Pager (3)
Diposting oleh : Administrator
Kategori: Cerita Sambung - Dibaca: 98 kali

Vone mergawe ing salah sijine dealer sepedhah motor, manggon kost ing laladan Lurung Dipone­goro. Omahe dhewe ing njaban kutha. Tepung Riris ing kantore nalika ngeterake nomer plat, BPKB lan STNK sepedhah motor bebek. Wiwit adu arep kuwi, Vone ngakoni menawa atine gronjalan. Apa merga baguse rupa, sigrak pidegsa, kathik tansah ngumbar esem. Apa jalaran Riris sing gaweyane mapan, bayare akeh, apa sing dipengini kasembadan, Vone ora ngerti.

Saya dina saya lulut lan mung nu­ruti wae aba sak panjaluke. Nganti suwe-suwe ana isine. Sok ngono Riris ora banjur tinggal glanggang colong playu. Endha lan akon glogrokake kandhutan sarana njuju dhuwit. Kosok baline Riris malah kepara saya katon gematine. Vone uga banjur dijarwani yen anggone omah-omah durung di­paringi momongan. Vone gelem diwengku nanging suthik dimaru. Sajake bab kuwi sing jalari Riris gulung koming. Pancen kepengin enggal duwe momongan, nanging yen kudu misah Zahza kabotan.  

“Wiwitan tumindak ana ngendi?”

“Dalemipun Papa.”

“Lho.”

“Mama mboten wonten dalem.”

Brigadir Yanti ngolak-ngalik buku cathetan. Ing antarane cathetan mau tinemu yen Zahzah tau ngestreni temu perancang modhe ing njaban kutha nganti rong dina. Kira-kira wae ing wengi kuwi kedadeyane. Sabanjure ngolah-ngalih panggonan.      

“Sawise ngerti yen Mbak Vone ora sudi dimaru, piye tumanggape Papa Riris?”

“Badhe misah Mama Zahza.”       

“Mbake nyengkuyung?”

“Menika perkawisipun Papa piyambak. Kula mboten tumut-tumut.”

“Ngerti yen Bu Riris tinggal donya?”

“Ngertos. Papa sing criyos.”

“Ngerti jalarane?” 

“Mboten.”

Inspektur Pulisi Rosawani nyawang kebak kawigaten, nganti Vone clingusan bingung uga lingsem. Sabanjure Rosawani njarwani me-nawa Zahza tumeka ing pati nalika arep menyang jedhing terminal bis. Uga dijlentrehake dina, tanggal lan jame pisan. Sawise ngeling-eling sedhela, Vone ngakoni yen ing mbeneri ngajale Zahza pancen menyang terminal, arep methuk wong tuwane sing dikabari lan kepengin disambati.

“Ketemu?”

“Pinanggih.”

“Jam pira?”.

“Watawis jam kalih welas, lajeng sami-sami wangsul dhateng kos-kosan.” Uga diblakani menawa wong tuwane rada gela ngerti dheweke meteng. Nanging barang wis kabacut. Sok ngono anggone nginep nganti limang dina.

Dirasa wis cukup anggone golek katrangan, Rosawani, Simon lan Yanti agahan bali menyang…………

Berita Terkait

img

Samak Minggu Ini

img

img

Sumber Semangat

Saya tambah umur saya kabur mripat kita...Iki ora liya merga satemene Gusti Allah lagi madhangake mata batin kita kanggo ndeleng akhirat.

Klik

PASRAH DIPRIKSA DOKTER CILIK

Saperangan ing antarane kita ana kang duwe ingon-ingon ing omah. Apa kuwi asu, kucing, manuk, bebek, pitik lsp. Kerep kewan-kewan ksb nganti dianggep minangka perangan kulawargane dhewe. Malah saking rakete karo kewan ingon-ingone, kerep kewan ingon-ingone ksb pasrah nalika arep diapakake wae dening sing duwe. Kaya ing gambar iki contone. (d/ist)***

Pethilan

Ewonan seniman bakal dikerigake menyang sekolahan

Ngasah uteg tengene siswa

Uji materi nyalon presiden kemungkinan gagal

Calon akeh, patut ora?

Parpol ngerigake kekuwatan penuh ing Pilkada 2018

Ana sing pengin ngganti presiden pisan