Rahmat Allah, Sumber Energi Jagad Raya (28)
Diposting oleh : Administrator
Kategori: Agama Islam - Dibaca: 6 kali

(8). Donga iku mujudake kebutuhan.

Coba ing ngisor iki kita wigatekake maksud dhawuhe Allah, mangkene:

“Dhawuha sira Muhammad! He para kawulanIngsun kang padha leluwihan ing tindake marang awake (dosa), sira aja en­tek ing pangarep-arep ing rahmat pa­pa­ringing Allah, sayekti Gusti Allah iku ke­pareng paring pangapura marang ka­beh dosa. Satemene PanjenengaNe iku rena paring pangapura tur Maha Asih (Q.S.Az-Zuma (39):53).

Kajaba saka iku, diriwayatake dening Abu Dawud lan Turmudzy, nerangake, ma­nawa Rasulullah paring pangandikan, mangkene maksude: “Donga mono mu­judake intine ibadah (addu’aau mukhkhul ibdah)”.

Donga mono mujudake amalan spiritual sawjining pawongan marang Pange­raNe, kanthi pangajap sekabehing pa­nyu­wunane kinabulake. Mula saka iku per­lu kita wigatekake etika khusus tum­raping pawongan kang donga, antara liya, yaiku :

a). Atine kudu sing ikhlas, nyuwun ma-             rang Allah sawiji, ora mangro tingal.

b). Diwiwiti maca tahmid, memuji ma-              rang Allah (Alhamdulillah), tumuli              maca shalawat marang Njeng Nabi              Muhammad.

c). Wudlu, sesuci sadurunge ngucap do-           nga.

d). Ngakoni dosa-dosane sarta nyuwun             pangapura marang Allah. Ngakoni             marang lumebere rahmat Allah ma-             rang kita, nanging kita kurang muji

    syukur.

e). Temen-temen, atine manther (man-            theng) nyuwun marang Allah.

f). Madhep qiblat, kusyu’, sarta yakin               dongane kinabulake (ijabah).

g). Tumuli ngucapake donga ambal-am-           balan (wola-wali) ora mung sepisan.

h). Ngangkat tangan.

i). Swarane samadya, lirih, lembut, li-              nambaran rasa wedi lan takdzim (ta-

    dlarungan wa khifatan).

j). Ngonjukake donga mawa asma’ul               husna, (upamane nyuwun pinari-           ngan rejeki sing halal, nyebut asma’ul           husna: Ya Razzaaqu…, Dzat sing ke-pareng paring rejeki).

Dene wektu kang ijabah, trep karo dhawuhe Allah, mangkene maksude:

(a) “Lan ing wektu wengi iku si­ra tangia, nindakake shalat tahaj­jud, kang dadi tambahaning kauta­man tumrap sira, mugi Pangeranira ngangkat pangkatira ana ing dera­jat kang pinuji.” (Q.S.Al-Isra (17):79).  Dene wektu kang ijabah iku antara liya sapratelone wengi kang pung­ka­san, diutamakake shalat tahajjud. Ing wektu iku Allah kepareng tumu­run marang Langit Donya. (HR.Abu Hurairah)

(b). Allah PanjenengaNe tumu­run menyang Langit Donya ing sa­pra­telune wengi kang pungkasan. Sarta dhawuh, sok sapa wonge sing ndonga marang Ingsun, Ingsun ka­bulake, sok sapa wonge sing nyu­wun marang Ingsun, Ingsun paringi. Lan sok sapa wonge sing nyuwun pa­ngapura dosane marang ingsun, Ingsun paringi pangapura.” (HR.Bu­kha­ri lan Muslim).

(c). Pungkasane shalat fardlu, na­lika sujud pungkasan ing reka­ngat pungkasan (HR.Abu Dawud lan Turmudy).

(d). Wengine Lailatul Qadar, wektu swara adan kumandhange nalika udan deres.

 

Kajaba saka iku uga ana wektu ijabah liyane kanggo ngonjukake donga:

(a). Nalika sira keprungu jago klu­ruk. Jago iku ndulu marang Ma­laikat. (HR.Bukhari lan Muslim). 

(b). Saben wengi iku ana wektu mustajab kanggo ndonga, nanging wektu iku ora diterangake. Kang mang­kono iku pinaringan isyarat de­ning Rasulullah, mangkene mak­sud dhawuh Njeng Rasul: “Sateme­ne saben wengi iku ana sawijining wektu, dongane sawijining pawong­an sing pas, mbeneri wektu iku, do­ngane becik urusan Donya lan Akhi­rat, bakal kinabulake. (HR.Muslim).

(c). Wektu mbeneri sujud. Sujud krana shalat, utawa krana sujud syu­kur, let (jarak) antarane kawula­ne lan Allah sesembahan kita, cedhak banget.

Rasulullah paring pituduh, supa­ya ing nalika iku (sujud) ngekeh-nge­kehake ing donga, nalika sujud.” (HR.Muslim). 

(d). Nalika ngombe banyu zam-zam. Rasulullah dhawuh. “Banyu zam-zam iku kasiyate trep karo ni­yate wong sing ngombe mau.” (HR.Ah­mad). 

(e). Wong sing didzalimi.  Wedia sira kabeh marang wong kang di­dla­limi. Krana ora ana wates (sekat) antara dheweke lan Allah Panjene­ngaNe. (HR.Bukhari lan Muslim).

(f). Sadurunge shalat dzuhur. Di­riwayatake dening Abdillah bin as ’Saib, manawa Rasulullah nindak­ake shalat patang rekangat sawuse Ra­wikara (Sengenge) lingsir (condong ke Barat) sadurunge shalat dzuhur, sarta ngendika: “Satemene iki mu­judake wektu nalika lawang-lawang Langit iku binuka, sarta panjene­ngane remen (dhemen) yen amal-amal shaleh  Rasulullah munggah ing Langit nalika iku.” (HR.at’Tirmidzy kanthi sanad shahih).

 

VII. Nganglang Langit lan Bumi

(1). Kawigaten marang manung­sa lan jin. Sadhengah wektu Allah kepareng paring pituduh marang wong-wong kang lagi dzikir (eling marang Allah), wong-wong kang padha ndonga, sar­ta panyuwunan pangapura, marang para kawulaNe.

Sabanjure Allah kepareng paring  ka­wigaten marang makhluk Allah, ma­nungsa lan jin. Trep karo dhawuhe Allah mangkene maksude:

“Ingsun bakal ngleksanani pa­nyu­wunira kabeh! He manungsa lan jin kang nggawa gawan abot. He ma­nungsa lan jin, sebab apa saka­ronira padha maido nikmat pepa­ringe Allah Pangeranira? He gerom­bolane manungsa sarta jin, sira pa­dha keduga njajah (nganglang) ing panjajahaning Langit sarta Bumi, nganti sabuntase kabeh, mara pa­dha sira lakonana. Sira kabeh ora ba­kal kuwagang njajah sabuntase, kajaba nganggo kekuwatan kang mirunggan (sampurna). He ma­nung­sa lan jin! Sebab apa sakaro­nira padha maido nikmat ing papa­ringe Allah Pangeranira? Manawa sa­karone tetep anggonira maido, sira bakal disoki urub-urub kang  mu­lus lan kang campur kukus, wu­sana (sira kabeh) ora padha pi­koleh pitulungan. He manungsa lan jin, sebab apa sakaronira padha maido nikmat paparinge Allah Pangera­nira? (Q.S.Ar-Rahman (55):31-36).

Ibnu Katsir (ahli tafsir, mufassir) ne­rangake, lelandhesan karo wawasane pa­ra Ulama antara liya, Ibnu Abbas, ne­rangake, iki mujudake janji Allah ma­rang para kawulaNe. Dene Imam Bukhari nerangake, manawa kalimat “sanafru­gu, aweh ing kawigaten” iku makna­ne, bakal dihisab marang kekarone, jin lan manungsa.

Tumindak becik bakal pikoleh piwales becik, kamulyan urip ana ing Akhirat. Dene tumindak maksiyat hiya bakal pi­kantuk piwales trep lan saukur karo apa kang wus ditindakake, adzab kang ngla­rani.

Sekabehing urusan kaya kang wus katur ing ndhuwur iku (ngijabahi donga para kawulane, paring pangapura lan liya-liyane), ora ndarbeni pengaruh, sa­engga Allah ora kagungan kawigaten ma­rang urusan liyane. Jlentrehe, sasu­wene manungsa urip ana ing alam do­nya, Allah tansah kepareng ngijabahi dongane, paring pangapura marang pa­ra kawulaNe kang nyuwun pangapura, nglumeberake rejeki marang jin lan ma­nungsa. Tumuli, manawa panguripan ing donya wus paripurna, Allah bakal pa­ring kawigaten (menghitung amaliyah­nya, menghisab) marang manungsa lan jin, sarta dhadha handhadha (tanggung jawab) amale sasuwene urip ana ing donya.

Sepisan maneh diaturake, pangerten  Allah bakal paring kawigaten marang jin lan manungsa, yaiku Allah bakal ke­pa­reng netepi janji-janji kang wus ka­dha­wuhake marang jin lan manungsa, antarane yaiku becik marang manungsa lan jin, sing iman lan sing kafir, bakal dileksanakake. Janji bakal kepareng pa­ring Suwarga sarta kanikmatan kang tan­pa winates, tumraping kang iman bakal kaparingake.

Semono uga janji bakal nyiksa lan ngukum marang jin lan manungsa kang kafir, lan tumindak maksiyat, bakal kapa­trapan siksa ana ing Neraka, uga bakal ke­pareng dilaksanakake nganti buntas. (Ana Candhake)

 

Berita Terkait

Samak Minggu Ini

img

img

Sumber Semangat

Wong kang nglarani awakmu, yen dudu luwih kuwat ya luwih ringkih saka awakmu. Tumrape sing luwih ringkih saka awakmu, apu-ranen. Lan kang-gone kang luwih kuwat, apuranen awakmu dhewe.

Klik

PATUNG RASEKSA MAO ZHEDONG

Patung emas raseksa tilas pemimpin Cina, Mao Zedong ing desa Tongxu, Henan, Cina. Patung kang dhuwure 36,6 meter mawa cet emas iki madeg ing sandhuwure pategalane warga, ing desa Tongxu, provinsi Henan, Cina. Ragad kang dientekake kanggo mbangun patung iki kurang luwih Rp 6,3 milyar. Mao Zedong mujudake presiden pisanan negara pandha kang kuwasa suwene 27 taun. (d/ist)***

Pethilan

Rega pangan ngadhepi pasa dijamin

Pengin murah, tuku nang koran ae!

Gaya ngadibusanane Pres. Jokowi mujudake strategi komunikasi

Ana sing nggaya ote-ote uga

Legislator kena OTT KPK maneh. Ketua DPR Bambang Soesatyo nga¬jab iku kang pungkasan

Pungkasan sing korupsi apa pung­kasan sing konangan?