Majelis Faletehan Marisake Ajaran Walisanga
Diposting oleh : Administrator
Kategori: Apa Tumon - Dibaca: 322 kali

Salah sijine cara kanggo nguri-uri budaya kejawen sing diwariske Walisanga (wali cacah sanga sing nduweni jejibahan syiar Islam ing tlatah Jawa), pranyata bisa ditularake ing ngendi papan, nadyan manggon ing karang padesan sing adoh ratu, cedhak watu. Bab iki paling ora kaya sing ditularke dening, Habib Muhammad Asyhari, pimpinan Majelis Faletehan marang para santrine. Buktine, sakwise dheweke ngedegake majelis kasebut 8 taun kepungkur, nganti saiki sing padha meguru saya akeh lan ngrembaka, mligine kanggone kaum mudha taruna.

 

Kajaba saka kuwi disengkuyung ma­syarakat, mligine sing manggon ing Tla­tah Kabupaten Sukoharjo, semono uga pihak Pemkab Sukoharjo uga me­nehi kawigaten sing gedhe. Pancen, Pa­depo­kon Majelis Faletehan iki cumondhok ing tlatah kene. Manut Habib Asyhari sing ditemoni PS durung suwe iki miterang, yen salah sijine tujuwanne kanggo mba­ngun lan ngrembakake panguripan reli­gius ing tengah-tengahing masyarakat sing kebak nuansa kejawen. “Saben taun ing tutupan wulan Sura, majelis Faletehan tansah nggelar prosesi ritual ala kejawen sing nyatane panyengku­yunge masyarakat saya tambah akeh,” panuture Habib Muhammad Asyhari ing padhepokane.

Nadyan iki ajaran kejawen, nanging muride malah uga akeh sing taberi nyinau saka njaban Pulo Jawa, kayata saka Kalimantan, Sumatra lan Sulawesi. Nadyan mangkono Habib Asyahari nga­koni muride sing paling akeh teka saka Jawa Kulon. Kajaba saka kuwi dheweke uga ngakoni yen ajaran sing ditularke minangka warisan saka para wali sanga. Nalika PS nemoni ing Padepokan Majelis Faletehan, sing manggon ing Desa Ka­rangwuni, Kecamatan Weru, Sukoharjo, Jawa Tengah, Ha­bib Asyhari njlen­trehke, sakduru­nge dheweke cu­mondhok ing kono kahanane karang padesan Karang­wuni sepi, saiki tam­bah rame lan kebak suwasana religius.

Saiki ing desa kono ana kelom­pok kesenian hadrah, campur santri, reong’an, jathilan, keroncong, guyon maton, jamasan pu­saka, kirab pu­saka. Nadyan seni iki dudu kesenian modern, nanging nya­tane bisa gawe regeng. Manut pa­mawase Habib Asyhari, saben kelompok kesenian tradhisional iku bisa nyedhot kawigatene masyarakat, amarga ora mung minangka tontonan, nanging uga ngemu tuntunan sarta  nduweni sejarah, legenda, tradhisi lan kabudayan spiritual kebak suasana relegius sing punjere saka para leluhur lan wali, nalika syiar sarta da’wah Islamiyah ing sadhengah plosok karang padesan ing Pulo Jawa, sing kebak makna lan filosofi kejawen.

Kaya ta ‘Aja wedi diina, aja seneng dialem, ora penting dianggep apik, sing penting dadi wong becik’, aja dumeh dadiya wong sih tansah welas asih marang sakpadha-padha lan isih ana liyane maneh sing ora bisa sinebut siji-siji ing kene, nanging akeh-akehe ngemu pesen bab nyawijine sesrawungan kanggone umat pangriptane Gusti Kang Maha Wikan ing alam ndonya iki. Majelis Faletehansing disuhi dening Habib Mu­hammad Asyhari iki madeg wiwit tang­gal17 Maret 2010. “Ajaran sing ditularke ing kene, kajaba ajaran spiritual relegius warisan para wali, klebu ajarane Syeh Siti Jenar, sing wektu semono minangka tokoh kontroversial ing antarane wali-wali liyane.”

Nanging ora kabeh ajarane Syeh Siti Jenar sing diturunke ora kabeh diajar­ake, nanging dijupuk lan dicupliki sing dianggep bener lan pener. Nandyan ing Padepokan Majelis Faletehan uga nyim­pen buku pangriptane Syah Siti Jenar sing kebak tuntunan wutuh. “Sejatine ora kabeh tuntutnne Syeh Siti Jenar iku mlenceng saka syariat Islam, mung wae carane para Walisanga hijrah ing pulo Jawa iku nduweni cara dhewe-dhewe lan beda anggone syiar agama ajaran Islam,” panegese.

 

Kadigdayane Walisanga

Nadyan para wali kasebut nduweni cara dhewe, nanging tansah ora gelem ninggalake tradhisi lan budaya Jawa sing wis ana lan luwih dhisik dipercaya mi­nangka dogma kanggone wong Jawa. Ing bab iki ora kok ngganti tradhisi lan budaya leluhur sing wis ana, nanging nje­jeke sing nyimpang saka angger-anggere Agama Islam. Suwalike uga malah nyeng­kuyung lan nambahi kabudyaan supaya bener lan pener, Dadi sing wis becik tetep dilestareke, mligine marang sesrawungan lan bebrayan agung mring pepadha, sing padha-padha umate Sang Kholiq.

Ditakoni bab makna saka jeneng Faletehan, Habib Muhammad Asyhari ngandhake, yen jeneng  Faletehan iku ngemu filosofi ‘kadigdayan’. Artine, ma­nut sejarah, kadigdayane para wali sing secara spiritual nalika ngleboke ing jiwa­ne Wong Jawa kanthi jiwa relegi­usitas cukup menjila, jumbuh karo ajaran Agama Islam, sing mumpuni ngalahake kemungkaran saka bujukane setan sing secara nyata dadi mungsuhe manungsa. Banjur kenapa ajaran lan kabudayaan zaman walisanga sing didadeke guje­ngan? awit kanggone Majelis Faletehan ajaran utawa syiar Agama Islam sing dilakoni para wali iku dibiji pas lan becik, saengga bisa minangka tuladha.

Mligine kanggo mbangun sesambu­ngan sesrawungan, ya marang manung­sa lan lingkungane  lan jumbuh karo tuntunan Agama Islam, sing tundhone kang­go nyambung sesambungane ma­nungsa marang sing ngripta, ya Gusti Kang Maha Kuwasa. Ing wektu iki, manut pamawase Habib Asyhari, akeh kawula mudha sing akeh wis ninggalake ajaran kejawen,awit kedheseg dening majune zaman tehnologi, saengga malah ngenut kabudayan manca nagara sing kurang trep munguhing bangsa wetanan, sing mlenceng saka tradhisi lan budaya spiritual kejawen, sing sejatine cedhak lan kebak marang tata susila, unggah ungguh lan budi pekerti. 

Saka rasa prihatin iku, mula pihak Majelis Faletehan banjur ngu­paya baline ajaranne para wali sing nduweni nuansa kejawen. Ing wektu iki ajaran ritual kejawen butuh digru­megahake lan dilestreke ing Bumi Pertiwi kene. Mula saka kuwi para santri Majelis Faletehan sandhang penganggone tansah nyonto Busana Jawa, kaya ta sirahe kagubet udheng, klam­bine beskap, jaritan, nyengkelat keris. “Ora mung sandhang penganggone wae, nanging uga kudu ngulinake mangan panganan Khas Jawa, sing didadeke minangka panganan ing saben ndinane,” ujare karo nambahi, dadi Wong Jawa mono aja nganti nganti ilang Jawane (kebudayaanya).

Uga aja nganti kaya pasar sing ilang kumandhange, sing malah kegiles de­ning Mall utawa Super market. Kajaba saka kuwi solah bawa uga tetep kudu dijaga. Kayata, bab subasita lan tata bahasa, kudu dimangerteni kanthi bener, saengga kabeh mau kudu diakumulasi kanthi pas minangka ciri khas. Artine, bangsa iki aja nganti  kelangan rasa nya­wiji lan sumeh tutur basane, sing wis atusan taun kawentar kanggone wong manca nagara. Pantes wae, yen kabeh mau dilakoni dening Habib Mu­hammad Asyhari amarga dheweke ngaku trahing Sunan Gu­nungJati (salah sijine Wali Sanga sing saka Cirebon- Jawa kulon) , mula lumrah yen kabeh lelakune pangu­ripane tansah nyonto aja­rane leluhure sing ditular­ake marang para santrine.

Nadyan ta Habib Mu­ham­mad Asyhari isih kle­bu enom, umure lagi 37 taun nanging keilmuwan kejawene wis mumpuni, saengga pantes yen ing wulan Sura taun kepung­kur dheweke nampa pusaka sing pungkasan saka bapake, arupa wedung (clurit) cilik, sing saiki disimpen ing antarane 800 an pusaka liyane ana Gedong Pusaka padhepokanne. Mesthine para santrine sing cacahe atusan wong kuwi percaya marang apa sing diajarake, saengga nalika para santrine njamasi pusaka duweke Habib Asyhari sing ban­jur dicopot saka rangkane siji mbaka siji kanthi teliti, sing sakbanjure dilebokke maneh, sing mertandhani  sampurnane jamasan. Pusaka sing atusan cacahe kasebut arupa keris, tumbak, cundrik, we­dung lan liyane. Sakwise rampung anggone diteliti pusaka sing bubar dijamasi, dibacutke para santri mau banjur padha sungkem marang Habib Asyhari lan mungkur kanthi laku dhodhok minangka wujud pengormatan siswa marang gurne.

Ajaran sungkem mono ora mung lumaku ing njero kraton wae, nanging uga bisa ing tengahing masyarakat, minangka conto laku unggah-ungguh lan pangurmatan saka sing enom marang sing luwih tuwa utawa murid marang gurune, sing bisa lan becik yen dilakoni ing saben ndina, minangka kebiasaan. Budaya kaya ngene iki perlu diuri-uri. “Mli­gine Kanggone nom-noman, yen ora awake dhewe sing nguri-uri banjur sapa?” pitakone, karo nerusake, tradhisi kaya ngene iki aja dianggep kanthi sinis, budaya kuna utawa feodalisme. Su­walike, kudu ditanggepi kanthi arif lan wicak­sana, awit nilai budaya bangsane dhewe iki nduweni keagungan lan ka­luhuran budi. “Yen bangsa liya wae ngurmati budaya kita, Kenapa kita justru nyepeleke,” panutupe.

(Kang Hong)

Berita Terkait

img

Samak Minggu Ini

img

img

Sumber Semangat

Aja gumedhe mung merga ayu-ne rupa, amarga kuwi bakal luntur dening wektu. Nanging elinga, ayune kridha ora bakal luntur senajan digawa mati pisan...

Klik

NGANTUK

Ora kober ndlosor, semendhe ing tembok uga ora apa-apa. Mangkono mbokmenawa ujare si meong iki. (d/sit)***

Pethilan

Trilyunan rupiah dhuwit negara mili menyang desa

Koruptore aja nganti katut keli

Lumantar gerakan #2019Pilpres Ceria, Mahfud MD ngajak publik milih kanthi cerdas

Amarga kecerdasan kita wis saya ilang akibat memusuhan

Golkar ngukuhi caleg mantan koruptor

Ngajab para pemilihe padha pikun!