Jamasan Pusaka Ki Andong Sari
Diposting oleh : Administrator
Kategori: Kejawen - Dibaca: 12 kali

Upacara adat jamasan Pusaka Ki Andong Sari yaiku upacara kanggo pangeling-eling marang labuh labete sa­wijining tokoh lan barang-barang pusaka peninggalan leluhur kang ditindakake de­ning masyarakat Kelurahan Ledok Kulon, Kecamatan/Kabupaten Bojonegoro. Upa­cara kasebut uga sinebut kaul, manganan, utawa kirab. Pusaka kang dijamasi lan sabanjure dikirab cacahe ana enem, du­ma­di saka klambi, tombak, keris, rebana, lan penjalin. Saben pusaka diwenehi je­neng, antarane liya Penjalin Bang, Galih Kelor, Gagak Cemani, Godhong Andhong, Gagak Manik, lan Kotang Antakusuma.

Upacara adat kang digelar dening masyarakat Kelurahan Ledok Kulon iki minangka kegiatan kanggo pangeling-eling marang labuh labete Kiai (Ki) Andongsari kang dipercaya minangka bupati kang tansah mbela marang kapen­tingane rakyat. Sawise menang perang lumawan mungsuhe, dhe­weke banjur lunga ngum­bara karo bojone kang asma Nyai Sari lan kekarone nyamar dadi tukang kentrung. Kekarone njajah desa milangkori sinambi mbarang kentrung, yaiku sawi­jining seni tradhisional kang nya­wijekake unsur sejarah, tem­bang lan tetabuhan. Jinis teta­buhan kang digunakake arupa rebana kang digunanakake kang­go ngiringi crita sing ditem­bangake.

Kacarita rikala taun 1019, Ki Andongsari melu mbangun mesjid kota Bojonegoro. Dheweke dikenal minangka tokoh sekti kang tansah ngabdi kanggo kapentingan rakyat, tuladhane dheweke uga dadi tukang tambang kang nyabrang­ake pendhudhuk saka dhaerah wetan tumuju dhaerah kulon Bengawan Solo. Ing sawijining dina, nadyan garwane kabener lara, Ki Andongsari panggah kerja, nya­brang­ake pendhudhuk kanthi ngliwati Be­ngawan Solo. Tamtu wae dumadi beda panemu antarane Mbah Sari (garwane) karo dheweke (Ki Andongsari) kang luwih mentingake kapentingan umum tinimbang kapentingan keluargane. Krana beda pa­nemu iku, mula nalika wis kapundhut de­ning Gusti Allah, makame kekarone uga ora didadekake siji.

Ing taun 1920, Bupati Bojonegoro Kanjeng Sumantri mindhahake makam Ki Andongsari, saka tengahe Bengawan Solo tumuju papan kang saiki kanthi nganakake prayakan gedhen. Ing prayakan kasebut kabeh tradhisi diwetokake, prayakan iki tu­miba ing dina Selasa Kliwon wulan Sura, lan nganti saiki isih dilestarekake dening masyarakat Kelurahan Ledok kulon. Ke­gi­atan kasebut sebutane werna-werna, tula­dhane manganan, nyadran, kaulan, utawa kirab pusaka. Nganti dina iki, saben dina Selasa Kliwon wong-wong saka ma­neka dhaerah padha mara menyang ma­kame Ki Andongsari kanggo ndedonga, nyenyuwun berkah lan syukuran.

Pahargyan mengeti ngenang jasa-jasane Ki An­dongsari kang dianakake ing dina Selasa Kliwon, wulan Sura (Muhar­ram), saben taun kasebut dileksanakake suwene rong ndina. Sedina sadurunge, Senen Wage, digelar semakan Al Qur’an wiwit esuk nganti sore. Bengine dianakake pengajian umum, dikantheni karo suguhan jajan pasar lan takir. Kabeh kegiatan iki dikemonah dening Paguyuban Andong­sari. Dina ka­loro, Selasa Kliwon, masya­rakat nganak­ake prayakan sacara gedhen-gedhen. Pu­saka dikirab ngubengi Kelu­rahan Ledok Kulon nganti Ledok Wetan. Pendhudhuk nggawa ambeng minangka perlengkapan sesajian, lan ngarepake bedhug padha nindakake acara mangan bareng minang­ka simbul kerukunan. Acara lumaku nganti sore, ing bengine dianakake pagelaran wayang kulit sewengi natas. Acara kaul Ki Andongsari iki mi­nangka gabungan anta­rane unsur tradhisi lan agama Islam, donga-donga kang digunakake ing acara kasebut donga-donga Islam.

Kang narik kawigaten yaiku yen sisa banyu siraman jamasan kasebut dadi re­butan dening warga sakitere krana diper­caya bisa digunakake minangka sarana kanggo tolak balak maneka jinis wabah lan bencana, lan digampangake rejekin dening Gusti Allah.

Upacara diwiwiti esuk ing dina Selasa Kliwon, wulan Sura, para tokoh masyara­kat sesepuh lan perangkat desa kumpul ing bale Kelurahan Ledok Kulon. Rombo­ngan budhal menyang lokasi makam kanthi nggawa perlengkapan upacara, lumaku iring-iringan ing ngarep. Disusul kepala kelurahan, pe­tugas kang kapatah nggawa pusaka, pe­rangkat desa, tokoh masyara­kat, lan tim kesenian kentrung.

Satekane ing lokasi padha age-age mapan ing posisine dhewe-dhewe lan age-age dite­rusake kanthi kegiatan sam­butan Lurah Ledok Kulon, tanduk (prosesi jamasan pusaka dening juru kunci makam), doga, re­butan sisa banyu jamasan. Sa­pungkure acara jamasan, pusaka-pusaka kasebut dibalek­ake menyang papan panggo­nane sakawit dening juru kunci kanthi diiringi tetabuhan ken­trung.

Sesajian ing upacara iki dumadi saka: cok bakal, sajen jamasan pusaka, yaiku endhog pitik, beras kuning, kembang wangi, lenga wangi, menyan, rokok klobot, kembang setaman, maron cilik lan banyu. Maneka jinis panganan kasenengane Ki Andongsari, yaiku pecel lele, sega ce­thingan, wadhah sega (cowek), sayur godhong wangon, jangan menir. Keleng­kapan jamasan: katul, woh bentis, lan banyu kambil, mantra/ujub, tetabuhan kentrung minangka pengiring lan busana nganggo klambi adat Jawa khas Bojo­negoro. (Dly)

Berita Terkait

Samak Minggu Ini

img

img

Sumber Semangat

Wong kang nglarani awakmu, yen dudu luwih kuwat ya luwih ringkih saka awakmu. Tumrape sing luwih ringkih saka awakmu, apu-ranen. Lan kang-gone kang luwih kuwat, apuranen awakmu dhewe.

Klik

PATUNG RASEKSA MAO ZHEDONG

Patung emas raseksa tilas pemimpin Cina, Mao Zedong ing desa Tongxu, Henan, Cina. Patung kang dhuwure 36,6 meter mawa cet emas iki madeg ing sandhuwure pategalane warga, ing desa Tongxu, provinsi Henan, Cina. Ragad kang dientekake kanggo mbangun patung iki kurang luwih Rp 6,3 milyar. Mao Zedong mujudake presiden pisanan negara pandha kang kuwasa suwene 27 taun. (d/ist)***

Pethilan

Rega pangan ngadhepi pasa dijamin

Pengin murah, tuku nang koran ae!

Gaya ngadibusanane Pres. Jokowi mujudake strategi komunikasi

Ana sing nggaya ote-ote uga

Legislator kena OTT KPK maneh. Ketua DPR Bambang Soesatyo nga¬jab iku kang pungkasan

Pungkasan sing korupsi apa pung­kasan sing konangan?