Wayahe Nyekar
Diposting oleh : Administrator
Kategori: Surabayan - Dibaca: 245 kali

“Dulur wis mlebu wulan Ruwah lho sedhela maneh wis pasa, gae dulur Jawa nek kate mlebu wulan Pasa onok tradhisi nyekar ndhuk makame keluarga. Onok sing muk nyekar thok ndhuk makam, tapi ya onok dulur sing kirim donga liwat mesjid. Gae sega kothakan tah jajan, diserahna ndhuk mesjid gae shodaqoh, terusan jamaah tahlil tah barek maca Yasin pahalane shodaqoh tah pahala maca Yasin utawa tahlil diaturake kulawarga sing wis tilar donya. Tradhisi ngene niki akeh banget hikmahe. Hikmah gae sing urip tah gae sing wis mati. Sing urip supayane eling nek bakale ya mesthi mati, muk kari antri ae. Lha nek eling mati diajap terusan sadhar yok apa engkuk nek ajal wis teka. Wis duwe sangu tah gurung, sangune thithik tah akeh, terus pertanggungjawaban uripe gae apa. Lha nek wong sadhar engkuk iya bakale kate mati masthi uripe ngati-ati gak gampang tumindak sing nerak angger-angger. Terus ya dadi wong sing sregep ngibadahe gae ngumpulna sangune mati,” ujare Ning Sumeh nduk bala balane.

“Iya Ning lha nek makame wong tuwa tah dulur ndhuk desa terus awak dhewe ndhuk kutha liya ya terus mer­lokna mulih kampung, paling gak sing arane makame wong tuwa niku pulih keramut sukete sing dhukur-dhukur tah kebak uwuhe godhong-godhongan, gak ketang se­taun sepisan pulih onok sing ngresiki. Lha nek gak ngono terusan sapa sing kate ngresiki. Nek ketok onok makam gak kopen padhahal onok warise kok polih kebacute marine tilar donya gak onok sing ngreken, paling gak ngre­siki makame niku tandha nek kulawargane isih pe­duli, isih tresna gak muk ngresiki makame thok ya barek dongane,” sambunge Cak Bedja.

Cak Ari melok omong, “Bener Cak ojok muk donga thok, nek muk donga thok terus kuburane njembrung kotor, niku tandha nek gak perduli barek wong tuwa, ing atase muk ngresiki makame ae gak isok.”

“Iya dulur apa  maneh nek wong tuwa ninggal warisan sing aji, nek sampek kuburane gak diramut tah dongane gak dremimil niku jenenge anak duraka. Wong sing wis mati niku antara liya isih entuk pahala ya saka dongane anak, anak gelem ndongakna, gelem nyodaqohna, gelem ngresiki kubure masiya niku nggone adoh, niku sing arane bocah sing bekti barek wong tuwa. Akeh lho dulur mari wong tuwane mati anak-anake muk eker warisan gak mikirna nylameti tah ziarah kubure. Kuburane dijarna  gledhak gak diurus blas. Sing koyok ngene niki kebacut, tontoken tinggalane wong tuwa niku lak polih gak ba­rokah,” Pak Lik Dur nambahi.

(Sing isik ajeg ndongakna wong tuwa barek niliki kubure: Cak Ali, Cak Bedja, Pak Lik Dur barek Ning Sumeh)

Berita Terkait

img

Samak Minggu Ini

img

img

Sumber Semangat

Yen saperangan gedhe urip kita en­tekake kanggo mu­lang, mula kita bakal dikenal mi­nangka guru nali­ka kita ma­ti. Yen kita entekake wek­tu kita kang­go main, kita mati mi­nangka gamers.

Klik

PERANG TOPAT

Ing Lombok Barat, NTB, ana tradhisi unik kang arane Perang Topat. Tradisi iki digelar sasi November-Desember, utawa sawise panen lan sadurunge mangsa tandur maneh. Masyarakat suku Sasak lan warga keturunan Bali ing Lombok Barat nggelar ritual iki bebarengan ing Pura Lingsar. Puncake perayaan ditindakake kanthi tradhisi pujawali perang topat utawa padhadene nyawatake kupat ing antarane warga. Ora ana rasa mangkel utawa memungsuhan ing acara kang wis umur atusan taun iki, sing ana malah rasa sukacita tumrap warga kang beda-beda agamane ksb. (d/sit)***

Pethilan

Hoaks luwih ngrusak ing negara berkembang

Ana sing seneng rusak-rusakan

Wajib njaga legitimasi Pemilu 2019

Sauger menang, apa wae ditindakake

Pradebat capres batal, paslon gela

Sabar… ngenteni kasus dagangan 80 yuta iku lerem dhisik