Lelampahe Syekh Maulana Ishaq Ramane Kanjeng Sunan Giri
Diposting oleh : Administrator
Kategori: Sejarah - Dibaca: 22 kali

Salah siji saka kang ditindakake sarta wis dadi pakulinane Syekh Maulana Ishaq anggone nyebarake aja­ran agama nalika dhek jaman semana yaiku lelaku saka sawijining panggonan utawa tlatah banjur sawise sawatara wektu dadi warga padunung manggon ing kono banjur nembe menyang tlatah liyane. Lumrahe sawise kasil nyithak santri-santri lan pandherek kinasih kang bisa dipercaya bisa mbacutake perjuangan anggone nyiarake agama, Syekh Mau­lana Ishaq banjur lagi wani nglepas jeji­bahan marang santri-santri mau, banjur panjenengane ninggalake padunungan kono banjur lelaku mbukak syiar anyar ana tlatah liyane.

Manut crita ing Babad Gresik, Syekh Maulana Ishaq teka ing Tanah Jawa pan­cen njujug ana Gapura Sukolilo kang dadi punjering pondhok nyebarake agama Islam dening Syekh Maulana Malik Ibra­him ing kutha Gresik nalika kuwi. Kaca­thet ing kitab babad mau, nalikane rawuh dhek taun 1404 Mesehi. Dening Syekh Maulana Malik Ibrahim, Syekh Maulana Ishaq dijurung supaya melu nyiarake agama ing tanah sabrang yakuwi Samu­dra Pasei. Mula sabanjure Syekh Mau­lana Ishaq bisa kacathet kaping pindho menyang wengkon tlatah Samodra Pasai. Ingkang sepisan kaya wis kasebut ndhuwur mau, banjur kang ka­ping pindhone kla­kon nalika sawise bali saka kraton Blambangan nju­jug wengkon gu­nung Giri pe­thuk­an karo Syekh Se­koja. Dening Syekh Sekoja, nalika Syekh Mau­lana Ishaq Bali mangkat maneh kang ping pindhone menyang Samudra Pasai ora lali digawani lemah sagegeman saka gunung Giri. Nalika Raden Paku (Sunan Giri) pethukan sepisanan karo ingkang ramane yaiku Syekh Maulana Ishaq ing Samodra Pasai, lemah sagegem saka gunung Giri kuwi banjur diwenehake kan­thi piweling yen samangsa bali menyang tanah Jawa, dikon nggoleki wengkon kang papan lemahe padha presis karo warna, jinis lemah lan ra­sane padha karo lemah sa­gegem mau. Sadurunge bali menyang tanah Jawa, kacarita Sunan Giri isih kober ngleksanani mang­kat ibadah haji menyang Tanah Suci. Lungane beba­rengan karo Sunan Drajat. Ing crita mau, mangkat lan baline nglakoni ibadah haji, lumantar liwat segara. Ora nganggo numpak prau uta­wa kapal, nanging mung lumaku sandhuwure banyu segara. Kedadeyan kuwi, mbokmenawa wis ginaris sarta saka pitulungane Gustti Allah marang pawongan kinasih-E kang aran Sunan Giri lan Sunan Drajat mau. Lemah sagegem kaya kasebut ndhuwur mau, nalikane digoleki ing ta­nah Jawa, pungkasane ditemokake ing gunung Giri Gresik. Wengkon mau sa­ban­jure dadi cikal bakal kraton Giri Ke­daton, nalikane Sunan Giri uga kapatah minangka Prabu Satmata.

Bali ngrembug bab pakulinan lelaku nyiarake agama kang pindhah-pindhah saka tlatah siji menyang tlatah liyane mau, banjur dadi pambeda antarane Syekh Maulana Ishaq karo sedulure loro liyane yaiku Raden Rahmad kang banjur kondhang minangka Sunan Ampel kang mapan lelaku sarta pesareyane mang­gon ing Ampeldenta Surabaya saiki. Sedulur sijine maneh yaiku Syekh Ali Murtadho Ratu Pandhita Wunut kang kondhang sinebut Raden Santri lan pesareyane manggon ing kutha Gresik. Ing kitab Babad Tanah Jawa versi Gresikan disebutake anane pirang-pirang peparab tumrape Syekh Maulana Ishaq mau, antara liya Syekh Awalul Islam, Raja Pandhita, Prabu Anom (raja mudha ing Blambangan) lan Resi Maulana Ishaq. Ing kitab liyane maneh uga disebutake yen Syekh Maulana Ishaq uga sinebut Wali Lanang lan Maulana Usalam.

Wewaton cathetan sejarah disebut­ake yen Syekh Maulana Ishaq nyiarake agama nganti tekan ing tlatah Blamba­ngan [Banyuwangi]. Ing cathetan kuwi disebutake yen punjering lelaku nyiarake agama manggon ing Gunung Selangu. Tlatah Gunung Selangu dinuga klebu wengkon dhaerah Muncar saiki. Kacarita wektu kuwi akeh warga padunung ing tlatah Blambangan kang padha ketarik dadi pandhereke, ninggal kapercayan lawas sarta kanthi kesadharan pribadine rila legawa ngrasuk ajaran agama kang digawa dening Syekh Maulana Ishaq. Ing kitab Babad Tanah Jawa Gresikan uga ana perangan kang nyebutake yen Syekh Maulana Ishaq uga duwe kepri­gelan mligi ing babagan jagade pengo­batan. Kacarita wektu semana ing Blambangan lagi ketaman lelara pageblug kang nggegirisi. Akeh warga kang dadi kurbane, esuk ketaman lara, dina pendhake mek­sa wis tiwas. Sore ketaman page­bluk, bengi can­dhake wis koncatan nyawa. Lelara kang nggegirisi kuwi ora mung namani  kawula cilik, nanging putri kinasih Prabu Menak Sembuyu ratu Blambangan uga ketaman lelara kuwi. Mesthi wae bab mau banjur gawe trenyuh lan susahing sang ratu. Juru pengo­batan lan tabib Blambangan kang kondhang sekti meksa ora kuwa­gang ngusadani lelarane Dewi Sekardadu.

Bab kuwi njalari Prabu Menak Sem­buyu banjur gawe sayembara gedhen sumebar ana kukuban Blambangan. Sa­yembara mau ora wurunga tekan tlatah Gunung Selangu, papane Syekh Maulana Ishaq. Wondene surasane sayembara kang sumebar kuwi, “Lan padha seksi­nana sami, iya sayembara ningsung. Sapa kang bisa ngusadani maring putri ningsun  pun punika dadi ngarep lan jatikrama. Sun palih negara Blambangan madeg Prabu Anom.” Wekasane nalika Syekh Maulana Ishaq ngleboni sayem­bara, piyambake banjur gentur anggone luwih nglakoni ibadah wajib limang wektu, katambah maneh pirang-pirang ibadah sembahyang sunat. Ora lali nga­gungake asmane Allah lu­mantar ngucap dzikir sarta wirid.  Shala­wat sarta salam marang Panjenengane Nabi Muhammad SAW. Entuk lan nampa palilahe Gusti Kang Murbeng Dumadi, putri kinasih kraton Blambangan peparab Dewi Sekardadu kasil diusadani tumekane bali waras-wiris kaya wingi uni.

Sabanjure selaras karo panyuwune Syekh Maulana Ishaq nalika ngleboni sayembara, ratu Blambangan Menak Sembuyu dalasan Dewi Sekardadu kanthi ikhlas ngrasuk agama Islam. Dewi Sekardadu sida palakrama karo Syekh Maulana Ishaq. Sawise kedadeyan kuwi, Syekh Maulana Ishaq sapandhereke luwih omber maneh anggone nyebarake agama ing kukuban Blambangan. Luwih maneh nalika Syekh Maulana Ishaq bisa nampa kanugrahan minangka Prabu Anom Blambangan.Nanging bab kuwi banjur nuwuhake rasa meri lan kuci­wane Patih Blambangan aran Bajul Sengara. Tumindake Syekh Maulana Ishaq diang­gep kayadene klilip ing kraton lan kukub­an Blambangan. Mula saka kuwi Patih Bajul Sengara banjur gawe eguh pratikel supaya Syekh Maulana Ishaq  bisa ning­galake bumi Blambangan.

Nalika Dewi Sekardadu lagi ngandhut jabang bayi sawatara sasi, Syekh Mau­lana Ishaq meksa kudu ninggalake Blam­bangan. Bab kuwi ditindakake amarga Syekh Maulana Ishaq ora gelem yen ing pungkasane anggone nglabuhi wajib nyebarake agama ing Blambangan ban­jur bisa nuwuhake pitenah lan ontran-ontran kang mbebayani. Sadurunge on­cat saka kraton Blambangan, Syekh Maulana Ishaq wis maringi pituduh-pitu­duh mligi kedadeyan-kedadeyan kang bakal dialami anggone jejodowan sarta kepriye nasibe jabang bayi kang lagi dikandhut . Marang Dewi Sekardadu uga kaparingan tengara yen putrane ing tembene bakal dadi tetungguling para sunan ing tanah Jawa.  

    Syekh Maulana Ishaq banjur lunga ngumbara nuju wengkon saurute pesisir lor. Angkahe sakawit arep bali menyang Samudra Pasei. Nanging sadurunge kuwi, kudu pamit luwih dhisik menyang Ampel banjur nuju Bektiharjo Palang Tu­ban nemoni Ibrahim Asmarakandhi. Bali saka Tuban sabanjure ngener mangetan pesisir lor maneh. Lakune Syekh Maulana Ishaq mandheg ing wewengkon aran Kemantren klebu kukuban Paciran Lamo­ngan saikine. Ing papan kono Syekh Maulana Ishaq banjur srawung karo warga padunung. Wektu kuwi ing sace­dhake Kemantren ana papan kang aran Gunung Petunon. Papan kuwi ka­cathet klebu ing kitab Negara­kertagama, mu­judake salah sijine kukuban Man­dala utawa pusat pengembangan agama Hindu wektu kuwi kang nglimputi sa­kupenge wengkon Paciran La­mongan.

Sawise ditampa kanthi becik dening warga padunung, Syekh Mau­lana Ishaq banjur miwiti ang­kah tujuwane yaiku dakwah nyi­arake agama. Anggone dakwah ora ninggalake samubarang ke­arifan lokal kang wis ana. Mung wae mbaka sithik kearifan lokal mau banjur dibumboni ajaran dak­wah. Tegese, Syekh Maulana Ishaq nyiarake agama kanthi pen­dekatan budaya. Ing Kemantren kono, Syekh Maulana Ishaq banjur nyiptakake sawijine piranti dakwah mawa wirama musik lan gamelan kang diarani Watu Bayang Gambang.

Piranti dakwah kuwi adakane dise­nengi banget dening warga padunung. Wekasane sapa ngira yen warga padu­nung kono banjur padha seneng nabuh gamelan Watu Bayang Gambang beba­rengan karo Syekh Maulana Ishaq. Lu­man­tar piranti musik gamelan Bayang Gambang kuwi, banjur diwulangake mbaka sithik ajaran agama Islam. Sa­liyane lumantar kearifan lokal minangka piranti dakwah agama, Syekh Maulana Ishaq uga migunakake sarana lumantar pengobatan paring tetamba marang warga manut pituduh agama sarta migunakake pengobatan manut ajaran sunah saka Nabi Muhammad SAW. Ma­nut salah sijine sesepuh desa Kemantren marang wartawan PS, piranti dakwah Watu Bayang Gambang kuwi saikine wis dipindhah menyang Museum Sunan Drajat Paciran Lamongan, melu ngreng­gani dadi koleksi museum kasebut.

 

MANUSKRIP KEMANTREN

Kejaba ngripta Watu Bayang Gambang, ing Kemantren kono Syeh Maulana Ishaq uga mbangun masjid lan sumur. Pesareyane Syekh Maulana Ishaq uga ana ing  pesisir cedhak segara Ke­mantren Paciran Lamongan. Nganti saiki ing pesisir kono isih akeh tinemu tan­duran wit waru, mligine sakupenge pesa­reyan. Masjid desa Kemantren klebu gedhe katon magrong-magrong ing pesisir segara lor. Hawane tansah seger, awit angin saka segara lor tanpa kendhat semilir saka segara nuju dha­ratan lan pegunungan kapur sarta alas ing sisih kidul dalan jurusan Sidayu (Gresik) menyang Paciran, ngulon ma­neh nuju Tanjung Kodok, Wisata Bahari Lamongan (WBL)  banjur Kutha Legen Tuban. 

Sumur kuna yasane Syekh Maulana Ishaq kang mapan ana cedhak segara, cetha yen nyimpen misteri. Kepriye kok diarani ngandhut misteri, awit sumur kasebut senajan cedhak banget karo banyu segara sisih lor kang amba mi­nangka tuk sumbere banyu asin nanging banyu sumur kuwi rasane wiwit biyen mula ajeg tawa. Mula wiwit biyen banyu sumur kuwi ajeg dadi jujugane warga padunung desa Kemantren kanggo nyukupi samubarang kebutuhan banyu saben dinane mligine kanggo adus, sesuci, ngombe, umbah-umbah.

“Sumur niku toyane ajeg tawa senajan celak kaliyan toya asin segara. Menika kawastanan aneh tapi nyata. Kula kinten kedadosan toya sumur kados mekaten menika saking karomahipun Syekh Maulana Ishaq dumateng warga mriki saengga saged damel kebutuhan toya sawanci-wanci wiwit jaman para sunan kaliyan wali rumiyin ngantos jaman samenika. Pancen Gusti Allah niku maha pemurah,” kandhane  salah sijine warga kanthi mantep marang PS.

Manut sesepuh liyane, nalika isih padha sugenge dinuga Syekh Maulana Ishaq bisa pepanggihan maneh karo Dewi Sekardadu kang pancen sengaja ngumbara napak alas lan segara pesisir lor tanah Jawa wiwit Blambangan mangulon nganti kasembadan sedyane ketemu karo Syekh Maulana Ishaq. Bab kuwi laras karo piwelinge Syekh Mau­lana Ishaq marang Dewi Sekardadu nalikane arep mangkat ninggalake kraton Blambangan dhek biyene. Patemonan maneh Syekh Maulana Ishaq karo Dewi Sekardadu dinuga manggon ana Kemantren Paciran kuwi. Bab pate­monan kekarone mau, wewaton saka ana­ne manuskrip Kemantren kang unine, “Eng panca mantren kulon pinggir banyu segara ana tongkat lan watu bathok kanggo pasujudan sholat. Sing sapa wong nduweni karep bakal beja kemayangan uripe lan bakal unggul derajate.” Cetha yen surasane manus­krip mau nuduhake posisi lokasi kang diarani tlatah Kemantren kang isih les­tari tumekane saiki iki. Surasane manus­krip kuwi, mbokmenawa wae padha karo menehi sasmita bab wengkon kang kudu diener dening Dewi Sekardadu nalikane nemoni Syekh Maulana Ishaq.

“Rumiyin nalikane jaman taksih sugengipun, mbah kakung kula nate crita yen wonten sisih wetanipun desa wonten satunggale papan ingkang nocogi sanget kaliyan surasanipun manuskrip Keman­tren kalawau. Mbah kakung pitados yen panggenan niku papan sapatemon­ipun panjenenganipun Syekh Maulana kaliyan ibu Sekardadu. Papan niku ka­wastanan wingit lan keramat. Yen mbo­ten klentu, samenika papanipun klebet wilayah Lamongan Integrate Sorbase sawetane desa mrika,” critane warga liyane aran Pak Kasman.

Sejarah perjuangane Syeh Maulana Ishaq pancen wis dadi lelakon sarta klakon nalikane 7 abad kepungkur. Ngan­ti saiki pesareyane kang ana ing Keman­tren sarta barang peninggalane isih mi­gunani kanggo warga. Papan pesare­yane kanggo pasujarahan, ngaji lan ki­rim donga para peziarah, mesisian mi­nangka papan rekreatif religius sarta spiritual, uga edukasi ngenani nyinaoni sejarah, ngakoni keagungane Gusti Allah kang nyiptakake segara amba sapesisire pisan lan lingkungan alam asri kang ajeg kudu dijaga dilestarekake. (*)

 

Berita Terkait

Samak Minggu Ini

img

img

Sumber Semangat

Wong kang nglarani awakmu, yen dudu luwih kuwat ya luwih ringkih saka awakmu. Tumrape sing luwih ringkih saka awakmu, apu-ranen. Lan kang-gone kang luwih kuwat, apuranen awakmu dhewe.

Klik

PATUNG RASEKSA MAO ZHEDONG

Patung emas raseksa tilas pemimpin Cina, Mao Zedong ing desa Tongxu, Henan, Cina. Patung kang dhuwure 36,6 meter mawa cet emas iki madeg ing sandhuwure pategalane warga, ing desa Tongxu, provinsi Henan, Cina. Ragad kang dientekake kanggo mbangun patung iki kurang luwih Rp 6,3 milyar. Mao Zedong mujudake presiden pisanan negara pandha kang kuwasa suwene 27 taun. (d/ist)***

Pethilan

Rega pangan ngadhepi pasa dijamin

Pengin murah, tuku nang koran ae!

Gaya ngadibusanane Pres. Jokowi mujudake strategi komunikasi

Ana sing nggaya ote-ote uga

Legislator kena OTT KPK maneh. Ketua DPR Bambang Soesatyo nga¬jab iku kang pungkasan

Pungkasan sing korupsi apa pung­kasan sing konangan?