Bedhah Pajang (1)
Diposting oleh : Administrator
Kategori: Cerita Rakyat - Dibaca: 241 kali

Alun-alun Pajang katon regeng. Dina iki lagi ana pasewakan agung. Kanjeng Sultan Adiwijaya miyos siniwaka lenggah dhampar gadhing. Para na-yaka bupa­ti, panewu, mantri lan para lurah ka­ton andher seba ing sitinggil. Dene pa­ra bupati mancapraja sing kaba­wah Negara Pajang uga padha marak lan caos bulu bekti.

Para bupati genti-genten caos pa­lapuran mungguh kahananing praja. Wose kabeh padha mratelakake yen panguripane para kawula padha tata tentrem, kerta lan raharja. Kabeh para bupati uga padha marem atine ja­la­ran nampa pangalembana saka Kan­jeng Sinuwun Adiwijaya.

Nanging ora mangkono mungguh kang dirasakake dening Ki Pamanah­an. Lurah prajurit tamtama abdi kina­-sihe Sultan Adiwijaya iku anggone linggih ngadhep sajak tumungkul. Sa­-temene atine wong lanang iku banget gela. Sebab wis suwe anggone ngan­tu-antu paringan dalem ganjaran wu­jud bumi Mataram, nanging tekan sa­prene pranyata Kanjeng Sultan isih ken­del bae lan durung kersa maringake gan­jaran kasebut.

Anggone ngantu-antu paringan da­lem ganjaran bumi Mataram iku jalaran rikala samana Ki Pamanahan lan Ki Panjawi kasil nyirnakake klilip negara Pa­jang, yaiku Adipati Arya Panangsang saka Jipang Panolan. Wektu kuwi Kan­jeng Sultan Adiwijaya yasa sayembara, kang wose “Sapa kang bisa merjaya Arya Penangsang bakal diganjar bumi Pati lan Mataram”. Nanging engga Arya Panangsang tumekeng lena, ganjaran bumi Mataram isih durung diparingake.

Kamangka Ki Panjawi wis kaparingan ganjaran bumi Pati.

“Apa Kanjeng Sultan supe marang janjine?” Mangkono pangudarasane Ki Pamanahan. Lungguhe tansaya tu­mung­kul, lan kala-kala unjal ambegan.

Ki Pamanahan kelingan lelakon ja­man sapisanan nyuwita ing Kasultanan Pajang. Mungguh dene Ki Pamanahan iku asal-usule saka desa Sela, putune Ki Ageng Sela. Dhek jaman Kasultanan Demak diasta Sultan Bintara iya Sultan Syah Alam Akbar (Raden Patah), Ki Ageng Sela nate kondhang jenenge ja­laran bisa nyekel bledheg banjur diga­wa men yang alun-alun lan dikrangkeng ing plataran mesjid Demak kanggo ton­tonan wong sapirang-pirang.

Ki Ageng Sela kagungan putra pitu, putri enem lan kakung siji tiba ragil. Para putrine kasebut asma Nyai Ageng Lu­rung Tengah, Nyai Ageng Saba, Nyai Ageng Bangsri, Nyai Ageng Jati, Nyai Ageng Patanen, lan Nyai Ageng Pakis Dhadhu. Dene sing kakung asma Ki Ageng Ngenis.

Ki Ageng Ngenis mung peputra siji asma Ki Pamanahan, nuli mupu putra keponakane, kang asma Ki Panjawi. Dene Ki Pamanahan rabi karo anake wadon Nyi Ageng Saba iya mbakyune Ki Juru Martani, lan kagungan putra pitu kabeh kakung, kang pembarep diparabi Raden Bagus Srubut. Ki Pa­manahan, Ki Panjawi lan Ki Juru Mar­tani iku padha seduluran kanthi ru­maket. Wong telu nuli padha meguru lan nyantri bareng marang Kanjeng Sunan Kalijaga.

Sarehne Sultan Adiwijaya iku iya muride Sunan Kalijaga, mula…………..

Berita Terkait

img

Samak Minggu Ini

img

img

Sumber Semangat

Urip iki cekak banget yen mung trima diisi karo rasa gela lan benci.

Klik

TRADHISI KAUL LAN ABDA’U ING MALUKU TENGAH

Iki sawijining tradhisi mbeleh wedhus ngarepake Idul Qurban. Ditindakake kaping pindho, yakuwi sing umum sawise shalat idul adha, lan ana maneh sing khusus. Sing khusus kanthi mbeleh wedhus 3. Sadurunge dibeleh, tetelune wedhus iki digendhong jarit dening tetuwane adat lan diarak keliling sinambi sholawatan nuju pelataran masjid Negeri Tulehu sawise Ashar. Tujuane ritual iki kanggo tolak balak lan nyenyuwun panga-yomane Gusti Allah kanggo masyarakat Tulehu. (d/ist)

Pethilan

Polri wiwit ngrasakake anane konflik pemilu

Digulung wae pak

Pasangan capres-cawapres setuju pemilu dhame

Pendhukunge sing dikon gontok-gon­tokan

Capres-cawapres nyiapake tim sukses

Sukarelawan, nanging ana pamrih