Nomer Buntutan
Diposting oleh : Administrator
Kategori: Alaming Lelembut - Dibaca: 290 kali

Sawise sholat Magrib, Rukayah  ngendhokake pikir ing bangku dawa teras ngarep omahe. Wis pirang-pirang ndina atine sumpeg. Anake wadon sing se­kolah SPG njaluk dhuwit kanggo mbayar rekreasi, kehe rongatus ewu. Tumrap sing eko­nomine turah, dhuwit semono genah dudu apa-apa. Nanging kanggo­ne Ruka­yah kang ekonomine mi­nim, diaba rong­atus ewu ya abot. Apa maneh sing la­nang pegawe­yan ora mesthi, srabutan sake­candhake. Rukayah dhewe oger-oger bakulan candhak kulak cilik-cilikan, asile kena dienggo nam­bal butuh.

Karo sedhela-sedhela ambe­gan da­wa, Rukayah mikir-mikir gek apa sing arep didol wong ya ora duwe barang pe­ngaji. Mang­ka yen anake ora melu rekreasi, sejene gela uga ana rasa wedi karo gurune. Dumadakan Ruka­yah keli­ngan yen mbakyune kang omahe ing seje kutha ekonomine turah-turah, wong ya pedagang sukses. Yen disam­bati mo­sok ya ora gelem ngutangi, ngono pikire Rukayah.

Wis duwe niyat, sesuk arep nyoba sambat marang mbakyune mau. Na­nging banjur diothak-athik maneh, yen nganti mbakyune emoh ngutangi banjur piye? Awit senajan sedulur, nanging mbakyune klebu wong cethil.

“Gusti, mugi paringa rejeki dhuma­teng kula Gustii. Anak kula mbetahaken saestu, mugi paringa welas dhateng kula,” mangkono anggone sambat Ru­kayah  karo umak-umik  lirih banget.

 Sambat sebute jugar awit keprungu anake sing cilik nangis nggoleki. Isih arep menyat, dadakan tanpa kanyana ing ngarepe ana  wadon setengah tuwa, pe­nganggone kumel kaya wis suwe ora kambon sabun, rambute madhul-ma­dhul. Wong wadon mau nggendhong bun­telan, embuh isine apa. Bareng ce­dhak karo Rukayah malah ngomyang ora karuwan, ndadekake Rukayah bingung dhewe kudu kepriye ngadhepi wong mau.

“Telu rejeki, telu rejeki, telu rejeki… telu, telu, telu…rejeki,” ucape karo mu­beng kaping telu, drijine telu diacungake mendhuwur, banjur mbalik klepat se­tengah mlayu lunga saka kono. Rukayah mung ndomblong kamitenggengen.

Wancine nuduhake jam pitu, ing mesjid wis krungu swara wong qiro’ah mapag wanci ngisak.  Rukayah menyat,  kelingan ana  kabutuhan pawon sing isih kurang. Gageyan mlebu senthong, arep njupuk dhuwit, terus bablas blanja menyang toko klonthong.

Tekan regol ngarepan, mak jegagig dheweke papagan wong ngemis nggem­bel, sandhangane pating sranthil, am­bune badheg njalari wetenge Rukayah kaya diudhak. Ndadak malah nggablog pundhake Rukayah karo ngucap rada santak, “Nek wis ping telu ya bisa ngguyu!”

Karo ngipatake tangane gembel mau, Rukayah ngomong ora kalah santake, “Lunga, kana lungowa, nyingkrih!”

Nanging wong edan mau malah nggablog pundhake Rukayah maneh ambal kaping telu, karo ngomyang, “Telu, sing penting ping telu.”

Rukayah wis ora ngreken, gageyan setengah mlayu nerusake laku menyang toko klonthong. Ora merduli marang ke­re glandhangan kuwi.

Bengine  nalika mapan turu pikirane tumuju wadon aneh lan wong gendheng sing mentas………..

Berita Terkait

img

Samak Minggu Ini

img

img

Sumber Semangat

Saya tambah umur saya kabur mripat kita...Iki ora liya merga satemene Gusti Allah lagi madhangake mata batin kita kanggo ndeleng akhirat.

Klik

PASRAH DIPRIKSA DOKTER CILIK

Saperangan ing antarane kita ana kang duwe ingon-ingon ing omah. Apa kuwi asu, kucing, manuk, bebek, pitik lsp. Kerep kewan-kewan ksb nganti dianggep minangka perangan kulawargane dhewe. Malah saking rakete karo kewan ingon-ingone, kerep kewan ingon-ingone ksb pasrah nalika arep diapakake wae dening sing duwe. Kaya ing gambar iki contone. (d/ist)***

Pethilan

Ewonan seniman bakal dikerigake menyang sekolahan

Ngasah uteg tengene siswa

Uji materi nyalon presiden kemungkinan gagal

Calon akeh, patut ora?

Parpol ngerigake kekuwatan penuh ing Pilkada 2018

Ana sing pengin ngganti presiden pisan