Kala Basuwreksa (5)
Diposting oleh : Administrator
Kategori: Padhalangan - Dibaca: 200 kali

“Pitukone apa Ngger, Wrekudara?”

“Nalika aku sakadang nyemplung yomaniloka, aku ketemu bapak Pandhu lan ibu Madrim. Jebul wiwit seda, wong tuwaku sakeloron mapan ing yomaniloka. Kahanane nrenyuhake merga saka bantering pasiksan kang dialami saben ndina, mangka anak-anake kerep dadi srayane dewa madhangake suwasana kadewatan kang peteng. Narada Kakekku, mara angkaten drajate wong tuwaku, luwarana saka panandhang yomanika, lebokna ing suwarga tundha sanga. Iku panjalukku.”

“Wa lha dhalah, bregenjong-bregenjong pak-pak pong waru dhoyong ditegor uwong. Kok  abot timen pitukonmu Wrekudara?”

“Gelem ya kena, ora gelem ora dadi apa. Yen panjalukku ora kok udaneni, aku sakadang wegah tumandang, mapan ana yomaniloka salawase ya ora dadi apa, sebab aku  bisa kumpul wong tuwaku. Pedah apa Pandhawa enak kapienak ana madya pada sedheng wong tuwane mapan ing alaming pasiksan.”

“Wa lha dalah. Ya wis takturuti penjalukmu, Wrekudara. Yen kita sembada mbengkas angkarane Prabu Kala Basuwreksa lan Patih Kala Kusika wong tuwamu sakeloron bakal dakluwari saka yomaniloka, dakpapanake ing alam kasuwargan tundha sanga. Iku janji ulun marang kita Wrekudara sakadang.”

Midhanget ngendikane Hyang Kanekaputra kang kaya mangkono, Pandhawa banjur lumesat ninggalake yomaniloka tumuju mring repat kepanasan ngupadi dununge Prabu Kala Basuwreksa lan Patih Kala Kusika.

Ing repat kepanasan raseksa kekalih kanthi sora nenantang  para dewa, njaluk supaya Dewi Supraba kaulungake. Datan ngerti sangkan paraning bilahi Patih Kala Kusika tiba kapidara. Kagyat Kala Basuwreksa dupi mulat pepatihe kena serangan dadakan. Prabu Puntadewa nalika pirsa wewujudane Prabu Kala Basuwreksa kang sagunung anakan gedhene gya mateg mantram sakti. Sigra triwikrama ilang wujude Prabu Puntadewa, jleg dadi raseksa kang gedhene padha kalawan Kala Basuwreksa.

Repat kepanasan dadi ajanging pabaratan antarane Prabu Kala Basuwreksa lumawan Prabu Puntadewa kang wus triwikrama lan Patih Kala Kusika lumawan Raden Wrekudara. Kahanan repat kepanasan bosah-baseh. Tetandhingan antarane Prabu Puntadewa lumawan Prabu Kala Basuwreksa nuwuhake lindhu prakempa, jagad peteng lelimengan, bledheg magenturan. Kabeh padha dene mundi senjata kadewatan kang ampuhe kagila-gila.

Raden Gathutkaca lan Abimanyu nrambul payudan, niyate arep mbiyantu marang para pepundhen. Nanging malah tiba kantaka merga ora kuwat ngrasakake panase hawa kang mijil saka anggane kang lagi bandawalapati. Dening Kyai Lurah Semar Gathutkaca lan Abimanyu  dielikake supaya ora melu-melu ing pancabakah.

“Ndara kula Abimanyu miwah Den Gathutkaca, pun  mboten sah rerewang anggenipun sami bandayuda, cekap mirsani saking mriki kemawon sinambi nyrantos badharing lelakon menika,” ature Semar marang bendarane sakloron.

Saya suwe Patih Kala Kusika keseser……….

Berita Terkait

img

Samak Minggu Ini

img

img

Sumber Semangat

Urip iki cekak banget yen mung trima diisi karo rasa gela lan benci.

Klik

TRADHISI KAUL LAN ABDA’U ING MALUKU TENGAH

Iki sawijining tradhisi mbeleh wedhus ngarepake Idul Qurban. Ditindakake kaping pindho, yakuwi sing umum sawise shalat idul adha, lan ana maneh sing khusus. Sing khusus kanthi mbeleh wedhus 3. Sadurunge dibeleh, tetelune wedhus iki digendhong jarit dening tetuwane adat lan diarak keliling sinambi sholawatan nuju pelataran masjid Negeri Tulehu sawise Ashar. Tujuane ritual iki kanggo tolak balak lan nyenyuwun panga-yomane Gusti Allah kanggo masyarakat Tulehu. (d/ist)

Pethilan

Polri wiwit ngrasakake anane konflik pemilu

Digulung wae pak

Pasangan capres-cawapres setuju pemilu dhame

Pendhukunge sing dikon gontok-gon­tokan

Capres-cawapres nyiapake tim sukses

Sukarelawan, nanging ana pamrih