Ngungak Museum Keris Nusantara Ing Solo
Diposting oleh : Administrator
Kategori: Laporan - Dibaca: 25 kali

Museum dadi papan kanggo sinau sejarah ngenani ajuning jaman utawa bu­daya sawijining bangsa. Sebab, ing kene akeh sumimpen barang-barang kang ngemu sejarah tan kinira ajine. Racake barang barang mau dikumpulake saka temon utawa koleksi masyarakat, banjur disimpen ing museum murih lentari lan bisa diweruhi dening wong akeh.

Museum saiki uga dadi papan wisata utawa rekreasi kanggo ngenggar-enggar penggalih sinambi ngangsu  kawruh. Mula museum ora tau tutup na­dyan wanci dina prei, upamane dina Setu lan Minggu, lire masyarakat bisa nekani museum nalika lagi prei anggone makarya. Dina prei kanggo museum biya­sane dina Senin. Mula yen arep tindak menyang museum aja ing dina Senin, utawa becike ditlesih (konfirmasi) luwih dhisik sadurunge, bukak- orane. Anggone konfirmasi bisa lumantar tele­pun, SMS utawa VGA. Aja nganti tiwas keraya-raya tekan kana jebul museume tutup.

Emane, museum museum ing dhae­rah kurang duwe greget bisa ndudut kawigatene masyarakat saengga sepi dening wong sing padha teka mrono. Racake amarga pemerintah dhaerah kurang bisa anggone nata museum, lan kepriye carane ngecakake supa­ya bisa narik ka­wigatene masya­ra­kat. Bab iki  ing antarane merga ora duwe tenaga mirunggan kang wasis marang pranata museum.

Kalebu ing Pro­vinsi Jawa Tengah dhewe, uga duwe sadhe­ngah museum kang sumebar ing dhaerah dhaerah. Ana museum duweke peme­rintah, lan uga ana museum duweke swasta utawa duweke perorangan. Na­nging mung saweneh kang asring dite­kani dening masyarakat. Yen ndulu museum museum kang akeh ditekani ma­sya­rakat mau amarga duwe ciri khas dhewe, koleksine arang tinemu ing museum museum liya.

Museum Keris Nusantara kang du­mu­nung ing Jl. Bhayangkara No 2 Solo iki klabu salah sijine museum sing akeh ditekani dening masyarakat. Jumbuh ka­ro jenenge, museum kang diresmekake dening Presiden Joko Widodo dhek tgl 9 Agustus 2017 iki, mligi nyimpen sawer­naning pusaka utawa gegaman tradhi­sional sing digawe saka logam wesi (tosan).

“Sing pokok isen isene museum iku saperangan gedhe pancen mung keris. Yen pedhang, rencong, badhik , kujang lan sapiturute iku ora nduweni pamor (motif). Gegaman sing mawa pamor iku rak yasane para empu keris. Ing sajrone pamor iku kinandhut makna- filosofi kang dhuwur, “ature anggota tim kurator Museum Keris Nusantara, Agus Triatmojo.

Isih miturut Agus Triatmojo, menawa koleksi keris ing museum iku mujudake karya “masterpiece” sing dinuga umure wis atusan taun. “Ing museum Keris Nusantara ana keris sing digawe ing abad 8 lan 9, ana tangguh Budha, Singo­sari, Majapahit, Mataram lan sapiturute. Ana keris jamane Prabu Brawijaya V (pungkasan) gaweyane Empu Kyai Jaka Supa kanthi dhapur Jaruman, Panimbul, Nagasadra, Sopakal, Mendarang, Sabuk inten lan Anoman ing taun Caka 1381,” cri­tane Agus.

“Keris-keris kase­but  asale werna werna, ana sing saka hibah, titipan lan uga saka masyarakat kang nglilalake keris ndu­weke di rumat ing museum keris Nusantara kene, Kejaba kuwi uga ana keris keris sitaan saka Direktorat jen­deral bea dan Cukai sing cacahe nganti ewon. Mula asmane pawongan kang wis maringake utawa nglilakake kerise (hibah) disimpen lan dipajang ing museum banjur di tulis ing letter utawa ing selembar kertas informasi ngenani jinis, arane keris, taun panggawene,  lan asal usule keris kasebut,” tambahe.

Keris kang dipajang ana ing etalase utawa ruang pamer iku racake keris ke­ris kang pinunjul. Keris keris kasebut digawe saka tosan tosan kang dienggep nduweni daya linuwih. Miturut para empu keris, tosan sing nduweni daya linuwih kuwi arane tosan “Karang Ki­jang;. Titikane menawa di thinthing swa­­rane mbrengengeng kaya swarane tawon, serate alus ngombak banyu. Menawa kanggo gawe ampuh angsare adhem, prabawane sabar, mula ing jagading tosan dianggep dadi gegedhuge tosan. Kepercayane wong kuna, yen ora diweruhi asring andayani sing ora ora. Dene sing dadi tedhane kudu tansah dikutugi, dilengani lenga wangi, lan diwur wuri jur juran balung endhas pitik.

Saliyane kuwi uga wesi Pulasani dipercaya nduweni daya pinunjul, sing titikane yen dithinthingi swarane muni “guur”, ulese ijo kaduk nyamber iller; otot utawa serate alus kaya watu aceh (mula banjur padha kanggo pamor). Angsare sing nganggo tulus, slamet, kajen keri­ngan, dipercaya dening wong akeh, ngrejekeni, gangsar kanggo nggayuh kalungguhan, nolak sakabehe rubedha lan pangrencana ala. Dharae yaiku cucuk peksi platuk bawang, balung manuk kutut, kabeh diremuk alus, kamoran dhedhes, banjur diwur wurake.

 Jinis tosan liyane sing becik kanggo tosan aji yaiku tosan “Mangangkang Lanang”. Miturut kapitayane wong kuna, tosan mangkono mau asale saka sarpa naga ing sajroning segara. Mula tosan aji sing tosane kamomoran tosan ma­ngangkang Lanang iku yen ditayuh katon ana ulanaga. Dene titikane, ulese ireng wungu, serate kadhuk wadag, nanging yen digrayang alus kaya bludru, menawa dithinthingi swarane muni “drung”. Yen digawe tosan aji angsare becik banget, gawe girising mungsuh, kadigda­yane ngedab edabi, mula ora ke­na kanggo sembranan, dene sing nganggo ditresnani wong akeh. Kejaba kuwi uga disuyuti de­ning bebrayan, ngedohake saka pakartine mungsuh, sarta bisa kanggo nawarake wisa wisa kang mandi. Dene dharanane awujud balung endhas macan, balung banyak, dibubuk alus, kamoran dhedhes, lan lenga bintara.

Tosan utawa wesi siong becik kanggo yasa keris iku isih akeh cacahe ing antarane wesi Ma­ngangkang Estri, Wesi walulin, Tosan katub lsp, sarta isih pandha diper­caya nduweni daya kang linuwih. Kabeh mau nuduhake yen kagunan tosan aji bisa nuduhake tekan sepira tataraning kabudayan intelektual para empu jaman semana. Ora saben tosan bisa kanggo gawe tosan aji utawa keris. Senajam mangk­ono saya majune pikiran lan kabutuhane manungsa, akeh sing ngaku-aku empu banjur malu tosan aji among kanggo kepentingane dhewe. Iki sing marakake akeh sing padha keblithuk lan ngedhunake apresiasine wong marang tosan aki. Mula supaya masyarakat pana ing babagan donyaning tosan aji, Museum Keris Nusantara iki bisa dadi ajang kanggo sinau lan ngangsu kawruh ing babagan perkerisan.

Museum sing dibangun ing taun 2013 iki kanthi ngentekake wragat kehe Rp 25 milliar sing asale saka APBD/APBN   iku dibukak kanggo masyarakat umum wiwit dina Selasa tekan Kemis wanci tabuh 09.00-15.00 WIB. , dene yen dina Jemuwah anggone bukak tabuh 09.00-11.30 WIB. Dina Minggu bukak kaya adate tabuh 08.00 – 15.00 WIB, dene yen dina Senin libur. Kanggo mlebu ing mu­seum Keris Nusantara saben pe­ngunjung kudu mundhut karcis tandha masuk luwih dhisik sing regane Rp 6.000 kanggo para pelajar, Rp. 15.000 kanggo masyarakat umum lan Rp 20.000 tumrap wisatawan mancanegara (turis). iki, mi­turut Kepala UPT (Unit Pelaksana Teknis) Museum Keris Nusantara, Bambang MBS, Museum Keris Nusantara iki ndu­weni 409 koleksi kang awujud duwung (keris) lan gegaman tradhisional liyane. “Keris ingkang wonten ing Museum mriki mboten namung ingkang asalipun saking tanah Jawi, nanging ugi wonten ingkang asalipun saking Bugis, Nusa Tenggara Timur, Irian, dumugi  Aceh. Wonten 233 keris lan tumbak ingkang dipun pajang kanthi secara giliran saben tigang wulan sepindah,” kandhane Bambang MBS.

Ana udakara 20 koleksi saka njaban Tanah Jawa  sing dipamerake ing ru­angan  kang dumunung ing tingkat 4, upa­mane keris Luk (bengkokan) 5 kanthi tangguh Gayo, banjur ana keris luk 9 tangguh Bugis lan ana uga pedhang Bener saka Makasar. (Isti  Nugroho)

 

 

Berita Terkait

Samak Minggu Ini

img

img

Sumber Semangat

Wong kang nglarani awakmu, yen dudu luwih kuwat ya luwih ringkih saka awakmu. Tumrape sing luwih ringkih saka awakmu, apu-ranen. Lan kang-gone kang luwih kuwat, apuranen awakmu dhewe.

Klik

PATUNG RASEKSA MAO ZHEDONG

Patung emas raseksa tilas pemimpin Cina, Mao Zedong ing desa Tongxu, Henan, Cina. Patung kang dhuwure 36,6 meter mawa cet emas iki madeg ing sandhuwure pategalane warga, ing desa Tongxu, provinsi Henan, Cina. Ragad kang dientekake kanggo mbangun patung iki kurang luwih Rp 6,3 milyar. Mao Zedong mujudake presiden pisanan negara pandha kang kuwasa suwene 27 taun. (d/ist)***

Pethilan

Rega pangan ngadhepi pasa dijamin

Pengin murah, tuku nang koran ae!

Gaya ngadibusanane Pres. Jokowi mujudake strategi komunikasi

Ana sing nggaya ote-ote uga

Legislator kena OTT KPK maneh. Ketua DPR Bambang Soesatyo nga¬jab iku kang pungkasan

Pungkasan sing korupsi apa pung­kasan sing konangan?