Tapak Jangkah Leluhur (12)
Diposting oleh : Administrator
Kategori: Cerita Rakyat - Dibaca: 153 kali

Ora bisa digambarake kepriye mungguh nasibe Sitarasa sajrone dadi buron lurone Akuwu Bambang. Lamun mlebu desa malah digusah kaya pitik digurak kaya manuk. Genahe, wong-wong desa padha kamiweden. Jalaran sing uwis-uwis, sok wonga wanuh wani kadunungan gedhene mbelani Sitarasa kena dipesthekake bakal dadi bebanten diprajaya dening Akuwu Bambang.

Mula kang saka kuwi Sitarasa pilalah munggah gunung mlebu alas. Ngono wae olehe mlaku ora liwat dalan. Su­melang yen nganti kinawruhan apa ma­neh malah kapergok Akuwu Bambang. Satemah Sitarasa kedharang-dharang lakune. Kedhungsangan munggah mu­dhun gampeng pereng. Ngrusuk-ngru­suk anelasak grumbul bebondhetan. Saengga sandhang penganggone su­wek rowak-rawek, kulit pating jlareh ngemu getih karendhet-rendhet ca­rang utawa eri. Sikil mbesisik dlamakan mlenthung sejagung-jagung.

Sauntara iku Akuwu Bambang saya montog, ngontog-ontog atine. Ru­mang­sa dibebidhung Sitarasa. Sajog pisah karo Sitarasa amarga kudu ngram­pungi para akuwu dhek wingenane kae, dheweke durung entuk sisik melik me­nyang endi arah playune wanita kang dadi gegantilaning atine kasebut.

“Wauuw, suwekan gombal sing ke­sangsang carang iku, rak suwekan rimo­nge Sitarasa?!” pangudarasane Akuwu Bambang kawistara bungah.

Akuwu Bambang nyelengi ayem. Ana pletik-pletik cahya padhang ing jerowaning atine. Dheweke nemu lacak arah playune Sitarasa saka suwekan rimong kang ka­sangsang carang. Rimong iku sabangsane sutra kanggo tutup pundhak utawa gulu. Kang sabacute Akuwu Bambang banjur nlusur tipak-tipake Sitarasa. Saengga la­kune uga melu ora urut dalan. Kesurang-surang, kethekeran, keplorod-plorod kang sakabehe sarwa rekasa. Ing kono dhe­weke terus nggagas. Mendah kaya ngapa rekasa sengsarane Sitarasa!

Kocape Sitarasa wis rumangsa cu­meplong atine. Saka anteping kaperca­yane dheweke mesthekake lamun Akuwu Bambang wis kelangan enggok utawa kelangan lacak. Lan ora bakal ngawruhi maneh ana ing endi papan dununge. Sita­rasa ambegan landhung. Dhadha rasane dadi longgar. Mula dheweke kepengin le­ren ngaso ngiras nentremake ati.

Gandheng cedhak-cedhak kono ana kali, Sitarasa tumuli adus jibar-jibur. Awak kang maune pliket dening kringet lan rereget katemahan malih resik. Seger sumyah rasane. Rampung kuwi Sitarasa terus leren neng sangisore wit logon­dhang pinggir kali sing ngrembuyung ayom. Leyeh-leyeh sesendhenan deleging wit nganti les, keturon.

Ing seje papan, dilalah Akuwu Bam­bang nemu lacake Sitarasa. Kali sing diliwati iline butheg sarambahan. Iya. Saramba­han! Tegese ing uluaning kali sisih ndhu­wur kana mesthi ana wong adus. Saka iku Akuwu Bambang gageyan nlasah munggah. Kanyata naluri prajurite ora mleset. Oh, ho ... ! Sitarasa ketemu turu nglepus.

Dupi nyipati wanita kang diimpi-impi kari nubruk mangkono kuwi, sakdeg saknyet ati lanange Akuwu Bambang malih………….

Berita Terkait

img

Samak Minggu Ini

img

img

Sumber Semangat

Urip iki cekak banget yen mung trima diisi karo rasa gela lan benci.

Klik

TRADHISI KAUL LAN ABDA’U ING MALUKU TENGAH

Iki sawijining tradhisi mbeleh wedhus ngarepake Idul Qurban. Ditindakake kaping pindho, yakuwi sing umum sawise shalat idul adha, lan ana maneh sing khusus. Sing khusus kanthi mbeleh wedhus 3. Sadurunge dibeleh, tetelune wedhus iki digendhong jarit dening tetuwane adat lan diarak keliling sinambi sholawatan nuju pelataran masjid Negeri Tulehu sawise Ashar. Tujuane ritual iki kanggo tolak balak lan nyenyuwun panga-yomane Gusti Allah kanggo masyarakat Tulehu. (d/ist)

Pethilan

Polri wiwit ngrasakake anane konflik pemilu

Digulung wae pak

Pasangan capres-cawapres setuju pemilu dhame

Pendhukunge sing dikon gontok-gon­tokan

Capres-cawapres nyiapake tim sukses

Sukarelawan, nanging ana pamrih