Derkuku Ndhuwur Wuwung
Diposting oleh : Administrator
Kategori: Rena-rena - Dibaca: 7 kali

Sing nggubel lan gawe kodhenge pikiranku pirang-pirang dina iki nenekane manuk derkuku. Tekane manuk mau tansah antara jam sanga nganti jam sepuluh esuk, mencok ndhuwur wuwung, banjur manggung, “derkuku-ku” utawa “derkuku-ku-kuk”. Sing nggodha pikiranku, kena apa anggunge dipung-kasi suwara ‘KUK” kaya sumaure kancil nalika balapan mlayu karo keong.

Ana sabab pikiranku dadi kodheng. Wis dadi pakulinanku tansah eling marang prastawa kawuri sing dak alami sepisanan sing saemper karo prastawa kang dak alami saiki. Upamane, yen aku pas liwat alas gung Kasembon (Malang) krungu suwara cenggeret nong, aku banjur kelingan prastawa sepisanan aku krungu suwara cenggeret nong. Nalika isih ana pamulangan SGA Jember (1960-1963), sawijining dina aku sak kanca wong telu dolan nyang daleme kan-caku Mbak Siti Rubiyah ing Sempolan, wetane Kalisat-Jember. Pinuju ngarepake wektu maghrib aku wong telu adus ana kali, cedhak daleme Mbak Siti Rubiyah.

Ya wektu iku aku krungu sepisanan suwara cenggeret nong. Sore kang langite endah, wit-witan gedhe gagah pengkuh ijo royo-royo, hawa adhem meh atis, banyu kali bening kinclong nganti dhasare lan watu-watu kali katon ngalela, sinelingan suwara cenggeret nong sahut-sahutan. Wah, alam endah ngangeni, agawe urip seneng, ayem, tentrem. Apa taun 2018 iki Sempolan isih kaya taun 1962? Mung Mbak Siti Rubiyah kang bisa ngendika.

Yen keprungu kumandhange sholawat tarhim, aku banjur eling sepisanan krungu sholawat tarhim ana Jember taun 1960. Wektu iku aku kost ana Kreongan. Saben ngarepake wektu sholat subuh, masjid agung Jember (masjid lawas, dudu masjid anyar lor dalan) ngumandhangake sholawat tarhim sing suwarane gumontang nganti teka Kreongan.

Yen weruh pantai, aku banjur eling sepisanan weruh pantai ing Kencong (Jember). Taun 1963 sawise nampa pengumuman kelulusan, aku sak kanca wong lima wisata nyang pantai Kencong. Adus ciblon angete banyu segara jam sanga esuk. Rampung adus, mecah degan ngombe banyune kang seger, mangan daginge degan sing diumbah nganggo banyu segara, rasane gurih asin.

 

Derkuku ndhuwur wuwung

Ngelingake prastawa awal taun 1950-an, nalika sepisanan sithik baka sithik jiwaku bisa nyadhari lingkungan alam, tetuwuhan, kewan. Aku nyuwun pirsa marang Mbah Kakungku, manuk alasan sing gedhene sak manuk puter ingon wulu putih.

“Ngene ya Le. Manuk sing wulune semu klawu gedhene padha karo manuk puter, sing kok weruhi ana lapangan nuthuli suket mau esuk, jenenge manuk derkuku. Sing wulune klawu semu coklat jenenge manuk deruk. Sing wulune ijo lan cucuke abang, sok-sok sak bregada neba ing wit ringin, jenenge manuk johan utawa manuk kathik. Mula ana cangkriman, “Dibubuti wulune, kathik bisa mabur.” Batangane, “Manuk bubut ana wulune, manuk kathik bisa mabur.” Manuk ingon sing digawekake pagupon jenenge dara.

Ngendikane Mbah Kakungku, derkuku sing apik iku sing anggunge gedhe, ulem, lan luk telu: “derkuku-ku-ku”. Dudu sing anggunge cilik, suarane pecah, lan luk loro, “derkuku-ku” utawa anggunge sing keri dhewe nyuwara, kuk, derkuku-ku-kuk. Nitik suwarane, manuk kaperang dadi loro: manuk anggungan (upamane perkutut, derkuku) lan manuk ocehan (upamane kethilang, bethet). Manuk anggungan larang regane, manuk ocehan murah regane. Manggung lan ngoceh mau uga dadi sanepa. Wong sing omonge sak perlu lan mentes, paribasane manuk kutut sing anggunge “kung” lan nduwe pangaribawa. Wong sing akeh omonge, nggedabrus lan kopong ora ana isine, paribasane manuk ocehan, ora ana ajine. Kowe bisa nandhingake ngendikane guru ana ing pamulangan, lan ngocehe bakul jamu ana pasar.

Ana pitutur luhur, wong priya kudu ngenggoni sipat lima: ku-cur-wis-tu-wan.

Kukila, manuk, tegese manuk anggungan, manuk perkutut “kung”. Wong priya aja kakehan omong, umuk, crewet, ngoceh njuwarehi. Curiga, keris sing lancip. Wong priya kudu lantip pikiran lan landhep rasa-pangrasane; dudu landhep dhengkul, ndableg. Wisma, omah, wong priya kudu bisa menehi pangayoman marang batih lan kulawargane. Turangga, jaran. Dadi wong priya kudu kuat, kukuh, bakuh badan, batin, lan kekarepane. Wanita, ateges wong priya kudu alus budi lan tindak tanduke.

 

Derkuku ndhuwur wuwung

Ujare Pak Tarman tanggaku, “Dalem njenengan menika rumiyin wonten witipun nangka ingkang inggil, ageng, ngrembuyung. Rumiyin kathah peksi derkuku mencok wonten mriku, malah wonten ingkang nusuh. Lajeng, witipun nangka dipun tegor. Kinten-kinten kemawon sitinipun taksih nge-dalaken ganda nangka ngantos same-nika. Derkuku ingkang mambet ganda nangka, badhe mencok wit nangka ingkang sampun mboten wonten. Mila lajeng mencok wonten wuwung dalem njenengan. Kewan menika rak angga-dhahi driya pangambet ingkang mi-runggan. Mila wonten anjing pelacak. Desember tahun 2004 nalika wonten prastawa tsunami Aceh, mboten wonten kewan gajah ingkang dados korban. Amargi, driya pangambet gajah sampun mambet ewah-ewahan gandaning toya samodra ingkang ba-dhe rob dados tsunami. Para gajah sampun ngungsi dhateng panggenan inggil, mila kalis saking bebaya tsuna-mi. Kewan ugi gadhah pangambet margi, Buktinipun semut mlampah wonten jalur ingkang pancet, ngambet kancanipun sesami semut. Peksi are-raton ingkang migrasi tansah mabur wonten jalur akasa ingkang tetep.”

 

Derkuku ndhuwur wuwung

Beda maneh angen-angene Pak Kusno, tanggaku. “Kita menika tiyang Jawi. Leluhur kita sampun maringi warisan seserepan, bilih manungsa mboten gesang piyambakan. Jagad ageng tansah paring wewarah arupi tandha-tandha sinengker ingkang kedah dipun onceki maknanipun. Para sedherek ingkang bebadra wonten lempengipun redi Merapi, tansah waspada dhumateng medalipun Kyai Petruk awujud kukus pethak memper irungipun paraga ringgit cucal panakawan Petruk. Amargi, menika minangka tandha badhe njeblugipun redi Merapi ingkang nggegirisi. Pramila para warga kedah enggal-enggal ngungsi, nebihi bilahi. Manawi wanci dalu kepireng suwantenipun peksi dares, kita lajeng ngunandika, baya omah endi kang bakal ana prastawa kesripahan. Manawi wonten ocehing peksi prenjak wonten wit ngajeng griya, kita tata-tata badhe nampi rawuhipun tamu. Lha, peksi derkuku neneka, wonten wuwung, anggungipun “derkuku-ku-kuk, “Inggih njenengan onceki maknanipun, badhe wonten prastawa menapa ing ngajeng. Jagad ageng sampun kersa elik-elik dhateng njenengan supados tata-tata mapag prastawa ingkang ba-dhe kelampahan. Pramila njenengan ingkang kathah tirakatipun, sampun sare sonten-sonten, nyenyuwun pite-dah saking lngkang Murbeng Gesang, kangge kulawarga lan para putra. Nje-nengan sampun ngremehaken dhateng barang ingkang alit. Pentil ban mobil menika inggih barang alit, kados mbo-ten mingsra. Nanging nalika mobil mlajeng dumadakan pentilipun uwal-mencelat, saged ndrawasi, dados sra-na dhatengipun bilahi ingkang ageng.

Wah para maos. Aku dadi saya judheg. Umpama panjenengan dadi aku, sing panjenengan gugu sapa? Pak Tarman apa Pak Kusno?

 

Derkuku ndhuwur wuwung

Wiwit biyen mula, manuk derkuku pancen wis raket karo kadang Jawa. lng buku Serat Kaca Wirangi, pang-ripta kang medharake kawruh bab adeging uripe manungsa nganggo paraga manuk derkuku lan perkutut minangka pralambang.

Manuk derkuku takon marang manuk perkutut. “Pitakonku patang bab wangsulana kang terwaca, supaya gamblang sesurupanku.”

Siji mulane barang kang mawa cahya lan warna kok upamakake manungsa, sabab manungsa kasinungan cahya lan warna, kagungane Dzat Kang Sejati. Iku aku tuduhna, endi wujude kang aran cahya lan endi wujude kang jeneng warna?

Loro kang kok upamakake cahya iku budi kang kok upamakake warna yaiku rahsa. Iku aku tuduhna kang aran budi lan kang aran rahsa iku endi?

Telu kepriye manungsa bisa pa-dhang cahyane sarta sirna kukuse? Kepriye patrape nyirnakake kukus lan warna abang, kuning, ireng sapanunggalane?

Papat kang aran pramana kang kok upamakake kaca iku endi wujude? Lan kang ngilo endi wujude?

Pitakone manuk derkuku patang bab ngemu ngelmu utawa mau diwangsuli dening manuk perkutut kanthi terwaca wela-wela, awujud wijiling wejang kang wijang kaya kang kamot ing Serat Kaca Wirangi.

Gumelaring alam saisine kabeh, iku sejatine dudu kahanan jati mung ayang-ayangane bae. Dene sababe kahanan jati katon ayang-ayangane awit kagungan pangilon, wujude yaiku pramana kang gumadhuh ing ma-nungsa. Mula pramana kaumpamak-ake pangilon, miratul khajai, kaca wirangi, awit kadadeyan saka cahya lan rasa kang gunane kanggo nonton sipating kahanan jati. Manawa cahya iku mligi ora kaworan kukus, sipating kahanan jati katon cetha. Manawa kaworan kukus katon bureng, remeng-remeng utawa peteng. Cahya kang kaworan cahya abang, kuning, ireng lan sapanunggalane durung kena kanggo nonton sipat kang sejati marga isih goroh. Dene warna telu: abang, kuning, ireng iku pralambang napsune manungsa, napsu amarah, supiyah, lan lauamanh. Budi iku wujud pepa-dhang kang madhangi engetaning manungsa. Soroting budi nyoroti rohing manungsa, banjur mujudake pepadhang tundhan dumunung ing angen-angen. Padhanging pikir kaupamakake padhanging rembulan. Padhanging budi minangka srengenge.

Heh! Manuk derkuku. Nenekamu ndhuwur wuwug saka karsamu pri-yangga amarga kapang gandane wit nangka. Apa nggawa pawarta ngem-ban dhawuh suci sabda saka Gusti Kang Maha Kawasa? Apa saperlu nge-likake aku kang durung pana bab adeg uripe manungsa, sangkan paran ing dumadi lan sedulure manungsa? O, cipta kang kulina ngumbara. Derkuku kang ora karsa apa-apa njalari dina-dina kang dak alami rinasa klawu, rasa was sumelang ngantu-antu sabda akasa kang mahanani prastawa kang bakal tumeka. (*)

Berita Terkait

Samak Minggu Ini

img

img

Sumber Semangat

Wong kang nglarani awakmu, yen dudu luwih kuwat ya luwih ringkih saka awakmu. Tumrape sing luwih ringkih saka awakmu, apu-ranen. Lan kang-gone kang luwih kuwat, apuranen awakmu dhewe.

Klik

PATUNG RASEKSA MAO ZHEDONG

Patung emas raseksa tilas pemimpin Cina, Mao Zedong ing desa Tongxu, Henan, Cina. Patung kang dhuwure 36,6 meter mawa cet emas iki madeg ing sandhuwure pategalane warga, ing desa Tongxu, provinsi Henan, Cina. Ragad kang dientekake kanggo mbangun patung iki kurang luwih Rp 6,3 milyar. Mao Zedong mujudake presiden pisanan negara pandha kang kuwasa suwene 27 taun. (d/ist)***

Pethilan

Rega pangan ngadhepi pasa dijamin

Pengin murah, tuku nang koran ae!

Gaya ngadibusanane Pres. Jokowi mujudake strategi komunikasi

Ana sing nggaya ote-ote uga

Legislator kena OTT KPK maneh. Ketua DPR Bambang Soesatyo nga¬jab iku kang pungkasan

Pungkasan sing korupsi apa pung­kasan sing konangan?