L.G.B.T.
Diposting oleh : Administrator
Kategori: Layang Saka Warga - Dibaca: 105 kali

L.G.B.T.

Sawetara iki ana berita ribet-ribet sawenehing pawongan/lembaga sing usul supaya ana aturan / undang-undang bab hak LGBT. Nganti ana lembaga international arep melu cawe-cawe. Yen miturut panemuku, sing wong cilik ora ngerti hukum, karebena alasan “hak asasi manusia” kok kayane ora jumbuh karo azas negara Pancasila. Ya bener ing UUD 45 kita menghormati “hak azasi manusia”, kayane kok ora patut. Apamaneh rakyat Indonesia mayoritas umat muslim / Islam.

Apa kepribadian Pancasila kita wis luntur banjur arep disingkur; yen arep ana aturan kena-kena wae nanging aja nganti “melegalkan” dadine lembaga / organisasi LGBT. Apa iki ora padha wae karo “pekat”/penyakit masyarakat?

Pengalaman sethithik sing arep tak aturake iki kedadeyan sing nate dak lakoni rikala aku dadi “pelayan masyarakat” ing bidang transportasi. Sawetara wektu aku dicharter pawongan LGBT Diango muter-muter, kok banjur aku “dirayu” supaya gelem “nglayani” kanthi iming-iming dhuwit akeh. Yen tak pikir wong rupaku ya ora “cakep” kok diajak kencan, apa amarga kepranan caraku rikala dijak muter-muter.

Kedadeyan kuwi ora sepisan pindho, rikala dicharter maneh, malah nganggo diancam arep munasika aku yen ora gelem ngladeni karepe. Tujune aku isih kaparingan iman kuwat dening Gusti Allah. Kanthi tak elingake srana alus, kayane “sadhar” malahan pawongan kuwi nyuwun pangapura. Mula iki dadi tantangane lembaga-lembaga hukum, sosial, keagamaan, kedokteran lan sapa wae. Supaya aja nganti madeg lembaga/organisasi LGBT. Ngeri, aja nganti ana “Sodom lan Gumoroh” nang Indonesia. Matur nuwun lan pangapunten yen ana panyaruwe ku sing kurang bener.

Pakne Andi-Purwokerto

 

Perkara Istilah Jangka Waktu

Tumrape wong Jawa, jangka waktu sing kulina digunakake ing urip padinan iku (wiwit sing cedhak nganti sing dawa): sedina, sepasar (5 dina), seminggu (7 dina), sesasi (30 dina) selapan (35 dina) setaun (12 sasi), sawindu (8 taun) lan sa-abad (100 taun). Akhir-akhir iki merga pengaruh etungan manca, uga sok digunakake jangka waktu dasa warsa (10 taun). Iku saka jangka waktu manca sing diarani decae (deca=10). Dadi dekade tegese wektu sepuluh taunan, lha yen satus taunan jenenge abad.

Mengkono aturku, mung saderma urun rembug sithik, muga ana paedahe. Aturku iki ana gandhenge karo tulisan bab pengetan satus taun RSUD Tulungagung (sa-abad), ing PS No. 5, 3 Februari 2018, kaca 17.

Pujo Sumarto-Ds. Sabranglor, Kec. Trucuk — Klaten

 

Berita Terkait

img

Samak Minggu Ini

img

img

Sumber Semangat

Urip iki cekak banget yen mung trima diisi karo rasa gela lan benci.

Klik

TRADHISI KAUL LAN ABDA’U ING MALUKU TENGAH

Iki sawijining tradhisi mbeleh wedhus ngarepake Idul Qurban. Ditindakake kaping pindho, yakuwi sing umum sawise shalat idul adha, lan ana maneh sing khusus. Sing khusus kanthi mbeleh wedhus 3. Sadurunge dibeleh, tetelune wedhus iki digendhong jarit dening tetuwane adat lan diarak keliling sinambi sholawatan nuju pelataran masjid Negeri Tulehu sawise Ashar. Tujuane ritual iki kanggo tolak balak lan nyenyuwun panga-yomane Gusti Allah kanggo masyarakat Tulehu. (d/ist)

Pethilan

Polri wiwit ngrasakake anane konflik pemilu

Digulung wae pak

Pasangan capres-cawapres setuju pemilu dhame

Pendhukunge sing dikon gontok-gon­tokan

Capres-cawapres nyiapake tim sukses

Sukarelawan, nanging ana pamrih