Rahmat Allah, Sumber Energi Jagad Raya (25)
Diposting oleh : Administrator
Kategori: Agama Islam - Dibaca: 46 kali

(7). Donga kang ijabah

Donga kang ijabah utawa makbul (kinabulake). Donga mono mujudake sari utawa intine ibadah (adduaa’u mukhkhul ibaadah). Trep dhawuhe Allah, mangke­ne maksude: “PanjenengaNe iku Dzat kang disuwuni titah kang ana ing La­ngit lan Bumi, ing saben dinane. Pa­njenengaNe tansah tumandang. He manungsa sarta jin! Sabab apa sa­ka­ronira padha maido marang nik­mat peparinge Pangeranira, Allah.” (Q.S. Ar-Rahman (55): 29-30).

Samubarang mono gumantung ma­rang rahmating Allah. Tanpa rahmating Allah, ora bakal ana panguripan ing La­ngit sarta ing lumahing Bumi. Ayat kang katur ana ing ndhuwur iku nggambarake sepira bawerane (luasnya) rahmat sarta paparinge Allah, saengga sekabehing makhluk kang dumunung ana ing Bumi lan Langit, tansah nyenyuwun marang Allah. Allah iku Dzat kang Maha Sugih sar­ta Maha Peparing. Dene para makhluk iku miskin tansah asung panyuwunan ma­rang Pan­jenengaNe. Lelandhesan ka­ro Hadits Ra­sulullah, para ulama tafsir antara liya Imam al’Qurtubi nerangake, umume kang disuwun dening makhluk Al­lah kang du­munung ana ing Langit, yaiku ramate Allah. Dene makhluk Allah kang dumunung ana ing lumahing Bumi, umume padha nyuwun rejeki. Ibnu Ab­bas (sahabat) lan Abu Shaleh nerangake, manawa makhluk ing Langit padha nyu­wun pangapura, ora nyuwun rejeki. Dene makhluk Allah kang mapan ing lumahing Bumi iku padha nyu­wun keka­rone, hiya nyuwun pangapura, hiya nyu­wun rejeki.

Maksud dhawuhe Allah ing ayat ka­sebut “Panjenengane tansah tu­man­­dang” (huwa fi sya’ni), ngemu mak­na, saben dhetik lan saben menit pa­ra kawula­Ne kang tansah ndonga, nye­nyuwun ma­rang Allah, PanjenengaNe tan­sah kepa­reng ngabulake (ngijabahi) panyuwune (ndongane) wong-wong kang padha nye­nyuwun marang Panje­nengaNe, ngen­theng­ake marang tang­gungane para ka­wu­laNe sing lagi nan­dhang kesusahan, kepareng paring ka­sa­rasan marang para kawulaNe kang nandhang lara, paring pangapura ma­rang para kawulaNe, paring pangayo­man, nurunake banyu udan, nukulake  tetanduran, kepareng mundhut arwah makhluk Allah kang wus tumapak wektu tumekeng palastra, kepareng paring pa­nguripan marang makhluk Allah kang tinakdirake urip, lan liya-liyane. Seka­beh­ing kesibukan kang kaya mangkono iku, ora ndamel Allah mandheg kepareng nga­bulake utawa ngijabahi sekabehing pa­nyuwunaning kawulaNe, nanging su­walike, makhluk mau kang rinasa keca­peken ngaturake panyuwunan. Dhawuhe Allah, mangkene maksude: “Lan mana­wa ka­wulanIngsun padha pitakon marang sira Muhammad! saka sari­ranIngsun, mangka jawaben Ingsun iku cerak (cedhak) banget. Ingsun iku minang­kani panyuwune wong-wong kang padha nyuwun marang Ingsun. Mang­ka supaya padha ngan­­dikanana netepi dhawuh Ing­sun, lan padha iman marang Ingsun, muga-muga dheweke iku padha tan­­sah tetep ing bebener.” (Q.S.Al-Baqarah(2):186).

Dhawuhe Allah kang kasebut ana ing  Q.S.Al-Baqarah (2):186, ana rong per­kara sing perlu dadi kawigaten.

(a). Satemene Ingsun iku cerak (cedhak). Maksud cerak (cedhak) ing ayat kasebut, maknane, iku mujudake  ka­sampurnaning pengetahuan sarta bawe­ra­ne utawa jembare ilmune Allah iku, tum­raping sekabehing makhluk cip­taane. Allah iku cedhak banget karo  ma­nungsa. Tegese, PanjenengaNe Ngawu­ni­ngani sa­ben obah lan mosike, apa kang diucapake, swasana ati lan jiwane ma­nungsa. Ora ana wates sing ngalang-ala­ngi sawijining wong saka pangawa­sane PanjenengaNe.

(b). Ingsun minangkani (ngabul­a­ke) dongane wong-wong kang pa­dha nyuwun marang Ingsun. Hiya karana ora ana wates antarane Allah lan kawu­laNe, dedonga nyuwun marang Panjene­ngaNe miyarsa (midhanget) sarta minang­kani donga mau. Ora mung tekan semono, Allah uga kepareng netepi janji, manawa saben donga kang konjuk marang ngar­saning Allah, binarung karo ati kang suci, linambaran iman kang ku­kuh bakuh, insya Allah, Allah kepareng minangkani (ngabul­ake) donga mau. Ana sawijining riwayat saka Anas bin Malik, manawa Rasulullah dhawuh:

“Ingsun trep (sesuai) karo pandu­gane kawulanIngsun marang Ingsun. Ingsun iku bebarengan karo dheweke, na­lika dhe­weke ngonjukake donga marang Ingsun. (HR.Ahmad). Kajaba sa­ka iku, Karmah binti Ka­sy-Kasy ngriwa­yatake, manawa Abu Hurairah keprungu Rasulullah ngunandika, “Allah dhawuh” Aku bebarengan karo ka­wu­lanIngsun, nalika dheweke eling (dzikir) marang Ingsun, sarta sa­ka­rone lathine (lambene) komat-ka­mit nyebut Asmaningsun.” (HR.Ahmad).

(c). Dhawuhe Allah: Ngendikana­na dhawuhIngsun (sinebut ana ing QS.Al-Baqarah (2):186 ing ndhuwur). Sa­wuse PanjenengaNe kepareng njan­jekake (menjanjikan), manawa saben donga bakal kepareng kinabulake, Allah uga kepareng paring pituduh, yaiku supaya donga (panyuwunan) iku ijabah (kinabula­ke), prayoga tansah ngestok­ake dhawuhe Allah. Tegese, nindakake sekabehing ama­l­an sing kadhawuhake, utamane ba­bagan kang wajib, kaya ta shalat, zakat, pasa dalah liya-liyane sar­ta ngedohi (meng­hindarkan) samuba­rang kang di­larang dening Allah kanthi ikhlasing ati.

(d). Dhawuhe Allah: “sarta iman ma­rang Ingsun”. Iki mujudake pituduh tata­ran kang kapindho supaya donga kita ijabah (kinabulake). Keimanan iku ora kok mung sadrema diucapake dening lisan, nanging uga mbenerake sarta pi­taya (nge­yakini) ana ing sajeroning ati lan ngamal­ake kanthi tumindak. Lha pi­tuduh kekarone kaya kang katur ing ndhu­wur iku mujudake nyawijine (kesa­tuan) kang ora bisa dipi­sahake. Tumrap­ing sawijining pawongan bisa bae ndar­beni watak (karakter) kang becik, na­nging manawa ora linandhesan (bina­rung) karo iman, dongane wong mau ora bakal pikoleh kawigaten dening Allah. Semono uga tumraping pawongan kang  ngiqrarake awake iku iman (ngu­cap syahadat), lha yen dheweke ora nin­dakake perintah (dhawuhe Allah) sarta ora nge­dohi ing larangane Allah (donga­ne ora ijabah).

n (Ana Candhake)

 

Berita Terkait

img

Samak Minggu Ini

img

img

Sumber Semangat

Saya tambah umur saya kabur mripat kita...Iki ora liya merga satemene Gusti Allah lagi madhangake mata batin kita kanggo ndeleng akhirat.

Klik

PASRAH DIPRIKSA DOKTER CILIK

Saperangan ing antarane kita ana kang duwe ingon-ingon ing omah. Apa kuwi asu, kucing, manuk, bebek, pitik lsp. Kerep kewan-kewan ksb nganti dianggep minangka perangan kulawargane dhewe. Malah saking rakete karo kewan ingon-ingone, kerep kewan ingon-ingone ksb pasrah nalika arep diapakake wae dening sing duwe. Kaya ing gambar iki contone. (d/ist)***

Pethilan

Ewonan seniman bakal dikerigake menyang sekolahan

Ngasah uteg tengene siswa

Uji materi nyalon presiden kemungkinan gagal

Calon akeh, patut ora?

Parpol ngerigake kekuwatan penuh ing Pilkada 2018

Ana sing pengin ngganti presiden pisan