Sawise UU Pemajuan Budaya Disahake, Banjur Arep Ngapa?
Diposting oleh : Administrator
Kategori: Laporan - Dibaca: 7 kali

Ana sing beda ing Rapat Koordinasi dan Sosialiasi Kebijakan Pemajuan Kebudayaan di Jawa Timur sing dianakake ana Hotel Aria Gajayana, Malang 23-25 April 2018 dibandhing taun-taun sa­durunge. Wiwit taun kepungkur, Undhang-Undhang Nomer 5 taun 2017 ngenani Pema­juan Budaya wis disahake DPR.  Kabudayan wis nduweni payung ukum kuwat. Kari gu­-man­tung marang para pelaku seni lan budaya  anggone ngunggar proses kreatif amrih  wa­risan adiluhung iki ora oncat saka jati dhirine bangsa.

Sebab, undhang-undhang iku ngama­nat­ake menawa strategi kabudayan kudu  disusun lelandhesan pokok pikiran saka ta­taran pamarentah propinsi sing disusun ba­barengan klawan masyarakat lan ahli. Strategi kabudayan mau uga kudu dipepaki karo peta ngrembakane  obyek pemajuan kabudayan saindenging nuswantara, peta sumber daya manungsa, lembaga kabudayan lan pranata kabudayan.

Kabudayan sarta kearifan lokal uga  di­perdi supaya sangsaya ngrembaka sing an­case kanggo tujuwan pambangunan nasio­nal.  Wondene obyek pemajuan kabudayan kang diatur ing undhang-undhang kasebut nyakup tradhisi lisan, manuskrip, adat istiadat, situs, kawruh-kawruh tradhisional, teknologi tradhisional, seni, basa, dolanan rakyat lan olahraga tradhisional.

Dhirektur Kesenian Direktorat Jenderal Kebudayaan Kementerian Pendidikan lan Ke­budayaan Restu Gunawan nuturake Un­dhang-Undhang Pemajuan Budaya  mau lagi bisa disahake sawise 35 taun. Gagasan nge­nani undhang-undhang kabudayan sejatine wis suwe dirembug, nanging pijer ora gathuk awit mung kandheg ing udur-uduran. 

“Undhang-undhang iku kedawa-dawa panyusune awit yen ana seniman lima ngum­pul, panemune bisa nenem utawa luwih,” ujare Restu setengah nyemoni watara 170 panyarta sing dumadi saka budayawan, seniman, akademikus  lan wartawan.

Kanthi anane undhang-undhang  mau Restu nantang pelaku seni apa sing bisa di­persudi kanggo ngrembakaning kabudayan. Restu ngakoni menawa anggaran pamaren­tah pusat kanggo kabudayan isih minim. Won­dene dhuwit saka pamarentah dhaerah ora bisa dijagakake.

 Dheweke aweh tuladha, ing Jawa Timur ana Taman Budaya cacah 26. Kudune ati dadi bombong. Nanging jebul penguruse taman budaya akeh sing sambat jalaran anggaran sing mu­dhun mung cukup kanggo mbayar lis­trik. “Yen pemda-ne ora preduli arep apa,” ujare.

Kementerian Ka­­-bu­dayan, tuture Wis­nu, mbudidaya amrih ana dana alo­kasi khu­sus (DAK) saka pa­marentah kanggo seni budaya. Jalaran sa­suwene iki, anggaran kabudayan saka pusat diliwatake dana alokasi umum (DAU) saengga tume­tese ora bisa dijagak­ake. Awit yen pemda duwe panemu kabu­dayan kalah wigati karo sektor liyane, ang­garan mau netese mung pisan pindho. “Kanthi liwat DAK, anggarane wutuh mili menyang sektor kabudayan,” tuture Restu.

Ing sisih liya Restu ngritik sawatara pelaku budaya sing ngreken kabudayan minangka proyek. Wekasane yen proposal sing diajok­ake marang pemda ora disarujuki, kupiya mbangkitake kabudayan mau dadi macet. Mangka pamarentah kepengin mbangun ekosistem kabudayan traju telu, yakuwi pa­marentah, masyarakat lan budayawan. “Sejatine jejibahane pemda njamin kabu­dayan ing wilayahe sowang-sowang lestrasi, salah sijine kanthi nyamaptakake piranti apa sing dibutuhake,” kandhane Restu.

Dheweke menehi conto, wayang beber ing Wonosari, Pacitan sing butuh dluwang mirunggan kanggo nggambar.  Uga topeng Malang sing ora angger digawe ing sa­dhengah kayu. “Tugase pemda njamin bahan-bahan kasebut sumadiya,” tuture Restu.

Restu ngajap UU Pemajuan Budaya mau bisa ngayomi  obyek-obyek kabudayan sing diatur ing njerone supaya ora didhaku dening wong manca. Upamane kawruh ngenani resep obat tradhisional sing sejatine wis ana kawit turun-tumurun. “Sukur bage obyek-obyek kabudayan mau bisa dikomersialake dadi motif ekonomi,” kandhane. (Ksw)

Berita Terkait

Samak Minggu Ini

img

img

Sumber Semangat

Wong kang nglarani awakmu, yen dudu luwih kuwat ya luwih ringkih saka awakmu. Tumrape sing luwih ringkih saka awakmu, apu-ranen. Lan kang-gone kang luwih kuwat, apuranen awakmu dhewe.

Klik

PATUNG RASEKSA MAO ZHEDONG

Patung emas raseksa tilas pemimpin Cina, Mao Zedong ing desa Tongxu, Henan, Cina. Patung kang dhuwure 36,6 meter mawa cet emas iki madeg ing sandhuwure pategalane warga, ing desa Tongxu, provinsi Henan, Cina. Ragad kang dientekake kanggo mbangun patung iki kurang luwih Rp 6,3 milyar. Mao Zedong mujudake presiden pisanan negara pandha kang kuwasa suwene 27 taun. (d/ist)***

Pethilan

Rega pangan ngadhepi pasa dijamin

Pengin murah, tuku nang koran ae!

Gaya ngadibusanane Pres. Jokowi mujudake strategi komunikasi

Ana sing nggaya ote-ote uga

Legislator kena OTT KPK maneh. Ketua DPR Bambang Soesatyo nga¬jab iku kang pungkasan

Pungkasan sing korupsi apa pung­kasan sing konangan?