Dalan Underpass lan Flyover (2)
Diposting oleh : Administrator
Kategori: Email Saka Jakarta - Dibaca: 7 kali

Kamangka ana China, pancen pendhudhuke wis saka sakmilyar. Dadi yen jumlahe sepedha dibandhingake Belanda kira-kira akeh se­pedha ana China. Mung yen dijupuk pro­sentasene apik Belanda amarga ana Be­landa gunggunge sepedha luwih akeh di­bandhingake pendhudhuke. Bisa uga ditegesi budaya numpak sepedha ana Be­landa luwih kuwat dibandhingake Chi­na. Kiraku salah sijine alesan, amarga Be­landa negara cilik mula pemerintah lan wargane banget olehe njaga lingku­ngane.

La emane yen biyen Budaya sehat menyang ngendi-endi numpak sepedha, la kok saiki tansaya ilang. Biyen wis biasa ana ngendi-endi numpak sepedha. Ya me­nyang sekolah, menyang kantor, me­nyang kondangan manten lsp. Murid se­kolah wae ing desaku sing sekolahe adoh-adoh nganti 15 km dohe, murid-mu­rid olehe menyang sekolah akeh kang padha sepadhaan. Orang mung muride, dalah guru wae, klebu guruku basa Ing­gris biyen saben ndina nglaju saka Madi­un mulang menyang desaku Maospati ri­kala ana SMPN biyen. Semono uga kanca-kancaku, saben menyang sekolah padha dampyak-dampyak olehe padha padha numpak sepedha. Dadi jenenge par­kiran sepedha wis umum yen banjur ke­bak. Dene aku kang menyang sekolah­an dohe watara sekilo meter trima mla­ku wae, bareng rame-rame karo kanca-kanca.

Kok mung sekolah, wong ya kuliah wae padha numpak sepedha. Kaya yen kuliah ana Yogya biyen kae, racake pa­dha numpak sepedha. Klebu aku dhewe biyen kuliah ana UGM uga numpak se­pedha yen kuliah. Kang numpak sepedha motor mung siji loro wae. La yen ana kang kuliah numpak sepedha motor, iku mesthi anake wong sugih. Yen ora anake wong sugih ya tangeh lamun bisa sekolah numpak sepedha motor.

Amarga Yogyakarta kawentar kutha pelajar, mula kala semana kawentar uga kutha sepedha. Ora esuk, awan lan sore kutha mau kebak sepedha. Ya kang mle­bu kuliah, mlebu kantor, menyang pasar, utawa mung mlaku-mlaku wae. Sepe­dha bener-bener dadi alat transportasi masyarakat.

Kang dakrasakake, rikala wiwit taun 1978-an kedharaan Jepang kaya sepe­dha motor lan mobil mligine Colt Jepang wiwit akeh kang mlebu ana Indonesia. Klebu kutha Yogya uga melu modernisasi transportasi. Wiwit iku uga banjur diwi­witi Colt kampus. Kendharaan merk Colt kang mburine ana bake kae, kang rutene mubeng kutha Yogyakarta lan mlebu kam­pus UGM didadekake kendharaan umum. La wiwit iku kutha Yogya kang bi­yene kawentar minangka kutha sepe­dha, masyarakate wiwit ninggalake se­pe­dha yen lelungan. Klebu mahasiswa akeh kang luwih ngenakake numpak Colt kampus. Nanging anehe aku yen kuliah ya tetep numpak sepedha, wong ya amar­ga dhuwit kiriman saka wong tu­waku banget winates. Mula ya kudu ngi­rit. Salah sijine cara menyang ngendi-endi numpak sepedha. Lan eman-eman dhuwit mung kanggo numpak Colt. Se­jene ngirit uga ing awak sehat, wong ya sinambi olahraga.

Ya tansaya suwe kendharaan saka Jepang nyerbu Indonesia ora kinira, lan tansaya suwe regane tansaya kejang­kau mula masyarakat wiwit ninggalake se­pedha. Luwih ngepenakake numpak mobil apa sepedha motor. Apa maneh re­gane wiwit kejangka amarga bebare­ngan wiwit ningkate ekonomi masyara­kat wis akeh kang padha makmur. Ke­tambahan maneh rikala iku bahan bakar isih disubsidi dening pemerintah. Mligine ba­han bakar bensin. Dadi regane bensin ya isih murah. Akehe masyarakat kang numpak mobil lan sepedha motor nda­dekake transportasi publik kaya sepur, dhokar, bis banjur padha ditinggalake. Bi­yen ana ing dhaerahku ana sepur Ma­diun-Ponorogo malah nganti Slahung. Sa­iki wis tutup kira-kira wiwit taun 1980-an. Semono uga laladan liyane kaya Se­ma­rang-Magelang-Yogyakarta banjur di­tutup. Eman banget!!! Yen negara liya ri­kala iku transportasi publik ditengenake, negarane dhewe rikala iku malah suwa­like, akeh kang ditutup. Trem listrik kang biyen ana Jakarta lan Surabaya uga ditu­tup.

Tansaya akehe masyarakat kang mak­mur uripe, mligine masyarakat ing ku­tha Jakarta, Surabaya lsp, ndadekake “gaya hidhup” uga owah. Yen biyen num­pak sepedha menyang ngendi wae biasa dadi kaya-kaya asor. Amarga sepedha di­anggep transportasine wong kang ora duwe. Beda ana negara-negara kaya Be­landa, numpak sepedha wis dadi budaya urip sehat. Lanang-wadon, tuwa-enom, sugih-mlarat padha numpak sepedha. Sing mbedakake sugih lan mlarat mung dhuwit ana rekening bank.

Mula ora nggumunake yen kutha ana ngendi wae ing Indonesia, saiki wis wiwit macet amarga salah sijine sebab, ken­dha­raan pribadi kang tambah taun tam­bahe akeh nganggo banget. Manut ca­thet­an Mabes Polri ing taun 2018 gung­gunge kendharaan utawa per 1 Januari 2018 wis watara 111 Juta, utawa 111. 571.239 unit kendharaan. Gunggunge kendharaan mau klebu sepedha motor kang prosentasene paling akeh yaiku 82% utawa 91.085.532 unit sepedha motor. Terus disusul mobil pribadi kang menehi kontribusi 12% utawa 13.253. 143 unit mobil. Sisane kaya bus, mobil barang, lan kendharaan khusus. Ka­mang­ka saben taun kendharaan mau tambah terus lan rata-rata tambahe 5%. Terus kepriye yen tambah terus kaya mengkono mau. (Ana Candhake)

Berita Terkait

Samak Minggu Ini

img

img

Sumber Semangat

Wong kang nglarani awakmu, yen dudu luwih kuwat ya luwih ringkih saka awakmu. Tumrape sing luwih ringkih saka awakmu, apu-ranen. Lan kang-gone kang luwih kuwat, apuranen awakmu dhewe.

Klik

PATUNG RASEKSA MAO ZHEDONG

Patung emas raseksa tilas pemimpin Cina, Mao Zedong ing desa Tongxu, Henan, Cina. Patung kang dhuwure 36,6 meter mawa cet emas iki madeg ing sandhuwure pategalane warga, ing desa Tongxu, provinsi Henan, Cina. Ragad kang dientekake kanggo mbangun patung iki kurang luwih Rp 6,3 milyar. Mao Zedong mujudake presiden pisanan negara pandha kang kuwasa suwene 27 taun. (d/ist)***

Pethilan

Rega pangan ngadhepi pasa dijamin

Pengin murah, tuku nang koran ae!

Gaya ngadibusanane Pres. Jokowi mujudake strategi komunikasi

Ana sing nggaya ote-ote uga

Legislator kena OTT KPK maneh. Ketua DPR Bambang Soesatyo nga¬jab iku kang pungkasan

Pungkasan sing korupsi apa pung­kasan sing konangan?