C 2,8 mg (4,5%), vitamin E 0,03 mg (0%),
vitamin K 16,4 mg (13%), sodium 2 mg (0%), kalium 147 mg (3%), kalsium 16 mg
(1,6%), besi 0,28 mg (3,5%), magnesium 13 mg (3%), mangaan 0,079 mg (3,5%),
fosfor 24 mg (3%), seng 0,20 mg (2%), karoten-AY 45 UG, crypto-xanthin-AY 26
UG, lutein-zeaxanthin 23 UG.
Saka
andharan ing ndhuwur bisa dimangerteni menawa timun iku mujudake sayuran/woh
kanthi kalori cendhek, lan babar pisan ora ngandhut lemak jenuh (kolesterol).
Mula timun mujudake sumber serat makanan kang dhuwur, sarta mujudake sumber
kalium lan elektrolit kang utama.
Paedahe timun mungguhing kasarasan
Kanthi
ajeg dhahar timun bisa nggogrogake batu ginjel. Sebab kandhutan banyune timun
bisa mbiyantu fungsine ginjel kanthi cara nggancarake iline banyu sene. Dhahar
timun utawa ngunjuk jus timun kanthi ajeg bisa ngawekani masalah pencernakan
asam lambung lan borok lambung. Dhahar timun mentah bisa nikelake undhake banyu
idu kang bisa netralake asam lan alkali ing tutuk, mesisan bisa kanggo nambani
lara gusi.
Timun
ngandhut banyu 95% lan kalium 147 mg, sarta ngandhut natrium sethithik. Kalium
iku ngasilake elektrolit kang becik kanggo kasarasane ati, mbiyantu ngedhunake
tekanan dharah tinggi lan ngatur wirama ketege jantung, uga kuwawa mbiyantu
njaga bobote badan.
Timun
ngandhut mangaan lan serat kang mupangati kanggo ngatur tekanan dharah, becik
dharah tinggi apadene dharah rendhah.
Timun
ngandhut banyu akeh kang piguna kanggo njaga kulit lan awak supaya tetep seger.
Uga mupangat kanggo ngilangi racun, sebab kadhar banyu timun bisa ngresiki lan
ngetokake rereged (racun) njero badan.
Timun
ngandhut antioksidan kayata betakaroten, alfakaroten, vitamin C, vitamin A,
xea-xanthin lan lutein. Gabungan dadi siji iku ndadekake minangka zat pengayom
marang radikal bebas lan nyegah badan kang kaya-kaya cepet tuwa (dumadine
akibat penuaan), sarta penyakit liyane kang ana gegayutane karo umur.
Timun
ngandhut zat tembaga kang piguna kanggo ngendheg dumadine penyakit pikun/lalen
(alzheimer). Uga ngandhut hormon kang dibutuhake dening pankreas kanggo
ngasilake insulin sing mupangate kanggo sing nandhang diabetes.
Silikon,
sulfur sodium, fosfor lan kalsium kang kinandhut ing timun mujudake nutrisi
kang dibutuhake kanggo gawe lemune rambut. Mula dhahar timun ajeg pendhak dina
becik kanggo njaga dumadine rambut rontog.
Ora mung iku
wae, wiji (isi) timun uga minangka obat alami kanggo ngilangi cacing pita sing
ana ing saluran usus. Kejaba iku uga duwe sipat anti inflamasi kang becik
kanggo nambani selaput lendir njero irung lan ing gorokan. Isi timun sing
sugih vitamin E lan kalium bisa mbiyantu nyuda garis-garis alus (kisut) lan
werna ireng kang ana ing pasuryan. Dene kulit timun kang ngandhut serat bisa
mbiyantu nyuda bedhegelen lan gangguwan pencernakan, uga nyegah penyakit
lambung. (Ism)
Yen kowe weruh semut kepleset lan
ceblok ing banyu, mula angkaten lan tulungana dheweke... Sapa ngerti kuwi dadi sebab anane ampunan
tumrapmu ing akherat mengko.
FESTIVAL CAGANARES
Caganers yakuwi sawijining festival kang dianakake saben wulan Desember ing daerah Catalunya utawa Barcelona, Spanyol. Festival iki bakal ndadekake sapa wae gedheg-gedheg. Kepriye ora, merga masyarakat ing kono ngumpulake maneka figur tokoh dunia kang lagi mbukak kathoke lan (ngapunten) bebuwang. Tokoh duniane macem-macem, kaya Ronaldinho, Albert Einstein, Michael Jackson, Donald Trump, Barrack Obama, lsp. Festival iki ngemu teges yen sapa wae satemene padha tanpa ndeleng trah utawa jabatane nalika bebuwang. (d/ist)***
LP Banda Aceh ribut, 113 napi kabur
Sapa
sing betah nang pakunjaran?
Cawe-cawene guru ora bisa digenteni
Apamaneh
sing jenenge Pak Google
600 dina kasus penyerangan Novel durung kawiyak
Aparat
lagi asyik ngetung dina mbokmenawa