Tirakat ing Gunung Kelir, Mesthi Diwedeni
Diposting oleh : Administrator
Kategori: Kebatinan - Dibaca: 15 kali

Ing laladan Kotagede lan sakiwa tengene, akeh tinemu petilasan utawa pasareyan tuwa tinggalan ja­man Mataram Islam. Umume, petilasan lan pasareyan tuwa kasebut tekan saiki dikeramat­ake. Salah sijining pasareyan tuwa kasebut yaiku Pasareyan Kanjeng Ratu Malang ing Gu­nung Kelir, Plered Bantul.

Saka Kotagede, Gunung Kelir adohe mung udakara 5 km arah ngidul ngetan. Embuh karana apa, tekan saiki Pasareyan Kan­jeng Ratu Malang ing Gunung Kelir kondhang banget keang­kerane. Sok ngonoa, durung akeh sing mangerteni, apa wae kedadean nganeh-anehi sing dumadi ing Gunung Kelir iki.

Pasareyan keramat ing Gunung Kelir iki umure wis atusan taun. Miturut Balai Pelestarian Peninggalan Purbakala Yog­yakarta, Pasareyan Kanjeng Ratu Malang anggone mbangun udakara taun 1668 M. Sunan Amangkurat I,  Raja Mataram sing mbangun pasareyan kasebut nje­neng­ake pasareyan iki kanthi sebutan Antaka Pura utawa ‘Istana Kematian’. Mbok menawa, jeneng iki ana gandheng cenenge klawan ati sungkawa sing kedawa-dawa.

Para sutresna PS temtu wis padha pirsa, sing disarekake ing Gunung Kelir iki, kejaba Kanjeng Ratu Malang, isih ana maneh yaiku dhalang sekti mandraguna, asmane Ki Dhalang Panjang Mas. Miturut sumber sing pinercaya, jenenge asli Ki Dhalang Panjang Mas yaiku Kiai Daim. Saliyane minang­ka dhalang, Kiai Daim iki uga juru tulis Keraton Mataram.

Kejaba Ki Dhalang Panjang Mas lan Kan­jeng Ratu Malang, ing Gunung Kelir uga tine­mu pirang-pirang ku­buran liyane. Maneka sumber nyebutake, sing disarekake ing kuburan iki yaiku para pesindhen lan pengrawit, sing uga melu dipateni dening prajurit Mataram. 

Lha komplite, ing pasareyan Gunung Kelir iki kabehe ana 28 kijing: kijing 19 mapan ing ngarep cedhak klawan lawang mlebu, siji ma­pan ing pojok lor kulon (pasareyane Kiai Da­im), lan  kijing  sing 8 mapan ing tengah, sa­lah sijine yaiku pasare­yane Kanjeng Ratu Ma­lang. 

Sejarah lan crita sing kebak tragedi an­tarane Kiai Daim, Kan­jeng Ratu Malang lan Sunan Amangkurat I, mligine klawan peti­lasan ing Gunung Kelir, temtu uga wis akeh sing padha pirsa. Ananging ora ana salahe menawa ing ngisor iki bakal dicritakake sethithik ngenani sejarah sing nggegirisi kasebut.

Atusan taun kepungkur, udakara 2 km ing sisih kulon Gunung Kelir, madeg sawijining Keraton Mataram. Raja sing nggegem panguwasa yaiku Sunan Amangkurat I (1619-1677 M). Sawijining wektu, Sunan Amangkurat I ndhawuhi para prajurite supaya nggolekake wanita sulistya kanggo dheweke.

Salah sijining punggawa keraton, Pa­ngeran Blitar, aweh pituduh marang rajane, menawa ana wanita sulistya, ya­iku anake wedok Ki Wayah, salah siji­ning dhalang wayang gedhog. Emane, wanita kuwi satemene wis duwe garwa, yaiku Kiai Daim, lan nembe nggarbini rong sasi.

Ananging karana Sunan Amangkurat I kebacut kepranan atine, kepincut banget marang wanita kuwi, mula kanthi nggu­nakake maneka cara licik, Kiai Daim wusanane dipateni. Jisime disarekake ing Gunung Kelir, gu­nung cilik ing sisih wetan keraton.

Maneka versi crita, lisan uta­wa tulisan, babad utawa sejarah, nggambarake kaya ngapa ge­dhene tresnane Sunan Amang­kurat I marang wanita sing sa­ban­jure diparingi gelar Ratu We­tan dening raja (sumber liyane si­nebut Kanjeng Ratu Malang).

Sawise ditinggal mati Kiai Daim, digambarake Kanjeng Ratu Malang sungkawa ora uwis-uwis. Anggone na­ngis keranta-ranta awan bengi. Kanjeng Ratu Malang nangis kanthi nyebut-nyebut jenenge bojone, Kiai Daim. Anggone sungkawa kuwi kedawa-dawa, lan njalari Kanjeng Ratu Malang gerah, nganti tumekaning pa­ti. Emane, tandha-tandha gerahe Kan­jeng Ratu Ma­lang iki rada aneh: mutah-mutah lan men­­cret, ge­rah sing mi­turut pikirane raja, Kanjeng Ratu Malang diracun.

Sasuwene Kanjeng Ratu Malang ana sandhinge raja, selir lan garwa liyane kurang entuk kawigaten dening raja. Mbok menawa, rasa cubriya sing gedhe marang para se­lir mau uga amarga kuwi. Mula, Sunan Amangkurat I mrintahake marang pra­jurite, supaya kabeh inang lan dhayang-dhayang keraton dilebokake ing jero kurungan, dideleh ing pelataran ngarep keputren. Kabeh sing dikurung kuwi ora diwenehi pangan, nganti kabeh wusa­nane mati kaliren.

Versi sing kurang luwih padha nye­butake, Sunan Amangkurat I mrintahake supaya 43 selir sing dinuga ngracun Kanjeng Ratu Malang, supaya ditahan ing sawijining papan tanpa diwenehi pa­ngan lan ngombe. Wengise maneh, selir sing kaliren kuwi dipeksa mangan jisim selir liyane sing wis mati, nganti wusa­nane mung siji sing isih urip.         

Marang selir sing isih urip iki, Sunan Amangkurat I takon, geneya kok dhe­weke ora ma­ti uga. Selir kuwi nyauri, “Dalem mboten ma­nger­tos, Sri Baginda.” “Ya wis,“ ujare Sunan Amangkurat I. “Ana­nging kowe kudu nyusul bojoku sing wis mati.” Sauwise kuwi, diprintahake selir sing isih urip kuwi dikubur urip-uripan ing sandhinge pa­sareyan Kanjeng Ratu Malang. Miturut sumber sing pinercaya, kejaba selir 43 kasebut, ing prastawa iki isih ana 350 wong maneh sing tumekaning pati, kabeh dadi korban kawengisane Sunan Amangkurat I.

Saliyane ka­wengisan, sungkawane Sunan Amang­kurat I  karana ditinggal mati Kanjeng Ratu Malang, ing ke­ne uga di­gam­barake kepiye Sunan Amang­kurat I terus-terusan nangis ing san­dhinge pasa­reyan Kanjeng Ratu Malang ing Gunung Ke­lir. Pasareyan Kanjeng Ratu Malang ora oleh ditutup, amarga Sunan Amangkurat I isih kepingin omong-omongan klawan gar­wanae sing wis dadi mayit kuwi.

Tragise ma­neh, sauwise Kanjeng Ratu Malang disa­rekake, ing dina liya, meneng-meneng Sunan Amangkurat I bali maneh ing pasareyan Kanjeng Ratu Malang, tanpa dimangerteni punggawa lan prajurit keraton. Saking tresnane marang Kanjeng Ratu Malang, pasa­reyan sing wis ditutup mau dikedhuk maneh dening Sunan Amangkurat I. Ora bisa ngampet rasa kangene, Sunan Amangkurat I turu njejeri jisime Kanjeng Ratu Malang sing wis bosok kuwi.

Nginguk sejarah sing ora biasa iki, mula Gunung Kelir tekan saiki kondhang dadi papan keramat sing diziarahi masyarakat saka maneka laladan. Sapa wae sing seneng laku spiritual, Gunung Kelir iki dianggep papan sing aurane gedhe, wingit lan keramat.

Mula, yen ana kedadean sing nganeh-anehi ing Gunung Kelir, temtu kabeh mau ora nggumunake. Juru kunci Gunung Kelir Surakso Sumarno utawa Pak Slamet (56) ngandhakake, wis akeh pawongan sing ngalami prastawa nganeh-anehi nalika teka utawa ziarah ing Gunung Kelir. 

Miturut Pak Slamet, sing padha ziarah menawa arep nyekar biasane ngepasake dina Selasa Kliwon. Dene menawa arep ngadani ritual, kudu dina Jum’at. Akeh wong sing se­medi utawa tirakat ing Gu­nung Kelir, pa­dha diweruhi sesawangan nggegirisi lan dirungoni suara-suara gaib.

Prastawa kasebut ing an­tarane di­alami peziarah saka Solo. Peziarah sing ora gelem disebutake jenenge kuwi ngaku, nalika dheweke sembahyang ing ngarepe Pasareyan Kiai Daim, dheweke diweruhi pawongan nganggo iket bathik wulung. Pawongan iket-iketan mau ngadeg ing ngarepe.

Pisanane peziarah saka Solo kuwi ora wedi. Ananging, ora dinyana, pawongan nganggo iket mau ujug-ujug nyedhaki. Nalika wis cedhak, wong nganggo iket mau malik dadi macan sing siap nyakar dheweke. “Wah, aku wedi banget,” ujare Pak Slamet nirokake peziarah saka Solo mau.

Isih ana maneh prastawa sing nganeh-anehi ing Gunung Kelir iki. Kaya sing dialami warga saka Kotagede, Yogja. Sore-sore arep Maghrib, dheweke munggah Gunung Kelir saperlu mbedhil manuk. Ana manuk sing warnane apik mencok ing wit-witan. Kanthi permana, wong lanang saka Kotagede mau wusanane kasil nembak ngenani manuk kuwi. Manuk sing ditembak tiba ing rungkute wit-witan.

Kanthi trengginas, wong lanang mau marani papan tibane manuk kuwi. Manuk sing wis ora duwe daya kuwi dijupuk. Mbokmenawa kurang subasita, nalika digegem, lha kok sanalika manuk kuwi malik dadi ula sing gedhene sak ta­ngan. Kaget ora kinira, manuk kuwi banjur diculake, lan pawongan saka Ko­tagede mau mlayu mudhun saka Gunung Kelir. Karo isih ambegane ngos-ngosan, wong lanang mau crita marang Pak Slamet kedadean sing lagi wae dialami.

Prastawa-prastawa sing ora tinemu nalar mau pranyata durung entek.  Miturut Pak Slamet, wis tau bengi-bengi ana  pawongan 3 sing semedi ing kuburan keramat iki. Embuh wis pirang jam, ora kanyana wong 3 mau bengok-bengok lan mlayu mudhun gunung. Nalika ditakoni, wong 3 mau ngaku lagi semedi, lha kok diparani pocongan sing cacahe nganti sewelas iji. Sesawangan kuwi kanggone para peziarah kasebut wis ora umum medenine. Mula, bengok-bengok saking wedine, para peziarah mau banjur mlayu mudhun.

Saliyane kuwi, Pak Slamet uga ngandhakake, wis dadi rahasia umum, ing Gunung Kelir iki menawa wayah we­ngi lagi sepi nyenyet, sok-sok keprungu suara playune jaran ngubengi gunung. Swara jaran mau keprungu cetha. Semono uga, ing wayah wengi, masya­rakat ing perenging Gunung Kelir asring krungu suara gamelan komplit lagi ngiringi pergelaran wayang kulit. Suwara mau cetha wela-wela, lan akeh sing krungu. “Sapa wae oleh maido, ana­nging kabeh mau kasunyatan,” ujare Pak Slamet.

Gunung iki sinebut Gunung Kelir amarga ing salah sijining tembok pasareyan, ditatah wayang jejer-jejer. Dadi, tembok pasareyan iki didadekake kelir. Saben dinane Gunung Kelir iki sepi. Pak Slamet saben dina ngresiki kanthi telaten pasareyan tuwa sing dikeramatake iki. Kala-kala direwangi anake, kala-kala diresiki dhewe. Lemut ing sakiwa tengen pasareyan sing akehe ora jamak kuwi, ora ndadekake Pak Slamet kapok. Dheweke dadi juru kunci iki ngganteni bapakne, Ki Surakso Jabari sing wis tilar donya. Minangka juru kunci, Pak Slamet saben sasi dibayar dening negara.

Pak Slamet uga njlentrehake, pasareyan ing Gunung Kelir iki prasasat dadi papan wajib diziarahi tumrap para dhalang lan calon dhalang. Malah seniman kondhang lan politisi nasional uga ana sing ziarah ing pasareyan iki. Mung emane, Pak Slamet ora blaka, sapa wae politisi nasional lan seniman sing ziarah ing Gunung Kelir iki.

Kejaba pasareyan Ki Dhalang Pan­jang Mas lan Pasareyan Kanjeng Ratu Malang, ing Gunung Kelir uga ana situs utawa petilasan sing dianggep kramat. Pak Slamet njlentrehake, ing sisih wetan kompleks pasareyan, ana belik utawa tuk cilik sing dibangun ing dhuwur watu padhas. Belik utawa tuk iki sinebut Send­hang Mulya. ”Sendhang iki durung tau asat senajan mangsa ketiga,” ujare Pak Slamet.

Miturut Pak Slamet, lemah ing sen­dhang iki satemene papan sing arep didadekake pasareyan Kanjeng Ratu Malang. Ananging nalika dikedhuk, terus metu banyune tanpa kendhat. Mula, pasareyan Kanjeng Ratu Malang banjur dipindhah ing sisih kulon sendhang.

Saliyane sendhang, pranyata isih ana maneh petilasan kramat ing Gunung Kelir iki. Petilasan mau wujude watu persegi papat, luwih kawentar kanthi aran Watu Jonggol. “Sapa wae sing tangane cakep nyikep Watu Jonggol iki, sedyane  bakal kelakon,” imbuhe Pak Slamet mungkasi obrolane. (Agung Hartadi)

Berita Terkait

Samak Minggu Ini

img

img

Sumber Semangat

Wong kang nglarani awakmu, yen dudu luwih kuwat ya luwih ringkih saka awakmu. Tumrape sing luwih ringkih saka awakmu, apu-ranen. Lan kang-gone kang luwih kuwat, apuranen awakmu dhewe.

Klik

PATUNG RASEKSA MAO ZHEDONG

Patung emas raseksa tilas pemimpin Cina, Mao Zedong ing desa Tongxu, Henan, Cina. Patung kang dhuwure 36,6 meter mawa cet emas iki madeg ing sandhuwure pategalane warga, ing desa Tongxu, provinsi Henan, Cina. Ragad kang dientekake kanggo mbangun patung iki kurang luwih Rp 6,3 milyar. Mao Zedong mujudake presiden pisanan negara pandha kang kuwasa suwene 27 taun. (d/ist)***

Pethilan

Rega pangan ngadhepi pasa dijamin

Pengin murah, tuku nang koran ae!

Gaya ngadibusanane Pres. Jokowi mujudake strategi komunikasi

Ana sing nggaya ote-ote uga

Legislator kena OTT KPK maneh. Ketua DPR Bambang Soesatyo nga¬jab iku kang pungkasan

Pungkasan sing korupsi apa pung­kasan sing konangan?