
Pemain
Teater lan Pelaku Bisnis Kang Srempeng
Hajjah Raden Ayu Sitoresmi
Prabuningrat luwih dikenal minangka artis teater lan filem kang lenggah ing
kutha Yogyakarta. Wanodya ayu kang isih trahing kusuma rembesing madu iku
durung suwe iki ngedegake bebadan mirunggan, dijenengi Lembaga Akting Sitoresmi
Prabuningrat (LASP) Yogyakarta. Adeging lembaga iku ngemu karep kanggo nglatih
generasi mudha ing babagan seni akting lan seni peran, murih ing tembe bisa
dadi seniman kanthi kuwalitas kang becik, bisa kapiyandel lan pinarcaya. Becik
ing babagan seni filem, sinetron, drama, teater, utawa kethoprak.
“Seka taun 1970 tekan
1990, kutha Yogyakarta tau dianggep minangka barometere kesenian. Salah sijine
yaiku ing babagan seni peran kaya ta teater lan uga kethoprak,” kandhane Hj.
R.Ay. Sitoresmi Prabuningrat kang dening para mitrane luwih rumaket diceluk
‘Mbak Sito’ iku. Wektu kuwi akeh jumedhul sanggar-sanggar teater kaya ta
Bengkel Teater, Teater Alam, Teater Dinasti, Teater Muslim, Teater Gandrik,
Teater Stemka, Teater Gajah Mada lan liya-liyane. Uga akeh dumadi pentas-pentas
teater ing pendhak kampung tanpa kendhat. “Nanging emane, bareng karo lumakune
wektu, julukan ‘kota teater’ tumrap kota Yogyakarta iku saiki wis surut,”
imbuhe.
Mula, bacute, dheweke
lan para seniman teater liyane kepengin mbalekake pamor kota Yogya minangka
barometer kesenian, luwih-luwih ing babagan seni peran. Sebab ulah ketrampilan
ing babagan seni akting lan peran, pranyata isih akeh dipengini masyarakat,
luwih-luwih para generasi mudha. “Ing pangajap, para siswa lulusan LASP iku
ing mengkone bisa dadi seniman kang mumpuni lan ora mung ‘waton dadi seniman’
utawa mung ‘seniman instan’ bae,” imbuhe Mbak Sito kang dhek tanggal 7 Maret
2018 iki yuswane wis ngancik 68 taun, nanging isih katon weweg, seger lan
semringah.
Dadi Anggota Bengkel
Teater
Asmane kang resmi
yaiku Sitoresmi. Nanging amarga isih trah Kraton Ngayogyakarta, mula jeneng
kasebut ditambahi gelar Raden Ajeng (sadurunge krama) utawa Raden Ayu (sawise
krama). Putra putrine GBPH Prabuningrat suwargi kang angka lima iku kawit
cilik pancen seneng marang ulah seni tari lan drama. Mungguh GBPH Prabuningrat
iku isih kaprenah raka dalem Sri Sultan Hamengkubuwana IX suwargi, nanging beda
ibu. Uga mantan Ketua MUI DIY lan rektor Universitas Islam Indonesia (UII)
Yogyakarta kang sapisanan. Dhek taun 1955-an GBPH Prabuningrat nate mandhegani
grup drama Teater Muslim Yogyakarta. Dene ibune Sitoresmi sadurunge krama wis
lenggah ing Kraton Ngayogyakarta minangka abdi dalem pambeksa bedaya.
Kaya dene paribasan
kacang mangsa ninggal lanjaran, Raden Ajeng Sitoresmi kawit cilik uga sengsem
marang kagunan seni. Putri kraton lulusan SD Keputran lan SMP Xaverius
Yogyakarta iku, nalika lagi bae ucul saka kelas III SMA Thomas lan durung kober
melu ujian akhir, tetela wis ambyur ing jagad seni teater. Ing taun 1969
Sitoresmi melu nggabung Bengkel Teater pimpinane WS Rendra kang wektu kuwi
mapan ing kampung Ketanggungan (Wirobrajan), udakara mung 400 meter saka Kraton
Ngayogyakarta.
Sitoresmi banjur
digandheng Rendra melu nguwati pentase Bengkel Teater kang wektu kuwi njupuk
lakon “Kasidah Barzanji” anggitane Syubah Asa. “Kasidah Barzanji mujudake
pentasku kang sapisanan kang banget nabet ing ati. Ing pementasan kasebut aku
rumangsa kaya dene bayi kang dilairake maneh,” kandhane Mbak Sito “Ing taun
1970, jebul aku dilamar Mas Wily (celukane WS Rendra, pen) minangka garwa kang
kapindho lan diwayuh karo Mbak Narti (Sunarti Suwandi, pen) minangka garwane
Mas Willy kang kapisanan. Wektu kuwi umurku 20 taun”, tambahe Sitoresmi. Ing
palakrama kasebut, Rendra mlebu agama Islam lan ganti jeneng dadi Sulaiman
Rendra.
Sabanjure Sitoresmi
tansaya aktif melu pentas-pentase Bengkel Teater, becik ing Yogyakarta utawa ing
Jakarta. Kayata drama kanthi lakon ‘Panembahan Reso’, ‘Mastodon dan Burung
Kondor’, ‘Perampok’, ‘Sekda’, ‘Kisah Suku Naga’, ‘Machbeth’, ‘Antigone’,
‘Oedipus Rex’, ‘Oedipus Berpulang’, ‘Lysistrata’. Dene Sunarti kadhapuk
mandhegani bab urusan gamelan duweke Bengkel Teater sing jenenge Nyi Pilis.
Umur 29 Taun Anake Wis
Papat
Nalika WS Rendra rabi
maneh karo prawan anggota Bengkel Teater anyaran kang aran Ken Zuraida, Sunarti
lan Sitoresmi emoh diwayuh lan njaluk pegat. Pungkasane ing taun 1979 Sunarti
Suwandi lan uga Sitoresmi Prabuningrat klakon dipegat Rendra. “Wektu kuwi umurku
lagi 29 taun lan wis duwe anak papat isih cilik-cilik. Anakku mbarep Yonas
Salya bae umure lagi 8 taun,” critane Sitoresmi. Sabanjure Bengkel Teater
alihan menyang Jakarta, dene Sitoresmi banjur bali ing Dalem Keben (omah
cekli ing kukuban Kraton Yogyakarta kang dilenggahi kulawarga GBPH Prabuningrat)
maneh.
Dadi salawase 9 taun
mbangun brayat karo Rendra, Sitoresmi nglairake anak papat. Dijenengi Yonas
Salya, Sarah Drupadi, Naomi Srikandi, lan Rachel Saraswati. Dene Sunarti duwe
momongan lima (Teddy Satya Nugraha, Andreas Wahyu Wahyana, Daniel Seta,
Samuel Musa, Ian Klara Sinta) lan Ken Zuraida duwe anak loro (Isaias Sadewa lan
Maryam Supraba). Dadi anake Rendra karo bojo cacah telu iku kabeh ana 11.
lng Dalem Keben,
sinambi momong anak-anake, Sitoresmi tetep sregep nggiluti pentas-pentas seni
teater sarta melu ngregengake jagad perfileman. lng antarane melu Teater Kronis
(pimpinan Bajuri Dullah Yusro), Teater Muslim (pimpinan Pedro Sudjono),
Sandhiwara KR (pimpinan Handung Kussudyarsana), grup Ketoprak Mataram “Sapta
Mandala” (pimpinan Bagong Kussudiardjo) lan uga main sinetron. lng Festival
Kethoprak Se-DIY 1983, Sitoresmi kadhapuk paraga Kangjeng Ratu Kidul lan
kepilih minangka pemain putri paling becik, sarta mboyong tropi Walikota
Yogyakarta. Dene ing sinetron “Keluarga Rahmat” kang tau ditayangake TVRI,
Sitoresmi kadhapuk dadi Bu Rahmat.
lng filem-filem
Nasional Sitoresmi uga asring kadhapuk minangka pemain utama utawa pemain
pembantu. lng antarane filem: Jaka Tarub lan Tujuh Bidadari (1981), Jaka
Tingkir, Banteng Mataram, Arya Penangsang, Ponirah Terpidana (1983), Hati
yang Perawan (1984), Siapa Menabur Benci Akan Menuai Bencana (1988), Cinta Tapi
Beda, Cinta Suci Zahrana, (2012), Surga Yang Tak Dirindukan, Ayat-ayat Adinda
(2015), Nyi Ageng Serang, lan Talak Tiga (2016). Ing filem “Arya Penangsang”
Sitoresmi kadhapuk dadi Ratu Kalinyamat, ing filem “Hati yang Perawan” dadi
Kangjeng Ratu Kidul, ing filem “Cinta Tapi Beda, dadi Munawaroh, ing filem
“Cinta Suci Zahrana” dadi Nyai Sa’adah, ing filem “Surga Yang Tak Dirindukan”
dadi Sulastri, lan ing filem “Nyi Ageng Serang” dadi paraga utama Nyi Ageng
Serang.
Ngecaki Warna-warna
Kegiyatan Bisnis.
Sitoresmi uga ngecaki
mawarna-warna kegiyatan bisnis. Mula saka iku, murih anggone kiprah lan makarya
bisa luwih obet lan kepenak, Sitoresmi banjur ninggalake Dalem Keben (kang
papane pas-pasan) lan tuku lemah ing kampung Banteng (Desa Sinduharjo, Ngaglik,
Sleman) kang papane ing karang pradesan nanging ora adoh saka dalan gedhe
(Jalan Kaliurang). Omah ing tengah kampung iku nuli dibangun. Dene Dalem Keben
diagem KRT Jatiningrat. (RM Tirun Marwito) kangmase Sitoresmi, pensiunan
karyawan Kabupaten Sleman kang uga pengaggeng ing Kraton Ngayogyakarta.
Minangka pelaku
bisnis, Sitoresmi tansaya sengkud makarya ing maneka warna usaha, tanpa
nglalekake donya kesenian kang wis kasil nggedhegake jenenge. Ing awale
ngedegake usaha busana lan kerajinan kulit (dijenengi CV. T&T Collection),
sabanjure gawe usaha penerbitan buku (aran PT Tiara Wacana) lan biro iklan
(Hasmi Creasi Corp), nuli diterusake gawe usaha transportasi pariwisata kang
kantor pusate ing Bali (aran PT Oceana Tirta Wisata) sarta rumah produksi
(production house) aran PT Tiara Yasa Film. Ora kurang saka 30 karyawan melu
makarya ing perusahaane.
Dene minangka aktris
lan anggota PARFI (Persatuan Artis Film Indonesia) kawit taun 1980, Sitoresmi Prabuningrat ing
taun 2017 kepilih minangka Ketua Umum PARFI Daerah Istimewa Yogyakarta. Kajaba
iku, Sitoresmi uga dipilih dadi Ketua Umum PBB (Partai Bulan Bintang) DIY kawit
taun 2016. Hj. R. Ay. Sitoresmi Prabuningrat uga aktif dadi anggota/pengurus
lKAPI (Ikatan Penerbit Indonesia) DIY, pengurus PII(Pelopor Islam Indonesia)
DIY, lan pengurus dhaerah Aisyiah Yogyakarta (perkumpulan kang diayomi
Muhammadiyah).
Rabi Maneh
Sawise urip dadi
randha selawase 10 taun (kawit taun 1979), ing taun 1989 resmi Sitoresmi
Prabuningrat nglereni anggone dadi randha. Ing umur 39 taun wanita iku rabi
maneh kanthi nampa panglamare HM Syukri Fadholi SH lajang bagus kampung
Notoprajan (Ngampilan) kang dadi politisi (Ketua Umum PPP Yogyakarta) lan
anggota DPRD Kota Yogyakarta. Salawase jejodhowan iku, “Pasangan Mas Syukri lan
Mbak Sito” asring dijaluk ngisi pengajian ing kampung-kampung ing kota
Yogyakarta, saengga jenenge dadi tansaya kumbul minangka pasangan mubaligh
(juru dhakwah) kang ideal.
Nanging tetela
perkawinan kasebut ora lana lan mung umur 7 taun. Ing taun Sitoresmi 1996
Sitoresmi pisahan karo Syukri Fadholi lan durung kober pinaringan momongan.
Syukri Fadholi sabanjure kepilih dadi wakil walikota Yogyakarta periodhe taun
2001-2006. Dene Sitoresmi ing taun 2006 nampa panglamare Abu Badillah Muhamad
Abdul Aziz Nasution utawa Debby Nasution (musisi lan vokalis band Gank
Pegangsaan) minangka bojo sing nomer papat. Wektu kuwi Sitoresmi wis umur 56
taun, dene Debby Nasution umur 40 taun.
Banjur
kepriye komentare Sitoresmi Prabudiningrat marang palakramane sing kaping telu
iku? “Aku rumangsa mongkog dipilih Gusti Allah SWT dadi jatukramane Bang Debby
Nasution sing kaping papat. Lan aku rumangsa kaya ngalami pengembangan dhiri
sarta dadi luwih diwasa sajroning tumindak lan ngrampungake sawernane masalah
kang kudu dakadhepi”. (Ismadi K)


Wong kang
nglarani awakmu, yen dudu luwih kuwat ya luwih ringkih saka awakmu. Tumrape
sing luwih ringkih saka awakmu, apu-ranen. Lan kang-gone kang luwih kuwat,
apuranen awakmu dhewe.
PATUNG RASEKSA MAO ZHEDONG
.jpg)
Patung emas raseksa tilas pemimpin Cina, Mao Zedong ing desa Tongxu, Henan, Cina. Patung kang dhuwure 36,6 meter mawa cet emas iki madeg ing sandhuwure pategalane warga, ing desa Tongxu, provinsi Henan, Cina. Ragad kang dientekake kanggo mbangun patung iki kurang luwih Rp 6,3 milyar. Mao Zedong mujudake presiden pisanan negara pandha kang kuwasa suwene 27 taun. (d/ist)***
Rega pangan ngadhepi pasa dijamin
Pengin murah, tuku nang koran ae!
Gaya ngadibusanane Pres. Jokowi mujudake strategi komunikasi
Ana sing nggaya ote-ote uga
Legislator kena OTT KPK maneh. Ketua DPR Bambang Soesatyo nga¬jab iku kang pungkasan
Pungkasan sing korupsi apa pungkasan sing konangan?
