Kala Basuwreksa (4)
Diposting oleh : Administrator
Kategori: Padhalangan - Dibaca: 90 kali

Iya- iya, Mas Putu, puja pangestuku tansah hanyrambahi marang tindak lekase sliramu sakloron. Muga Gusti kang Akarya Jagad paring pepajar marang timbuling para Pandhawa.”

Raden Gathutkaca miwah Dyan Abimanyu sigra mentar saking anggenya seba sawusnya nyembah pepadaning keng eyang buyut. Gegancangan ninggalake pratapan Saptaarga ya Retawu. Esthining galih daya-daya mestuti dhawuhe Resi Wiyasa tumuju mring Praja Ngastina.

Gancaring crita, prapteng Negara Ngastina satriya kekalih pinapag Pandhita Druna lan Prabu Duryudana kang mentas kapracondhang prang lumawan wadya denawa. Pujangganing dharah kuru iku wadul menawa Dewi Banowati kacidra dening raseksa Patih Kala Kusika              saka Praja Sanggalangit, andhahane Prabu Ditya Kala Basuwreksa.

Mula mbabarpisani Prabu Duryudana minta sraya marang satriya kekalih bab baline Dewi Banowati sawutuhe kapasrahake. Raden Gathut-kaca lan Abimanyu  nyanguhi apa kang dadi pamundhute Prabu Duryudana. Satriya kekarone nuli gegancangan tumuju mring Praja Sanggalangit.

Ana tengahing dalan lakuning Ga-thutkaca lan Abimanyu kepapag wadya sagelar sepapan Praja Sanggalangit kang tinindhihan Prabu Kala Basu-wreksa lan Patih  Kala Kusika. Sawuse padha wawan rembug ing reh wigati-ne, Prabu Kala Basuwreksa dadi uni-nga menawa satriya sakloron lagi ngu-padi pepundhene. Mula Kala Basu-wreksa banjur kandha menawa dhe-weke weruh  papan dununge para Pandhawa kang lagi sinengker ing lelakon.

“Kawruhana Gathutkaca lan Abimanyu, wektu dina iki pepundhenmu Pandhawa lagi ana kadewatan. Ana bab kang ora bisa dakjarwakake ana kene gandheng karo panandhange para pepundhenmu. Yen Gathutkaca apadene Abimanyu gelem melu ngetutke lakuku menyang kahyangan, mesthi bakal meruhi apa kang densandhang Pandhawa wektu dinane iki,” ujare Kala Basuwreksa.

Wekasane  Gathutkaca apadene  Abimanyu manut marang Prabu Kala Basuwreksa. Ing pangangkah enggala bisa nemokake dununge Pandhawa lan mangerteni apa sing lagi ditemah. Prakara baline Dewi Banowati disumenekake dhisik. Gathutkaca yakin Dewi Banowati ing kahanan aman lan  ora dimunasika dening Kala Basuwreksa. Mula datan nunggu wektu maneh Gathutkaca lan Abimanyu lumesat tumuju mring kahyangan.

Tekane wadya Sanggalangit ing repat kepanasan cinegat Bathara Indra, Bathara Bayu, apadene Bathara Brama. Kala Basuwreksa nelakake kekarepane bakal nglamar Bathari Supraba kinarya garwa prameswari kanggo ngujudi bebanane Dewi Banowati. Kekarepane Kala Basuwreksa kang dianggep nerak trapsila iku mesthi wae ndadekake para jawata runtik atine. Mula banjur nuwuhake bandayuda.

Prabu  Kala Basuwreksa lan Patih Kala Kusika kinarubut wadya dorandara watak sanga. Sakehing gegaman suralaya katamakake anggane Kala Basuwreksa nanging………..

Berita Terkait

img

Samak Minggu Ini

img

img

Sumber Semangat

Urip iki cekak banget yen mung trima diisi karo rasa gela lan benci.

Klik

TRADHISI KAUL LAN ABDA’U ING MALUKU TENGAH

Iki sawijining tradhisi mbeleh wedhus ngarepake Idul Qurban. Ditindakake kaping pindho, yakuwi sing umum sawise shalat idul adha, lan ana maneh sing khusus. Sing khusus kanthi mbeleh wedhus 3. Sadurunge dibeleh, tetelune wedhus iki digendhong jarit dening tetuwane adat lan diarak keliling sinambi sholawatan nuju pelataran masjid Negeri Tulehu sawise Ashar. Tujuane ritual iki kanggo tolak balak lan nyenyuwun panga-yomane Gusti Allah kanggo masyarakat Tulehu. (d/ist)

Pethilan

Polri wiwit ngrasakake anane konflik pemilu

Digulung wae pak

Pasangan capres-cawapres setuju pemilu dhame

Pendhukunge sing dikon gontok-gon­tokan

Capres-cawapres nyiapake tim sukses

Sukarelawan, nanging ana pamrih